Anda di halaman 1dari 4

Wacanen kanthi premati, banjur tulisen 10 tembung angel kang durung ko

mangerteni tegese,

Bima Bungkus
Jejer Ngastina.

Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud
bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken
si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..

Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken para punakawan.
“Kanjeng Eyang, kados pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning
Kanjeng Ibu Kunti…”

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut
wahyu jati…”

Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah,
samodra asat.

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus
Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana
arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong,
lan kuku Pancanaka.

Salajengipun, Gajahsena mbukak bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon


kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang
gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada.

Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”

“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu
ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira
kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena
kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan
Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang
Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Terjemahan :
Cerita Bima Bungkus dalam Bahasa Indonesia.

jejer kerajaan Hastinapura

Prabu pandu dan dewi kunti sangat berduka karena kelahiran anak jabang bayinya
yang berwujud terbungkus. Tak ada senjata yang mampu untuk memecah bungkus.
Kurawa juga ikut membantu selalu ingin mecah bungkus walaupun hanya dimulut saja,
karena tujuan utamanya adalah untuk membunuh snag bayi itu sendiri. Akhirnya Prabu
Pandu dan Dewi Kunti mendapat wangsit / petunjuk dari dewata bahwasanya bayi
bungkus dibuang di hutan Krendawahana

Di lain tempat yaitu di pertapaan wukir rahtawu begawan Abyasa menrima kedatangan
raden permadi/Arjuna yang dikuti oleh punakawan.
“Eyang bagaimana nasib kakak bungkus, sudah sampai beberapa tahun tak ada kabar
baik mengenai keadaanya eyang, sehingga menjadikan ibu kunti menjadi sedih”

Tentu saja sang begawan yang mahir dan memang dipenuhi oleh budi luhur sudah
mengetahui apa yang jadi lelakon sang kakak "bungkus".

“cucuku ngger, permadi, mengertilah bahwa kakakmu sedang menjalani karmanya,


kelak di kemudian hari kakakmu si bungkus akan jadi satria hebat dan akan mendapat
apa yang disebut wahyu jati”

Dengan adanya bungkus menjadikan gegernya Kahyangan suralaya. Bumi bergejolak


gonjang ganjing seperti dibelah. Lautan menjadi kering.

Sementara itu di Kahyangan Suralaya


Batara guru memanggil gajah Sena putra sang batara yang berwujud gajah untuk
memecah si bungkus sehingga menjadi manusia yang sejati. Sang guru juga mengutus
Dewi Umayi untuk melatih tentang ilmu keutamaan kepada si bungkus

Setelah memberikan pengajaran kepada si bungkus, Dewi Umayi memberikan buana


berupa cawet bang bintulu merah, itam, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong
dan kuku pancanaka.

Selanjutnya gajah Sena membuka bungkus, pecahnya bungkus


mempertemukan keduanya, kaget lalu terjadi perang. Dibantinglah gajah Sena oleh si
bungkus sehingga tewas. Jasad gajah Sena sirna sedangkan roh dan daya kekuatanya
merasuk dalam badan si bungkus

Datanglah Bethara Narada


Si bungkus bertanya pada sang bethara,”heeem, aku ini siapa?

“Perkencong, perkencong pak pak pong waru doyong, ngger, kamu sebenarnya adalah
putra kedua dari Raja Amarta Prabu Pandudewanata. Kamu lair dalam wujud bungkus,
dan dengan kehendak dewa kamu akan jadi kestraia andalan yang hebat, dan kamu
aku beri nama Bratasena ya ngger…”

Datanglah ratu dari Tasikmadu yang meminta pertolongan kepada Bratasena untuk
menyirnakan raja raksasa bernama Kala Dahana. patih Kala Bantala, Kala Maruta dan
Kala Ranu. para raksasa sirna. dan semua kekuatan para raksasa tadi menyatu dalam
tubuh Raden Bratasena, itulah kekuatan api, tanah, angin dan air
TUGAS :

1. WACANEN TEKS ING DHUWUR


2. GOLEKANA 10 TEMBUNG KANG DURUNG KO MANGERTENI
3. GOLEKANA SAPA WAE PARAGANE
4. GOLEKANA LATAR PANGGONAN

Anda mungkin juga menyukai