Anda di halaman 1dari 11

Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Wasis Basa Jawa

Bagiyan 2

Materi Teks Non Sastra


bagiyan 2

kelas X semester ganjil


SMA/SMK/MA/MAK

Dening : Arinis Shofifah, S.Pd

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

BAHAN AJAR / UKBM (UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI)

1. Identitas

a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


b. Semester : satu / kelas X semester ganjil
c. KompetensiDasar :

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks non sastra


(berita, artikel, laporan, danlainnya) secara lisan dan tulis.
4.1Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks non
sastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.

d. Indikator :

1. Menganalisis struktur jenis teks artikel


2. Menjelaskan isi teks artikel dan pawarta dengan benar
3. Menyusun tanggapan permasalahan dari teks artikel yang disajikan

e. MateriPokok : Teks non sastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya)


f. AlokasiWaktu : 60 menit
g. TujuanPembelajaran :

Setelah mengikuti proses pembelajaran melalui daring menggunakan google


meet dan learning management system (LMS) peserta didik diharapkan
mampu:
 menjelaskan struktur artikel dengan benar
 menganalisis isi teks pawarta dan artikel dengan benar
 Menyusun teks artikel sebagai bentuk tanggapan dari teks yang
tersedia dengan tepat

h. MateriPembelajaran :

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Kanggo miwiti pamulangan dina iki,


Coba gatekake peta konsep materi teks non sastra ing ngisor iki!

……………………………………………

Mengidentifikasi Struktur
Teks Nonsastra

Menganalisis Teks Memahami Jenis Teks


Nonsastra Nonsastra

Menganalisis Karakteristik
Teks Teks Nonsastra
Nonsastra

Meringkas Teks Nonsastra


Mengekspresikan
Teks Nonsastra
Menulis ulang Teks
Nonsastra

Membaca Ekspresif Teks


Nonsastra

Manut peta konsep kang wis kaandharake ing ndhuwur, diajab siswa bisa
mnegrteni materi-materi kang bakal dilampahi ing kagiyatan KD 3.1 ngenani
materi teks non sastra. Siswa uga bisa nyinaoni materi kanthi mandiri uga
kanthi aktif ngumpulake informasi kang gegayutan karo materi ajar saka
maneka sumber, kayata buku paket utawa media online kayata google lan
youtube.

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Sabanjure, ayo padha nyinaoni teks non sastra kang bahal diandharake ing ngisor iki ……….

Isih eling ya cah apa kuwi teks non sastra? apa


Kagiyatan 1
wae kang kalebu teks non sastra?
Apersepsi/ Pamikir Awal
……………………………………

kanggo ngerteni kuwi kabeh, ayo


padha gatekna materi ing kagiyatan iki!

saiki, coba gatekake 2 teks ing ngisor iki, banjur temokake apa bedane kaloro teks kasebut!

Teks wacan 1

Deteorisasi Lingkungan

Rusake lingkungan mujudake  deteorisasi lingkungan  kawiwitan saka  ilange sumberdaya bumi, 
banyu,  hawa/udara,  curese  kewan  lan  rusake  ekosistem.  Rusake  lingkungan  bisa mujudake 
salah  sijine  bebaya  tumrap  uriping  manungsa.  Bab  iku  wis  nate  dielingake dening  ―High 
Level  Threat  Panel  PBB‖.  Rusake  lingkungan  amarga  saka  maneka  warna sebab, sing paling
gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.
Lingkungan  alam  sing rusak  bakal  nduweni  daya pangaribawa  tumrap uripe manungsa lan
nduweni  potensi  bakal kelakon  anane  bencana  ing tembene. Rusake alam bisa disebabake 
dening  faktor alam  lan  uga  manungsa. Manungsa  saya  srakah  lan ora  nggatekne  lingkungan.
Kamangka  menawa  kita bisa  njaga  lingkungan, mesthi  ora  bakal  gawe kapitunan tumrap
awake dhewe lan generasi  sabanjure.  Kosok baline,  yen kita bisa njaga kanthi ancas agawe
kestarine alam, kaendahan, tamtu  bisa mupangati kanggo anak putu. Lingkungan alam,mligine
lemah, banyu, alas,  lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam  tetep  lestari  lan  ngasilake 
paedah  kang  maksimal  kanggo  karaharjane  manungsa.
Owahe  iklim  global  ndadekake  negara-negara  maju nduweni  kawigaten  gedhe  tumrap 
rusake  Alam.  Manawa  iklim  global  owah,  bab  iki nyebabake  munggahe  suhu  amarga 
akumulasi  gas  emisi  ing  atmosfer  utawa  uga  bisa diwastani Global warming (pemanasan
global). Karusakan  lingkungan  amarga  pokale  manungsa  nyebabake  pageblug,  bencana utawa
bebaya lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa. Manungsa  nduweni  akal  budi  kanggo  nyukupi 
kabutuhane.  Nanging,  sifat  manungsa kang  srakah  njalari  tumindake  dhemen  ngeksploitasi 
alam  kanggo  nggolek kauntungan  tanpa  winates,  tanpa  migatekake  efek  liyane.  Maneka 
warna  tuladha  rusake alam  amarga  pokale  manungsa  yaiku  banjir,  longsor,  illegal  loging, 
alas  gundhul, penambangan  liar,  pencemaran  udara,  pencemaran  air,  lan  sapunanggalane. 
Yen manungsa  isih  tumindak  kaya  mangkono  terus-terusan,  mesti  wae  alam  ora  bakal  bisa
awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.
                                                                                                             (sumber : sastri basa kelas X)

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Yen manut panemumu cah, teks siji iki ngrembug bab apa? Banjur ngerti apa ora cah teks
1 kuwi kalebu jinis teks apa?

Yen wis rampung maca lan angen-angen ngenani teks kapisan, ayo coba gatekake teks
kapindho!

~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~~

Teks wacan 2

TRUK NGGULING, KAIN BATIK PATING TLECER


 
            Tulungagung (02/07/’14). Rabu esuk, para warga Tulungagung padha njumputi
kain-kain batik ingkang taksih enggal sami sumlengkrah pating tlecer sadawane dalan.
Mligine ing jalan raya Kecamatan Gondhang-Ngadirojo, Desa Macanbang.

            Sumlengkrahing kain batik ing sadawane dalan menika dijalari saking prastawa
kacilakan tunggal kang nggulingake sawijine truk gedhe kang katemben ngemot sakehe
maneka werna kain batik. Truk kanthi nomer polisi AG 5690 CE kuwi dikira boten saged
miyaki dalan-dalan kang bisa dipilih. Dalan kang wis sarwa rusak lan pating jeglong,
ditambah bantere kendaraan iki ndadekake sopir truk boten saged ngendhalikake laku
truke.prastawa kang dumadi sawetara jam 06.00 esuk kuwi ora ana korban jiwane, nanging
njalari macet nganti sakilo dawane. Saliyane kuwi uga njalari kain-kain batik kang
samesthine dikirim tumuju toko-toko kain ing kutha Tulungagung lan Blitar, padha mblabar
pating tlecer sadawane dalan. Para warga sakiwa tengene panggon kadadeyan padha
ewang-ewang ngresiki kain-kain mau. Nanging uga ora sitik kang nggunakake kalodhangan
kuwi kanggo njupuki kain gratis tanpa kandha tanpa tembung. Saka prastawa iki,
masyarakat ngajab pemerintah kabupaten Tulungagung enggal ndandani dalane.

(kapethik saka majalah jayabaya)

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Sawise nggatekake wacan mau,

Coba gatekake pitakon ing ngisor iki

Sawise maca teks ing dhuwur, apa awakmu ngerti bedane kaloro teks


kasebut? Kaloro teks kasebut apa kalebu jinis teks kang padha?

Kanggo ngerteni materi kang diandharake, coba wangsulana Pitakon-pitakon ing ngisor
iki!
1. bab apa kang dirembug ing teks 1 lan 2 kasebut?
2. Kaloro teks kuwi apa kalebu teks non sastra? Andharake!
3. Miturutmu, teks 1 lan 2 kasebut kalebu teks apa?
~~~~~~~~~~~~~~~~~~~
Wangsulanmu bisa ditulis ing buku tulis
minangka cathetan lan asiling pamikir kritismu!

Underane / pokok perkara :


Saka kagiyatan wiwitan kang lagi wae koktindakake, sejatine ngemu werdi
yaiku diajab para siswa bisa nemokake kanthi pamikir kritis ngenani bedane
teks teks artikel lan pawarta uga nganalisis isi teks
Naah, supaya luwih cetha gatekake materi sabanjure ing ngisor iki!

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Kagiyatan 2
ANDHARAN MATERI

Gatekake bagan pambeda teks artikel lan pawarta iki, kanggo nggampangake anggonmu
sinau!

bedane artikel lan pawarta

Pangerten Artikel Artikel Pawarta (berita)

ditulis Artikel
adhedhasar
yaiku fenomena sosial/alam
tulisan kang ditulis
isine andharan saka adhedhasar
penulis kadadeyan
kang ngandharake
sawijining
kang lagi prakara tartamtu. ing
rame dirembug Prakara-prakara
wektu kuwi iku aktual lan kadhangkala
nyata/prastawa nyata  kontroversial.
Artikel nduweni tujuwan kanggo menehi warta (informasi) lan aweh kawruh
kang lagi wae dumadi (asipat anyar)
(pengetahuan), mula sajrone teks artikel kuwi lumrahe ngandhut opini, fakta (data
pendukung)
isine awujud lanfakta
ide. Artikel disabarake lumantar ariwati
lan opini, (koran),
isine kang kalawarti
diamot (majalah),
mung awujud fakta,
bulletin, lan sapiturute.
isine ora kudu 5W 1H (kondisional) isine mesthi 5W1H (apa,kapan,sapa,ing
Pangerten Pawarta ngendi,geneya,kepriye)

ditulis Teks pawarta yaiku


kanthi teks kang
tujuwan menehi isine laporan
informasi sawijine
lan ditulis kadadeyan
kanthi tujuwankang
awehbener-
informasi /
bener dumadi, tinulis adhedhasar fakta, ngandhut 5W1H (apa, sapa, kapan, ing
kawruh(pengetahuan) laporan
ngendi,geneya, kepriye) disiyarake lumantar media online utawa media cetak.
Tujuwane kanggo menehi informasi marang pamaca.
nanging, saliyanekaloro
Saka pangerten sing beda, ana uga
teks yaiku tekssing padha
artikel lanantarane
pawarta kalorone yaiku...
bisa didudut yen sejatine teks
artikel
teks lan pawarta
artikel lan teks kuwi padha-padha
pawarta kuwi padha kalebu
padhateks non teks
kalebu sastra,
nonnanging struktur,
sastra lan isi lan
kalorone
apa kang diandharake ing kalorone nuwuhake perkara kang beda.
disiyarake ing media cetak uga online.
kepriye?wis cetha ya cahhh apa bedane teks artikel lan pawarta?
ayo diteruske ngrembug ngenani teks artikel..

Struktur Teks artikel

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Katrangan :
  Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
 Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.
 isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni
asipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas).
 Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks
artikel.

Jinis Artikel
1.      Artikel eksploratif
Yaiku tulisan kang isine nuduhake fakta-fakta, lumrahe isine awujud perkara kang ilmiah,
adhedhasar temon-temon anyar, asil panliten. Kayata : kencur mbeningake swara, sirsak
mianngka anti kanker
2.      Artikel deskriptif
Yaiku tulisan kang isine liputan utawa laporan ngenani sawijine kadadeyan lan fenomena
ing masyarakat. Isa awujud laporan prastawa, isa uga ngenani fenomena sosial lan alam
kang lagi rame dumadi ing masyarakat. Tuladha : upacara panggih manten minangka
simbol identitas budaya jawa, fenomena sampah plastik
3.      Artikel eksplanatif
Yaiku artikel kang isine awujud babagan kang bener miturut versi panulise dhewe-dhewe.
Biyasane tokoh-tokoh misuwur kang ahli ing bidange kang nulis bidang kasebut minangka
konten lan ciri khas. Tuladha : trik sukses miturut Merry Riana
4.      Artikel preskriptif
Yaiku isine nganani tuntunan, tata cara, langkah-langkah sawijine perkara. Tuladha :
tutorial masak sega liwet anti gagal.
5.      Artikel prediktif
Yaiku isine prediksi utawa ramalan kang didhasarake klawan ilmu utawa fenomena
tartamtu kang bisa dipertanggungjawabake. Tuladha : mangsa udan, jakarta bakal banjir
Page
maneh.
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Nulis teks artikel

Kang kudu digatekake nalika nulis artikel yaiku

 Nemtokake perkara kang bakal ditulis


Perkara kang bakal ditulis bisaa awujud perkara kang narik kawigaten, fenomena
alam utawa fenomena social lan lagi rame dirembug ing jagading bebrayan, supaya
narik pamaca.
 Ngumpulake informasi kang awujud data pendukung bisa kanthi wawancara,
panliten, ilmu pendukung, lan sumber-sumber liyane
 Ngembangake teks kanthi manut struktur artikel
 Nggatekake basa. Basa kang digunakake kudu prasaja, gampang dingerteni.
 Tinulis kanthi jangkep, yaiku ngandhut opini, fakta lan ide Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

MATERI TAMBAHAN

Tembung Panggandheng (Kata Sambung)


Tembung penggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo
nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Ananging nyatakake kosok balen.
4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan.
7. Sanadyan nyatakake konsesif.
8. Amarga nyatakake sebab.
9. Saengga, mula nyatakake akbibat.
10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.

Kagiyatan 3
GLADHEN

Page
Wasis Basa Jawa – Teks Non Sastra

Kanggo ngukur pemahaman siswa marang materi kang wis diandharake, siswa
disuwun mangsuli pitakonan-pitakonan ing gladhen 1 minangka kagiayatan LKPD
kang bisa digarap kanthi akses google form kanthi klik tautan iki :

https://forms.gle/M6ngYVPNLJ7vGxEF6

Ngenani tata cara anggone nggarap wis ana petunjuk kang sumadya ing laman google
form kasebut

Kagiyatan 4
PANUTUP

Dudutan

Ing pamulangan iki apa kang wis kokpikolehi / kokpahami?

Pamulangan dina iki ngrembug materi ngenani :

 Pangerten artikel lan pawarta


 Pambedane artikel lan pawarta
 Jinis artikel lan pangertene
 Struktur teks artikel
 Perkara kang kudu digatekake nalika nulis artikel
 Tambahan materi : tembung panggandheng

Page

Anda mungkin juga menyukai