Anda di halaman 1dari 15

UKB BJ 1-01-01

TEKS NONSASTRA
BERITA, ARTIKEL, LAPORAN
BJW 3.1 – 4.1/1/1

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah-Jawa
b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar :

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita, artikel,

laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1 Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra sesuai
kaidah secara lisan dan tulis.

d. Indikator Pencapaian Kompetensi :

3.1.1 Mengidentifikasi teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan
dan tulis.
3.1.2 Memahami teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan
tulis.
3.1.3 Menganalisis teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan
tulis.
4.1.1 Menginterpretasikan teks nonsastra mengenai isi teks nonsastra sesuai kaidah
secara lisan dan tulis.
4.1.2 Menanggapi teks nonsastra mengenai isi teks nonsastra sesuai kaidah secara lisan
dan tulis.
4.1.3 Mengekspresikan teks nonsastra mengenai isi teks nonsastra sesuai kaidah secara
lisan dan tulis.

e. Materi Pokok : Teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan

lainnya)
f. Alokasi Waktu : 90 menit
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, kalian dapat
mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan, menanggapi,
dan mengekspresikan teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) sesuai
kaidah secara lisan dan tulis, sehingga peserta didik dapat menghayati dan
mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli,
dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir
kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi(4C).

h. Materi Pembelajaran
o UKB 101 Bahasa Daerah-Jawa

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

2. Peta Konsep

Mengidentifikasi Struktur
Teks Nonsastra

Menganalisis Teks Memahami Jenis Teks

Nonsastra Nonsastra

Menganalisis Karakteristik
Teks Nonsastra
Teks
Nonsastra
Meringkas Teks Nonsastra

Mengekspresikan Menulis ulang Teks

Teks Nonsastra Nonsastra

Membaca Ekspresif Teks

Nonsastra

3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pambuka
Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa awakmu tau maca buku, majalah, koran kang
gawe basa jawa? Apa jeneng buku, majalah, koran iku? Ing era iki, generasi muda saya suwi
saya lali karo basa daerah. Basa daerah dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep kuna.
Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku, kita
generasi muda kudu nglestarekake basa jawa supaya ora luntur.

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!

1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora iso patitis ngomong gawe basa jawa?
2. Kenapa kita kudu nglestarikake basa jawa?
3. Kepriye carane nglestarikake basa jawa?
4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan daerahmu?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa jawa? basa jawa apa kang digawe,
ngoko napa krama?

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

b. Kagiyatan Inti
1. Pituduh Pasinaon iki:
1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, para siswa amrih kudu ngaturake dunga supaya
diwenehi mupangat kang maksimal.
2) UKB iki disinaoni kanggo mangerteni jinise teks nonsastra, ciri-ciri teks nonsastra,
njlentrehake isi teks nonsastra, ngrakit teks nonsastra,
3) Sajrone nyonaoni saben kagiatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen/ Gladhen
sing wis disediakake kanggo ngerteni sapira siswa wis nguasai isi sing kinandhut ing
njerone kagiatan kasebut.
4) Nalika para siswa maca UKB iki, para siswa bakal dinilai ngenani pamahaman sajrone
ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis teks nonsastra sing kaperang dadi jinise teks
nonsastra, ciri-ciri teks nonsastra, njlentrehake isi teks nonsastra; uga nyusun teks
nonsastra

2. Kagiyatan-Kagiyatan Sinau Teks Nonsastra

Kegiyatan 1

Definisi

Artikel yaiku tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining
prakara tartamtu. Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial. Artikel
nduweni tujuwan kanggo menehi warta (informasi), pangajak (persuasif), panyaruwe
(argumentatif), lan panglipur kanggo pamaca. Artikel disabarake lumantar ariwati
(koran), kalawarti (majalah), bulletin, lan sapiturute.

Nyemak Jinis-Jinis Teks Nonsastra

TEKS 1

Rusake Lingkungan Urip

Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya

bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa
mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening
―High Level Threat Panel PBB. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing
paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.

Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni
potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor
alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka
menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan
generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan
mupangate bisa kanggo anak putu.

Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya
alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa.
Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak
nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan
golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni
kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe
suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming
(pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang
nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale
manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.
Sumber http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html

TEKS 2
Gajah-Gajah Padha Ngamuk
Desa cacah 9 (sanga) ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan,
Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa Gajah-gajah mau ora mung
ngrusak  pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe
pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai Pamanan.
Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis waninyerang
manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak.

Ruli ngaku pihake sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi
nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora
dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. Kang bisa dilakoni
dening Ruli mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke
gajah-gajah mau. Ruli nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan
mangan lan ngombe merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis
rusak bosah baseh dening tumindake menungsa.

Miturut Dinas Kehutanan Sumatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 (telu koma pitu)
hektar, 60% (suwidhak persen) ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar.
kajaba kuwi alas produksi kang ambane 2 (rong) hektar saka total 2,4 (loro koma papat) hektar
uga jroning kahanan gundhul ing taun 80-an (wolong puluhan) uga tau kadedean ana
grombolane gajah kang nyerbu perkampungan warga nanging nalika iku gajah mau bisa digiring
menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam
Sriwijaya. Miturut Ruli bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake
ragad kang gedhe.

Teks 3
SEJARAH MASJID SAKA TUNGGAL BAITUSSALAM
Masjid Saka Tunggal dumunung ing dusun Cikakak kecamatan Wangon kabupaten
Banyumas. Sawijining mesjid ing ngrekam minangka sing paling tuwa lan masjid pisanan ing
Indonesia. Saka panggonan siji saka ing dalan anjog ing gapura mesjid, cukup adoh, dumunung
ing tengah saka atmosfer desa Jawa dadi nglukis. Wilayah masjid jejer kangge taman kethek.
Area mesjid nyedhaki sudhut, cukup kanggo maringi leladen sawetara kaca papat-rodhane
kendaraan lan loro.
Ing dinten minggu 20 September 2015, kita sedaya ngawontenaken kunjungan dhateng
ing Mesjid Saka Tunggal ing Dusun Cikakak. Seduginipun kita ing mriku kita disambut dening
atusan kethek sing nyuwun kacang sing ditumbas dening kita. Banjur kita njaluk menyang
Masjid Saka Tunggal karo panuntun, kita katon ing pilar sing didhukung sing mesih utuh urung
direnovasi kanti saiki.

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

            Saben tanggal 27 Rajab ing masjid iki dianakake Jaro panggatos lan reresik makam Kyai
Mustolih. Masjid iki disebut Masjid Saka Tunggal minangka tugu bangunan masjid iki mung siji
Pole. Sawise kita rampung tetakon kita ngendika pamit kanggo nyedhiyani sethitik entuk
manfaat kanggo kaki-kaki panuntun. Kita uga goyangake tangan nalika arep lumaku ngarep. Kita
nyebut matur nuwun lan salam nalika goyang tangan kita.

Yen wis rampung maca ketelu teks ing dhuwur banjur Golekana ciri utawa karakteristik saka
saben teks ing dhuwur!
Teks Jinis Karakteristik Isi
1 Artikel Eksposisi - Migunakake Ngandarna ngenani
tembung ilmiah karusakan lingkungan
- Migunakake ukara disebabake oleh 2 faktor
sebab lan akibat yoiku alam lan menungso.
- Ngandarna
ngenani informasi
sing lagi
diomongno
2 Artikel Naratif - Ada tokoh, tempat, Nyeritakake gajah – gajah
waktu dan sing ngamuk amarga 60%
suasana yang habitate dirusak menungso.
diceritakan
- Mementingkan
urutan peristiwa
dan waktu
3 Teks Laporan Kagiyatan - Ana tanggal lan Dinten minggu 20
kagiyatan seng September 2015 penulis
dilaksanakake kunjungan ing Masjid Saka
- Ana informasi Tunggal. Lan diperoleh
sing diperoleh informasi yen Masjid iki
saka kagiyatan disebut Masjid Saka
kasebut. Tunggal minangka tugu
bangunan masjid iki mung
siji Pole.

Simpulna karakteristik teks nonsastra ing kolom isor iki!

Kagiyatan 2
©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang
UKB BJ 1-01-01

Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa

Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa
kang murka (srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi alam kanggo nggolek kauntungan
tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam amarga pokale
manungsa yaiku banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar, pencemaran
udara, pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya mangkono terus-
terusan, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.
Sakdurunge nganalisis isi teks artikel ing Kagiyatan 1, coba golekana tegese tembung-
tembung ing Rusake Lingkungan Urip sing wis ditulis ing kolom isor iki.

Gladhen 1. Bausastra/ Kamus cilik

1. curese = .........................................................................
2. karaharjane = .........................................................................
3. dhahuru = .........................................................................
4. gunung njeblug = .........................................................................
5. illegal logging = .........................................................................
6. kapitunan = .........................................................................
7. Anjalari =.........................................................................
8. Pangraribawane =..........................................................................
9. Karaharjan =..........................................................................
10. Mupangat =..........................................................................

Ing kagiyatan 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati
banget kanggo nyumurupi isine wacan.

Gladhen 2. Mangsuli Pitakonan

1) Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................
2) Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................
3) Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................
4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................
5) Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap owahe iklim global?
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................
6) Apa kang koktindakake nalika meruhi rusake lingkungan?
Wangsulan :.....................................................................................................................................................................
...............................................................................................................................................................................................

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

Upama uwes ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, awakmu iso nerusake Kagiyatan 3.

Kegiyatan 3

1. Struktur Artikel

Struktur Artikel

Irah-irahan Pambuka Isi Panutup

Katrangan :
 Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
 Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.
 isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni
asipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas).
 Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks
artikel.

2. Jinise Artikel
Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5.

Jinise Artikel

Narasi Deskripsi Eksposisi Argumentasi Persuasi

Katrangan :
 Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakara
tartamtu kang kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik.
 Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaos kaya
sumerep, mireng, utawa ngrasakake kahanan kasebut.
 Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos.
 Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang nduwe ancas mbutekake salah benere sawijining fakta utawa
bukti.
 Artikel persuasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang nduwe ancas pangajak pamaos supaya numindakake.

Gladhen 3. Nganalisis Struktur Teks Artikel lan Teks Berita

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

Sakwise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule Rusake
Lingkungan Hidup ing kagiyatan 1 lan Teks Gajah-Gajah Padha Ngamuk.
Teks 1
Tulisen bukti(gagasan pokok) saben stuktur kanthi ringkes.
No Struktur Bukti
.
1 Pambuka ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
2 Isi Andharan 1 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 2 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 3 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 4 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Lsp
3 Panutup ......................................................................................................................................

Miturut panemumu, teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing jinis
artikel ...........................................
Andharna buktine ....................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................................................
Teks 2 Gajah-Gajah Padha Ngamuk

Miturut panemumu, teks artikel kang judule Gajah-Gajah Padha Ngamuk kalebu ing jinis
teks nonsastra ...........................................
Andharna buktine ....................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................................................

Teks 3 SEJARAH MASJID SAKA TUNGGAL BAITUSSALAM

Miturut panemumu, teks artikel kang judule Sejarah Masjid Saka Tunggal Baitussalam
kalebu ing jinis teks nonsastra ...........................................
Andharna buktine ....................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................................................

Upama uwes ngerjakake Gladhen 3, awakmu iso nerusake Kagiyatan 4.

Kegiyatan 4

1. Maos Wacan Artikel

Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!

Paedahe Sampah ing Lingkungan

Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dino manungsa trus
ngasilake sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kuta wis dadi masalah
kang cukup rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis ora dianggo
sabanjure dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan nyebabake masalah
ing pambuangane. Biyen tau ana kuta sing ngadepi masalah ngenani sampah nganti ing saben
pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang anggawe kita gumun kanthi
sampah sing ana. Sahingga kuta kasebut sempat dijuluki kutha sampah. Bab iku dumadi
amarga winatese papan kanggo mbuwang sampah lan ora ana alternatif liya kanggo
manfaatake sampah seng ana. Sampah sing numpuk nyebabake ganda kang ora sedhep lan
nuwuhake lara sing nular kang mbebayani tumrap manungsa. ing panggonan liya pawongan
mbuwang sampah sakarepe dhewe ing got utawa kali sing tundane dadekake salah sijine
dumadi banjir.

Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik.
Sampah organik yaiku sampah seng bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing
bisa kadhaur ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi. Sampah
paling akeh diasilake saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha sampah

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

saka pawon, sisa sayuran, kulet woh-wohan lan godhong. Dene sampah anorganik tuladha
botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang.

Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap
sampah seng diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah sing
disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak ora mung
pamarintah wae ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora kita bisa
manfaatake sampah asil rumah tangga kita dhewe.

Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik
sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara
ngumpulake sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Upaya
pangolahan iki bakal ngasilake pupuk minangka panyubur lemah kanthi minggunakake
aktivitas mikroorganisme, kayata bakteri, Jamur, nyamuk/serangga lan cacing. Yen kita
nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendem ing pekarangan utawa
lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa rumah tangga arupa sisa
sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki bisa kita gawe kanthi ukuran
60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kotak karo godhong, sisa sayuran terus isi cacing abang/lemah
sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe sampah kasebut
owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.

Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu
sabanjure dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih
rong minggu sahingga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing tingkat
polusi luwih sithik.

Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatake maneh tuladhone kanggo
pot kembang utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing Pabrik/industri
daur ulang semono uga botol bekas omben. Kanggo sampah dluwang/koran bisa diproses
dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat blender sabanjure disaring
terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk kertas iki bisa digunakake kanggo
maneka warna kerajinan tangan (handycraft)

Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita
rasakake pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing lingkunggan
kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi

Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-
hidup-618054.htmlb
2. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Tembung penggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo
nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Ananging nyatakake kosok balen.
4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan.
7. Sanadyan nyatakake konsesif.
8. Amarga nyatakake sebab.
9. Saengga, mula nyatakake akbibat.
10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.

3. Ngringkes Artikel

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku:

1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh pgambaran isine wacan.

2. Nyatet babagan kang wigati ing wacan.
3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.
4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe.

Gladhen 4. Ngringkes
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Awakmu mau uwis waca wacan artikel kang judule Paedahe Sampah ing Lingkungan, banjur
wacanen maneh kanthi patitis!
2. Catheten babagan kang wigati ing saben paragraf!

Paragra Gagasan Pokok

f

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

3. Yen wis rampung nemoake gagasan pokok banjur gabungen gagasan pokok saben paragraf
iku mau migunakake tembung panggandeng!

Upama uwes ngerjakake Gladhen 4, awakmu iso nerusake Kagiyatan 5.

Kegiyatan 5

Nulis artikel lan nulis berita

Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku :
1. Nemtokake topik kang bakal ditulis.
2. Nulis babagan-babagan kang wigati.
3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis.
4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum.
5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehne maneh kanthi ukara kang cetha.
6. Gawe dudutan ing alenia panutup.

Gladhen 5. Nulis Artikel lan Nulis Berita

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Gawea kelompok kang anggotane 2 siswa!
2. Gatekna 3 gambar ing ngisor iki!

Gambar 1

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

Gambar 2

Gambar 3

3. Pilihen salah siji gambar sing arep didakake artikel!. Bisa didadekake artikel narasi, deskripsi,
argumentasi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi!
4. Susunen artikel miturut gambar kasebut migunakake rambu-rambu nulis ing ngisor iki!

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

No Struktur Kalimat
.
1 Pambuka ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
2 Isi Andharan 1 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 2 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 3 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 4 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Lsp
3 Panutup ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................

5. Yen wis rampung ngisi tabel ing dhuwur!. Saiki gabungen kalimat sing wis disusun
migunakake paugeran nulis artikel! Tulisen ing format ngisor iki!

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

UKB BJ 1-01-01

a. Penutup
Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran,
coba saiki renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna
apa kang dadi kesan sawise sinau babagan Teks nonsastra kanthi menehi tandha
centhang (√) ing tabel ngisor iki!

No
Pernyataan Ya Tdk
.
1. Aku wis bisa mangerti teks nonsastra
2. Aku wis bisa ngidentifikasi karakteristik teks nonsastra
3. Aku wis bisa identifikasi struktur teks nonsastra
4. Aku wis bisa identifikasi analisis informasi
5. Aku wis bisa intepretasi isi teks nonsastra
6. Aku wis bisa nulis artikel

Yen wangsuli “Ora” ing salah sawijine pernyataan ing duwur, sinauo maneh materi
kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan sinau maneh kagiyatan 1,2,3,4 kalian
bimbingan guru lan konco. Ojo nyerah kanggo mbaleni maneh. Yen jawab “YA” ing
saben pitakon, marekno UKB materi sakmarine.

Ing endi posisimu?

Ukuren kemampuanmu mangerteni materi puisi tradisional lan puisi modern ing
rentang biji, tulisen ing jero kotak sing ana ing ngisor!

Kotak Nilai Paraf Guru

©2017-Workshop Pengembangan UKB MKKS SMA Malang

Anda mungkin juga menyukai