Anda di halaman 1dari 45

UKBM

BASA JAWA (WAJIB)


Untuk SMA Kelompok Wajib

Berdasarkan Kurikulum 2013

Disusun oleh : NISWATUL LATIFAH, S.Pd

SMA NEGERI 2 LAMONGAN

Setting & Layout :

Cetakan :

Penerbit :
KATA PENGANTAR

Dengan mengucapkan puji syukur kehadirat Allah Tuhan Yang Maha Esa, karena atas rahmat dan
karuniNya kami bisa menyelesaikan “UKBM Bahasa Jawa (Wajib)” bagi siswa dan guru Bahasa Jawa
(Wajib) di SMA NEGERI 2 LAMONGAN. UKBM ini disusun bagi siswa kelas X Wajib. Materi UKBM
ini disesuaikan dengan silabus yang telah ditetapkan pada kurikulum 2013 revisi 2016.

UKBM ini dibuat untuk menyesuaikan materi dengan sistem SKS yang diterapkan oleh SMA
NEGERI 2 LAMONGAN yang tentunya untuk mempertimbangkan perkembangan siswa. Selain itu
UKBM ini kami susun untuk kemandirian siswa dan guru sebagai pembimbinh. Terdapat banyak latihan
soal dalam buku ini yang diharapkan dapat menambah pemahaman siswa terhadap materi yang dipelajari.
Harapan kami adalah buku ini dapat membantu siswa memahami tentang keluarga, kemahiran dan
kegiatan yang biasa dilakukan di sekolah, lingkungan masyarakat dan bangsa. Kami berharap buku ini
dapat bermanfaat bagi siswa dalam pembelajaran di sekolah tingkat menengah atas.

Akhir kata kami mengucapkan terimakasih kepada semua pihak yang telah membantu dalam
menerbitkan buku ini. Kritik dan saran sangat kami harapkan untuk perbaikan buku ini di masa yang akan
datang.

Lamongan, Juli 2021

Penyusun
Daftar Isi

Kata Pengantar ...........................................................................................................................

Daftar isi .....................................................................................................................................

UKBM I

Identitas ......................................................................................................................................

Peta Konsep................................................................................................................................

Pambuka .....................................................................................................................................
Kegiatan Inti ...............................................................................................................................

Panutup.......................................................................................................................................

UKBM 2

Identitas ......................................................................................................................................

Peta Konsep................................................................................................................................

Pambuka .....................................................................................................................................

Kegiatan Inti ...............................................................................................................................

Penutup.......................................................................................................................................

UKBM 3

Identitas ......................................................................................................................................

Peta Konsep................................................................................................................................

Pambuka .....................................................................................................................................

Kegiatan Inti ...............................................................................................................................

Penutup.......................................................................................................................................

Daftar Rujukan ..........................................................................................................................


BJW-3.1/4.1/1/1-1

UKB
ARTIKEL
BJW-3.1/4.1/1/1-1

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Basa Jawa
b. Kelas / Semester :X/1
c. Kompetensi Dasar :

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks non sastra (berita, artikel, laporan dan
lainnya) secara lisan dan tulis
4.1 Menginterpretasikan, menanggapi dan mengekspresikan teks non sastra sesuai kaidah secara
lisan dan tulis.

d. Indikator :
3.1.1 menjelaskan struktur artikel
3.1.2 menjelaskan jenis artikel
3.1.3 menganalisis isi artikel
4.1.1 membaca ekspresif teks artikel
4.1.2 meringkas artikel
4.1.3 menanggapi isi artikel
4.1.4 menulis artikel sederhana

e. Materi Pokok : Teks non sastra (berita, artikel, laporan dan lainnya)
f. Alokasi Waktu : 8 x 45 menit
g. Tujuan Pembelajaran :
Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis peserta didik dapat
mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan, menanggapi dan
mengekspresikan teks non sastra (berita, artikel, laporan dan lainnya) sesuai kaidah secara lisan
dan tulis, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli dan bertanggung jawab, serta dapat
mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).
2. Peta Konsep

✓ Mengidentifikasi
Menganalisis Struktur Teks
Teks Nonsastra Nonsastra
✓ Memahami Jinis Teks
Nonsastra
✓ Menganalisis
Karakteristik Teks
Teks
Nonsastra
Nonsastra

Mengekspresikan
Teks Nonsastra
✓ Meringkas Teks
Nonsastra
✓ Menulis Ulang Teks
Nonsastra
✓ Membaca Ekspresif
Teks Nonsastra
Kegiatan Pembelajaran

A. PAMBUKA

Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa awakmu tau maca buku, kalawarti, ariwarti kanthi
nggunakake basa Jawa? Apa jeneng buku, kalawarti, koran iku? Ing era iki, generasi muda saya
suwi saya lali karo basa Jawa. Basa Jawa dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep kuna.
Saliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa Jawa. Amarga ikku, kita
generasi muda kudu nglestarekake basa Jawa supaya ora luntur.

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora isa patitis ngomong gawe basa Jawa?
2. Coba wenehana alasanmu, kena apa kita kudu nglestarikake basa Jawa?
3. Kepriye carane nglestarikake basa Jawa?
4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan tlatahmu?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa Jawa? Basa Jawa apa kang digawe,
ngoko apa krama?
B. KAGIYATAN INTI

1. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Teks Nonsastra


PERTEMUAN I
Kagiyatan 1

Definisi
Artikel yaiku tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining prakara tertamtu.
Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial. Artikel nduweni tujuwan kanggo menehi
warta (informasi), pangajak (persuasif), panyaruwe (argumentatif) lan panglipur kanggo pamaca.
Artikel disabarake lumantar ariwati (koran), kalawarti (majalah), bulletin lan sapiturute.

Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup


Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!
Rusake Lingkungan Hidup
Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi, banyu,
hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya
tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening-High Level Threat Panel PBB. Rusake
lingkungan amarga saka maneka werna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal
gawene manungsa.

Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni potensi bakal
kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam lan uga
manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita bisa njaga
lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok
baline, yen kita bisa njaga, agawe lestarine alam, kaendahan lan mupangate bisa kanggo anak putu.

Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep
lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa. Lingkungan kalebu
lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem darat, segara lan
kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal
ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi
kabutuhane.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa tinimbang faktor alam kang dumadine
ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap
rusake alam. Menawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas
emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia
minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap
karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake
pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

Sumber http://www.konsultankolestrol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html

Kagiyatan 2
Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa

Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa kang murka
(srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi alam kanggo nggolek kauntungan tanpa winates,
tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam amarga pokale manungsa yaiku
banjir, longsor, ilegal loging, alas gandhul, penambangan liar, pencemaran udara, pencemaran air lan
sapanunggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya mangkono terus-terusan, mesthi wae alam ora
bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.
Sakdurunge nganalisis isi teks artikel ing Kagiyatan 1, coba golekana tegese tembung-tembung ing
ngisor iki.

Gladhen 1 Bausastra/Kamus cilik

1. Curese................... =
2. Karaharjane .......... =
3. Dhahuru ................ =
4. Gunung njeblug .... =
5. Illegal logging ...... =
6. Kapitunan ............. =

Ing kagiyatan 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati banget kanggo
nyumurupi isine wacan.

Gladhen 2 Mangsuli Pitakonan

1)Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

2)Kepriye akibate menawa lingkungan kita rusak ?

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

3)Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

5) Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap owahe iklim global?

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

6) Apa kang koktindakake nalika meruuhi rusake lingkungan?

Wangsulan : .....................................................................................................................

...................................................................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, awakmu isa nerusake kegiyatan 3.

Kegiyatan 3

1. Struktur Artikel
Struktur artikel yaiku :
1. Irah-irahan
2. Pambuka
3. Isi
4. Panutup

Katrangan :
1. Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
2. Pambuka yaikiu gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.
3. Isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni asipat
wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas).
4. Penutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andharan sing ana ing isi teks artikel.

2. Jinise Artikel
Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5 yaiku :
• Narasi
• Deskripsi
• Eksposisi
• Argumentasi
• Persuasi

Katrangan :
Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining prakar
tertamtu kang kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik.
Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih panulis ngandharake sawijine prakara
tertamtu kang nggambarake ngenani sawijine kahanan saengga pamaos kaya sumerep,
mireng utawa ngrasakake kahanan kasebut.
Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih panulis ngandharake sawijine prakara
tertamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos.
Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih panulis ngandharake sawijine
prakara tertamtu kang nduwe ancas mbuktekake salah benere sawijine fakta utawa bukti.
Artikel persuasi yaiku tulisan kang isine penggalih panulis ngandharake sawijine prakara
tertamtu kang nduwe ancas pangajak pamaos supaya numindakake.

Gladhen 3. Nganalisis Struktur Teks Artikel

Sawise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang irah-irahane Rusake
Lingkungan Hidup kagiyatan 1.

Tulisen bukti (gagasan pokok) saben struktur kanthi ringkes.

No Struktur Bukti
1 pambuka ..................................................................................................................
2 Isi Andharan 1
...................................................................................................................
............................................................................................................................
Andharan 2
..................................................................................................................
..................................................................................................................
Andharan 3
..................................................................................................................
..................................................................................................................
Andharan 4
..................................................................................................................
..................................................................................................................
Lsp
3 Panutup ..................................................................................................................
..................................................................................................................
..................................................................................................................
..................................................................................................................

Miturut panemumu, teks artikel kang irah-irahane Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing jinis artikel

Andharna buktine ......................................................................................................................

............................................................................................................................................

............................................................................................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 3, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 4.

Kagiyatan 4

1. Maos Wacan Artikel


Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!

Paedahe Sampah ing Lingkungan


Ing panguripan, manungsa ora bisa uwal saka sampah. Saben sina manungsa trus ngasilake
sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kutha wis dadi masalah kang ruwet
saengga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis ora bisa dienggo sabanjure
dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan nyebabake masalah ing
pembuwangane. Biyen tau ana kutha sing ngadhepi masalah ngenani sampah nganti ing saben
pojok kutha ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang anggawe kita gumun kanthi
sampah sing ana. Saengga kutha kasebut sempet diarani kutha sampah. Bab iki dumadi amarga
winatese papan kanggo mbuwang sampah lan ora ana alternatif liya kanggo manfaatake sampah
sing ana. Sampah sing numpuk nyebabake ganda kang ora sedhep lan nuwuhake lelara sing nular
kang mbebayani tumrap manungsa. Ing panggonan liya pawongan mbuwang sampah sakarepe
dhewe ing got utawa kali sing pungkasane nyebabake dumadine banjir.

Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik. Sampah
organik yaiku sampah sing bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing bisa kadhaur
ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi. Sampah paling akeh diasilake
saka pomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladhane sampah saka pawon, sisa sayuran lan
woh-wohan uga godhonge. Dene sampah anorganik tulafha botol kaca, botol plastik, omplong lan
dluwang.

Jumlah warga kang mbludhag lan gaya hidup wargane nduweni pengaruh gedhe tumrap sampah
sing diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah sing disebabake
amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak ora mung pamarintah wae
ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora kita bisa manfaatake sampah asil
rumah tangga kita dhewe.

Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik sampah
organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara ngumpulake
sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Upaya pengolahan iki bakal
ngasilake pupuk minangka penyubur lemah kanthi migunakake aktivitas mikroorganisme kayata
bakteri, jamur, nyamuk/serangga lan cacing. Yen kita nduweni lahan/tegalan sing amba sampah
organik bisa kapendhem ing pekarangan utawa lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates,
lebokna sampah sisa rumah tangga arupa sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone
kothak. Kothak iki bisa kita gawe kanthi ukuran 60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kothak karo
godhong, sisa sayuran terus isi cacing abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem.
Tindakna iki saben dina, suwe suwe sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake
kanggo nyubujrake tanduran kita.
Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu sabanjure
dilebokake ing panggonan kang kedap hawa lan dijarake sasuwene kurang luwih rong minggu
saengga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing tingkat polusi luwih sithik.
Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatale maneh tuladhane kanggo pot kembang
utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing Pabrik/industri daur ulang semono
uga botol bekas omben. Kanggo sampah dluwang/koran bisa diproses dadi kertas daur ulang.
Ancurna kertas karo banyu kanthi alat blender sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan
kanggo digaringake. Produk kertas iki bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan.
Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita rasakake
pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing lingkungan kita sing uga
wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit lan ngirit energi.
Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-hidup-
618054.htmlb

2. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)


Tembung panggandheng yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo
nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Ananging nyatakake kosok balen.
4. Nalika, nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saumpama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancas.
7. Sanadyan, nyatakake konsesif.
8. Amarga, nyatakake sebab.
9. Saengga, mula, nyatakake akibat.
10. Kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.

3. Ngringkes Artikel
Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku:
1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh gambaran isine wacan.
2. Nyathet babagan kang wigati ing wacan.
3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.
4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe.

Gladhen 4 Ngringkes

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!

1. Sawise awakmu waca wacan kang irah-irahane Paedahe Sampah ing Lingkungan, banjur wacanen
maneh kanthi patitis!
2. Catheten babagan kang wigati ing wacan!
3. Ringkesen migunakake basamu dhewe!
4. Gunakna tembung panggandheng kanggo ngraket babagan wigati kang wis dicathet!

Upama wis ngerjakake Gladhen 3, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 5.

Kagiyatan 5

Nulis artikel

Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku:

1. Nemtokake topik kang bakal ditulis.


2. Nulis babagan-babagan kang wigati.
3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis.
4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum.
5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehake maneh kanthi ukara kang cetha.
6. Gawe dudutan ing alenia panutup.

Gladhen 5 Nulis Artikel

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!

1. Gawea kelompok kang anggotane 4 nganti 4 siswa!


2. Gatekna 3 gambar ing ngisor iki!
3. Susunen artikel miturut 3 gambar iku!
4. Wenehana ilustrasi (gambar utawa hiasan) supaya artikel sing ditulis dadi endah!
5. Upama wis, pilihen salah siji anggota kelompok kanggo maca wacan artikel kang ditulis!
C. PANUTUP

Kepriye
Cah???

Sawise para siswa sinau kanthi cara bertahap lan nglanjutake kagiyatan pasinaon, ing ngisor iki
diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis disinaoni.

Wangsulana sajujure anggenmu nguwasani materi ing UKB iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No Pitakon Ya Ora
1 Apa siswa wis mangerteni strukture artikel?
2 Apa siswa wis bisa ngandharake jinis artikel?
3 Apa siswa wis bisa nganalisis isi artikel?
4 Apa siswa wis bisa maca ekspresif teks artikel?
5 Apa siswa wis bisa ngringkes artikel?
6 Apa siswa wis bisa nanggepi isine artikel?
7 Apa siswa bisa nulis artikel?

Yen mangsuli “ORA” ing salah sijine pitakonan ing dhuwur, mula saka iku sinaua maneh materi
kasebut sajrone Buku Teks Pelajaran lan sinaua bola bali kagiyatan belajar sing sekirane prelu
dibaleni maneh kanthi bimbingan guru utawa kanca. Aja gampang putus asa!

Yen mangsuli “YA” ing sakabehe pertanyaan, mula saka iku banjur ngisi ing ngisor iki:

Ing ngendi posisimu?

Ukuren awakmu dhewe sajrone nguwasai teks artikel, bijine antara 0-100 lan tulisen sajrone
kotak sing ana ing ngisor iki
Sawise nulisake penguwasaan ngenani materi Teks Artikel, iki yaiku bagian kang pungkasan
saka UKB materi Teks Artikel, njaluka tes formatif marang Gurumu sadurunge sinau ing UKB
sabanjure.

Ayo tansah nguri-uri kabudayan Jawa


hya, cah !!!
BJW-3.2/4.2/1/2-2

UKB
WAYANG
BJW-3.2/4.2/1/2-2

1. IDENTITAS
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis unsur intrinsik maupun ekstrinsik teks
sastra klasik dan modern secara lisan dan tulis.
3.2 sesuai kaidah secara lisan dan tulis

d. Indikator
3.2.1 Menganalisis unsur intrinsik cerita wayang/topeng dhalang.
3.2.2 Menganalisis unsur ekstrinsik cerita wayang/topeng dhalang.
3.2.3 Menganalisis relevansi isi cerita wayang/topeng dhalang dengan zaman sekarang.
4.2.1 Menceritakan isi cerita wayang/topeng dhalang.
4.2.2 Menanggapi isi cerita wayang/topeng dhalang.
4.2.3 Membaca indah teks dialog cerita wayang/topeng dhalang.

e. Materi Pokok : Teks Cerita Wayang


f. Alokasi Waktu : 8 x 45 menit
g. Tujuan Pembelajaran :
Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan anlisis, peserta didik dapat menganalisis
unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang serta dapat menanggapi dan mengekspresikan
teks cerita wayang sesuai isinya, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan
ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta
dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi
(4C).

h. Materi Pembelajaran :
Anak-anakku kabeh, miturut sejarahe, wayang kuwi salah sawijine sarana kanggo ngrembakakake
piwulang agama Islam ing tanah Jawa. Para Wali migunakake wayang nalika dakwah islam, kang
bisa nggayutake tradhisi Hindu-Budha kalawan kapitayan anyar kang asipat Islami. Wayang uga
didadekake salah sawijine seni kang nduweni asipat nglipur pamiarsa. Supaya awakmu bisa
nguwasani bab crita wayang iki, coba gatekna materi teks MA/MAK Kelas X. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
5 PETA KONSEP

Teks
Wayang
Unsur Struktur
Intrinsik Teks
Wayang
Relevansi Isi
Unsur
-Tema Ekstrinsik
-Orientasi
-Alur
Isi kang
-Komplikasi
-Wewatekane kinandhut
- Latar belakang sajroning -Resolusi
-Busananing basa karya sastra crita
digathukna -Koda
-Pamawas -Kahanan
Masyarakat karo urip
-Latar padinan
-Latar Belakang
Pangripta
Paramasastra

-Ukara Crita

-Ukara Pakon

-Ukara Pitakon
A. PAMBUKA

GAMBAR 1

GAMBAR 2

GAMBAR 3

Indhonesia iku duweni akeh banget warisan kabudayan. Tuladhane yaiku kang ana ing dhuwur
iku. Ayo para siswa coba sebutna iku tuladhane wayang apa wae? Apa para siswa wis nate
ndelok wayang kang ana ing gambar? Ana ing ngendi wayang-wayang ing dhuwur iku bisa kok
temokake?
Adhedhasar piitakonan ing dhuwur, siswa bisa ngisi ing sajrone tabel ngisor iki!

No Sebutna jinis wayang apa! Nate ndelok Ana ing ngendi wayang kasebut?
wayang kasebut?

1 Gambar 1

2 Gambar 2

3 Gambar 3

AYO SINAU PERANGAN-PERANGAN WAYANG


GAMBAR WAYANG KUMBAKARNA
B. KAGIYATAN INTI

Pertemuan I

Kagiyatan Pasinaon 1

Sadurunge awakmu miwiti pasinaon dina iki, pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana luwih dhisik!

1. Awakmu apa nate ndeleng wayang?


2. Andharna apa kang diarani crita wayang?
3. Lakon pewayangan saka crita apa?
4. Ing papan panggonanmu apa isih asring ana pagelaran wayang?
5. Kepriye masyarakat ing papan panggonanmu menawa ana pagelaran wayang?

Nah, sawise awakmu wis mangerteni teks cerita wayang, coba semaken ringkesan materi ing ngisor
iki!

❖ Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mbangun karya sastra saka njero. Unsur intrinsik
kaperang dadi 6, kaya ing ngisor iki:
a. Tema
b. Paraga (tokoh)
c. Alur
d. Basa
e. Sudut pandang
f. Latar

• Katrangan:
a. Tema yaiku pokok-pokok crita utawa ababagan kang dirembug ing sawijine crita kang
diandharake pangripta liwat rerangkene crita.
b. Paraga yaiku pawongan kang duwe peran sajroning crita, kang ngalami kedadean salaras
karo dumadine crita. Paraga dibedakake dadi limang warna.
✓ Paraga utana, yaiku paraga kang dadi lakone crita.
✓ Paraga sampingan yaiku paraga kang dadi panyengkuyung paraga utama
✓ Paraga protagonis yaiku paraga kang tumindak becik ing crita.
✓ Paraga antagonis yaiku paraga kang tumindak ora becik utawa ala ing crita.
✓ Paraga tritagonis yaiku paraga dadi pangudharing prakara.

Penokohan mujudake pelukisan tokoh/paraga crita ing kahanan lair utawa batine, klebu
keyakinan uripe, adat istiadate, lan sapiturute. Ana telung macem cara kanggo nglukisake
utawa nggambarake watak yaiku:

✓ Analitik
Pangripta nyritakake utawa njlentrehake watak paraga crita kanthi langsung
✓ Dramatik
Pangripta ora kanthi langsung nyritakake watak paraga kaya ing cara analitik, nanging
nggambarake watak paraga kanthi cara njembarake panggonan utawa lingkungane
sang paraga. Nyuguhake dialog antar paraga lan saka dialog-dialog iku bakal katon
watak para paraga sajrone crita.
✓ Campuran
Pangripta ngguynakake kalorone cara kasebut kanthi tujuwan kanggo padha dene
njangkepi.
c. Alur yaiku dalan crita utawa rerangken kedadean kang didhapuk lelandhesan ukum
kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab akibat). Lelandhesan gayutan kasebut,
mula saben crita duweni plot/alur kang kaya mangkene:
✓ Tahapan tetepungan
✓ Tahapan tumuju prakara
✓ Tahapan prakara, banjur tumuju tansaya ruwet.
✓ Tahapan klimaks.
✓ Tahapan tuwuhe sawijine solusi.
✓ Tahapan karampungan.
d. Gaya basa yaiku cara khas sawijine pangripta sajrone ndungkapake ide, utawa
gagasan liwat crita.
e. Sudut pandang yaiku salah siji unsur fiksi kang dadi kunci kesuksesan crita. Sudut
pandang iki mujudake cara pangripta anggone mapanake anggane tumrap crita. Sudut
pandang kaperang dadi telu, yaiku:
✓ Sudut pandang wong katelu, nganggo tembung “dheweke”.
✓ Sudut pandang wong kapisan, nganggo tembung “aku”.
✓ Sudut pandang campuran antarane wong katelu lan kapisan.
f. Latar yaiku gambaran ngenani waktu, panggonan lan swasana kang dumadi sajrone
crita.

Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan kelompok kelas!
Temtokna unsur intrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing ngisor iki kanthi wangsulan kang
trep!

No Unsur Intrinsik Wangsulan

1 Tema .......................................................................................................

2 Alur .......................................................................................................

.......................................................................................................
.......................................................................................................

3 Paraga .......................................................................................................

.......................................................................................................

.......................................................................................................

4 Gaya .......................................................................................................
basa/Busananing
basa .......................................................................................................

.......................................................................................................

5 Sudut pandang .......................................................................................................

.......................................................................................................

6 Latar .......................................................................................................

.......................................................................................................

.......................................................................................................

Pituduh

1. Semaken teks cerita ing ngisor iki kang patitis!


2. Sawise rampung nyemak, wangsulana Gladhi Kompetensi sing manggon ing ngisore wacan!

Ngelmu Asthabrata Sri Rama

Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama mijil saka garwa prameswari
asma Dewi Ragu. Garwane aran Dewi Shinta putrane Prabu Janaka ing Mantili. Satemene akeh para
raja, pandhita, resi, jejanggan lan kawula kang kepengin nggarwa Dewi Shinta ananging mung
Ramawijaya kang bisa mupu sayembara menthang gandhewa. Sawise dadi penganten, Rama, Shinta
lan Lesmana bali ing Ayodya. Sawise teka ing Ayodya sejatine Ramawijaya kang dadi ratu nglintir
kalenggahane ramane ananging kaselak Dewi Kekayi. Dewi Kekayi (garwa selir Prabu Dasarata)
nagih janji. Mula Rama gagal dadi ratu malah diukum dibuwang ing alas Dhandaka sasuwene 13 taun.

Ing alas Dhandaka, Shinta dicidra Dasamuka. Rama kekurangan prajurit kanggo ngrabasa ing
Ngalengka. Dumadakan ana kethek abang aran Sugriwa njaluk tulung marang Rama, menawa Rama
gelem nulungi sedya mbiyantu kersane Rama lan bebasan gelem dadi abdine. Rama sanggup jejering
satriyatma, yen dijaluki pitungan mesthi sumadhiya. Jebul Sugriwa kepengin mateni kangmase aran
Subali, Rama ora bisa cidra ing janji sanadyan tumindake Sugriwa nistha. Subali bisa diperjaya dening
Rama.

Sugriwa senadyan wanara mbiyantu Rama merangi Ngalengka njaluk Dewi Shinta. Rama
bisa ngalahake Dasamuka ananging Dasamuka luput ing pati amarga nugrahane Bathara Brahma.
Nalika Dasamuka kena panah Gunawijaya. Dasamuka langsung dibruki gunung dening Raden
Hanoman. Ngalengka bedhah Dewi Shinta diajak kondur ing negara Pancawati. Kraton iki dibangun
uuga nalika nedheng-nedheng perang karo Ngalengka. Kraton Pancawati mapan ing pucuking gunung
Maliawan.

Rama paring piwulang marang Bharata jumeneng ratu ing Ayodya lan Wibisana kang dadi
nata ing Ngalengka. Rama paring piwulang wateging nata kang sinebut Asthabrata. Astha tegese
wolu, brata tegese laku. Lakuning ratu kudu duwe watak wolu, yaiku:

- Kisma (lemah), dadsi ratu kudu bisa murah lan asih marang kawulane kaya lemah tansah
migunani tumrap uriping manungsa.
- Warih (banyu), dadi ratu kudu bisa manjing ajur-ajer, mendhak-mendhukul manut kahanan.
- Maruta (angin), ratu ora wegah niti priksa marang papan lan kawulane ing ngendi wae.
- Angkasa (langit), dadi ratu kudu bisa momot kayadene angkasa kang ora bakal sesak kanggonan
apa wae.
- Candra (rembulan), dadi ratu kudu bisa paring pepadhang para kawula kang nandang susah, kaya
rembulan madhangi jagad ing wayah bengi.
- Surya (srengenge) dadi ratu kudu bisa paring dana marang kawula, tumindak adil, ora pilih kasih,
kaya srengenge sing sorote ngebaki jagad.
- Dahana (geni), dadi ratu kudu bisa mbrastha dur angkara, kaya geni kang nempuh apa wae bakal
sirna.
- Kartika (lintang), dadi ratu kudu pikukuh ing sabda, ora mencla-mencle, sabdane kanggo
paugeran, tindake kanggo patuladhan, kaya lintang sing papane ajeg ora owah gingsir.

Sumber:http//manglawak.blogspot.com

KEGIYATAN PASINAON 2

Sawise para siswa kasil ngerteni apa lan maknane struktur sawijine teks crita wayang, sabanjure
ana ing pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi utawa nganalisis unsur ekstrinsik
sawijine teks wayang bebarengan. Teks wayang kang bakal dirembug mau bisa digoleki saka buku-buku
wayang, majalah-majalah Jawa, utawa saka sumber-sumber liyane kalebu saka internet.

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kayata:

a. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis.
b. Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahanan masyarakat saka
ekonomi, sosial, budhaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.
c. Latar belakang utawa kahanan pangripta.

Wayang menika nggadhahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang
menika saka tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih
wayang menika cekakaan saka tembung “Wayahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat.
Sanesipun nyebutake yen wayang menika cekakan saka tembung “WAHANANE HYANG” tembung
wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung Hyang tegesipun Gusti ingkang hakarya
jagad.
Babon carios wayang menika miturut sejarahe saka Negara India, yaiku saka crita Ramayana saha
Mahabarata. Crita Ramayana ingkang basa sansekerta Ramayana saka tembung Rama lan Ayana kang
tegese lampahe Rama. Crita kuwi dikarang dening Walmiki (Valmiki) utawa Balmiki. Dene crita
Mahabrata kang dikarang dening Begawan Byasa atau Vyasa, crita kuwi wose Pandawa saha Kurawa
kang rebutan negara Astina. Nanging crita Ramayana saha Mahabarata kuwi rikala ing tlatah Jawa banjur
kagubah maneh dening para winasis, pramila kuwi ana bedha-bedhane antara crita Ramayana saha
Mahabarata kang saka India karo Jawa. Dene wayang dhewe miturut sumber kang ana, minangka
kabudayan asli Jawa kang wis ana sadurunge crita Ramayana saha Mahabarata mlebu ing Jawa.
Geser gumantung jaman sabanjure sumber crita wayang ora mung saka Mahabarata saha
Ramayana, nanging uga ana babon crita wayang liyane mula crita Panji, crita seta, crita saka Timur tengah
lsp. Bedhae babon crita wayang kuwi amarga ngrembakane donya pagelaran wayang. Jlentrehna ing
ndhuwur medharake ngenani unsur ekstrinsik teks crita wayang, yaiku crita wayang Ramayana. Saiki coba
temtokna unsur ekstrinsik crita ing ngisor iki!

Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi patitis!

RAMA SINTA

Wonten nagari namanipun Kosala, dumunung ing kutha Ayodya. Ingkang jumeneng nata Prabu
Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi Kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi
Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin satrugna.

Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh keprabon. Rama ginandhang-gadhang
nggentosi kalenggahaning ingkang Rama. Ananging, Dewi Kekeyi mboten narimakaken menawi Rama
kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putraning ingkang
jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu
Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun
dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, tetiganipun kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu
Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut
kabagusaning Rama. Rama mboten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar
pisan boten nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa
wanodya rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talingipun.
Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih malesaken wirangipun. Prabu
Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana Dhandaka nitih kreta kencana ngambah
jumantara kafherekaken Kala Marica.

Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana,
kidang elok kang warni asisik emas ngelam-elami, ngrengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri
sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kebregasaning kidang. Piyambakipun gawok,
tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang rukmi. Rama kasuwen nyepangaken.

Pituduh!

Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan kelompok kelas!
Temtokna unsur ekstrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing ngisor iki kanthi wangsulan kang
trep!

No Unsur ekstrinsik Wangsulan


1 Latar belakang karya sastra ..........................................................................................
..........................................................................................
..........................................................................................
2 Kahanan masyarakat ..........................................................................................
..........................................................................................
..........................................................................................
3 Latar belakang pangripta ..........................................................................................
..........................................................................................
..........................................................................................

KAGIYATAN PASINAON 3

Anak-anakku kabeh, awakmu wis sinau ngenani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik teks crita
wayang. Miturutmu, apa teks crita wayang kuwi salah sawijining teks kang menarik? Jlentrehna
panyaruwe!
Saben manungsa mesthi nduweni daya ketertarikan sing bedha. Apa maneh sing ngenani wacan.
Teks crita wayang kuwi kagolong teks kang digemati dening para tiyang sepuh, amarga wayang menehi
pitutur kang apik banget kanggo dedasar urip padinan. Supaya awakmmu nguwasani uga bisa nresepake
pitutur kang kinandhut ing sajroning wayang. Coba wacanen teks ing ngisor iki, banjur wangsulana
pitakon kang ana sing sawise wacan.

Pituduh!

1. Wacanen teks ing ngisor kanthi trep!


2. Bentuken kelompok diskusi kang cacahe 4!
3. Temtokna isi kang kinandhut ing sajroning crita!
4. Presentasekake kasil rembuganmu ing ngarep kelas!

LAIRE GATHUTKACA

Ing sawijining dana, kaluwarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihatin sanget nalika putrane
Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud
raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan
Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa
ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusere durung pedhot-pedhot banjur para Pandhawa
lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud manungsa biasa lan medhot tali pusere
Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para
Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa
yaiku karna uga nglakoni semedi njaluk senjata pusaka marang Dewa.

Kaprasahan lan khusuke semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange kahyangan,
saengga Dewa gawe keputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusere Tetuka, saengga ari-arine
bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo menehake senjata Kunta wijayadanu
marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kekeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna
lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara Narada
menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki Arjuna
lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta Wijayadanu marang Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna
lan njaluk senjata Kunta Wijayadanu. Nanging Karna ora gelem menehake senjata Kunta, banjur
ndadekake perang tanding antarane Arjuna ing Karna. Ing perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung
pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta Wijayadanu. Senjata mau pancen sekti,
karo sarunge wae bisa medhot tali pusere Tetuka. Nanging aehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake
Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kedadean kasebut, bilih sesuk Gathut Kaca bakale mati ing
tangane kang duwe senjata kasebut.

Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadhepi masalah gedhe. Patih Sekipu lan bala tentarane
ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur sang Hyang
Bathara Prabu ngutus papa Dewa supaya golek jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk semedine,
saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.

Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah wujud
Tetuka kang awujud raksasa. Amarga semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah langit dadi peteng,
gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka
kedadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya
maksude dikabulake Dewa.

Bathara Narada banjur gugah semedi supaya para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk
marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih
Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise antuk ijin saka Pandhawa, bayi
Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing kahyangan. Nanging Sekipu lan Kala
Pracona ora gelem nglawan bocah cilik.

Pungkasane, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang Empu
siap nempa Tetuka supaya tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka sigawa ing Kawah
Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh. Balunge digawe saka wesi.
Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat. Sawise ku banjur dijupuk maneh saka
kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis dewasa nanging durung bisa ngomong.
Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan
Kacanegara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping Basunanda, supaya yen
udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kapindho, kotang Antakusuma, supaya bisa mabur tanpa
lar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing dhuwur lemah bisa lancar tanpa gangguan
angin. Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala Pracona. Kaloro-lorone padha
perang. Kabeh Dewa-Dewi ndelok perang tandhing iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca bisa
ngethok sirahe Kala Pracona.

Sumber:http//manglawak.blogspot.com

Miturut panemumu, crita pewayangan kanthi irah-irahan “LAIRE GATHUTKACA” apa ana
sambung rapete karo kasunyatan uripe manungsa ing saben dinane?andharna lan wenehana bukti-bukti!

Yen wis rampung, gatekna pitakon ing ngisor iki!

1. Andharna watake Gathutkaca kang pantes ditiru?


2. Temtokna isi crita wayang ing saben-saben paragraf wacan crita wayang “Laire Gathutkaca”!
3. Isine crita ing saben paragraf gathukna supaya dadi sawijining crita kang utuh!
4. Temtokna isine crita sing kinandhut ing saben paragraf dadi saparagraf wae kang minangka
intisarine crita saka wacan kasebut!
5. Miturutmu, apa isine teks cocok karo jlentrehane crita? andharna kanthi ringkes!
6. Garapen tugas kuwi, banjur rembugan karo kancamu sakelas!

Sawise sinau ngenani isi teks crita, awakmu diajak sinau ngenani babagan paramasastra teks crita
wayang. Coba gatekna pitakon ing ngisor iki!

1. Miturutmu kepriye paramasastrane teks wayang!


2. Ana pirang macem ukara ing sajroning crita?
3. Apa awakmu ngerti jlentrehane ukara kasebut?

Nah, ben awakmu paham, setitekna andharna ngenani kawruh paramasastra ing ngisor iki!

Ing sajroning teks crita wayang, ana telung macem ukara, yaiku ukara crita, ukara pakon lan ukara
pitakon.

UKARA CRITA

Ukara crita umume digunakake kanggo nggawe andharan kang isine arupa pawarta tanpa ngarepake
respon tertamtu (kalimat langsung).

Tuladha:

- Khadafi maca crita wayang kang duweni irah-irahan “Gathutkaca Gugur”.


- Gathutkaca kuwi putrane Werkudara karo Dewi Arimbi.
UKARA PAKON

Ukara pakon yaiku ukara kang isine prentah utawa panjaluk marang wong supaya nindakake
pakaryan kang dikarepake (kalimat perintah).

Tuladha :

- Nak, coba bukaen bukumu kaca 103! Banjur garapen uji kompetensine!
- Jendela kae tutupen, Rin!

UKARA PITAKON

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine aawujud pitakon marang wong liya sing ngarepake wangsulan
(kalimat tanya).

Tuladha :

- Apa awakmu ngerti pasinaon dina iki?


- Kenapa awakmu wingi ora mlebu sekolah?

Nah, sawise maca andharan ing ndhuwur, ayo nyoba Gladhi Kompetensi!

Pituduh!

1. Gawea kelompok kang cacahe 4 siswa saben kelompok!


2. Apa awakmu nemoni ukara crita ing crita wayang “Laire Gathutkaca”? coba rembugen
sakelompokmu!
3. Apa awakmu nemoni ukara pakon ing crita wayang “Laire Gathutkaca” ? coba rembugen
sakelompokmu!
4. Apa awakmu nemoni ukara pitakon ing crita wayang “Laire Gathutkaca” ? coba rembugten
sakelompokmu!
5. Sawise rembugan, coba tulisen bukti ukara crita, ukara pakon, lan ukara pitakon kang cacahe 3
saben ukara!
6. Banjur presentasekna hasil rembuganmu ing ngarep kelas!

6.KEGIYATAN PASINAON 4

Para siswa kabeh, prelu kaweruhi yen paraga Punakawan sajrone pewayangan Jawa, mesthi
didhapuk dadi perangan kang wigati lan mesthi anane. Ing kolom ngisor iki, temtokna struktur teks crita
wayang!

No Struktur Cuplikan Wacan


1 Pambuka

2 Pasulayan
3 Medharake prakara

4 panutup

C. PANUTUP

Piye... piye ?

Sawise para siswa sinau kanthi cara bertahap lan nglanjutake kagiyatan pasinaon, ing ngisor iki
diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis disinaoni.

Wangsulana sajujure anggenmu nguwasani materi ing UKB iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No Pitakon Ya Ora
1 Apa siswa wis bisa nganalisis unsur intrinsik crita wayang?

2 Apa siswa wis bisa nganalisis unsur ekstrinsik wayang?

3 Apa siswa wis bisa nganalisis relevansi isi crita wayang karo jaman saiki?

4 Apa siswa wis bisa nyritakake isi crita wayang?

5 Apa siswa bisa nanggapi isi crita wayang?

6 Apa siswa wis bisa maca teks antawacana crita wayang?


Yen mangsuli “ORA” ing salah sijine pitakonan ing dhuwur, mula saka iku sinaua maneh materi
kasebut sajrone Buku Teks Pelajaran lan sinaua bola bali kagiyatan belajar sing sekirane prelu
dibaleni maneh kanthi bimbingan guru utawa kanca. Aja gampang putus asa!

Yen mangsuli “YA” ing sakabehe pertanyaan, mula saka iku banjur ngisi ing ngisor iki:

Ing ngendi posisimu?

Ukuren awakmu dhewe sajrone nguwasai teks wayang, bijinen antara 0-100 lan tulisen sajrone
kotak sing ana ing ngisor iki

Sawise nulisake penguwasaan ngenani materi Teks Artikel, iki yaiku bagian kang pungkasan
saka UKB materi Teks Artikel, njaluka tes formatif marang Gurumu sadurunge sinau ing UKB
sabanjure.

Monat Manut Pungkasane Katut

Iya Iya Pepuntone Cilaka


BJW-3.3/4.3/1/3-3

UKB
DRAMA
-BUDI PEKERTI
BJW-3.3/4.3/1/3-3

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester :1
c. Kompetensi Dasar :
1.3 Memahami karakteristik bahasa lisan dalam kegiatan bermain peran, dialog, dan
berdiskusi sesuai dengan tata krama.
4.3 bermain peran, berdialog atau berdiskusi sesuai tata krama.
d. Indikator :
1.3.1 Mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain peran.
1.3.2 Menganalisis karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran
4.3.1 Membaca naskah sesuai dengan peran dalam teks
4.3.2 Memperagakan peran sesuai karakter tokoh dalam teks.
4.3.3 Menyusun teks drama sederhana.
e. Materi Pokok : Bermain Peran/ Drama
f. Alokasi Waktu : 8 x 45 menit
g. Tujuan Pembelajaran :
Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik diharapkan
dapat mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain peran dan menganalisis
karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran, sehingga peserta didik dapat menghayati dan
mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli dan
bertanggungjawab, serta dapat mengembangkan kemampuan berfikir kritis, berkomunikasi,
berkolaborasi dan berkreasi (4C).

5. Peta Konsep
TEKS LAKON/TEKS DRAMA

Struktur
Definisi/Pangerten Unsur Intrinsik
Titikan

A.PAMBUKA

a. Pendahuluan
Sadurunge sinau materi iki coba delengen gambar ing ngisor iki!

Yen nonton polatan lan sandhang panganggone, pawongan kang ana ing gambar dhuwur
nuduhake pawongan kang wis sepuh banget. Ananging yen ditaliti kanthi nastiti, pawongan
kang ana ing gambar dhuwur pranyata ora sepuh. Mula gambar mangkana iku bisa nuwuhake
pitakon kang maneka warna.

Ayo diwangsuli !
1) Gambar iku mujudake kedadeyan kang nyata apa rekayasa?
2) Yen iku mujudake kedadeyan kang karekayasa, kedadeyan iku dumadi ing adicara apa?
3) Apa ancase ngrekayasa kedadeyan iku?
4) Apa gunane ngrekayasa kedadeyan iku?
5) Sapa wae pawongan kang kasangkut melu ngrekayasa kedadeyan ing gambar?
B. KAGIYATAN INTI

2. Kegiatan Belajar

Pasinaon 1

Ragam basa lesan yaiku ragam basa kang diandharake lumantar media lesan, kang ana gegayutane
karo kahanan lan wayah. Basa lesan luwih ekspresif, polatan, guru lagu, solah bawa bisa kacampur
dadi siji kanggo nyengkuyung wicara kang ditindakake.

Ciri-ciri ragam basa lesan:

a. Langsung.
b. Ora kaiket dening ejaan ananging kaiket dening kahanan nalika micara.
c. Ora efektif , sajroning pacelathon ana unsur kang mung abang-abang lambe wae.
d. Ukara asring ora ganep
e. Lagune ukara kudu situasional

Drama

Tembung drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges sawijine aksi/solah
bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga. Tembung sandi nduweni teges rahasia lan
wara duweni teges panggulawentah.

Drama diperang dadi loro, yaiku :

a. Drama tradisional(klasik)
Drama hayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kasektene salah sawijining wong.
b. Drama modern
Drama kang nduweni tujuwan menehi panggulawentah tumrap masarakat lan nduweni tema
panguripane manungsa ing saben dina.

Istilah-istilah sajrone teks drama :


a. Sutradara = wong kang mimpin lan ngatur lumakune crita drama.
b. Paraga = tokoh ing crita drama.
c. Figuran = paraga kang mung dienggo geganep wae.
d. Prolog = purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog.
e. Epilog = pesen kang diucapake ing panutupe crita drama.
f. Dialog = pacelathon ing crita drama.
g. Mimik = obah-usike polatan para paraga jroning mentasake drama.
h. Monolog = paraga drama nalika guneman ijen ing panggung.
i. Alur = urut-urutane prastawa ing crita drama wiwit saka prolog, klimaks nganti
tumekaning pungkasan crita.
j. Flashback = crita drama kang lumakune mundur.
k. Setting = panggonan lan wektu dumadine crita drama.
l. Protagonis = paraga kang kadhapuk tumindak becik ing crita drama.
m. Casting = pamilihan paraga kang kadhapuk dening sutradara lakon drama.
n. Antagonis = paraga kang kadhapuk tumindak ora becik ing crita drama.
o. Konflik = pasulayan ing antarane paraga siji lan liyane ing drama.

Pituduh!

1. Semaken teks drama tetepungan ing ngisor iki kang diperagakake dening kancamu.
2. Sawise rampung anggonmu nyemak, wangsulana gladhen kang manggon ing sangisore teks
drama ing ngisor iki.

Teks drama ing ngisor iki semaken kang premati.


Tetepungan

Bu Nura : sugeng enjing, Bu

Bu Lastri : Sugeng enjing, Bu.

Bu Nura : tepangaken, nami kula Nura. Kula manggen wonten wingkingipun dalem
panjenengan.

Bu Lastri : Nami kula Lastri. Panjenengan puanapa tanggi enggal ingkang nembe pindhah
saking Surabaya punika?

Bu Nura : Inggih, leres, Bu.

Bu Lastri : Keng Raka ngasta wonten pundi lan sampun kagungan yoga pinten?

Bu Nura : Kula sampun kagungan putra kalih lan Keng Raka ngasta wonten Dinas
Kesehatan.

Bu Lastri : Oh, mekaten. Menawi sewah kula sampun pensiun saking Dinas pertanian, yoga
namung setunggal, lan wayah sampun tiga.

Bu Nura : panjenengan sampun kagungan wayah ta, Bu? Rumaos kula kok taksih timur.

Bu Lastri : Owalah. Jeng. Panjenengan saged kemawon. Rikma kula sampun werni kalih
lho. Lajeng, panjenengan punapa sampun dangu wonten Surabaya?

Bu Nura : Dangu sanget, antawis sedasa taunan.

Bu Lastri : Dados sampun dangu, nggih. Manggen wonten ngriki mangke menapa kraos?
Wonten ngriki sepen ngaten. Menawi Surabaya reja sanget, tur malih kathah
hiburan.

Bu Nura : Rumaos kula kok malah ayem tentrem wonten ngriki. Boten bising, bebas
polusi, saha malih ingkang paling wigatos pasedherekanipun rumaket.

Bu Lastri : pasedherekan menika wanci cirinipun dusun lho, Bu. Saha malih ngugemi
unen-unen rukun agawe santosa crah agawe bubrah.

Bu Nura : Wah sarujuk sanget. Pangapunten lho Bu menawi kula radi dangu nyita
wekdalipun panjenengan. Matur nuwun, mugi boten ndadosaken dukaning
penggalih.

Bu Lastri : Dhawah sami-sami, kula ugi nyuwun pangapunten bilih anggen kula sumela atur
wonten ingkang kirang mranani penggalih.

Bu Nura : Sugeng enjing, Bu.

Bu Lastri : Sugeng enjing.

Tugas Indhividhu

1. Sebutna para paraga kang ana sajrone teks drama ing dhuwur!
Wangsulane :

2. Miturut panemumu, apa tema saka drama kasebut?


Wangsulane :

3. Apa basa kang digunakake antarane Bu Nura lan Bu Lastri?


Wangsulane :
4. Sapa kang dimaksud tangga anyar sajrone teks drama ing dhuwur? Saka ngendi asale tangga
anyar kasebut?
Wangsulane :

5. Sapa kang garwane ngasta ing Dinas Kesehatan?


Wangsulane :

6. Pira cacahe yogane Bu Nura?


Wangsulane :

7. Sapa kang garwane pensiunan saka Dinas Pertanian?


Wangsulane :
8. Pira cacahe yoga lan wayahe Bu Lastri?
Wangsulane :
9. Apa sebabe Bu Nura seneng manggon ing dusun tinimbang ing Surabaya?
Wangsulane :
10. Apa tegese unen-unen rukun agawe sentosa crah agawe bubrah?
Wangsulane :

Tugas Kelompok

Gawea kelompok kang cacahe 3-4 siswa banjur rembugan titikan ragam basa lesan kang ana ing
drama kanthi irah-irahan Tetepungan.

Wangsulane :

.................................................................................................................................................

.................................................................................................................................................

.................................................................................................................................................

.................................................................................................................................................

................................................................................................................................................

Pasinaon 2 :

Maca Naskah Teks Drama

Pituduh

Bab-bab kang kudu digatekake nalika maca teks drama, yaiku:

a. Saben tembung kudu diucapake kanthi cetha.


b. Nggatekake tembung-tembung kang kudu diucapake banter utawa lirih.
c. Intonasi utawa wirama kudu trep..
d. Tempo utawa cepet lan alon micara kudu trep.
e. Nuduhake mimik utawa ekspresi lan solah bawane kudu trep karo watak paraga kang
diperagakake.
f. Watak paraga kudu katon sajrone pacelathon antarane paraga.

Tugas Kelompok

Gawea kelompok banjur teks drama kanthi irah-irahan tetepungan wacanen sing trep.

Meragakake Paraga Drama

Pituduh

Bab-bab kang kudu digatekake nalika meragakake paraga drama:


a. Maca naskah drama kanthi dibolan-baleni wigatine paraga kang bakal diperagakake.
b. Nggatekake wong-wong kang memper duweni watak kaya ing paraga drama.
c. Tansah gegladhi meragakake paraga kanthi karakter kang trep.

Nulis Teks Drama

Pituduh

Bab-bab kang kudu digatekake nalika arep nulis teks drama:

a. Milih tema kang bakal digawe crita drama.


b. Nemtokake paraga, latar lan pamawase pangripta.
c. Nemtokake alur crita.
d. Gawe cengkorongan crita, apa kang bakal dumadi, kapan kedadeane lan geneya bisa dumadi.
e. Gawe naskah pungkasan lan siyap kanggo dipentasake.

Saiki wektune para siswa mamerake kawasisane kanthi ngetog sakabehe karaosan lan kaprigelan
kang wis kasiapake kanthi jlimet, titi lan tutug. Dhalang lan para paraga ing pagelaran kanthi
sayeg saeka kapti makarya bebarengan nggelar lakon kanthi bombong lan bungah.

Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen sakabehe pawongan kang kasangkut ing
sajrone pagelaran bisa makarya bebarengan kanthi linambaran rasa seneng lan tanggungjawab.

Nalika salah sawijine kelompok oleh giliran nggelar lakon, keompok liyane kanthi tinarbuka lan
jujur menehi pambiji, panemu lan panyaruwe. Bab kang prelu oleh kawigaten yaiku :

a. Suara
Sajrone pagelaran lakon, paraga kudu ngatur suara supaya antawacanane bisa kaprungu kanthi
jelas dening pamiarsa ing sajrone gedhung utawa panggung. Paraga lakon kudu bisa ngatur: 1)
intensitas (kekuwatan/seru-lirihe suara), 2)intonasi (nadha/endhek-dhuwure suara), 3)
artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk).
b. Polatan
Paraga lakon kudu bisa mitontonake polatan (ekspresi wajah) sedhih, bingung, gething,
srengen. Seneng, wedi, bingung, sombong, ngantuk lan utawa jumbuh karo panjaluke naskah.
c. Polah tingkah
Sakebehe polah tingkah paraga lakon kudu mujudake obah mosike sing kaseja. Polah tingkah
iku kudu laras, imbang lan wajar kaya panjaluke naskah.
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa. Undha usuk basa Jawa kaperang kaya ingngisor iki.

1. Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro
a. Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.

Panganggone:

1) Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina


2) Dienggo dhuwuran marang andhahan
3) Dienggo wong kang kaprenah tuwa marang sing enom
a) Wong tuwa marang anake
b) Guru marang muride
c) Eyang marang putune
d) Lsp

Tuladha:

1) Kowe gelem turu kene, Mbak Gina?


2) Kowe sesuk apa sida lunga, Dhik?
3) Kowe ditukokake klambi saka pasar.
b. Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.
Panganggone:
1) Sedulur enom marang sedulur tuwa
2) Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
3) Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)

Tuladha:

1) Panjenengan kersa sare kene, Mbak Gina?


2) Panjenengan sesuk apa sida tindak, Dhik?
3) Panjenengan dipundhutake klambi saka pasar.
Sing dikramakake ing basa
ngoko alus yaiku:

1. Tembung sesulih
purusa II (kata ganti
orang ke-2) lan
tembung kriya
2. Tembung kriya sing
dikeramakake, ater-
ater lan panambang
tetep ngoko

2. Basa krama
Basa krama kaperang dadi loro
a. Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran
tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.

Panganggone:

Marang wong sadrajad sing durung raket

Tuladha:

1) Sampeyan purun tilem mriki, Mbak Gina?


2) Sampeyan benjing menapa tamtu kesah, Dhik?
3) Sampeyan dipuntumbasaken rasukan saking peken.

b. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran
tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.

Panganggone:

1) Wong enom marang wong tuwa.


a) Anak marang bapak/ibune
b) Putu marang simbahe
c) Ponakan marang pakdhe/budhene
d) Ponakan marang paman/bibine
e) Lsp
2) marang wong sing luwih dhuwur drajade.
a) Murid marang gurune.
b) Abdi/rewang marang juragane
c) Pegawene/karyawan marang dedhuwuran
d) Lsp

Tuladha:

a) Panjenengan kersa sare mriki, Mbak Gina?


b) Panjenengan benjing menapa tamtu tindak, Dhik?
c) Panjenengan dipunpundhutaken ageman saking peken.
Tugas Kelompok!

1. Gatekna kedadeyan-kedadeyan ing lingkungan sakiwa tengenmu, coba tulisna babagan kang
wigati ing kedadeyan kuwi mau kanggo nemtokake tema teks lakonmu!
2. Sawise nemtokake tema, banjur siswa ing kelompok ngrembug paraga, latar, lan pamawase
pangripta!
3. Gawea wrangka crita saka tema lan kedadeyan sing ana ing sakiwa tengenmu lan temtokna
apa kang bakal dumadi, kapan kedadeyane lan geneya bisa dumadi!
4. Kembangna wrangka crita kasebut dadi naskah lakon kang bakal dipentasake!
5. Rembugen karo kanca sakelompokmu teks lakon kasebut, banjur wacanen kanthi trep lan
bener antawacanane!
6. Gladhenb drama bebarengan kelompok supaya manteb sadurunge pentas.
7. Pentasna teks lakon ing ngarep kelas supaya bisa ditanggepi dening kelompok liyan.

C. PANUTUP

Pripun,
Para Siswa?

Sawise siswa sinau bertahap lan nglanjutake kagiyatan pasinaon 1 lan 2, ing ngisor iki diwenehi
tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis disinaoni. Wangsulana sajujure
anggonmu nguwasani materi ing UKB iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No Pitakonan Ya Ora
1 apa siswa wis mangerteni babagan teks lakkon/teks drama?

2 Apa siswa wis bisa nyebutake langkah-langkah gawe teks lakon?

3 Apa siswa wis bisa gawe teks lakon?

4 Apa siswa wis bisa mentasake teks lakon?

Yen mangsuli “ORA” ing salah sijine pitakonan ing dhuwur, mula saka iku sinaua maneh materi
kasebut sajrone Buku Teks Pelajaran lan sinaua bola bali kegiaitan belajar 1 utawa 2 sing sekirane
prelu dibaleni maneh kanthi bimbingan guru utawa kanca. Aja gampang putus asa!

Yen mangsuli “YA” ing sakabehe pertanyaan, mula saka iku banjur ngisi ing ngisor iki:
Ing ngendi posisimu?

Ukuren awakmu dhewe sajrone nguwasai teks lakon antara 0-100 lan tulisen sajrone kotak
sing ana ing ngisor iki.

Sawise nulisake penguwasaan ngenani materi Teks Lakon, iki yaiku bagian kang pungkasan
saka UKB materi Teks Lakon, njaluka tes formatif marang Gurumu sadurunge sinau ing UKB
sabanjure.

“Teteken kanthi tekun, mesthi bakal tekan”


UJI KOMPETENSI SEMESTER I
Wacanen kang prematti teks drama ing ngisor iki.

Mertamu

Bu Wulan : Kula nuwun. Assalamualaikum, Jeng.

Bu Elis : Waalaikumsalam. Owalah punika tiyang Pasuruan ta? Mangga pinarak, Jeng.
Sugeng lampahipun?

Bu Wulan : Alhamdulillah, Jeng. Angsal pangestu panjenengan, sami sugeng lampahipun lan
boten wonten alangan menapa-menapa.

Bu Elis : Kok namung kaliyan Keng Raka kemawon ingkang putra pundi, kok boten
wonten ingkang sami ndherek?

Bu Wulan : Thole dereng wangsul, taksih wonten Surabaya. Ndhuk, yoganipun mlebet
sekolah punika kalawau.

Bu Elis : Saking dalem kalawau jam pinten? Kok dumugi Malang ngantos jam yahmanten?

Bu Wulan : Antawisipun jam eneman ngaten.

Bu Elis : Kadospundi kabaripun bapak kaliyan ibu wonten Pasuruan?

Bu Wulan : Alhamdulillah, tansah pinayungan rahmat saha berkahing Gusti, ugi sami saras.

Bu Elis : Alhamdulillah menawi mekaten. Sumangga dipunsekecakaken anggenipun


lenggah, kula badhe dhateng winging sekedhap.

Bu Wulan : Sampun ewed-ewed lho, Jeng. Kula namung mampir sekedhap kemawon.

Bu Elis : inggih-inggih.

I. Pilihen wangsulan kang bener


1. Teks lakon ing dhuwur nyritakake ngenani ...
a. Tata krama mangan
b. Tata krama ngombe
c. Tata krama mara dhayoh
d. Tata krama pamitan
e. Tata krama lungguh
2. Cacahe paraga sajrone lakon kasebut ana ...
a. Loro
b. Telu
c. Papat
d. Lima
e. Enem
3. Ing ngisor iki kang kalebu paraga lakon yaiku ...
a. Bu Wulan lan Bu Asih
b. Bu Wulan lan BU Asti
c. Bu Elis lan Bu Wulan
d. Bu Elis lan BU Asih
e. Bu Elis lan BU Asti
4. Paraga kang mertamu ing lakon kasebut yaiku ...
a. Bu Wulan
b. Bu Asih
c. Bu Asti
d. Bu Elis
e. Bu Warsih
5. Dene paraga kang ditemoni sajrone lakon kasebut yaiku ...
a. Bu Wulan
b. Bu Asih
c. Bu Asti
d. Bu Elis
e. Bu Warsih
6. Latar panggonan lakon kasebut ana ing dalemipun ...
a. Bu Wulan
b. Bu Asih
c. Bu Asti
d. Bu Elis
e. Bu Warsih
7. Miturut teks lakon ing dhuwur, daleme Bu Wulan ana ing ...
a. Pasuruan
b. Malang
c. Surabaya
d. Pacitan
e. Ponorogo
8. Alur kang digunakake sajrone lakon yaiku alur...
a. Maju
b. Mundur
c. Analitik
d. Dramatik
e. Campuran
9. Basa kang digunakake ing lakon yaiku ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Krama lugu lan krama alus
10. Thole dereng wangsul, taksih wonten Surabaya. Ukara kasebut nggunakake basa ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Krama inggil
11. Ingkang putra pundi kok boten wonten ingkang sami ndherek? Ukara kasebut nggunakake basa ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama madya
e. Krama alus
12. Basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman
diarani ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama madya
e. Krama alus
13. Basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman diarani ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama madya
e. Krama alus
14. Nalika lagi matur marang wong kang yuswane luwih tuwa prayogane nggunakake basa ...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama madya
e. Krama alus
15. Dene yen ngomong marang wong kang umure luwih enom utawa sadrajad cukup nggunakake basa
...
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama madya
e. Krama alus
16. Lakon kang duweni ancas menehi panggulawentah tumrap masarakat lan duweni tema panguripane
manungsa ing saben dina diarani lakon ...
a. Tradhisional
b. Modern
c. Musikal
d. Komedi
e. Misteri
17. Lakon khayalan kang lumrahe nyritakake ngenani kasekten salah sawijining wong diarani Lakon ...
a. Tradhisional
b. Modern
c. Musikal
d. Komedi
e. Misteri
18. Pasulayan ing antarane paraga siji lan liyane ing drama diarani ...
a. Alur
b. Mimik
c. Epilog
d. Prolog
e. Konflik
19. Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ...
a. Prolog
b. Epilog
c. Dialog
d. Monolog
e. Analog
20. Pamilihan paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon diarani ...
a. Shooting
b. Casting
c. Audisi
d. Flashback
e. Setting
21. Perangan struktur teks artikel minangka wakil saka tema kang bakal diandharake diarani ...
a. Sesirah
b. Pambuka
c. Katrangan
d. Panutup
e. Kapustakan
22. Perangan struktur teks artikel minangka bageyan kang ngandharake saka pokok pikiran utama dadi
pokok pikiran panyengkuyung diarani ...
a. Sesirah
b. Pambuka
c. Katrangan
d. Panutup
e. Kapustakan

23. Hubungan ing antarane gethakan ing teks artikel bisa asipat kronologis, tegese ...
a. Nggatekake ruang bahasan
b. Nggatekake tata urutan wektu
c. Selaras karo buku sumber utawa kapustakan
d. Selaras karo hubungan sebab akibat
e. Selaras karo kahanan kedadeyan
24. Hubungan ing antarane gethakan ing teks artikel bisa asipat kausalitas, tegese ...
a. Nggatekake ruang bahasan
b. Nggatekake tata urutan wektu
c. Selaras karo buku sumber utawa kapustakan
d. Selaras karo hubungan sebab akibat
e. Selaras karo kahanan kedadeyan
25. Kanggo nemtokake watak wantune paraga bisa dideleng saka ...
a. Apa sing ditindakake paraga
b. Pocapan-pocapane paraga
c. Panggambaran fisik paraga dening pangripta
d. Katrangan langsung saka paraga liya
e. Apa sing ditindakake paraga, pocapan-pocapane paraga lan penggambaran fisik paraga dening
pangripta.
DAFTAR RUJUKAN

Abikusno. 1994. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Ekspress.


Edi Subroto, D. dkk. 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana Univercity Press.
http://manglawak.blogspot.com diakses tanggal 10 Agustus 2018.
Padmosoekotjo, S. 1984. Paramasastra Jawa. Surabaya: PT Citra Jaya Murti.
Purnomo, Bambang. dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/SMK/MA/MAK kelas X. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur
Santosa, Rahmad. dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMK/MA/MAK kelas X. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, Tresno. dkk. 2019. Trampil Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA/MAK kelas X. Jakarta: Erlangga.

Anda mungkin juga menyukai