Anda di halaman 1dari 10

UKB BASA JAWA 3.1/4.

1/1/1

UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah-Jawa
b. Semester :1
c. KompetensiDasar : 3.1 dan 4.1

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.

d. IndikatorPencapaianKompetensi :

3.1.1 Mengidentifikasi teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
3.1.2 Memahami teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
3.1.3 Menganalisis teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.
4.1.1Menginterpretasikan teks nonsastra mengenai isi teks nonsastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.
4.1.2Menanggapi teks nonsastra mengenai isi teks nonsastra sesuai kaidah secara lisan dan tulis.

e. MateriPokok : Teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan


lainnya)
f. Alokasi Waktu : 90 menit
g. TujuanPembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan analisis, peserta didik dapat
mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan, menanggapi, dan
mengekspresikan teks non sastra (berita, artikel, laporan, dan lainnya) sesuai kaidah
secara lisan dan tulis, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan
ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggung
jawab, serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi,
berkolaborasi, berkreasi (4C).

UKB SMAN 7 KEDIRI


h. Materi Pembelajaran
o Lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP): 1) Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W..
2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta; 2)
Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X.
Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur; 3) Hidayah, Nurul dan Umi
Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit
Erlangga; lan 4) Riyadi, Imam. 2015. Suluh Basa Jawa Gagrag Anyar. Blitar: Yudhistira.
o

2. PetaKonsep

Mengidentifikasi Struktur
Teks Nonsastra

Menganalisis Teks
Memahami Jenis Teks
Nonsastra
Nonsastra

Menganalisis Karakteristik
Teks Teks Nonsastra
Nonsastra
Meringkas Teks Nonsastra

Mengekspresikan Menulis ulang Teks


Teks Nonsastra Nonsastra

Membaca Ekspresif Teks


Nonsastra

3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pambuka
Coba gatekna gambar ing ngisor iki!
Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa siswa tau maca buku, majalah, koran kang gawe
basa Jawa? Apa jeneng buku, majalah, koran iku? Ing era iki, generasi mudha saya suwi saya
lali karo basa daerah. Basa daerah dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep kuna.
Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku, kita
generasi muda kudu nglestarekake basa jawa supaya ora luntur.

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda ora iso patitis ngomong gawe basa jawa?
2. Kenapa kita kudu nglestarikake basa jawa?
3. Kepriye carane nglestarikake basa jawa?
4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan daerahmu?
5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa jawa? basa jawa apa
kang digawe, ngoko napa krama?
b. Kagiyatan Inti
1. Pituduh Pasinaon iki:
1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, para siswa amrih kudu ngaturake dunga supaya
diwenehi mupangat kang maksimal.
2) UKB iki disinaoni kanggo ngidhentifikasi teks non sastra, ngerteni teks non sastra, lan
nganalisis teks non sastra mligine artikel.
3) Sajrone nyinaoni saben kagiatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen. Gladhen
sing wis cumepak kanggo ngerteni sapira siswa wis nguwasani isi sing kinandhut ing
njerone kagiyatan kasebut.
4) Nalika para siswa maca UKB iki, para siswa bakal dibiji ngenani pamahaman sajrone
ngidhenifikasi, ngerteni, lan nganalisis teks non sastra mligine artikel, kang kaperang
dadi tegese artikel, struktur artikel, lan jinise artikel; uga nanggepi lan ngekspresikne
isine teks non sastra (artikel) kang kaperang dadi maca, ngringkes, lan nulis artikel.

2. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Teks Nonsastra

Kagiyatan 1

al lan kadangkala kontroversial. Artikel nduweni tujuwan kanggo menehi warta (informasi), pangajak (persuasif), panyaruwe (argument

Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup

Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!

Rusake Lingkungan Hidup

Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya


bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa
mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening
―High Level Threat Panel PBB. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing
paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.

Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni
potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor
alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka
menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan
generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan
mumpangate bisa kanggo anak putu.

Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya
alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa.
Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari
ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak
nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan
golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni
kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake
munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global
warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake
alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan
amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap
manungsa dhewe.

Sumber http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html

Kagiyatan 2

Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa

Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa
kang murka (srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi alam kanggo nggolek
kauntungan tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam
amarga pokale manungsa yaiku banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar,
pencemaran udara, pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya
mangkono terus-terusan, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake
manungsa dhewe.
Sakdurunge nganalisis isi teks artikel ing Kagiyatan 1, coba golekana tegese tembung-
tembung ing ngisor iki.

Gladhen 1. Bausastra/ Kamus cilik

curese = .........................................................................
karaharjane = .........................................................................
dhahuru = .........................................................................
gunung njeblug = .........................................................................
illegal logging = .........................................................................
kapitunan = .........................................................................

Ing kagiyatan 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati
banget kanggo nyumurupi isine wacan.

Gladhen 2. Mangsuli Pitakonan


1) Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................
2) Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................
3) Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................
4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................
5) Geneya negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap owahe iklim global?
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................
6) Apa kang koktindakake nalika meruhi rusake lingkungan?
Wangsulan :.......................................................................................................................................................................
................................................................................................................................................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, siswabisa nerusake Kagiyatan 3.

Kagiyatan 3

1. Struktur Artikel

Struktur Artikel

Irah-irahan Isi Panutup

Katrangan :
❖ Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
❖ Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.
❖ Isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang
Pambuka papan panggonan (spasial), sebab akibat
nduweni asipat wektu (kronologis),
(kausalitas).
❖ Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks
artikel.

2. Jinise Artikel
Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5.

Jinise Artikel

Narasi Deskripsi Eksposisi Argumentasi Persuasi


Katrangan :
❖ Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik.
❖ Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaos kaya
sumerep, mireng, utawa ngrasakake kahanan kasebut.
❖ Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos.
❖ Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang nduwe ancas mbutekake salah benere sawijining fakta utawa
bukti.
❖ Artikel persuasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining
prakara tartamtu kang nduwe ancas pangajak pamaos supaya numindakake.

Gladhen 3. Nganalisis Struktur Teks Artikel


Sakwise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule
Rusake Lingkungan Hidupingkagiyatan 1.
Tulisen bukti(gagasan pokok) saben stuktur kanthi ringkes.
No. Struktur Bukti
1 Pambuka ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
2 Isi Andharan 1 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 2 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 3 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 4 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Lsp
3 Panutup ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................

Miturut panemumu, teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing
jinisartikel ...........................................
Andharna buktine ....................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 3, siswa bisa nerusake Kagiyatan4.

Kagiyatan 4

1. Maos Wacan Artikel


Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!

Paedahe Sampah ing Lingkungan


Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dino manungsa trus
ngasilake sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kuta wis dadi masalah
kang cukup rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis ora
dianggo sabanjure dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan nyebabake
masalah ing pambuangane. Biyen tau ana kuta sing ngadepi masalah ngenani sampah nganti
ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang anggawe kita
gumun kanthi sampah sing ana. Sahingga kuta kasebut sempat dijuluki kutha sampah. Bab
iku dumadi amarga winatese papan kanggo mbuwang sampah lan ora ana alternatif liya
kanggo manfaatake sampah seng ana. Sampah sing numpuk nyebabake ganda kang ora
sedhep lan nuwuhake lara sing nular kang mbebayani tumrap manungsa. ing panggonan liya
pawongan mbuwang sampah sakarepe dhewe ing got utawa kali sing tundane dadekake
salah sijine dumadi banjir.

Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik.
Sampah organik yaiku sampah seng bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah sing
bisa kadhaur ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi. Sampah
paling akeh diasilake saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha sampah
saka pawon, sisa sayuran, kulet woh-wohan lan godhong. Dene sampah anorganik tuladha
botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang.

Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap
sampah seng diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah sing
disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak ora
mung pamarintah wae ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora kita
bisa manfaatake sampah asil rumah tangga kita dhewe.

Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih dhisik
sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake kanthi cara
ngumpulake sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos. Upaya
pangolahan iki bakal ngasilake pupuk minangka panyubur lemah kanthi minggunakake
aktivitas mikroorganisme, kayata bakteri, Jamur, nyamuk/serangga lan cacing. Yen kita
nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendem ing pekarangan utawa
lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa rumah tangga arupa
sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki bisa kita gawe kanthi
ukuran 60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kotak karo godhong, sisa sayuran terus isi cacing
abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki saben dina, suwe-suwe
sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo nyuburake tanduran kita.

Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu
sabanjure dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih
rong minggu sahingga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing tingkat
polusi luwih sithik.

Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatake maneh tuladhone kanggo
pot kembang utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing
Pabrik/industri daur ulang semono uga botol bekas omben. Kanggo sampah dluwang/koran
bisa diproses dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi alat blender
sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk kertas iki bisa
digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan (handycraft)

Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa kita
rasakake pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing
lingkunggan kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi
Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-
hidup-618054.htmlb

2. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)


Tembung panggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo
nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Ananging nyatakake kosok balen.
4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan.
7. Sanadyan nyatakake konsesif.
8. Amarga nyatakake sebab.
9. Saengga, mula nyatakake akbibat.
10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.

3. Ngringkes Artikel
Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku:
1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh pgambaran isine wacan.
2. Nyatet babagan kang wigati ing wacan.
3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.
4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe.

Gladhen 4. Ngringkes
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Siswa mau wis maca wacan artikel kang judule Paedahe Sampah ing Lingkungan, banjur
wacanen maneh kanthi patitis!
2. Catheten babagan kang wigati ing wacan!
3. Ringkesen migunakake basamu dhewe!
4. Gunakna tembung panggandheng kanggo ngraket babagan wigati kang wis dicathet!

Upama uwis ngerjakake Gladhen 4, siswa bisa nerusake Kagiyatan5.

Kegiyatan 5

Nulis artikel

Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku :


1. Nemtokake topik kang bakal ditulis.
2. Nulis babagan-babagan kang wigati.
3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis.
4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum.
5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehne maneh kanthi ukara kang cetha.
6. Ing paragraph pungkasanuganyimpulakeutawanyatakakedudutankanganaingartikel sing
wiskoktulis.

Gladhen 5. Nulis Artikel


Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Gawea artikel kang wis ditentokna temane!
Temane yaiku ngenani bab kabudhayan utawa seni kang ana ing kuthamu!
2. Sawise gawe artikel, banjur publikasikna marang media online kang kok
nduweni. Tuladhane facebook.
3. Sabanjure matur karo gurumu supaya garapanmu dibiji lan bisa nerusake tes formatif UKB
3.2/4.2/1/2 !

Anda mungkin juga menyukai