4/2/8/8
1. Identitas
a. Jeneng Pasinaon : Bahasa Jawa
b. Semester : Genap
c. Materi Pokok : Teks Deskriptif Makanan Tradisional
d. Wektu : 6 x 45 menit (3x pertemuan)
e. Kompetensi Dasar :
3.4 Memahami isi teks deskriptif tentang makanan tradisional Jawa.
4.4 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang makanan
tradisional Jawa.
f. Ancasing Pasinaon:
Lumantar kagiyatan, maos, rembugan, pitakonan, penugasan, presentasi, saha
analisis, para siswa bisa mangerteni wosing teks deskriptif bab panganan
tradhisional Jawa saha bisa menehi pamanggih saha nyaritakake maneh wosing
teks deskriptif panganan tradhisional Jawa. Saengga para siswa bisa ngamalaken
piwulang agama kang den anut, ngrambakakake tumindak jujur, peduli, saha
tanggel jawab, sarta bisa ngrembakakaken kaprigelan menggalih kanthi kritis,
komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C).
g. Materi Pembelajaran
Semak lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) : Widaryatmo, Gandung dkk. 2013.
Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga. Kaca 121-128. (Utawi BTP
sanesipun ingkang magepokan kaliyan wosing pasinaon)
Pitudhuh UKBM
h. Kagiyatan Pasinaon
a) Pambuka
Saderenge sinau ing bab iki, sumangga gatekna gambar ing ngisor iki kanthi
premati!
Teks Deskripsi
Panganan Tradhisional
Jawa
2. Kagiyatan Inti
Kagiyatan Pasinaon 1
TUMPENG
Tumpeng iku mujudake panganan kang digawe saka sega kanthi wangun
buncu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Tumpeng biasane
disuguhake wektu kenduri utawa kanggo mengeti kedadeyan sing wigati. Tradhisi
gawe tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna masyarakat Jawa minangka
sarana kanggo muja gunung kang dipercaya dadi papan paleremane para leluhur.
Dene ing kepercayan Hindhu wangun buncu utawa lancip ngentha wujude gunung
suci Mahameru, papane para dewa-dewi.
Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman saiki, tumpeng digawe kanggo
ubarampe upacara kang sipate seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual,
tumpeng direngga karo sayuran lan iwak kang nduweni teges sing sakral lan
nduweni pralambang sarta pangarep-arep. Tembung tumpeng mengku werdi yen
metu kudu sing mempeng. Lawuhe ana pitung werna kang ngemu teges pitulungan.
Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya
tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan adoh saka sakehing bebaya. Dene
kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya tekad sing mempeng.
Menawa disetitekake, satemene tumpeng iku kepara dadi telung trap. Ngisor
dhewe, tengah lan pucukan utawa ndhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang.
Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi
gegambaraning donyane manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana
meneping rasa manungsa kanggo nuju marang kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi
symbol pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh bagyan sejati, yaiku kang
diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucuking tumpeng kuwi. Mula ing
pucukan ditancepi Lombok abang ngacung jejeg, iku kanggo pepeling supaya
manungsa kudu tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal.
Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging supaya katon endah tumpeng
banjur diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna jinise miturut wujud lan gunane.
Tumpeng Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka
sayuran. Ing perangan pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan
Lombok. Tumpeng iki biasane digunakake ing tatacara siraman nikahan adat Jawa.
Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang wujude gedhe ing tengah lan diubengi tumpeng
cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing tampah kang dilambari godhong gedhang.
Tumpeng iki digawe saka sega putih lan digunakake ing tatacara mitoni utawa
tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang digawe saka sega putih jangkep
sayur salawuhe. Tumpeng iki digunakake ing tatacara lelayu priya utawa wanita kang
isih legan. Tumpeng putih yaiku tumpeng kang wernane putih digawe saka sega putih.
Putih werdine suci. Tumpeng iki digunakake nalika tatacara adat sacral. Tumpeng
Sega Kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara syukuran,
kayata kelairan, nikahan, lsp. Tumpeng Sega Uduk kang diarani uga tumpeng
tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulid Nabi.
Adate, sesepuh kang mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang
kinandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang
melu ing tatacara adat mau bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan
kang arupa piwulang urip sarta pepeling.
Pitakonan
Kegiatan Belajar 2
A B C
D E F
G H I
Pitakonan
Yen kowe wis bisa nggarap soal ing dhuwur kanthi pener,
sumangga saged nglajengaken dhateng kagiyatan kang pungkasan
ing ngisor iki.
Kagiyatan Pasinaon 3
Pitakonan
1. Gawea teks deskripsi panganan tradhisional sing ana ing
dhaerahmu miturut struktur teks deskriptif kang wis kok
mangerteni!
2. Ijolna gaweanmu marang kancamu, banjur koreksinen!
3. Wacanen garapanmu ing ngarep kelas!
4. Wangsulana pitakonan ing evaluasi!
EVALUASI
Panganan iki digawe saka campuran glepung kanji lan tela sing diparut banjur didang.
Ujude bunder, cilik, dicawisake karo parutan klapa lan gula pasir. Lumprahe jajanan
iki wernane abang, ijo, lan kuning. Panganan iki jenenge...
a. Cenil
b. Lopis
c. Grotol
d. Gendar
e. Tiwul
5. Ukara deskripsi kanggo nggambarake panganan tiwul yaiku....
a. Panganan iki warnane soklat, brongkalan lan kagawe saka pohung garing.
b. Panganan iki warnane soklat, alus, lan digawe saka pohung lan digiling.
c. Panganan iki warnane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka glepung
ketan.
d. Panganan iki warnane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe sakaglepung
ketan.
e. Panganan iki warnane abang, bunde, ing tengahe ana irisan gedhange lan digawe
saka pohung.
6. Bocah-bocah lagi padha memangan ondhe-ondhe ing latar disambi padha
nyenyawang kahanan ing wayah isuk iku. Ing ukara kasebut kang minangka tembung
rangkep dwilingga, yaiku...
a. Bocah-bocah
b. Memangan
c. Ondhe-ondhe
d. Kahanan
e. Nyenyawang
7. Ing ukara no.6 kang minangka tembung rangkep dwilingga semu, yaiku...
a. Bocah-bocah
b. Memangan
c. Ondhe-ondhe
d. Kahanan
e. Wayah esuk
8. Bocah wadon kae tetelune padha lagi rerasan babagan jajanan awuk-awuk kang enak
rasane.
Ing ukara kasebut kang minangka tembung rangkep dwipurwa, yaiku...
a. Bocah-bocah
b. Jajanan
c. Awuk-awuk
d. Babagan
e. Rerasan
9. Panganan iki didadekake bahan kang digawa nalika penganten temon amarga
nduweni teges yaiku pengante sarimbit bisa tetep lengket kaya sifate panganan
kasebut. Panganan iku yaiku...
a. Arem-arem
b. Jadah
c. Klepon
d. Cethot
e. Nagasari
10. Panganan kang dadi keremani raja Yogyakarta Sri Sultan Hamengkubuwono VII,
yaiku...
a. Jadah manten
b. Lemper
c. Wajik klethik
d. Wajik coklat
e. Jadah tempe bacem
Panutup
Sawise kowe sinau lumantar kagiyatan pasinaon 1, 2, 3, kanggo ngukur kowe marang bab
kang wis disinaoni, wangsulana pitakonan ing ngisor iki miturut pamawasmu kang wis
gayut karo UKBM kang wis kok garap.
Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi
Yen mangsuli “BOTEN” ing salah sawijining pitakonan ing ndhuwur, sumangga
disinaoni maneh pasinaon kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan disinaoni maneh
UKBM iki kanthi dibimbing dening gurumu utawa kancamu. Yen wis mangsuli “YA”
ing sakabehing pitakonan, sumangga kowe antuk ngajak kanca liyane kang wis siyap
kanggo melu tes formatif nyuwun marang gurumu supaya bisa nerusake menyang
UKBM sateruse.
Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah
kembali materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang UKBM ini
dengan bimbingan Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk mengulang lagi!
Dan apabila kalian menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka kalian boleh sendiri
atau mengajak teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar kalian
dapat belajar ke UKBM berikutnya... Semangattttt.!!?