Anda di halaman 1dari 2

Atur Pangiring

Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten


ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Mahaasih,Pangeraning
jagad gumelar, ingkang tansah paring sih-tresnanipun
dhumateng titah sedaya.awit saking peparing welas asih
ingkang tanpa prabeda, sih—tresna ingkang tebih saking
watak mban cindhe, mbah siladan.Pangratam dalah
pandhapukipun antologi cerita cekak punika saged
kaleksanan.

Antologi cerita cekak menika kadhapuk wonten


salebetipun wekdal dalah kasagedaning panyerat
ingkang sarwa winates.Namung greget ingkang
makantar-kantar saking para padhapukipun,mila antologi
cerita cekak menika saged maujud.

Awit saking rampung lan maujudipun buku


antologi crita cekak menika, gunging panuwun ingkang
tanpa upami dipun aturaken dhumateng :

1.Bowo Nurlamat S.pd M.M minangka kepala


SMA Negeri 4 Kota Probolinggo

2. Ingkang sampun paring kalodhangan lan


panyengkuyung kanggeTim,salebetipun ngrampunaken
pandhapuking antologi cerita cerkak menika.
3. Bapa saha Ibu minangka tyang sepuh ingkang
tansah pangiring pandunga lan panyeng kuyung tan
kendat rina klawan wengi marang panyerat.

4. Kanca-kanca ninggal Tim,Happy jendry


Allositandi Firdaus;Meilina Kharisma Fortuna
Dewi;M.Rifki Pratama;Rafli Rianzah Putra.Matur nuwun
awit saking greget lan tulus,lilaa legawa makarya
sesarengan kanthi silih ‘asah,asih,asuh’.

Kanthi ngrumaosi bilih antologi cerita cekak


menika taksih tebih saking kasampurnaan,taksih kathah
lepat saha kekiranganipun,kita mingka Tim ngaturaken
agunging pangaksami.kangge panyampurnaning buku
antologi cerita cekak menika,sedaya panyaruwe sarta
parayoga saking para pamaos,kula antu-antu.

Probolinggo,31 Oktober 2018

Tim Panyerat

Anda mungkin juga menyukai