Anda di halaman 1dari 3

GEGURITAN

A. KATRANGAN
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Ukarane ora nggladrah,
tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-tembung rinengga. Tembung geguritan asale
saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita,
tegese tembang utawa syair. Manut katrangan RM Sudi Yatmana, geguritan iku unen-unen kang kabeh
wos.Gegjuritan mujudake salah sijine wohing kasusastran kang tinulis kanthi endah. Lan nduweni kekuatan
kang bisa gawe sapa wae kang maca bisa kesengsem lan seneng atine, amarga kaendahaning tulisan lan
basa kang digunakake ing sajroning geguritan kuwi basa kang wis pilihan.

B. GEGURITAN MITURUT DHAPUKANING UKARA LAN WUJUDE


Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang
werna-werna wujuding dhapukane. Araning geguritan kang adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing
tembung:
1. Gita dwigatra - Syair rong gatra sapada
2. Gita trigatra - Syair telung gatra sapada
3. Gita caturgatra - Syair patang gatra sapada
4. Gita pancagatra - Syair limang gatra sapada
5. Gita sadgatra - Syair enem gatra sapada
6. Gita saptagatra - Syair pitung gatra sapada
7. Gita hasthagatra - Syair wolung gatra sapada
8. Gita nawagatra - Syair sangang gatra sapada
9. Syair-syair dhapur soneta
10. Syair bebas

Miturut wujude, geguritan kaperang dari 2 yaiku:


1. Geguritan gagrak lawas/Geguritan Klasik
Kang awujud tembang.
Titikane geguritan gagrak lawas::
a. Cacahing gatrane ora tartamtu, annging lumrahe paling sithik 4 gatra.
b. Cacahing wanda saben sapadha padha gunggunge.
c. Dong-dinging swara ing kabeh wekasane gatra kudu runtut, yaiku nganggo purwakanthi guru
swara.
d. Sangarepe geguritan diwiwiti nganggo bebuka “Sun nggegurit”.
Tuladhane:
Sun gegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya pada mangerti
Bungah susah amratani

2. Geguritan gagrak anyar


Geguritan utawa puisi Jawa gagrak anyar kang ora nganggo pathokan guru gatra, guru wilangan lan
guru lagu, nanging migunakake pathokan pamilihing tembung.
Titikane geguritan gagrak anyar yaiku :
a. Isine mentes
b. Tembung-tembunge pilihan
c. Dudu basa padinan
d. Arang-arang nggunakake tembung pangiket
e. Biyasane ngandharake isen-isen atine panganggit
f. Cacahing wanda saben sakgatra ora katemtokake
g. Cacahe gatra utawa larik ora katemtokake
h. Kadangkala esih nggatekake purwakanthi swara, purwakanthi sastra, lan purwakanthi lumaksita
nanging akeh uga kang ora nganggo purwakanthi.
i. Nganggo basa rinengga nanging jawa modern
j. Ora nganggo tembung “sun nggegurit”
Tuladhane:

KASUNYATAN
Wayahe lingsir wengi
Langite peteng tanpa cahya
Kemrosake angin nembus pulung ati
Aku kepengin ngerti
Apa sejatine kang winadi

Dakdulu langit kang peteng iku


Kesaru konang mabur saka paran ujare
Sajake lagi ana gara-gara
Aku ora nyaruwe
Mundhak dadi gawe
Sapletrik ukara
Tan wurunga bisa dadi ngambra-ambra

Wayahe lingsir wengi


Datan ana kaendahan
Konang mabur nuruti karep
Sairing karo getering pangarep-arep
Kang kadhang kala geseh karo kasunyatan

SMA Muhammadiyah I Magelang


(kapethik saka Pustaka Candra, 2008)

C. PURWAKANTHI
Purwakanthi yaiku unen-unen kang runtut. Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi swara,
purwakanthi sastra lan purwakanthi basa.
1. Purwakanthi swara
Yaiku unen-unen kang runtut swarane. Tuladha:
 Ana dara sanga padha saba ana ara-ara.
 Ari wingi bengi tangi diparani Pak Bekti.

2. Purwakanthi sastra
Yaiku unen-unen sing runtut tulisane (konsonan). Tuladha:
 Sluman-slumun slamet
 Bobot, bibit, bebet
 Kathoke Karti kotak-kotak kembangan kecanthol kawat kabel kalenan
 Kula kelingan kala kula kelas kalih kula kelangan kalung kalih kilo

3. Purwakanthi basa
Yaiku unen-unen kang runtut tembunge (ana tembung kang dibaleni). Tuladha:
 Ana gula ana semut
 Desa mawa cara negara mawa tata

D. JINISE GEGURITAN
1. Ode
Geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara, apadene kang dianggep
luhur.
2. Himne
Geguritan pangalembana marang Gusti kang Mahakuwasa.
3. Elegi
Geguritan kang surasane panalangsa. Geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan
ngrujit ati.
4. Epigram
Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang
tinulis kanthi ringkes.
Satire
Geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep/sinis tumrap sawijining bab
kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
5. Romansa
Geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing
maneka warna bab.
6. Balada
Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.

E. UNSUR-UNSUR KANG KAKANDHUT ING GEGURITAN


1. Unsur Fisik
a. Diksi, yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa utamane babagan tembung-tembunge utama ing
geguritan. Ing perangan iki awujud irama lan rima.
b. Citraan, yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
c. Majas, wujud ukara kang isa narik kawigaten
d. Bunyi, yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake isa narik kawigaten, mula kudu duwe
nile sastra nanging komunikatif.
e. Tipografi, yaiku wujud geguritan iku isa narik kawigaten.

2. Unsur batin
a. Tema, yaiku gagasan pokok kang diandharake penyair lumantar geguritane.
b. Perasaan/rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening penyair.
c. Nada/irama, penjiwaan pujangga naika ngripta geguritane.
d. Amanat/pitutur, pesen kang dijlentrehake pangripta lumantar geguritane.

F. BAB-BAB KANG KUDU DIGATEKAKE MENAWA NULIS GEGURITAN


Bab-bab kang kudu digatekake menawa nulis geguritan yaiku:
1. Nemtokake ide/tema
Nglumpukake informasi kanthi maca, nonton, prastawa pengalaman pribadi/sosial masyarakat utawa
universal (kamanungsan lan ketuhanan)
2. Nyaring
Milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan) kang narik kawigaten saka tema kang
dianggo. Banjur mikirake, ngrenungake lan nafsirake tema jumbuh karo konteks, ancas lan pangerten
kang diduweni. Nyritakake obyek kang wis dipilih nggunakake basa kang lugu
3. Ngrita geguritan
Ngubah crita saka basa kang lugu kasebut nggunakake tembung-tembung kang mentes lan mantesi.
Dibutuhake kreatifitas, intuisi lan imajinasi sarta pengalaman lan kaprigelan kanggo nemtokake
tembung lan ukara kang trep, cekak, aos endah lan nengsemake. Sabanjure bisa ngasilake tembung-
tembung kang bermakna, kabentuk, karakit lan kaweka minangka geguritan.

G. PRINSIP DHASAR METODHE PARAFRASE GEGURITAN


Parafrase geguritan yaiku negesi geguritan ing basa kang prasaja supaya bisa dimangerteni isine
geguritan mau.
Prinsip dhasar metodhe parafrase geguritan, yaiku:
1. Gagasan baku ing sajroning karangan padha nanging diandharake nggunakake wujud liya.
2. Wujud-wujud konotatif ing geguritan bisa diganti migunakake pralambang utawa tembung liya
3. Ukara lan larik ing sajroning geguritan ngalami anane lan bisa dibalekake ing wujud dhasare.
4. Ngowahi geguritan ing basa kang luwih gampang kanthi becik bisa mbiyantu mangerteni kandhidhat
wos sajroning geguritan.
5. Ngandharake teges utawa werdi geguritan bisa nggunakake sarana utawa wujud kang beda kanthi
kodhe-kodhe (pamaca) dhewe.

H. TRAP-TRAPAN LAN CARA KANGGO MAHAMI LAN NGUDHARI SURASANE GEGURITAN


1. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan supaya bisa nemokake gegambaran kanthi
global utawa proses penafsiran kawitan.
2. Nggoleki materi-materi kang penting:
- Irah-irahan
- Tembung kunci
- Gaya bahasa/majas
- Simbol-simbol
3. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan
4. Nggancarake nggunakake basane dhewe.

I. MACA GEGURITAN
Maca geguritan kang bener yaiku kanthi wirama kang endah, ngresepake. Tindak-tanduke wong kang
maca kudu gtrep karo watake geguritan sing diwaca. Yen susah ya kudu susah, yen seneng ya macane
uga kudu seneng. Tindak-tanduke wong kang lagi maca geguritan iku kudu nelakake manunggaling rasa
karo isine tulisan. Maca geguritan minangka perangane apresiasi sastra. Apresiasi geguritan bisa nikelake
kagunan pikir, kagunan rasa, kagunan sosial, kagunan kamanungsan,lan kagunan religius. Amarga nyinau
geguritan perlu gladhen ngira-ira, nampa kanthi bener olah rasa, sinau geguritan bakal nyenggol bab moral.
Miturut Ahmad (1990), piwulang sastra bisa:
1. Nggladhi nggunakake basa kanthi trampil
2. Nambahi kawruh bab pengalaman urip manugsa, agama lan kabudayan
3. Melu nata sampurnaning kapribaden
4. Melu nata sampurnaning watak
5. Nglipur masyarakat
6. Nambahi wawasan tum
Bab-bab kang perlu digatekake nalika maca geguritan supaya krasa nges:
1. Cendhek dhuwure swara (intonasi)
2. Dawa cendhake swara utawa cekak lanture (irama)
3. Pamedhoting ukara utawa tembung
4. Owahing pasuryan lan obahing awak (mimik lan pantomik)

Anda mungkin juga menyukai