Anda di halaman 1dari 5

BAB 5.

GEGURITAN

1. Memahami Teks Geguritan

A. Tujuan Pembelajaran

Setelah mengikuti kegiatan pembelajaran diharapkan peserta didik dapat :

1. Dengan mendengarkan teks geguritan peserta didik diharapkan dapat mengetahui salah
satu jenis karya sastra Jawa.
2. Dengan mendengarkan peserta didik dapat menunjukan kata-kata yang dianggap sulit.
3. Melalui tanya jawab diharapkan peserta didik dapat memahami isi teks geguritan yang
didengarkan

B. Pengerten Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan
asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné
geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:

1. Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.


2. Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa
purwakanthi guru swara.
3. Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".

Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné
tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan
mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda.
Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya
kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa
migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni nilai- nilai
utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku
ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep.
Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan
majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak kawaca.
Sipatipun geguritan :

1. Cekak yaiku ora migunakaken struktur ukara ingkang jangkep


2. Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
3. Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
4. Tembungane pilihan

Sadurunge nulis geguritan perlu digatekake perangan-perangan panyengkuyunge,


yaiku:
a. Tembung utawa Diksi
Tembung kang digunakake kanggo nulis geguritan iku tembung-tembung
pilihan. Tegese ora saben tembung bisa kapilih lan dienggo, perlu dicundhukake
klawan wirama, wirasa, lan yen perlu uga wiragane. Upamane tembung kukila iku
tegese padha karo manuk utawa peksi. Penganggit milih tembung kukila amarga
kanthi tetimbangan rasa lan irama mau.
Tuladha:
Kaya dene kukila ing akasa
Lunga lan teka ora tau kandha

b. Gaya bahasa utawa retorika


Basa kang digunakake ing geguritan iku basa kang endah. Endah lan orane basa
iku manut empan papane. Sanajan basa padinan utawa basa prasaja angger cundhuk
klawan ancer-ancer geguritan liyane mula bakal rinasa endah. Gaya bahasa utawa
retorika kang dikarepake yaiku anggone penganggit ngandharake karep kanthi nyipta
gegambaran utawa imajinasi (angen-angen).
Tuladha:
Rembulan salingir ngilo ing banyu sendhang
Bokmenawa mentas pupuran lan bengesan
Apa wewayangane payu dole
Jarik salembar ilang bathikane?

c. Isi
Isi utawa maknane geguritan iku mujudake ruh utawa nyawane geguritan.
Geguritan kang becik yen isine bisa dipahami lan sokur bage dadi sumber semangat
utawa inspirasine tumrap para maos kanggo ngadani owah-owahan tumindak nuju bab
kang luwih becik. Saben tembung, ukara, larikan apadene pada, mesthi ngandhut
makna dhewe-dhewe. Saka makna kasebut gembleng nyawiji manunggal wutuh
sageguritan. Geguritan kang pinunjul iku menawa maknane tumangkar ing saben
perangan lan gembleng nyawiji. Pengganggit anggone ngandharake geguritan uga
werna-weran carane. Ana kang cukup ditulis sawetara larikan ana uga kang ditulis
dadi pirang-pirang larikan.
Tuladha:
Urip iki lotre, ora ngerti pira angkane
Ora ngerti bebungah sing dumunung ing njerone
Urip iki lotre, mitraku
Akeh sethithike udhu
Dadi lantaran adoh cedhake wahyu

d. Kreativitas
Kreativitas nulis geguritan iku gayutane karo gagasan anyar (kebaruan) lan
wujud wadhage (bentuk/tipografi) geguritan. Kaggone penganggit kawitan (pemula)
menawa kepengin diakoni dadi pengarang kudu kreatif, aja nganti dadi plagiat
(penjiplak) karangane wong liya.
Tuladha:
Simbok,
Sliramu ora nate kapok
Sanajan saben dina mung kanggo tombok
Tuku wedhak lan tuku popok
Ya muga-muga aja nyorok bengkok

e. Purwakanthi
Purwakanthi kang dikarepake ing geguritan iku kanggo nemokake irama lan
swara kang slaras ing antarane tembung siji marang tembung liyane, larik siji klawan
larik liyane. Bab iku kanggo nambahi daya lan ruhe geguritan ing babagan wirama lan
wirasa.
Tuladha:
Kawursita kepenak
Kasudarsana luwih kepenak
Andara dasih sababag puspatajem
Pilihen endi kang gawe sengsem

f. Lelewaning basa
Lelewaning basa (majas) digunakake kanggo sarana mbregasake karep lumantar
tembung-tembung kang dipilih. Bebakalane lelewaning basa iki prayoga kaudi kanthi
mirunggan amrih reriptane awake dhewe manjila susastrane.
Tuladha:
Sing dakduwe kari salembar sajadah
Muga dadiya baita ing samodra gegayuhan
Aja kongsi pecah kasempyok ombaking pacoban
Jalaran aku ngerti ing tengah kana akeh alun
Apadene es rupa watu sagunung
Napak tilas lakuning Satriya Jodhipati ngupadi perwitasari
C. Struktur Geguritan
Unsur geguritan iku ana struktur fisik lan batin.
1. Struktur Fisik
Struktur fisik geguritan nyakup: pamilihe tembung (diksi), pengimajinasian,
lelewaning basa, purwakanthi.
2. Struktur Batin
Struktur batin geguritan dumadi saka: bakuning gagasan (tema), swasana, nada utawa
sikap panganggit marang kang padha maca, lan amanat.
a) Tema
Bakuning gagasan utawa gagasan baku kang dadi dhasare geguritan.
b) Swasana
Swasana batin pamaca akibat sawise maca.
c) Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit sing arep diekspresikake marang
sing padha maca. Tuladhane: nuturi, panyaruwe, seneng, susah, nyindhir, lan
sapanunggalane.
d) Amanat
Amanat yaiku pesen sing pengin dikandhakake panganggit kanggo pepeling
marang wong kang maca utawa ngrungokake

Teks Dengaran

Sun hanggurit
Guriting nala kang lagya rinujit
Lungsed kasesep ing sepi-sepining wingit

Sun hanembang
Tembanging pikir kang lagi ngambang
Ngambara ing awang-awang mokal sinawang

Dhuh Jawata Gung


Mugi karsaa paring pitulung
Mring manah ingkang nembé kaltikung ing wuyung
Tinedahna margi kang sayektos
Murih tan nalisir sedyaning batos

Bausastra alit
Sun : aku
Gurit/geguritan : puisi
Nala/manah : ati
Lagya : lagi
Rinujit : disuwir-suwir
Lungsed : kumel, ’lecek’
Wingit : angker, mawa prabawa
Ngambara : ’mengembara’
Mokal : ’tidak mungkin’
Katlikung : ’terjerat’, kapilut, kapikut
Tinedahna  : ’tunjukkanlah’
Margi  : dalan
Sayektos : sayekti, ’sebenarnya’
Murih  : supaya
Tan/datan  : ora
Nalisir  : ménggok, metu saka dalan kang satemené
Sedya  : karep, krenteg

Isi Geguritan
Nyuwun dhateng gusti supados dipunparingi kekiyatan ngampet wuyung

Anda mungkin juga menyukai