Anda di halaman 1dari 9

STRUKTUR TEKS GEGURITAN

ATEGES GEGURITAN :
Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa. Tembung
geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-owahan saka tembung Gerita. Tembung
Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu
dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka warna wujuding dhapukane.
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag
lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren.

1.Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional )


Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya
dene cacahe wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha,
persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan diwiwiti
kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit. Paugerane geguritan lawas :
• Cacahing batra/larik/baris saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
• Cacahing wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda.
• Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya
syair ing kasusastran Indonesia).
• Lumrahe dipurwakani/diwiwiti nganggo tembung Sun Gegurit utawa Sun Anggurit.
• Geguritan gagrag lawas lumrahe isine piwulang: upamane bab tatakrama.
2. Geguritan gagrag anyar ( geguritan modheren )
Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo
geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket
paugeran kaya paugerane geguritan gagras lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper
karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani
puisi bebas.
– Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku
dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intoyo
kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag
anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan/ ciri :
•Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
•Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
•Sajak pungkasan mardika/bebas.
Geguritan ing jaman saiki kang ditengenake yaiku tembung
kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung
marang:
(1) pilihan tembung (diksi);
(2) lelewaning basa (majas);
(3) digunakake ing saben dina.
STRUKTUR GEGURITAN :
Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar)
kang akeh penafsirane. Bab kang kasebut mau diarani struktur geguritan kang kaperang dadi loro, yaiku :

1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning
geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pamilihing
tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
b) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara
mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.
c) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa
mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan
sawijining geguritan.
d) Tipografi yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang
mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
2) Struktur Batin
Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku :
a) Bakuning gagasan/ tema (sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi
dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral,
politik, agama, individu, lan sapiturute.
b) Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni
teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat
rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah,
seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
c) Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana
sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
d) Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat
kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
e) Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni
tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
TULADHA GEGURITAN :
SEKOLAHKU
Sekolahku...
Bangunanmu kang megah
Anggone nulis lan maca
Lan ngudi tata krama
Dadi tujuwane siswa-siswa
Sing arep golek ilmu
Kanggo sangu tuwa

Saben dina...
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulange bapak lan ibu guru
Apa sing kudu digugu lan ditiru
Tambah dina tambah marem atiku
Kanggo ngudi ilmu,
Kanggo golek prestasiku,
Kanggo mbesok masa depanku...
– ANALISIS STRUKTUR GEGURITAN :
1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi) :
b) Lelewaning basa (Majas) :
c) Purwakanthi (Rima/ritma) :
d) Tipografi :

2) Struktur Batin
– Bakuning gagasan/ tema (sense) :
– Pangrasane penyair :
– Nada utawa sikap penyair marang “pembaca” :
– Amanat/ pesen :
– Suasana :

Anda mungkin juga menyukai