Anda di halaman 1dari 20

BAHASA JAWA

KELAS XI SEMESTER GENAP


2022

KD 3.01 Serat Wedhatama pupuh Pocung

A. Jenis Tembang Jawa


1. Sekar Ageng/ tembang gedhe tuladhane Kusumastuti, Citramengeng, Pamularsih
2. Sekar Tengahan ugi winastan sekar dhagelan tuladhanipun Wirangrong, Balabak, Juru Demung, Pranasmara
3. Sekar Alit/ Macapat tuladhanipun 11 sekar
4. Tembang Dolanan tuladhanipun Gundhul-gundhul Pacul, Sluku-sluku Bathok, Menthok
5. Tembang Campursari: salah setunggaling seni ingkang dipunripta kanthi nambahing sakperangan gamelan
Jawa kaliyan piranti musik modern kadosta organ, gitar, bass, drum lsp.
Tuladhanipun Layang Kangen, Nyidam Sari, Ketaman Asmara

B. Paugeran Tembang Macapat


1. Guru Lagu: tibaning swara saben sagatra
2. Guru Wilangan: cacahing wanda saben sagatra
3. Guru Gatra: cacahing gatra saben sapada

C. Serat Wedhatama
Serat Wedhatama inggih menika Sastra tembang utawi kidungan jawa karya Mangkunegara IV. Wedhatama
(berasal dalam bahasa  Jawa; Wredhatama) ingkang nggadahi pangertos serat (tulisan/karya). Wedha (Ajaran)
kaliyan tama (keutamaan/utama).
Wedhatama kalebet ajaran luhur kangge mangun budi pekerti lan olah spiritual kagem kalangan raja-raja
Mataram. Nanging inggih dipunwucalaken kagem sinten kemawon ingkang ngersakaken.
Wedhatama dados salah setunggal dasar penghayatan kagem sinten kemawon ingkang ngersakaken “laku”
spiritual lan nggadahi sifat universal lintas kepercayaan utawi agama menapa kemawon. Pucuk saking “laku”
spiritual kang dipunwucalaken serat Wedhatama inggih menika; mmanggihaken gesang ingkang sejatos, langkung
mangertosi dhiri pribadi/ kiyambakipun, manunggaling kawula-Gusti.
Serat Wedhatama dipunpengkar dados 5 pupuh inggih menika :
1. Pupuh Pangkur (1-14)
2. Pupuh Sinom (15-32)
3. Pupuh Pucung (33-47)
4. Pupuh Gambuh (48-82)
5. Pupuh Kinanthi (83-100)

D. Kandungan Serat Wedhatama pupuh pocung tembang ke 1 nganti 5


1. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangkese dur angkara.

Ilmu (hakekat) itu diraih dengan cara menghayati dalam setiap perbuatan,dimulai dengan kemauan.Artinya,
kemauan membangun kesejahteraan terhadap  semua,Teguh membudi daya Menaklukkan semua angkara
2. Angkara gung, neng angga anggung gumulung,
gogolonganira
Triloka lekere kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Nafsu angkara yang besar ada di dalam diri, kuat menggumpal, menjangkau hingga tiga zaman, jika
dibiarkan berkembang akan berubah menjadi gangguan.
3. Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun,
semune ngaksama,
sasamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi marto tama.

Berbeda dengan yang sudah menyukai dan menjiwai,Watak dan perilaku memaafkan pada sesama. Selalu
sabar berusaha menyejukkan suasana,

4. Taman limut, durgameng tyas kang weh limput,


kereming karamat,
karana karohaning sih,
sihing Sukma ngreda sahardi gengira.

Dalam kegelapan.Angkara dalam hati yang menghalangi,Larut dalam kesakralan hidup,Karena temggelam
dalam samodra kasih sayang, kasih sayang sukma (sejati) tumbuh berkembang sebesar gunung

5. Yeku patut, tinulad-tulad tinurut,


sapituduhira,
aja kaya jaman mangkin,
keh pramudha mundhi dhiri lapel makna.

Itulah yang pantas ditiru, contoh yang patut diikutiseperti semua nasehatku.Jangan seperti zaman nanti.
Banyak anak muda yang menyombongkan diri dengan hafalan ayat

E. Wos kang Kamot ana ing Serat Wedhatama Pupuh Pocung


1. Ngajarake supaya manungsa bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora
dikendhaleni bakal nuwuhake prakara. Beda maneh karo wong kang wis menep rasane, gelem menehi
pangapura marang wong liya, sabar, iku bisa ndadekake swasana dadi seneng.
2. Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga ngajarake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun
wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi temenan. Mula iku kang kanggo garan
para satriya luhur biyen iku ana telung prakara yaiku ikhlas, sabar lan nrima ming Gusti.

KD 3.01 Serat Wedhatama pupuh Pocung

A. Pangertene Novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa lkang misuwur. Kaya dene karya ssastra crita liyane, novel iku ngemot
crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang-pirang crita, dene saben
babak iku ngandharake surasa kang beda-beda. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik kang
sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, sosial, moral, pendidikan lan sapiturute.
B. Unsur Pembangun Novel
1. Unsur Intrinsik
Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama/ punjering crita kang ndhasari lakuning crita.
Setting
Setting utawa latar iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot
wektu, papan panggonan, lan swasana.
Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang ada 2 yaiku
-pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan, nyritakake apa kang
dilakoni lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
- Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita
tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu.
Alur
Alur utawa plot yaiku rerangkening/ cengkoronganing prastawa utawa kedadeyan ing novel. Alur
diperang dadi telu yaiku alur maju (progresif), alur mundur lan campuran.
Tokoh lan penokohan
Tokoh utawa paraga yaiku pawongan sing ana neng jerone crita. Miturut wateke, tokoh ana loro yaiku
tokoh protagonis, tokoh antagonis lan tokoh tritagonis. Miturut keseringane metu neng jero crita, ana
tokoh utama, pembantu lan figuran.
Penokohan yaiku cara nggambarake karakter utawa wateke tokoh. Nalika nggambarake watek tokoh iki,
ana rong cara yaiku analitik lan dramatik. Penokohan secara analitik yaiku pengarang langsung
ngandharake watek tokohe ana ing njero crita. Dene penokohan dramatik, pengarang ora langsung
ngandharake wateke tokoh. Watek tokoh bisa dingerteni saka tumindake, ciri fisike, lingkungane lan
sapiturute.
Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
2. Usur Ekstrinsik
Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute sanjabane unsur
intrinsik. Unsur-unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra kayata latar belakang pengarang,
lingkungan urip pengarang, unsur sosial budaya lan sapiturute. Nggatekake marang unsur-unsur iki bakal
mbiyantu kanggo napsirake surasa sawijing karya sastra.

C. Nilai-nilai yang terkandung dalam novel


Nilai-nilai kang kamot ing Novel
 Nilai Sosial : nilai iki ndadekake wog luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
 Nilai Etik : novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongake
pamaca. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing dhiri pribadhine
 Nilai Hedorik : nilai iki kang menehi rasa seneng marang pamacane. Mula bisa katut ing sajroning crita.
 Nilai Spirit : surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayan pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden
kang percaya marang dhiri pribadhine dhewe.
 Nilai Koleksi : novel kang diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingen nduweni novel iku.
 Nilai Kultural : novel uga menehi lan nglestarkake budaya lan adat masyarakat, tundhone pamaca bisa
ngerteni kabudayan ing papan/ dhaerah liya.
E. Jinis Novel
Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung
gegambaran samar/ fantasi penulise. Novel hiburan uga nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan,
wewangunan endah, papan panggonan kang edah lan sapiturute. Novel hiburan iki uga ngemot babagan
komersial. Amarga surasane kang kaya mangkono, mula novel iki disenengi dening masyarakat umume, wiwit
saka bocah nganti wong tuwa.
Jinis novel hiburan kayata:
 Novel detektif
 Novel roman
 Novel misteri
 Novel kriminal
 Novel fiksi ilmiah

Novel Jegingger (Bekisar Merah Edisi Banyumasan)


Dening Ahmad Tohari

Bocah Ayu Anake Tukang Deres

Sewijine dina nalika udan grimis, wektune meh sandhekala. Sekang kadohan wit-wit klapa neng sabrang sawah
kae keton kaya prawan sing lagi padha adus, seger tur semringah. Papah klapa sing padha klucur kenang banyu udan
keton kaya rambut dewuwungi, teles, kraket maring alur gigire si prawan.watang klapa sing lencir-dhuwur padha
temiyung kenang barat, keton kaya awak prawan lagi egat-egot ngibing, kepenak pisan desawang. Angger barate
sangsaya gedhe, kabeh papah klapa padha temiyung bareng, kaya tangan ngigel, ngibing ngetutna swara udan. Utawa
kaya prawan tanggung sing njanggleng jejer, padha guris karo adus neng ngisor pancuran.
Wit klapa kae padha thukul neng lemah miring bareng karo wit-witan liyane sing keton rapet turane rungkud. Merga
lemahe miring, sawangan neng sabrang lebak kae dadi keton kaya gambar pemandangan pulo Bali sing
semendheh maring pinggir langit. Seliyane wit klapa neng sabrang kana akeh kayu sengon sing wite lempeng,
dadi garis-garis putih sing keton genah tur jejeg. Ana wit aren sing pupuse molahi megar, kuninge keton seger.
Pupus godhong jengkol rupane abang tuwa, kembang bungur rupane wungu, kembang dhadhap abang mbranang.
Uga ana wit jambe ndawe thukul jejer neng seurute pinggir kalen. Kabeh kumpul gawe semangere sesawangan.
Sedawane ana udan grimis sesawangan kae kayong kesaput daning kepyure banyu, mulane dadi keton samar.
Ning salatan neng wektu pancaroban cokan dadakan owah. Kae delengna; selagine grimis urung leren tur barate esih
gemrubug, ijig-ijig lamuke semiyak lan sorote srengenge mencorong sekang kulon. Sesawangan mbang wetan
dadakan dadi padhang, dadi keton luwih urip. Werna-wernine dadi lewih semringah, malah adoh-pereke wit-witan
dadi genah. Keton ana prelak-prelik sing gemebyar merga tetese banyu neng gegodhongan kenang sorot srengenge.
Sekang langit semburine gunung keton ana kuwung sing semanger kaya plangi mlengkung. O, kaya-kaya alam lagi
nylendhangi prawan-prawan tanggung nganggo rimong cahya sing werna-werni, maen ora etung.
Bareng sorot srengengene dadakan ilang maning, sesawangan mbalik dadi samar kaya maune, remeng-
remeng. Apa maning udane dadi gedhe bareng ana bledheg jemeger-jeger. Swarane bledheg dadi gludhug sing
nglawong sekangereng-erengan gunung. Barate sengsaya gedhe, nganti wit klapa padha doyong kaya-kaya arep rubuh
maring lemah. Neng wektu kuwe dhadhane Darsa krasa kayong kemejot. Darsa sing kawit mau lagi nyawang wit
klapa sing neng sabrang saweh kae, atine dadi meh pungkas. Angger udan barat ora leren, Darsa genah ora teyeng
mangkat nderes. Tumrape tukang deres kaya Darsa, manjat-temurun wit klapa prelu ngludhang pongkor karo sisan
masang pongkor sing anyar neng wektu udan jane wis dadi kulinane. Ning wektu kuwe udane pancen gedhe temenan
tur debarengi bledheg karo barat gedhe. Tukang nderes endi baen ora bakal wani mangkat. Senajan angger ora
mangkat pog-pogane dadi rekasa temenan. Badheg utawa legen sing esih neng pongkor dadi masem merga ora
gagiyan deludhang. Mangkane badheg sing kaya kiye ora teyeng deolahi dadi gula. Umpama bisa-a, mengkone mung
dadi gula gemblung sing wujude mblegedreg, regane murah pisan. Karo maninge angger sepisan baen ora gawe gula,
tukang nderes pedhot pangan pedinane. Angger wis kaya kuwe mangane si tukang nderes seanak bojone kud utang
maring warung.
Sekang emper umahe dhewek Darsa nyawang maning maring ngetan, nyawang maning maring kebon
klapane sing esih degrujug udan. Atine Darsa bolabasehan, rasane kayong detantang. Wis dadi wateke tukang nderes,
manjat temurun wit klapa pancen kudu delakoni sebab neng kana anane pangan. Turane, nyambet gawe ngambah
dalaning pangan kuwe mesthi gawe seneng maring sapa-a baen. Ningen merga udan-barat urung leren Darsa urung
wani mangkat. Senajan papah-papah klapa kae kaya-kaya terus ngawe-ngawe njaluk depenek.
Bledheg jemeger maning lan udane sangsaya semrujug. Atine Darsa tambah ora karuan. Apa enggane sore
kiye Darsa kudu nrima badhege masem sebab ora deludhang? Darsa cokan arep pungkas. Ning pongkor sing pating
grandhul kae kayong terus celuk-celuk njaluk deludhang. Atine Darsa dadi krasa ora genah. Apa maning kae swara
adan wis keprungu sekang tajuge Eyang Mus, lamat-lamat nrabas udan. Wektu ngasar wis keliwat. Lan mesthi
srengenge wis enggal surup. Siki Darsa krasa cilik ati sebab udane pancen urung gelem leren. Nglokro, Darsa njuran
mbalik, mlebu maring umah. Bareng njanggleng neng plong tengah, darsa weruh Lasi, bojone, lagi njembrengi jarit
petelesan neng sampiran kulon umah.
Lasi tes adus. Rambute esih teles, ngrembyak, semampir maring ngingsor kuping tengen, mlintir maring
ngarep. Sakepyaran Darsa kemutan wit-wit klapa sing lagi deguyur udan. Lan sebeb Lasi banjur mungkur, Darsa
teyeng nyawang alur gigire Lasi sing blaka, putih kaya kulit langseb. Awake Lasi pancen lewih putih tinimbang awake
wong wadon liya. Mulane Darsa ngrasa begya kemayangan sebab duwe bojo Lasi. Githoke, pipine bresih, maen
temenan angger desawang. Apa maning angger Lasi lagi gemuyu, pipi kiwene thempot, jan ora gampang kelalen.
“Las, apa enggane inyog kon ora mangkat nderes?”
“Genah esih udan, Kang.”
“Angger inyong mangkat baen kepriwe?”
“Sekarepe rika, Kang. Ning kayong ora memper, genh salatane kaya kiye, apa enggane rika arep mangkat
baen,”
“Angger inyong ora mangkat, genah ngesuk ko ora teyeng adol gula. Apa ko esih duwe beras?”
“Esih , Kang. Dhuwite ya esih semendhing. Ngesuk dhewek esih teyeng madhang umpamane sore kiye
badhege ora derumat.”
“Ning jan eman-eman angger pongkore ora deludhang siki. Badhege dadi masem, mubah. Karo maning
manggare cokan dadi bosok.”
“Iya, Kang. Ning udane genah esih gedhe.”
“Iya, Las. Deneng udane gedhe baen ya?”
“Ya…”
Salatan ning njaba ijig-ijig malih. Udane dadakan leren. Malah srengengene wis keton abang semorot
maning. Wateke tukang nderes sing sejati gemregah. Darsa gagiyan menyat, njuran metu sekang senthong. Lasi ngreti
nek sing lanang lagi detagih neng penggaweane, detagih neng wateke dhewek. Unggal tukang nderes mesthi arep
gagiyan ngludhang pongkor angger pancen wis ora nana palangan. Darsa mlaku maring sumur, adus wuwung. Lasi
agan-agan bekakase sing lanang; arit, pongkor, pikulan, tudhung, sengkelat.
Lasi ora ngomong apa-apa nalikane nyawang Darsa arep mangkat. Pongkor padha moni kemrumpyung
bareng dejunjung maring pundhake Darsa. Sikile Darsa nindak neng ndhuwur lemah teles tur esih akeh banyu sing
ngembeng. Darsa terus gipyak mangkat maring kebon klapa neng ereng-ereng sabrang kae. Lewihan banyu udan esih
padha netes sekang godhong, tiba maring tudunge Darsa. Banyu neng kalen sing ketutupan godhong pakis kemricik
onine. Darsa ngliwati powotan sing degawe sekang pring rong ler. Selagine lagi mlaku neng tengah-tengah powotan
darsa weruh ana papah jambe kuning ijig-ijig nglembreh, ucul sekang wit, njuran ngleyang gigal maring lemah. Papah
jambe kuwe nibani wit nanas. Neng ndhuwuran, papah jambe sing tembe rogol kuwe ninggali mayang sing esih
kebuntel amplok putih. Darsa ngrasa kaya lagi nyawang patine papah jambe utawa upih sing kedadeyan bareng karo
laire mayang jambe sedhompol.
Sewise nyabrang powotan Darsa ngambah anjatan lurung sing nganggo undhak-undhakan tatar wadas.
Temurun maning, nyabrang powotan sing nomer loro, sebanjure Darsa butul maring pesawahan sing dadi dhasaring
lebak. Neng sabrang lebak ana tanah mereng. Neng kono nggone pekarangane Darsa sing akeh tanduran klapa.
Darsa ngedhuna pikulan sekang pundhak, terus njikot pongkor loro. Lewihan banyu udan esih kemlicir nelesi
wit klapa sing lagi arep depenek. Mbarengi sikile mancad tatar kawitan, Darsa nyanthelna tambang pongkor maring
canthelan kawat neng sengkelat mbang mburi. Bareng Darsa manjat napaki tatar, pongkor loro kuwe kawer-kawer
kaya buntut, gondhal-gandhul ngiwe-nengen. Arit penderesan semelap neng beyekan. Banyu padha pating tetes
sekang ndhuwur sebab wit klapane kayong deorag-orag. Darsa terus manjat, trampil, akas kaya biasane tukang nderes.
Angger lagi nyambut gawe neng ndhuwuran, tukang nderes kudu tetep eling, nyebut maring Gusti Allah.
Kuwe cekelan sing kudu terus de-emut-emut. Darsa dhewek ora nglakon kelalen maring tembug sing wis dadi jimat
kuwe. Kaya tukang nderes liyane, Darsa ngerti apa kedadeyane angger dheweke nggrepeng goli nyambut gawe. Tiba
sekang ndhuwuran wit klapa genah bisa dadi bilai sing ora baen-baen. Malah akeh-akehe tukang ndheres pada pecat
nyawa angger klakon tiba sekang wit klapa. Mulane Darsa ngreti, kudu tetep eling, emut dheweke lagi nyambut gawe
apa, tur neng ngendi panggonane, utawa kepriwe sekiwa-tengene.
Kon sangkane tetep eling kaya kuwe Darsa kudu ora kelalen maring sebut. Kuwe wulangane kaki-nini.
Nyebut, tegese ngucap asmane Gusti sing wenang paring keslametan. Kuwe ajeg de-emut-emut angger Darsa arep
molahi nyambet gawe. Ora mung neybut neng lambe, ning nyebut sing tedhas butul maring ati.
Ning wektu kuwe sandhekala kuwe nyatae atine Darsa lagi ora jenjem. Ati sing kudune tetep eling, malah
buyar. Ora madhep maring penggawean sing lagi de-mek. Tegese ora eling. Ya mbuh kepriwe Darsa malah kemutan
baen maring umah. Ning mbuh kepriwe Darsa krasa mangmang. Apa iya dheweke kuwe patut duwe bojo Lasi. Rasa
sing kaya kuwe udu merga Lasi ora dhemen maring dheweke. Ora. Ning merga sering krprungu omongan, Lasi sing
rupane ayu temenan patute dadi bojo lurah, udu bojone tukang nderes. Darsa malah nglakon krungu omongsn, umahe
sing memper kandhang bodhol kae ora patut kanggonan wong wadon ayu. Karo maninge Darsa cok weruh matane
wong lanang padha dadakan gilar-gilar angger lagi nyawang Lasi.
Medhun sekang wit klapa sing kawitan, pongkor loro sing gemandhul neng sengkelate Darsa wis ganti. Siki
pongkor kuwe isi badheg. Seurunge ngidek tatar ngingsor dhewek, Darsa nyandhak pongkor sekang sengkelat, terus
dedelah neng lemah. Njikot pongkor sing esih suwung, Darsa aga-aga menek wit klapa sing nomer loro. Mbuh
kepriwe Darsa seneng pisan menek wit klapa sing kiye. Kayonge, merga sekang dhuwuran Darsa teyeng nyawang
maring ngulon ora kelinglingan apa-apa. Sekang kono Darsa teyeng weruh umahe dhewek. Malahane Darsa cokan
teyeng weruh Lasi angger lagi kebeneran metu maring latar.
Utawa wit klapa sing lagi depenek kuwe perek pisan karo wit jambe. Pucuke wit jambe ana neng prenah
ngingsor angger Darsa lagi thankringan neng papah klapa. Neng wit jambe ana susuh manuk jalak. Peyike sing tembe
mlekar padha pating clangap njaluk pangan angger ana aban-aban swara neng pereke. Cangkeme peyik jalak abang
menger-menger, pating cruwit ning ora duwe daya. Anggere desawang nyenengi pisan. Mulane Darsa cokan nguja
aso-asoan angger lagi nderes wit klapa kuwe. Bibite jalak gisus, lunga-teka prelu nggolet pangan nggo peyike.
Lasi sing neng umah lagi daden geni neng pawon. Waja gedhe wis deunggahna, mengkone arep nggo indel
badheg sing lagi deludhang neng sing lanang. Salatane wis mlebu sandhekala. Lasi njikot suluh setumpuk sekang
mburi pawon. Irig detrapna neng ndhuwur waja, gunane arep nggo nyaring badheg. Angger mangsan rendheng. Lasi
cokan ngresulah sebab suluhe ora patiya garing. Indel badheg nganggo suluh ora patiya garing jan rekasa temenan.
Malah angger lagi ora begya, gulane ora bisa detitis sebab kurang mateng.
Nglakon kedadiyan, merga suluhe entong ning gulane urung mateng, Lasi kepeksa kudu ngobong plupuh
amben sing saben mbengi nggo turu. Ya kepriwe maning, tenimbang gulane ora mateng. Senajan kaya kuwe ora
wurung Lasi dadi wedi dhewek. Lasi kewatir deomehi neng sing lanang sebab ngobong plupuh amben siji-sijine sing
nggo pranti turu.
Swara bedhug sekang langgare Eyang Mus keprungu maning. Mahrib. Angger wis ana swara bedhug mahrib,
Lasi gari ngeteni ana aban-aban sekang sing lanang. Aban-aban kuwe wujude swara “Huuuung” sing ora liya swara
pongkor suwung sing dedamu sekang ndhuwuran wit klapa. Nggo ngabani menawa dheweke wis meh bali, darsa
biasa gawe swara hung. Merga decorong nganggo pongkor suwung, swara hung dadi nglawong butul maring ngumah.
Mulane Lasi mesthi krungune. Unggal tukang nderes duwe “hung” dhewek-dhewek sing dadi aban-aban nggo bojone
sing lagi negnteni neng umah.
Geni neng pawone Lasi wis murub. Pipine Lasi dadi tambah menger-menger sebab kesromong hawa panas
sekang pawon. Ana bamba mletik. Amleng. Sing keprungu mung swara geni murub. Ning Lasi gagiyan njenggirat
merga krungu ana swara hung. Raine sing mikine keton ketar-ketir dadi lega. Lumer. Ning mung sedhela sebab hung
kae genah udu swara aban-aban sekang Darsa. Ora bakal luput. Lasi apal-kecepal maring swara hung0e sing lanang.
Mulane Lasi njuran thongkrog maning neng ngarep pawon. Adhuh, wajane wis panas. Wis wektune badhege
desunteki maring waja. Ning kenangapa Kang Darsa urung teka? Mangkane neng njaba wis peteng. Lasi menyat ning
mbuh arep ngapa. Bareng weruh ana diyan cemathel neng pager Lasi dadi kemutan diyan kuwe kudu desuled. Lasi
njikot geni nggo detularna maring diyan. Byar, senajan mung remeng-remeng. Diyan terus debalekna maning maring
panggonane.
Ning pas kuwe Lasi krungu ana wong mlaku merek. Mlakune ketara kaya nggawa gawan sing abot. Lasi
ngarani sing lanang bali mikul badheg. Mulane dheweke arep mapag prelu ngrewangi ngedun-na pikulan. Lasi arep
gagiyan nyunteki badheg merga wajane wis panas temenan. Nig sebab wis molaih peteng nyatane Lasi mung bisa
ngenteni neng ngarep lawang. Ramyang-ramyang Lasi weruh wong lanang sing lagi teka. Wong kuwe ora mikul
badheg ning malah nggendhong wong lanang sing nglempuruk neng gigir. Bareng sing padha teka kuwe kenang
sorote diyan, kabehane dadi genah. Wong lanang sing nggawa gendhongan udu Farsa ing Mukri. Darsa dhewek
kampleh-kampleh degendhong neng Mukri.
Lasi njanggleng jejeg kamitenggengen. Apa baen sing katon dadi ora genah. Kupinge pating grenggeng kaya
kelebon tawon. Neng matane akeh lintang pating gebyar. Atine krasa pating kepyar, pikirane ilang, jungkir walik ora
karuhan/
“Ngomongna ana kodhok mencolot! Poma dipoma. Aja ngomong liya-liya kejaba ana kodhok mencolot.”
ujare Mukri maring Lasi. Ambekan ekrenggosan, magap-magap merga nggawa gawan sing abot. “temenan aja
ngomong apa-apa kejaba ana kodhok mencolot!” Mukri mbaleni omongane. Cangkeme Lasi mung mlongo, ora
teyeng ngomong apa-apa malah Lasi mung teyeng minggir bareng Mukri nroos, terus ngedunaDarsa maring amben.
Darsa sisan-nggawe nglegoso, nglumparah karo ngereng-ngereng.
Lasi eling. Njenggirat. Lasi arep nubruk, ngrungkebi sing lanang. Ning Mukri gagiyan nyekeli pundhake.
“Sing sabar Las. Lan poma-dipoma aja ngomong apa-apa kejaba ana kodhok mencolot.”
Raine Lasi molah-malih; pucet, bingung, kewatir. Sewu rasa dadi siji. Lambene ndremimil. Luhe dadakan
metu dleweran. Cungure embik-embik. Tangane loro padha dene lawehan, ning mbuh arep polah apa. Telake krasa
rapet, marekna Lasi ora teyeng ngomong apa-apa. Ning bareng atine eling temenan, Lasi nangis njempling rosa pisan.
“Innalillahi…., ana kodhok…..mencolot? Kang Mukri, ana kodhok mencolot?”
“Ya, udu apa-apa, mung kodhok mencolot. Ko aja nangis, kadaran mung ana kodhok mencolot.” Mukri
semaur, swarane aso. Ning sewalike, Lasi malah njerit seporete, njuran amleng. Lasi semaput. Awake sing separo
semampir maring amben, separo maning slonjor neng lemah. Darsa ngereng-ngereng maning.
Wiryaji karo sing wadon ketharak-tharak teka merga krungu jerite Lasi. Wiryaji kuwe prenah pamane Darsa,
ning dadi bapak kewalone Lasi.
“Ana kodhok mencolot? Mukri, ana kodhok mencolot?” takone Wiryaji kedhagar-dhagar.
“Iya Kang Wir. Ana kodhok mencolot.”
Geger. Tangga-teparo gemridig padha teka. Wong wadon padha ngusapi dhadha. Ning Mukri lunga
ngenthirakarep marani Eyang Mus sing umahe neng perek langgar. Wong tuwane Darsa sing manggon neng liya desa
gagiyan dekabari. Wong-wong sing padha kumpul ngreti Darsa kenang apes tiba sekang wit klapa. Ning kabeh wong
mung padha ngomong “ana khodok mencolot”.
Tumrape kaum nderes, tembung “tiba” wanti-wanti ora kena deucapna. Sebab, ujare kaum nderes, tembung
“tiba” temenan bisa ngundang apes. Kosok baline, tembung “kodhok mencolot” bisa dadi tolak bala. Tembung kuwe
deprecaya bisa nglantari dadi slamete wong sing kenang apes, tiba sekang wit klapa.
Wong-wong padha ngupakara Darsa karo Lasi sing esih semaput. Kathoke Darsa sing liprak lipruk deudhari
lirihan. Ana wong sing maksa Darsa kon nguntal endhog mentah. Awake Darsa mambu pesing pisan. Ning kabeh
wong padha ngrasa lega sebab weruh awake Darsa wutuh, ora nana tatu kejaba mung balur semending neng tangan
karo gigir. Lasi ya terus emut bareng kupinge desemprongiwara-wiri. Ana wong wadon sing ngemuli awake Darsa
sekang sikil butul maring gulu. Lasi nangis maning, ngrungkeb neng perek sikile Darsa sing keton pucet ora eram.
Ora let suwe ana swarane wong wadon prentah kon gawe wedang clebek nggo Darsa karo Lasi.
Darsa esih ngereng-ngereng, ngglethak ora duwe daya. Mukri teka maning, karo Eyang Mus. Mukri terus
ngomong, nyritakna asal mulane kedadeyan. Critane Mukri, dheweke karo darsa lagi padha dene nderes wit klapa sing
jejeran. Mbuh kepriwe miki-mikine ijig-ijig Darsa nggentawil sekang papah klapa, mencolot maring pring sing
dhoyong, njuran kemabluk maring lemah.
“Inyong ora kelalen kudu kepriwe angger menangi ana kodhok mencolot. Inyong gagiyan medhun, cangkeme
inyong ora moni apa-apa. Kathoki inyong tek uculi nganti wuda blejed. Sebanjure inyong ibing-ibingan nirokna
polahe kethek karo ngubengi kodhok mencolot kuwe.”
“Deneng awake kodhok mencolot mambu pesing pisan? Kuwe ya polahe ko?”
“Iya. Awake kodhok mencolot pancen tek uyuhi nganti klebes kabeh.”

“Ya. Mukri bener,” ujare Wiryaji. “Pancen kaya kuwe sranane angger ko padha menangi ana kodhok mencolot. Kiye
prekara wigati temenan. Mulane ko wanti-wanti aja padha kelalen.”

KD 3.03 Teks Sesorah Pambagyaharja


A. Pengertian Pambagyaharja
Tembung pambagyaharja punika dumadi saking tembung pambagya lan tembung raharja. Pambagya utawi
pambage tegese anggone mbagekake utawi anggenipun ngurmati. Dene tembung raharja punika sami kaliyan
rahayu, slamet, widada, begja utawi luput saking kacilakan. Kanth dhasar katrangan punika, tembung
pambagyaharja saged dipun tegesi sesorah kang isinipun ngaturaken kabar karaharjan utawi keslametan marang
tamu/ priyayi kang dijak guneman. Ing basa Indonesia, tembung pambagyaharja diarani ucapan/ sambutan
selamat datang.

B. Bab-bab kang Perlu Digatekake Supaya Saged Sesorah kanthi Becik


Adat saben pakulinan kang dipuntindhakaken ing adat Jawa ngaturaken pambagyaharja punika boten matur
piyambak nanging dipun wakili/ sesulih. Sesulih kang maragani punika biyasane piyayi kang sepuh piyambak,
gadhah jabatan, pangarsaning desa lsp. Supaya saged sesorah kanthi sae, perlu ngrancang sesorah kanthi
nggatekaken bab-bab:
1. Menapa mawon pokok-pokok isine.
2. Damel cengkorongan/ kerangka sesorah.
3. Mekarake cengkorongan sesorah punika kanthi milih tembung-tembung kang pener.
4. Nggatosaken unggah-ungguh.
5. Maragakake utawi mraktekake kanthi lafal, wirama/ tempo, wirasa/ intonasi. Lan patrap/ sikap kang bener.

C. Cengkorongan Pambagyaharja
Cengkorongan atur pambagyaharja punika kanthi wewaton pambuka, surasa lan panutup. Perangan punika
kaperang lan karakit kados ing ngandhap menika:
1. Pambuka
 Salam pambuka
 Mbagekake para tamu
 Ngucapake syukur
 Ngaturake panuwun
 Nyebutake dhiri pribadi lan ayahane
2. Surasa
 Ngaturake wose pahargyan
 Ngaturake kawilujengan
 Ngaturake panuwun
 Ngaturake kaluputan menawi wonten kekirangan anggone nampi karawuhan
 Nyuwun pandongane para tamu
3. Panutup
 Pangarep-arep
 Mungkasi kanthi ngaturake dudutan
 Ngaturake kaluputan anggone matur
 Salam panutup

D. Ancase Pambagyaharja
1. Ngaturake kawilujengan marang rawuhe para tamu.
2. Ngaturake panuwun awit saking karawuhan lan panyengkuyunge para tamu kang awujud napa kemawon. Ugi
ngaturaken panuwun kaliyan sinten kemawon ingkang sampun paring pambiyantu.
3. Nyuwun donga pangestunipun para tamu supados anggenipun kagungan kersa pinaringan lancar wilujeng.

KD 3.04 Teks Eksposisi Pernikahan Adat Jawa

A. Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya
pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangertene pamaos isa mundhak. Mula saka
iku, teks eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab.
Panulisane isa ditindakake lumantar sadhengah cara jlentrehake, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan
ilustrasi.
Bab kang diinformasikake ing teks eksposisi awujud:
 Data faktual yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyan, ana lan isa asipat historis.
 Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta.
 Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Paragraf eksposisi trep banget digunakake kanggo njlentrehake uraian-uraian ilmiah popular utawa uraian ilmiah
kang ora ngojok-ojoki pamaose. Sadurunge ngrakit eksposisi mestine prelu nyiapake data-data utawa fakta kang
diprelokake kanggo njlentrehna prastawa kang dirembug.

Topik sajrone eksposisi yaiku woh pamikiran utawa ide, pangrasa, panemu penulis kang bakal dijlentrehake (ide
pokok). topik, ide pokok, pangrasa lan panemu bisa dikembangake dadi paragraf eksposisi kanthi nambahake pikiran-
pikiran kang nyengkuyung kebenerane topik utawa ide pokok kasebut.

Ngembangake gagasan kanthi pola pengembangan eksposisi proses mbutuhake proses mikir utawa intelektual.
Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:
1. Kepriye sawijine pakaryan?
4. Kepriye sawijine dumadi?
5. Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?
6. Objek utawa garapan iki dumadi saka taha-tahap endi wae?

Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kayata:


1. Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan.
2. Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake karo angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar
lan sapiturute.
3. Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan utawa fakta.
4. Nggoleki sumber ide saka: pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.

Pathokane nulis teks eksposisi:


1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok persoalan
2. Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikep lan panemune pamaos,
3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake,
4. Basa eksposisi minangka bawa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional,
5. Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah
kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian),
6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.
7. Penulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake,
8. Penulsi eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

B. Upacara Penganten Adat Jawa


Urutane adat mantu Jawa yaiku:
 Utusan
Utusan yaiku wong sing diutus neng wong tuwane calon penganten kakung supaya nakokna maring wong tuwane
calon penganten putri.
 Salar
Salar utawa nakokake yaiku utusan masring umahe calon penganten putri nakokna sing arep didadekna mantu (calon
penganten putri) esih ijen apa wis ana sing nglamar.
 Nontoni
Nontoni yaiku calon penganten kakung maring umahe calon penganten putri kanggo ngerteni calon penganten
putri.
 Nglamar
Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing acara iki calon penganten kakung dolan menyang kulawargane
calon penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga. Lamaran iki
bisa lumaku nganti tekan pahargyan ngaten yen panglamare calon penganten kakung ditampa.
 Ningseti
Masrahna paningset sekang calon penganten putra maring calon penganten putri, masrahna asok tukon, netepna
dina, tanggal, wulan, lan taun bakal dhaupe penganten, kuwe sing diarani gethok dina. Jaman siki biasane dianakna
liru kalpika kanggo tandha pepancang.
 Jonggolan
Wektune calon penganten kakung lan putri lapuran neng Kantor Urusan Agama.

 Pasang tarub lan bleketepe

Pasang bleketepe dilakokna nang wong tuwane penganten sing mratandhani mula bukane pasang tarub. Bleketepe
yakuwe blarak sing egin ijo njur dianyam mawa ukuran 50cm x 200cm. Bleketepe sing dipasang neng tarub lan
ngubengi papan kanggo pengantenan minangka wujud sekang papan sing suci nang kahyangan sing jenenge Bale
Katapi. Bale tegese panggonan, dene katapi sekang tembung tapi sing tegese ngresiki kotoran sing arep dibuang.
Masang bleketepe bisa ngemu teges dadi pangajak sekang wong tuwane calon penganten marang kabeh wong sing ana
nang papan kuwe supaya bisa nyucikna ati. Sapa bae sing diundang nang papan kono dikarepna bisa resik tur suci lair
lan batin. Masang bleketepe uga dikarepna dadi pandunga tolak bala utawa dadi donga nyenyuwun marang gusti Allah
supaya adoh sekang bebaya lan apa bae sing ala, mbuh kuwe sing keton utawa sing ora keton.

 Siraman

Acara siraman iku sejatine upacara perlambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki
diselenggarakake sedina sedurunge ijab kabul lan dilakokake ing omahe calon penganten putri lan kakung, padatan
ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan
wong tuwa calon manter banjur sedulur liyane uga kalebu pemaes. Bahan-bahan lan perlengkapan sing diperlokake
nang upacara siraman yaiku: kembang setaman (kantil, kenanga, cempaka, mawar, mlati, menur, arum ndalu), lima
macem konyoh panca warna utawa penggosok awak kang degawe sekang beras kencur kang dewenei werna, klapa ijo
cacah loro sing tuwa lan egin ana tepese, kendhi utawa klenting, klasa ukuran 1/2 meter persegi, mori putih 1/2 meter
persegi, gegodhongan (kluwih, koro, awan-awan, turi, dadap srep, alang-alang), dlingo bengle, limang werna bangun
tulak utawa gombal putih sing pinggire diwarnai biru, sampo sekang merang, asem, santen kanil, jarit sidomukti utawa
sidoasih, sabun lan anduk. Kanggo njaga kesarasan calon penganten supayane ora kadhemen mangka ditetepna mung
wong pitu sing bakal nyiram utawa ngadusi. Pitu tumrape wong Jawa artine pitulungan. Upacara siraman dipungkasi
dening pemaes kanthi mecahna kendhi sing digawe sekang lemah.
 Midodareni
Tembung midodareni asale saka tembung widadari. Midodareni duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara
mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pangestu uga kanggo pralambang yen sesuk
neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widadari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
dikancani sedulur putrine sinambi aweh nasehat.

 Srah-srahan

Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu aggone bakal duwe
gawe mantu. Sinebut uga asok tukon.

 Ijab kabul
Ijab kabul yaiku sah nikah miturut agamane penganten sakloron. Miturut tradhisi neng upacara kiye keluwarga
penganten wadon nikahna marang penganten lanang, dene keluarga penganten lanang nampa penganten wadon
dikantheni mas kawin kanggo penganten wadon.

 Upacara panggih

Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelah neng ngarep prapatan cedhak umah. Tujuane
yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku penganten putri ketemu karo penganten kakung kanggo nerusake upacara
balang suruh, wiji dadi, sinduran, timbang, kacar-kucur, dhahar klimah, mertui lan sungkeman.
Begalan yaiku tradhisi sekang Banyumas. Tradhisi kiye awujud teatrikal kang dilakokake wong loro lan tujuane
yaiku kanggo aweh wejangan lan njelasna urut-urutane pengantenan. Begalan dilakokna neng latar umahe penganten
wadon wektu penganten lanang mlebu maring latar umaeh penganten wadon. Piranti sing dienggo yaiku apa bae sing
biasa ana ing pedangan kang disebut brenong kepang.

 Balangan suruh

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane penganten kakung lan putri.

 Wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri misuhi ampeyane penganten kakung
nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab
marang kaluwargane.

 Sinduran

Penganten lanang lan penganten putri umampah alon-alon kanthi disampirake kain sindur neng pundake. Ujung
kain sindur dicepeng bapake penganten putri. Dene ibune penganten putri mlampah neng mburine penganten ptri lan
penganten kakung. Sinduran minangka tandha penganten sakloron wis tinampa dadi kulawarga.

 Timbang

Upacara timbangan biasane dilakokna sedurunge penganten sakloron lungguh nang kursi penganten. Ing upacara
timbangan, bapake penganten putri lungguh ing antarane penganten sakloron. Penganten sakloron banjur lungguh ing
pangkonane bapake penganten putri. Tegese upacara timbang yaiku nduweni pengarep-arep supaya penganten
sakloron bisa seimbang ing rasa, cipta, lan karsa. Wong tua uga maringi katresnan maring anak kandung lan anak
mantune padha bae abote.

 Kacar-kucur

Penganten kakung ngesorna raja kaya marang kanthongan lan penganten putri nampani kanthi jarit sindhur. Makna
upacara kacar-kucur yaiku menawa penganten kakung bakal tanggung jawab aweh nafkah marang keluargane. Raja
kaya sing disorna ora kena ana sing mbobol. Nandhakna menawa penganten putri kudu gemi, nastiti lan ngati-ati.

 Dhahar klimah

Penganten kakung lan putri dulang-dulangan, nglambangna penganten sakloron miwiti bakal bebarengan
nggunakna apa bae sing diduweni.
 Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep umah lan bebarengan
tindhak neng acara resepsi.

 Sungkeman

Penganten sakloron marang wong tuwane. Sapisan sungkem marang wong tuwane sing wadon banjur sungkem
marang wong tuwane penganten lanang. Makna kasebut yaiku dadi wujud rasa urmat anak marang wong tuwa.

 Resepsi/ kenduren

Kenduren utawa resepsi/ walimahan iku dadi acara puncak neng pengantenan. Sejatine kegiatan kie duwe makna
upacara slametan, selamet merga inti acara yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakake. Ing acara iki pasangan
penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kulawarga uga kabeh sing hadir neng acara kie.

KD. 3.05 AKSARA REKAN

BAHASA JAWA
KELAS XI SEMESTER GENAP
2022

KD 3.06 Teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh


Serat Wedhatama dipunanggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV. Raja ing Kraton Mangkunegaran Solo
(Surakarta).
Dipunpirsani saking asal katanipun, Serat Wedhatama tegese yaiku tulisan (karangan) kang isine ajaran kang
becik. (Serat : tulisan, Wedha: ajaran, Tama/ utama: becik)
Tembang macapat kang ana ing jero serat Wedhatama Yaiku:
● Pangkur : 14 pupuh
● Sinom : 18 pupuh
● Pocung : 15 pupuh
● Gambuh : 35 pupuh
● Kinanthi : 18 pupuh
Kabeh jumlahe ana 100 pupuh. Bisa uga disingkat dadi PANGSIPOGAKI.

Paugeran Tembang Macapat


 Cacahing gatra saben sapada (Jumlah baris ing 5
sebait)
 Cacahing wanda saben sagatra (jumlah suku 7, 10, 12, 8, 8
kata saben baris)
 Tibaning swara ing pungkasaning gatra (swara u, u, i, u, o
ing akhir baris)

Pangertene tembang gambuh yaiku tambuh, gambuh, jumbuh (sesuai/ cocok) lan tembuh kang awanda mbuh.
Digunakake kanggo menehi ilmu kang kukuh bakuh (tegas).

Watake tembang gambuh yaiku kakulawargan, akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok
kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran (kekeluargaan), pitutur (pesan), piwulang (pembelajaran),
kekarepan (keinginan/cita-cita).

Nggambarake watak pawongan kang mlebu dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula bisa njumbuhake
kebutuhan lair lan batin, keluarga, masarakat, pribadi karo Gusti kang Maha Esa.
Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Saking kepengine ngajak manungsa ora nalisir saka garising Gusti,
diajarake manembah marang Gusti kang kondhang sembah catur yaiku sembah raga, cipta, jiwa lan rasa.

Serat Wedhatama pupuh Sinom


Pada ke 33
Samengko ingsun tutur • yen aku ngomong,
Sembah catur supaya lumuntur • papat werna sembah supaya dilestarikake,
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki • kapisan sembah raga cipta jiwa rasa,
Ingkono lamun ketemu putraku
Tandha nugrahaning Manon • nang kono kui arep ketemu
• tanda anugrahe kang maha kuasa
Pitutur : 4 macem sembah kang kudu diugemi
amarga neng 4 sembah/ ngibadah kuwe bakale
ditemokake tanda anugerah/ rizki saka Gusti
kang maha kuwasa

Pada ke 34
Sembah raga puniku, • Sembah raga yaiku,
pakartine wong amagang laku, • tumindak e wong kang nyoba “olah batin”,
susucine asarana saking warih, • nyucikake raga ngganggo sarana  banyu,
kang wus lumrah limang wektu, • sing wes lumrah kayata lima wektu,
wantu wataking wawaton • kanggo watak kang dasar.
Pitutur: Supaya nduweni Karakter / watek dasar
kang apik bisa diolah kanthi cara nglakokake
ngibadah kang dilakokake raga/ badan. Tuladhane
yaiku shalat 5 wektu. Saka shalat 5 wektu bisa
kanggo ngolah/ sinau disiplin wektu.

KD 3.07 Teks Cerita Rakyat


Cariyos rakyat inggih punika cariyos ingkang sampun sumebar wonten ing masarakat, ingkang cacahipun boten
saged kaetang, malah kadang boten kamangertosan sinten ingkang nganggit.

Ciri-ciri Teks Cerita Rakyat


1. Anonim, boten dipun mangertosi sinten ingkang nganggit
2. Karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng
3. Nyariosaken bab awon (boten sae) lan sae/leres, kangge tuladha
4. Nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal (ora mungkin) wontenipun (imajiner)
5. Statis, tetep, boten wonten ewah-ewahan (perubahan) saking jaman dateng jaman salajengipun

NILAI-NILAI KANG ANA ING CERITA RAKYAT


1. Nilai sosial, carios rakyat ngawrat nilai sosial menawi wonten ing carios punika wonten interaksi utawi
hubungan antar tokoh.

2. Nilai budaya carios rakyat ngawrat nilai budaya menawi wonten ing carios punika wonten kandungan budaya
tradisional kang ana ing sawijining daerah.
3. Nilai pendidikan carios rakyat ngawrat nilai pendidikan menawi wonten ing carios punika wonten kandungan
bab pendidikan antar tokoh.

4. Nilai moral carios rakyat ngawrat nilai moral menawi wonten ing carios punika wonten bab kang wote
ngandheng cenenge kaliyan moral tokoh.

Unsur-unsur Cerita Rakyat


1. TEMA: Ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita
2. SETTING: Latar belakang kang mbantu cethaning laku crita
3. SUDUT PANDANG: nyritakake tokoh, barang,papan, kewan , lsp
4. ALUR/PLOT: Rerangkening prastawa/ kedadeyan ing crita
5. PENOKOHAN: Nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku
6. KONFLIK: Perkara kangdadi punjere crita

Jenis Cerita Rakyat


1. MITOS: Crita kang dianggep bener-bener kadadeyan
2. LEGENDA: Crita asal-usule daerah
3. DONGENG: Crita sing dianggep ngayawara
4. FABEL: Crita kang nyritakake kewan

Tuladha teks Cerita Rakyat


 Mitos : Nyi Roro Kidul, Blowong
 Legenda : Rawa Pening, Tangkuban Perahu
 Dongeng : Timun Mas
 Fabel : Kancil lan Baya

KD 3.08 Teks Pariwara


Pariwara/Iklan
yaiku wujud sesambungan kang duwe maksud kanggo menehi greget wong tetuku, nawakaké sawijining barang
utawa tenaga, kanggo merbawani panemuné wong akéh, narik panyengkuyunging wong akéh amrih pikir lan
tumindaké laras karo kekarepané sing masang pariwara.
Yaiku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar
mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.

Bab kang perlu digatekna nalika gawe pariwara:


 Ukarane cekak aos
 Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami
 Tulisan lan gambare narik kawigaten

Pariwara manut wujude:


1. Pariwara tinulis
2. Pariwara radio
cakrike: *theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake
pamiyarsane duwe angen-angen. *Pribadi, tegese pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.
3. Pariwara tv
cakrike: *pesen saka produk yaiku audio, visual lan gerak. *piranti ing pariwara tv luwih genep tinimbang
pariwara radio

Jinising iklan/ pariwara yaiku :


 Iklan komersial yaiku pariwara kang tujuané nawakaké barang (produk). Tuladhane : iklan sabun, iklan
shampo, iklan sepatu, iklan panganan, lsp.
 Iklan leladi jasa yaiku pariwara kang nawakaké babagan sosial. Tujuané ngedol gagasan kanggo leladi
marang masyarakat. Lumrahé pariwara iki isi pangajak kanggo nindakaké utawa malah ngedohi pakarti.
Masyarakat diajak nindakake pakarti kang becik lan ngedohi pakarti kang ora becik.
 Iklan keluarga biasané awujud ucapan wisuda, ucapan palakrama, ucapan bela sungkawa, lsp.
 Iklan kesehatan biasané ngelingkaké bebrayan ing babagan kesehatan, umpamané posyandu, 3 M, KB, lsp.
 Iklan Jasa yaiku pariwara kang nawakake sawijining jasa kanggo masyarakat. Tujuane yaiku supaya
masyarakat migunakake jasa kang ditawakake. Tuladhane : bengkel, salon, cuci mobil, lsp

Struktur Pariwara
1. Orientasi yaiku pengenalan iklan, bisa arupa jeneng barang/ jasa utawa penjelasan singkat babagan
barang/ jasa apa kang ditawakake.
2. Badan iklan yaiku penjelasan babagan barang/ jasa kang ditawakake.
3. Justifikasi yaiku penjelasan ngenani alamat utawa no. Tlpn kang bisa dihubungi kanggo olih barang
kasebut.

KD 3.09 Teks Eksposisi Pertunjukan Tradisional Jawa


Jenis Teks
1. Wacana Narasi yaiku : karangan kang nyritakake sawijining prastawa kang wis kadaden/ dumadi kanthi
cetha marang kang maca. Sahingga wong kang maca, kaya-kaya ngalami utawa nyekseni dhewe prastawa kang
kedaden/ dumadi.
Narasi ana 2: Narasi Fiksi lan non fiksi.
2. Wacana eksposisi yaiku:  wacana kang ngandharake pokok pikiran sing bisa njembarake wawasan,utawa
pangertene kang maca.Biasane dilengkapi kanthi grafik utawa gambar.
3. Wacana argumentasi yaiku: wacana kang menehi alesan ,isine mbeberake bukti lan alesan kang bisa gawe
uwong percaya manawa panemune kang nulis iku bener.
4. Wacana Persuasi yaiku: jinis karangan saliyane ngemu alesan-alesan lan bukti utawa fakta, uga ngemu ajakan
utawa “imbauan” supaya kang maca gelem nampa lan melu panemu utawa kekarepane kang nulis.
5. Wacana Deskripsi yaiku karangan utawa tulisan kang nduweni ancas (tujuan)nggambarna sawijining barang/
objek kanthi jelas marang pamaca.

Ciri-ciri Teks Eksposisi:


 Kanggo njlentrehake sawijining bab
 Asipat informatif
 Panulisane adhedasar fakta lan panemu
 Migunakake basa kang baku

Jenis Teks Eksposisi


1. Eksposisi definisi: Paragraf kang njlentrehake utawa ngandharake definisi utawa pangerten sawijining topik
utawa babagan tartemtu.
2. Eksposisi proses: Paragraf kang ngandharake cara-cara kanggo nglakokake sawijining perkara saka wiwitan
tekan pungkasan.
3. Eksposisi klasifikasi: Paragraf kang isine ngelompokake sawijining bab.
4. Eksposisi perbadingan: Paragraf kang ide utawa gagasan utamane dijlentrehake kanthi cara nandingake karo
perkara liyane
5. Eksposisi analisis: Paragraf kang ngrembag perkara saka gagasan utama dumadi sub bagian.
6. Eksposisi ilustrasi: Paragraf kang menehi gambaran utapa njlentrehake kanthi cara prasaja ngenani
sawijining perkara siji lan sijine kang nduweni kecocokan kang mirip.

Struktur Teks Eksposisi


 Tesis, ngemot gagasan utama utawa ide pokok arupa gambaran panulis ngenani sawijining prakara kanthi
lelandhesan fakta.
 Argumentasi njlentrehake kanthi jero tesis kang dipercaya bener dening panulis kanthi mbeberake fakta-
fakta minangka panjlentrehan saka panulis ngenani argumen.
 Penegasan ulang, arupa dudutan minangka panguat saka idhe kang wis dibeberake dening fakta-fakta ing
bagean argumentasi mau.

Babakan Nulis Teks Eksposisi


1. Nemtokake underan (tema) perkara
2. Nemtokake ancas karangan
3. Ngumpulake utawa milih data saka maneka sumber kang jumbuh karo tema
4. Nyusun cengkorongan (krangka karangan)
5. Ngembangake cengkorongan dadi paragraf eksposisi

Jenis Pertunjukan Tradisional


KD 3.10 Aksara Jawa (Aksara Murda)
Aksara legena yaiku aksara jawa kang durung diwenehi sandhangan. Cacahe aksara jawa ana 20 kang
ditulias dadi 4 gatra. Ke-20 aksara jawa iku ngandhut cerita rakyat Aji Saka.

Pasangan Aksara Jawa ana 2 panggonan.


1. Ing sebelahe aksara sing arep disigeg ; ha, sa, pa
2. Ing ngisore aksara sing arep disigeg; na, ca, ra, ka, da, ta, wa, la, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba,
tha, nga
Aksara Murda
Aksara Murda iku gunane kanggo nulis ing wiwitan paragraf, nulis jeneng wong, jeneng kota, jeneng
dalan lsp. Aksara murda cacahe ana 8 yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba

Anda mungkin juga menyukai