Anda di halaman 1dari 7

TEMBANG

MACAPAT
TEMBANG MACAPAT

PANGERTEN TEMBANG
MACAPAT

PAUGERAN TEMBANG
MACAPAT

TULADHA TEMBANG
MACAPAT
PANGERTEN TEMBANG MACAPAT

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. saben bait


macapat nduweni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwe
sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo muni
pungkasan sing diarani guru lagu. Biasane macapat dimaknani minangka
maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).
Nanging bab iki dudu siji-sijine makna, penafsiran liya uga ana. Macapat
digolongake kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan.
PAUGERAN TEMBANG MACAPAT

Paugeran-paugeran jroning tembang macapat:


1.Kaiket ing wewaton:
a.Guru gatra : cacahing larik/baris saben sapada/bait.
b.Guru wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra.
c.Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra.
2. Basa sing digunakake basa Jawa anyar, diseseli basa Jawa kuna/Kawi.
3. Isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang lsp.
4. Titi laras tembang macapat yaiku pelog lan slendro.
5. Urut-urutane tembang macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka
wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Urut-urutane yaiku Maskumambang,
Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur,
Megatruh, Pocung.
PAUGERAN TEMBANG MACAPAT

GURU WILANGAN LAN GURU LAGU


GURU
NO ARANE TEMBANG
GATRA
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 MASKUMAMBANG 4 12i 6a 8i 8a
2 MIJIL 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u
3 SINOM 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
4 KINANTHI 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
5 ASMARANDANA 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
6 GAMBUH 5 7u 10u 12i 8u 8o
7 DHANDHANGGULA 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
8 DURMA 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
9 PANGKUR 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
10 MEGATRUH 5 12u 8i 8u 8i 8o
11 POCUNG 4 12u 6a 8i 12a
SASMITA LAN WATAK TEMBANG MACAPAT

NO ARANE TEMBANG SASMITA WATAK


Maskumambang, kampul, Susah, sedhih, melas asih, cocog kanggo rasa sedhih
1 MASKUMAMBANG
kambang, kenter. kang ngenesake.
Mijil, wijil, wiyos, medal, Tinarbuka, lumrahe kanggo pitutur nasihat, uga crita
2 MIJIL
sulastri. bab katresnan.
Sinom, taruna, anom, nom, Sabar, grapyak, lan sumanak, lumrahe kanggo crita
3 SINOM
mudha, pangrawit. kang ngemu crita lan pitutur.
Kinanthi, kanthi, gandheng, Seneng, tresna asih, nuladhani, mula cocog kanggo
4 KINANTHI
kanthil. pitutur lan nelakake rasa tresna asih.
Asmarandana, asmara, brangta, Tresna asih lan sedhih, pantes kanggo nelakake rasa
5 ASMARANDANA
kingkin, yungyun. brangta, tresna asih lan crita katresnan.
Gambuh, buh, jumbuh, tambuh. Grapyak, sumanak, cocog kanggo nyritakake pitutur.
6 GAMBUH

Sarkara, hartati, madu, manis, Luwes lan ndudut ati, pantes kanggo ngandhakake
7 DHANDHANGGULA
gulagrawa, tresna, dhandhang. crita apa bae, ing ngendi bae, lan kapan bae.
Durma, dur, undur, galak. Galak, sereng lan kebak kanepson, cocog kanggo
8 DURMA
nyritakake wong kang nesu lan kahanan perang.
Pangkur, pungkur, ungkur, Sereng lan gagah, cocog kanggo nyritakake rasa
9 PANGKUR
wuntar. kagol, mangkelake, lan kahanan paprangan.
Duduk wuluh, truh, megatruh, Sedhih lan kentekan pangarep-arep, cocog kanggo
10 MEGATRUH
pegat, luh. crita kang nggrantesake ati.
Pocung, kluwak, wanda “cung”. Sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo
11 POCUNG
geguyonan lan pitutur.
TULADHA TEMBANG MACAPAT

MONGGO DIBUKA SALAH SETUNGGAL LINK DHATENG NGANDHAP!

1.MASKUMAMBANG : https://youtu.be/lf0J-syqwRU
2.MIJIL : https://youtu.be/oD2lGnGwgbg
3.SINOM : https://youtu.be/QU9vzYNEBnE
4.KINANTHI : https://youtu.be/_rIKQWi46Yc
5.ASMARANDANA : https://youtu.be/BQLaDuVIUJU
6.GAMBUH : https://youtu.be/RwA2Cw9ZuZM
7.DHANDHANGGULA : https://youtu.be/DIldUahQd2k
8.DURMA : https://youtu.be/ThrQDabn8Cc
9.PANGKUR : https://youtu.be/2ilg05pAVoI
10.MEGATRUH : https://youtu.be/0TX1E-9vmxQ
11.POCUNG : https://youtu.be/n3sSYOBdtu8

Saumpami wonten referensi lintune saking youtube napa media


lintune saget di damel.

Anda mungkin juga menyukai