Anda di halaman 1dari 3

TRESNA DADI KENANGAN

Apa ta sakjane cinta monyet kui? Jarene cinta monyet kui mung cinta-cintaane cah
enom sing isih remaja. Bener opo orane aku yo ra ngerti. Kui mung jarene mbah google sing
wis genah pinter sakabehane.

“Karepe nyopo kok disandingake karo monyet? Kok ora kewan liyane wae yo, San?”
Pitakone Endah. Arek gelo ning sampingku iki jane nggarai pegel. Nyerocos wae ra ana
enteke. Omongane ra iso dipedhot ning tengah ndalan. Amarga dheweke yen ngomong koyo
politikus sing ana ning tv yen pas wayahe debat. Dawa, banter, lan ora gelem ngalah.

“Lha yo mbuh to Ndah, karepmu aku iki mbah google? Timbang ngono, iki lho
urusana Hana. Wis kaping piro wae dheweke diselingkuhi pacare.” Aku lan Endah ngguyu
cekakakan ngelingi kedadeyan sing wis biasa kui. Ora liya yo gara-gara Hana, kancaku wiwit
sd iki ditinggal maneh nyang pacare. Dikapak-kapakne nek jane wong ra untung ke susah
tenan. “Wes to, shuut!” Hana nyela karo nempelake dudinge ning lambene. “Ojo ngrasani
akuwae. Ket wingi kok sing dijagongne kui wae.” Hana iwit ngamuk-ngamuk maneh.

“Suka-suka gue dong.” Semaurku sok gaul. Hana mringis ngrungokake jawabanku.
Pancene aku yo ngene iki. Biasa wae lan ora terkenal. Ora koyo arek-arek famous sing bodine
apik koyo gitar spanyol lan senengane mlaku lenggak-lenggok kayata dheweke kui artis
beken. Nanging ojo salah, aku iki tipe uwong humoris lan aktif. Tegese aktif nggawe guyon.
Mulane kancaku akeh lan ora ana siji-sijiya sing nyundep awakku saka mburi.

Sakjane aku yo ra iso nyalahake Hana amarga kelakuane. Wiwit SMP dheweke wis
gonta-ganti pacar. Nanging wis dadi nasibe ora ana siji-sijiya sing langgeng lan keterusan
nganti saiki.Yo piye maneh jenenge cah enom. Wis dadi tradisi yen ra ndhendheng yo rung
afdol. Dak eling-eling maneh aku yo tau ngalami sing jenenge cinta monyet. Yen ra salah
pas iwit-iwitan SMP. Dheweke bedo gugus karo aku, nanging aku tukang weruh dheweke
ning kantin. Dak sawang-sawang kok katon gagah. Tibakno jenenge Agung Prasena.
Biyungalah Gusti! Diwaca wae wis katon gagah. Apa maneh yen nyawang uwonge. Awake
dhuwur, rambute ngombak segara, irunge mbangir, lan eseme nentremake ati. Kok yo bagus
tenan to...

Maturnuwun Gusti.... Ndlalahno untung tenan, aku kebagian sekelas karo dheweke.
Alhamdulillah bisa nyawang saben dina saka cedakan. Ora perlu wira-wiri mrana-mrene
kanggo nyawang dheweke. Saya sui anggonku ngumatake, atiku iki saya klenggat-klenggut.
Saya kesengsem aku karo polah tingkahe. Tibake Agung iku yo pinter, aktif ning kegiatan,
lan disenengi para guru. Wis jane kodrate wong ganteng, rana-rene padha seneng kabeh.
Pancene idaman tenan!

Rumangsaku dina-dina iki mlakune banter. Ora kerasa wis mlaku setahun. Aku kudu
nerima rolling kelas. Jane wis aturane sapa-sapa sing mbiyen sakelas ora bakal dadi siji
maneh tahun ngarep. Masio ngono kok yo tetep wae aku sekelas karo Endah lan pungkasane
aku ra sakelas karo Agung.

Esuke ning kelas kok ana rame-rame. Ana apa yo kok wis padha nggosip kabeh.
“San! Sania! Simbahe Agung seda!” Endah ngomong karo nyeret awakku nyang bangku.
Aku ndomblong ora percaya karo opo sing dak rungokake. “Kok iso Ndah?” Bengokku.
“Jantung San. Pancene yo wis tuwa barang.” Semaure Endah ringkes.

Sadawane dina aku mung nglamun mikirake kepiye kahanane Agung. Agung iku arek
broken home. Bapak Ibuke cerai lan saben dinane dheweke diuripi simbahe. Apa-apa butuhe
disediane simbahe. Saiki kepiye nasibe. Biyungalah.. kok ya mesakne banget.

Sakbare kedadeyan kui, Agung ra mlebu sekolah. Kabeh ngerti yen dheweke butuh
wektu dhewe. Ananging kok ngasi sewulan dheweke isih ra mlebu sekolah. Biasane dheweke
ngabari aku yen ana opo-opo. Nanging iki kok ora ana kabar? Ana apa to sakjane?Aku wis
mumet, ora betah karo tingkah polahe guru-guru sing panggah nakonake ana ngendi saiki
Agung. Dak sms ra dibales, dak telpon ra diangkat. Yuh! Ngandi to iki areke!

Sui anggonku ngenteni kabare, akhire dheweke mlebu skolah. Dheweke sing mbiyen
dadi favorite para guru saiki wis ra dianggep maneh. “Gung, koe nyandi to? Kok ora ana
kabar? Dak sms, dak telfon, ora mbok respon.” Pitakonku karo nahan pegel. “Ora ana opo-
opo. Tenang wae, sorry San nggawe awakmu susah.” Semaure Agung. “Yen nduwe masalah
omongo, aja dipendhem dhewe.” Dheweke mung manggut-manggut karo ngumbar eseme.

Areke iki edan tenan! Sedina ana sedina ora. Kepiye to nalare Agung iki. Opo njaluk
di drop out ket sekolah. Gobloke aku kok yo isih ngurusi dheweke. Opo gunane anggonku
nyenengi dheweke, anggonku mbela-mbela dheweke yen akhire aku mung luntang-lantung
ngene iki. Ora ana kepastian. Jamane wes modern uwong-uwonge yo kudu modern. Arek
wadon saiki kudu wani. Iyo aku ngerti, nanging aku wedi. Kepiye yen mengko gara-gara
tresnaku iki Agung dadi ngadoh saka aku? Aku ra bakal ngorbanake kekancan mung gara-
gara tresnaku iki.

Sedhih atiku, wong sing dak tunggu-tunggu malah ngresahi aku. Jalaran sedhihe atiku
gara-gara ana gosip Agung kui ra tau sekolah amarga dituntut wae nyang pacare. Pacare
luwih tuwa saka dheweke, SMK kelas 2. Gung..Agung. Ora peka banget koe. Tibake koe
malah wis nduwe pacar. Ngono kok yo nggolek arek wadon ndhendheng pol koyo ngono.
Saka beritane, pacare kui njaluk dhuwit wae, njaluk diterne lan dijupuk sekolah. Ngasi Agung
kui adol hpne adine kanggo mbiayani arek wadon kui. Ckck...Mbok yo dipedhot wae to
Gung..

Wengi iki, aku nekat tenan. Masio aku ra ngerti saiki dheweke ning ngendi, pokoke aku
kudu telpon dheweke lan ngomong yen aku nduwe rasa. Yess! Diangkat!

“Gung, aku arep ngomong penting iki, iso ketemuan ora?”

“Sorry San, aku raiso. Ngomongo saiki wae ning telpon.”

“Sejatine aku nduwe rasa nyang awakmu iwit mbiyen. Aku meneng wae amarga
cegah ngerusak tali kekancan antarane awake.”

“Maturnuwun San wes ngewangi aku,wes peduli nyang aku, ananging pendhemen
wae rasamu kui. Saiki aku wis bedo. Aku dudu wong apik sing mbiyen mbok senengi.Aku
mung nambahi bebankanggo awakmu.”

Sakbare ngomong nyelekit ngono kui, dheweke langsung mateni telpone. Atiku sesek,
eluhku ndlewer ngeling-ngeling sepiro gedhene trenaku nyang dheweke. Aku nerimo apik
eleke awakmu. Arepo awakmu wes dadi wong sing bedo aku bakalan tetep nrimo. Ananging
yen koe ngeroso ora pantes, aku kudu piye? Aku kudu nyerah, mandek. Aku kudu nglalekake
awakmu. Yen jane jodoh pancene bakal disatukne nyang Gusti Allah.

Anda mungkin juga menyukai