Anda di halaman 1dari 6

Kaca Paningal

Dening : Riska Nur Antika (PBJ 2019)

Adheme wengi nganti jutul ing balung, sumilir angin ngrasuk jroning awak, aku
madhep ndhuwur nyawang sang rembulan nylungsup ing mega cemeng. Wiwit
purwakaning surya nganti wusananing ratri, tan kendhat panyawangku uwal saka
wewayanganmu.
Embuh. Kena ngapa wengi iku aku bungah banget nyawang potomu. Ya, sliramu
wong bagus sing kasil ngerah atiku. Agung Prihantono Surya Putra, jenengmu, sing
kadhang grothal-grathul tak ucap amarga kedawan jeneng. Senajan ta sliramu guruku ing
sekolah nanging ora dadi apa, amarga aku tresna lan sliramu uga tresna. Awakedhewe
pancen duwe ubungan tresna, nanging yen ning sekolahan ya umume wae kaya guru karo
muride. Sasat kabeh padha ora weruh yen aku karo pak Agung kuwi cedhak. Senadyan
umurku karo dheweke beda limang taun, nanging ora ngalangi tresna iki ngambar arum.
Oh, iya. Jenengku Anita Rahmawati. Umurku 18 tahun, isih kelas telu SMA.
Seneng banget karo musik, mula iku aku nekuni ekstrakurikuler musik ing sekolahku. Ya
ning ekstra musik iki aku kenal pak Agung sing ra liya pembinane ekstra nganti padha-
padha nandang ketaman asmara. Ubunganku karo dheweke wis mlaku rong taun wiwit aku
kelas siji. Bapak ibuku ngrestui, semana uga bapak ibuke pak Agung. Nanging, yen
babagan rabi, mengko, yen aku wis lulus S1.

***
Esuk katon sumringah. Srengenge nembe katon ing suwalike arga. Sunare
mencorong kayata rasa bungah kang kagambar isuk iku ing jero dhadhaku. Jam 06.00 aku
gage tata-tata budhal sekolah. Ora sabar ketemu jejampining rasa kangen iki. Sawise siyap,
aku banjur pamitan marang bapak karo ibuk.
Teka ngarep gerbang sekolah aku gage mudhun saka angkodes.
“Niki pak yatrane, maturnuwun.” Ucapku karo ngelungne dhuwit ning pak Yanto, sopir
angkodes iku.
”Iya ndhuk Anita, padha-padha.” Sumaure karo bablas ngulon ninggalake sekolahan.
Bener wae, sing tak antu-antu wis katon ing ngisor wit palem ngerep sekolah.
Panggon kuwi sing biyasa tak nggo ketemu, senajan mung ngedhepake netra karo mesem,
tanpa guneman. Bel mlebu muni, aku banjur mlayu saka gerbang lan gage mlebu kelas.
Ninggalake panyawangku saka wit palem iku mau.
***
”Kriiiingggg…kriiingggg.” Bel tandha istirahat wis muni nganti mbenging ning
kuping. Aku, Lina, karo Sari mlaku menyang kantin. Saka adohan kantine Bulik Ros katon
jejel riyel kebak bocah-bocah. Wusanane Lina sing pesen bakso, menu sing paling enak
saka kantine Bulik Ros. Aku lan Sari nunggu ning bangku pojok kantin.
”An, HPmu empan iku lho”. Swarane Sari ngagetke aku sing isih domblong nguwasi
kantin.
Dakbukak HPku lan isine WA saka pak Agung sing gawe bungah atiku:
“An, mengko aja mulih dhisik ya! Latihan nyanyi sik kanggo acara Rapat Wali Murid suk
Senin. Matur nuwun. Ndang maem baksone bulik Ros, ben pipine tetep nyempluk.”
Aku maca chat iku mau karo mesam mesem, seneng, lan ora sabar kepengin gage
bel mulih.
“Hayo, kok mesam mesem mesthi lagi chattingan karo pak ganteng sing gawe kaca
paningal, ya ta An?.” Swarane Lina ngagetke karo gawa telung mangkok bakso.
”Halah, wis mesthi lho Lin. Cah kuwi nek wis kadhung di WA pak ganteng lak ngono iku.
Jal nek durung di WA lak bola-bali ngecek HP.” Sari ngimbuhi.
Cah loro iku pancen mangerteni yen aku karo pak Agung pacaran, kamangka cah
loro iku kanca cedhakku wiwit aku SD.
“Wis lah cah, ayo gage dimaem baksone. Mengko nek selak mlebu kelas.” Sumaurku.
“Lak mlipir ta, halah wis angel. Angel.” Bisike Lina ning Sari karo njedhir lambene.

***
Bel mulih sekolah nembe wae muni. Katon bocah-bocah wis padha buyar
ninggalake sekolahan. Embuh luwe, embuh kangen omah, apa ana urusan liyane aku ora
weruh. Sing mesthi bubar bel mulih bocah-bocah iku wis kaya ra sabaran pengin metu saka
sekolahan. Ndadekake kahanan sekolahan sepi mamring.
Aku age-age nyandhak sepatu ing rak ngarep kelas. Banjur mlaku alon-alon tumuju
ruang musik. Karo nata ati supaya ora salting ning ngarepe pak Agung.
”Assalamualaikum.” Aku uluk salam.
”Waalaikumsalam. Mlebua, An” Sumaure wong bagus nganggo kaca paningal sing lagi
nata sound sytem.
”Kanca-kanca ning ndi ya, Pak? Kok isih sepi banget.” Pitakonku.
“Lha iya, biyasane wis padha mlumpuk kok urung mrene. Ya wis dienteni wae, An.”
Imbuhe.
Wis meh setengah jam suwene, kanca-kanca durung ana tandha-tandha teka.
Wusanane pak Agung ngawiti latihan karo aku dhewe. dheweke pancen professional. Yen
ing sekolahan ora ngetokake kaya wong pacaran.
Latihan wis mlaku 15 menit. Aku nyawang lawang ruang musik karo setengah
leren. Pak Riyan staff TU sekolah dumadakan lewat karo nglirik aku lan pak agung kanthi
lirikan aneh tur katon pegel. Pancen pak Riyan iku ora seneng karo pak Agung. Embuh
kena ngapa aku ora weruh. Saliyane iku, pak Riyan uga nate seneng karo aku nanging ora
dakgubris. Dumadakan ing cendhela kaya ana kamera sing diadhepke ning aku karo pak
Agung. Nanging ora let suwe tak uwasi kamera HP mau wis ora ana.
“Alah paling mung perasaanku wae.” Batinku.

***
Isuk iku kahanan kelasku rame. Bu Ida, guru BK durung uga mlebu kelas aweh
pelajaran. Sasuwene dienteni, bu Ida rawuh. Nanging ora mlebu kelas, mung ana ngarep
lawang.
“Anita, ayo ning ruang BK!” kandhane bu Ida.
Aku sing kaget banjur ngetut mburi bu Ida kanthi rasa was-was lan bingung ana
apa. Rumangsaku aku ya ora gawe masalah apa-apa.
”Boten kados ngaten Pak Kepala Sekolah. Kula kalih Anita namung latihan kagem acara
rapat mbenjang Senin.” Swara sing tak kenal uga gawe atiku sansaya bingung nalika ing
cedhakke ruang BK.
Aku banjur mlebu ruangan lan kaget ing kono wis ana kepala sekolah, Pak Riyan,
karo pak Agung.
”Anita, lungguh kene sik. Apa bener awakmu wingi pacaran karo pak Agung ing ruang
musik? Iki bukti fotone! Jajal jelasna!” ature pak kepala sekolah.
”Saestu boten gadhah niyat pacaran pak, kula kalih pak Agung namung latihan. Sakmenika
kanca-kanca boten dugi. Dadose namung kula kalih pak Agung mawon.” Wangsulanku
tegas.
”Alah, pancen padha-padha tresnane, apa gelem ngaku yen pacaran. Latihan kok mung
wong loro. Wis genah kuwi golek kesempatan.” Imbuhe pak Riyan sing gawe mripatku
mbendung banyu eluh.
Aku dikongkon metu saka ruang BK. Ninggalake pak Agung kanthi swasana ati
sing mobat-mabit ora karuwan.

***

Wayah sore aku isih wae ngurung ing kamar. Takon kepriye dadine masalah mau
isuk nanging pak Agung durung ngabari. Mondar-mandir ing sakubenge kamar, wis kaya
wong linglung. Sing tak karepake ana titik temu lan kepala sekolah percaya yen iku mung
fitnah. Pranyata kamera ing suwalike cendhela wingi duweke pak Riyan sing sengaja golek
bahan kanggo ngruwet aku karo pak Agung.
“Tuiit..tuiit.” HPku sing dakcekel ngalor ngidul muni, tanpa mikir dawa langsung
dakbukak. Chat iku saka pak Agung. Aku bungah banget.
“Tak enteni saiki ning wisata cedhak omahmu ya An. Aku pengin ketemu pengin ngomong
karo awakmu.”
Tanpa adus, tanpa dandan aku gage salin klambi banjur nyandhak tas slempangku
lan njujug wisata air terjun kidul omahku saperlu nemoni pak Agung.

***
Ing gubug cilik tumuju wisata, katon pak Agung sing nunggu tekaku. Dheweke
nganggo hem putih polos sing nambahi putih kulite dadi saya nambah putih lan nambah
baguse.
”Pak.” Celukku ing sisihe.
“An, aku bingung kudu ngomong kepriye. Aku abot banget arep blaka ning awakmu.
Kepala sekolah ora percaya karo aku amarga Riyan terus-terusan gawe crita sing ora-ora.
Dadine aku wis ora..” durung sampe kandha dheweke ndingkluk.
“Ora piye pak? Crita wae ben aku iki ya ora bingung. Ben aku lega.” sumaurku bebarengan
netese eluhku.
“Aku wis ora ngajar ning SMA maneh An. Aku dipindhah tugas ning njaba pulo Jawa. Wis
ora bisa ketemu awakmu, An.” Kandhane karo nggegem tanganku lan nyawang mripatku.
”Aja ngawur pak. Omonga yen omongane sampeyan mau mung guyonan. Aja ngono pak,
aja ngapusi.” Wangsulanku karo nangis.
”Aku ora guyon,An. Temenan. Sing tak suwun awakmu sabar ya, An. Saiki sawangen aku,
An. Sawangen netraku. Percayaa yen awakedhewe jodho mbesuk bakal bali dadi siji.”
Kandhane karo nyawang mripatku sing wis rembes, abang, lan mbanyu. Mripat ing
suwalike kaca paningal uga katon ngembun, mripat bening kebak tulusing tresna iku melu-
melu mbanyu ing sangisore gubug wisata. Bakal ora ana eseman ning ngisor wit palem
maneh.
“Pak, aku tresna sampeyan.” Kandhaku karo nangis ngguguk.
“Semana uga aku, An. Aku ya tresna banget karo awakmu.” Wangsulane karo ngekep
awakku ing dhadha jembare.
***
Dina ganti dina, wulan ganti wulan, taun uga ganti taun. Wong bagus nganggo kaca
paningal iku lunga ninggalake aku. Saben wektu, yen kelingan atiku morat-marit, nanging
ya iki kahanan sing kudu daktampa. Sasuwene iku, aku ora nate mbukak ati kanggo sapa-
sapa. Ing atiku ya mung siji, mung pak Agung. Daktunggu terus kabar saka dheweke.
Mataun-taun ora kekabar babar blas. Nanging aku isih setya ngenteni. Nganti aku wis
ngayahi kuliyah semester wolu ing jurusan Seni.

***
“Ndhuk, mrenea ning ngemper!” celukke ibuku kanthi swara banter.
Aku sing lagi garap skripsi ing kamar langsung metu cengkling.
”Wonten napa ta buk? Kok bengok-bengok.” Sumaurku.
“Iki lho Ndhuk, ana layang saka Agung. Wacanen ndhuk kowe mesthi seneng.” Ujare Ibu.
Tanpa mikir dawa, daktamapani layang kuwi mau. Sing isine:
“Anita Rahmawati, si pipi nyempluk kaya penthol baksone Bulik Ros. Piye kabare? Isih
eling aku kan? Sepurane aku lagi bisa ngabari awakmu lewat layang iki. Aku suk mben
bali ning Jawa, An. Ning kene tugasku wis sampe. Aku bakal nemoni bapakmu kanggo
nembung awakmu.”
Atiku kaya ketiban ndaru. Maewu-ewu lintang kamulyan kaya-kaya niba ing
dhadhaku. Anggonku ngenteni pak Agung ora siya-siya. Anggonku Ndonga rina wengi
dibayar lunas ning Gusti Allah.

***
“Saya terima nikahnya Anita Rahmawati binti Bapak Anton Sujarwo dengan mas kawin
seperangkat alat shalat dan perhiasan emas dibayar tunai.”
“Bagaimana sah?”
“Sahh.” Serune para saksi ing ijabanku.
Wusanane, rasa tresna iki bisa kasembadan marang gantilaning ati. Aku wis ora bisa
kandha apa-apa maneh, saliyane ngucap rasa syukur. Wis ora ana banyu mata sedhih
maneh anane mung eluh merga rasa bungah. Uga mripat ing suwalike kaca paningale wong
bagus sing saiki dadi garwaku iku wis ora ngembun, nanging bening kebak katulusan kaya
mbiyene.
”Pak, aku bungah banget bisa nduweni sampeyan sautuhe.” Ucapku karo mesem mencap-
mencep.
”Ya aja pak maneh lah. Mas ngono lho.” Wangsulane sinambi mbenakne ronce melathi ing
sanggulku.

Bungkal, 21 Februari 2021


-----------------------------------------------------------Cuthel-------------------------------------------

Anda mungkin juga menyukai