Anda di halaman 1dari 11

Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok
wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh
karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh
purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik,
isih akeh sing padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha
Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca
guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti
atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi
kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen
diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune
bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah
nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep,
dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene
olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ??
Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan
rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku
kampus kuwi akeh banget?.
?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya
esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi
gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III
sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu
ngluwihi bocah lanang.

Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka
neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re.
Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke
neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan
bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek
saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke
lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari
njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan
kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku
wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak
suguhi apa-apa.
Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten
nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober
nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore,


karo celathu :

?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho,
pak?.

?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh
krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise
motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana
rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki
sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe
muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku


mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana
tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing
ketara akeh pengunjunge.

Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal.
Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-
aruh :
?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :

?Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.

?Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu
mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku
njur ora pangling :

?Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??

?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo


nggeguyu aku merga pangling :

?Kosik !….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki


dheweke.

Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala.
Tekan ngarep toko aku kandha :

?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?.
Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak
titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.

Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong
pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru
luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku
nawani dheweke :

?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.

?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.

?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati
gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket.
Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku
tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang,
Prabandari mesthi mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing
ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.

Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing
durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur
takon :

?Gawe apa Ndari ??

?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh
ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha :

?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek


neng cedhake :

?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi
sampun berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?.

?Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??

?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?.
Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku.

Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage
aku ngadeg karo kandha lirih :

?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng
tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng
bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase.

Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari
mesthi mesem, ….. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku.
Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru.
Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing
wektu iki ora nyenggol atiku.

Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi,


mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya
duwe rasa kaya rasaning atiku ?

Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit.


Bel bubar sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha
metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha
bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung
mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg,
kepara nyenggol-nyenggol lengenku.

Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.

Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan
Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun
methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari
kanthi bungah.

Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku
mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau
dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur
ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara ….
nrangkel …. ngrantes ….., ning aku ora bisa apa-apa.

Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake
awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora
bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake
karo jaka bagus ?
Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku
ana klas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen
pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.

Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong
Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina
Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti,
lan ya ora ana sing mamitke.

Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari
dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi.

Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah
nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon
kanthi alus:

?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ??
Wangsulanku entheng :

?Inggih …. wonten punapa ??

?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu
punika sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.

?O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??

?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika
pinuju libur?.

Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora.
Gage wangsulanku :

?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah
bagus kuwi njur pamit bali.
Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku
dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa
dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.

Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul
atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari.

Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing
weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.

Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak
tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.

Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi
ancer-ancer cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.

Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone
ngacarani tekaku :

?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang
kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar
petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi
ngendikani !?

Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban
slimut rapet. Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo
kamase aku takon :

?O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun,


penjenengan sinten dhik ??

?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula
kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten
peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau
wonten mrika?.

?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli


kandane maneh :

?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula
ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe
ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari?.

?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah.


Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine
Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget …. gek
bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing
raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon :

?Ndari, kowe lara apa ??

?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute
krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku.

Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau
diseleh ing ngisor bantal.

Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha
dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :

Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku,
sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur
marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen
sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah
sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak
Gun, bakal ndak gawa mati.
Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa
welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari
sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak
ruket kenceng karo kandhaku groyok :

?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani
pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen
banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih
tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku
njaluk ngapura. Ndari njur takon lirih :

?Kok pirsa, pak ??

Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu
saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :

?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus
SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari,
ketang gedhene tresnaku?.

Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti,
ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng
keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar
tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :

?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.

?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-
omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku
kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :

?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha
kangen?. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku
mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.
Lumakune taun ora rinasa.

Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak
gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.

Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger


mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji
manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.

Anda mungkin juga menyukai