Anda di halaman 1dari 17

Pengertian Cerkak

Dalam bentuk-bentuk fiksi yang lebih panjang, cerita cerkak memuat unsur-unsur inti tertentu dari struktur
dinamis :

Eksposisi yaitu tentang settingnya, situasi, dan tokoh dalam cerita.


Komplikasi yaitu kejadian yang ada dalam cerita yang mengenalkan tentang konflik yang dialami tokoh
utama.
Kejadian yang singkat dan krisis yaitu waktu yang menentukan si tokoh utama dan komitmennya.
Klimaks yaitu titik paling atas di dalam terjadinya konflik yang dialami tokoh di dalam kejadian yang
paling penting.
Penyelesaian yaitu di mana cerita terjadinya konflik mulai terpecahkan.
Pesan Moral yaitu biasanya berisi pesan kesan dan pesan moral dari penulis yang berada pada cerita.
Karena pendek, cerita cerkak bisa memuat pola ini ataupun bisa juga tidak. Untuk contohnya, cerita-cerita
cerkak modern hanya satu kali mengandung eksposisi. Yang lebih umum yaitu awal yang mendadak,
dengan cerita yang bahas di tengah aksi kejadian. Seperti dalam cerita-cerita yang lebih panjang, plot dari
cerita cerkak juga mengandung klimaks atau titik balik.

Akan tetapi, akhir dari semua cerita cerkak biasanya mendadak dan bisa mengandung ( bisa jadi iya bisa
jadi tidak) pesan moral. Seperti banyak dalam bentuk seni India, ciri khas dari satu cerita pendek berbeda
dengan menurut pengarangnya.

Cerkak Bahasa Jawa


Sumber gambar: unnes.ac.id
Ciri-Ciri Cerkak
Cerkak mempunyai ciri-ciri sebagai berikut :
1. Ceritanya pendek
Bisa disebut cerkak kalau ceritanya tidak terlalu panjang, ringkas dan padat. kira-kira panjangnya sekitar
500 kata atau tidak lebih 10000 kata. Karena ceritanya ringkas, pasti ceritanya tidak banyak basa-basi.

2. Bersifat fiktif
Cerkak juga mempunyai sifat fiktif atau tidak benar-benar ada di alam dunia. Jadi cerkak dapat dibuat tidak
dengan kisah nyata seseorang, dapat dibuat seolah-olah ceritanya benar-benar berhasil, padahal tidak
berhasil sama sekali.

3. Sifate naratif
Paragraf yang menceritakan kejadian dan kejadian itu urut sesuai waktu kejadian.

4. Biasanya ada sangkut pautnya dengan kelakuan manusia


Cerkak juga umumnya sangat banyak hubungannya dengan kelakuan manusia. Apa pun yang dilakukan
manusia juga dapat dijadikan cerita yang bagus.

5. Mempunyai kesan tunggal


Kesan tunggal ini seperti memusatkan salah satu tokoh di tiap-tiap alurnya, di dalam setiap suasana atau di
setiap saat.

6. Bahasanya tegas dan berisi sugesti


Bahasa cerkak umumnya tegas dan berisi ajakan. maksudnya adalah to the point (tidak bertele-tele),
mempunyai ciri gaya bahasa yang mampu menggambarkan salah satu cerita.

Cerkak yang bagus akan dapat membawa suasana pembacanya kepada cerita yang dia baca, baik itu cerita
sedih, senang, menakutkan dan lain-lainnya. Intinya dapat membuat pembaca senang kepada cerita, karena
bahasa yang digunakan penulis bagus dan menarik.

Contoh Cerkak Basa Jawa


Sumber gambar: Tribunnews.com
Unsur- Unsur Cerkak
Cerkak mempunyai 2 unsur, antara lain :

1. Unsur intrinsik yaitu unsur yang ada dalam karya itu sendiri. Unsur-unsur intrinsik cerkak yaitu terdiri
dari :
• Tema
• Latar : tempat, waktu, dan keadaan
• Alur : maju, mundur, campuran
• Tokoh
• Penokohan
• Sudut pandang
• Amanat

2. Unsur ekstrinsik yaitu unsur-unsur berada di luar karya sastra, tetapi secara tidak langsung
mempengaruhi sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi :


• Nilai-nilai dalam cerita (agama, budaya, politik, ekonomi)
• Latar belakang kehidupan pengarang
• Status sosial waktu cerita dibuat

Berikut contoh Cerkak bahasa Jawa:


1# Contoh Cerkak Berjudul: Prabandari Muridku
Contoh Cerkak Prabandari Muridku
Contoh Cerkak Prabandari Muridku
Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng.
Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron,
sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing
padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja
lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya
bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah
kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa
panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka
sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon
:

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung
Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.

?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku
sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu
mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah
lanang.
Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen,
mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku
karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu,
dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora
nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku
neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.

Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :

?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.

?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha
ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku
dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot
wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha
Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko
Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.

Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak
ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :

?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :

?Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.

?Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan
nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling :
?Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??

?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling :

?Kosik !….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.

Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku kandha :

?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung mesem karo
manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.

Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae. Aku ndedonga,
muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame.
Tekan njaba aku nawani dheweke :

?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.

?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.

?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina
srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari
krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi
mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.

Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase,
banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :

?Gawe apa Ndari ??

?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi
karo ndumuk njur kandha :

?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :

?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga utawi
krama, kula kadho ta sampun, pak?.

?Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??

?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari karo
nyekikik mandeng aku.

Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha
lirih :

?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake
pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane
neng tase.

Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, ….. esem sing
kebak makna jero mungguhing atiku.

Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung
kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.
Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak
mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ?

Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah keprungu
saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-
murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning
mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku.

Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.

Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng
Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi
dening Ndari kanthi bungah.

Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget.
Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe
resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel …. ngrantes
….., ning aku ora bisa apa-apa.

Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku
ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku mbok
tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?

Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas ngadhepi bocah-bocah,
aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi
dheweke.

Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora
ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha
ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.

Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah
bagus kuwi.

Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu.
Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:

?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku entheng :

?Inggih …. wonten punapa ??

?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki dereng
mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.

?O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??

?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur?.

Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :

?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali.

Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake
banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.
Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti
kelangan cah ayu Ndari.

Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng
Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.

Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku
bakal njaluk pangapura.

Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kamase
Ndari, dhek teka mamitke kae.

Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku :

?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik.
Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak
, kula aturi ngendikani !?

Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh neng
lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :

?O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ??

?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng
budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi
nglajengaken sinau wonten mrika?.

?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh :

?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap,
badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun
Ndari?.

?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu
pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet
banget …. gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo
kumlesik ing kupinge aku takon :

?Ndari, kowe lara apa ??

?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake
ngungkurake aku.

Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal.

Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek
wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :

Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe.
Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara
nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono
mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.

Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan keduwungku
sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak
glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok :
?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya Ndari !
njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca.
Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk
ngapura. Ndari njur takon lirih :

?Kok pirsa, pak ??

Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres.
Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :

?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung
kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku?.

Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku
ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage
njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :

?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.

?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku
njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :

?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka kamar ora
keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka
larane.

Lumakune taun ora rinasa.

Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi
segere hawa esuk.

Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan
sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial
jenengku.

(Sumber: www.cerkak-jawa.com)

2# Contoh Cerkak Berjudul: Ayumu Jebul Ora Tulus


Ayumu Jebul Ora Tulus

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-
jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima
nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan
nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni.

Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan penumpang. Ewadene
ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.

Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake
utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone penumpang, sing lungguhe
tansah terus ditetel kuwi.

Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake
kenyamanane penumpang.
Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa
nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ? aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan
awake.

Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-
mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan.

Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng
kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.

Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa
marahi neng sirah mumet.

Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.

?Wonten kabar ingkang hangat, mbak??, ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen.

?Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh.

?Wih ? angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njur jual mahal.? Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana
tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake
cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku.
Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke :

?Mbak, prastawa Rano Karno kenging musibah punika sampun mlebet koran dereng??, pitakonku serius.
Kontan dheweke leren olehe maca njur nyawang aku kanthi nanjakke karo takon :

?Rano Karno bintang film kondhang punika, ta mas ? Kandha ngono mau karo ngulungake koran sing
diwaca marang aku, karo mangsuli :

?Kok dereng, mas, wonten mriku dereng dipun muat,? kandhane.

?Lajeng kenging musibah punapa, mas, Rano Karno ?? cah ayu mau ndhedhes kepingin ngerti.

?Dhawah saking bis mbak? wangsulanku ngglayem. Mangsoa dimot, sebab pawarta mau ora bakal ana,
awit kabeh mau mung pangreka dayaku murih bisa kenal becik karo dheweke.

?Rano Karno dhawah saking bis kota wonten pundi, mas??, bocah mau isih ngoyak terus.

?Wonten Jakarta, mbak, ning kula kinten mboten badhe kababar ing koran, amargi kedadosan punika
pancen kajarag.?

?Lho kok aneh, mas, kajarag kados pundi ?? Uh kena pancinganku, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek
kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu.

?Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron.? Si Dul Anak Sekolahan? ingkang
kaping kalih.? Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku.
Wusana dheweke takon :

?Mas ini kayaknya wartawan ya ?? ngono kandhane nganggo basa cakecandhake.

?Bukan?, kandhaku gedheg.

?Kalau bukan wartawan, pengarang ya ??. Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo
kandha :
?Apa malah perayu, mas ?? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen
ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene ? ah, aku dadi
nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani
panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo
kandha :

?Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh,? kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-
remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone ndedhes terus.

?Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ?? jawabku :

?Penganggur, mbak, sekaligus pelamun.? Cah ayu mau gage nyaut :

?Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa
dipisahake, mas, mbok ngaku ta !?. Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan
nutup-nutupi maneh :

?Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan? aku ngaku
jujur.

?Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang
yen ora ngerti seluk beluke.? Kandhane cah ayu rumangsa menang.

?Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta ? Jenengku Warto.? Kandhaku karo ngathungake
tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge :

?Ningtyas.? Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon :

?Daleme ngendi mbak ??

?Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake
pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek
penjenengan, mas ?? Ningtyas genti takon.

?Asalku mono Sala mbak ? ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta ?, wong nyatane tuwa
aku.?

?Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.? Kandhane polos.

?Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta
neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku
wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange.?

?Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi, mas ?, Ningtyas takon.

?Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-
jeneng lan novele aku nganti apal.? Wangsulanku blaka. Jeng Ningtyas sajak isih arep kepingin crita akeh,
ning embuh sidane kok kandheg sajak mangu-mangu, wusana aku sing malah takon :

?Jeng, kapan awake dhewe bisa ketemu mirunggan ? Senajan lagi wae kenal rasane kok kaya wis kekancan
lawas. Sliramu baud crita lan aku rumangsa seneng kekancan karo sliramu.? Kandhaku tulus. Ningtyas
ngawaske aku karo mesem,njur takon :

?Sing marahi seneng nggon ngendi, mas ?? Aku dadi salah tingkah lan klicutan entuk pitakon kaya ngono
kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele :
?Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah
bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing
sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng.? Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha
ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha :

?Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan
rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?,
pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake
kuwi.

Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas
ndak jiwit cilik iringan pupune.

Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem
ngobrol karo dheweke, aku mancing takon :

?Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, e sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu
mrana Jeng ??.

?Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng
praduga, mengko dikira0 aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya.? Kandhane Ningtyas elik-elik
kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh :

?Ngene wae pa, mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ?? Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku
selak notol, gage aku ngoyak takon :

?Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing
gumathok, mengko mesthi ndak goleki.?

?Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku
dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik ?Sumber Waras? kira-kira jam loro awan neng Jl.
Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ?? Ningtyas aweh keterangan.

?Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni.? Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir :

?Pak sopir kiri, pak !?. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun
ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen.

Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah,
saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-
nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis.

Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen
rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka mbukak Koran sing
mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya
ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas, sing
tansah gumawang neng pardo ning netra.

Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu
penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe
kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi.

Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram ?
dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas
saka sanggar kayata : Ay. Suharyono, Krisna Miharja, Ardini Pangastuti, Rita Nuryanti, Widi Pratiwi, Indria
Siwi, sing tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi.
Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape.
Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti.

Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing
kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha
ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani.

Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae ? Ah ? ya embuh.

Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca
lawas dadi ambyar. Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging
pikir, sing angel ndak kipatake.

Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas
Wawan, putrane sing isih ana S.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa
wae bisa.

Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan ? neng ati bisa
nganyut-anyut ? rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal
cepet kepingin ketemu Ningtyas.

Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi
Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni
mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.

Gandheng wis kangsen karo Ningtyas, mula nemoni kanca-kanca liyane ndak batalake dhisik, merga atiku
selak kemrungsung. Saka nggone mbak Ardini jam rolas, mula aku pamit budhe lan Wawan yen arep bali
mulih menyang Sala.

Aku emoh diterke tekan terminal, alasanku arep mbecak wae, ngiras nglaras wis suwe ora numpak ecak.

Tekan ndalan gedhe aku ngawe taksi. Pamitku karo budhe pancen mulih, ning sopir taksi tak duduhi alamat
Apotik ?Sumber Waras? ing Jl. Wonosari kok njur manthuk ngerti, mula aku gage munggah, taksi nggeblas
tumuju alamat sing tak tuduhke.

Ora suwe taksi mandheg presis neng ngarep apotik, aku banjur mudhun. Saka kadohan ndak sawang, apotik
kuwi pancen gedhe. Barang cetha kaya pitudhuhe Ningtyas, aku banjur nyedhak, ngawaske wong-wong
sing padha ana ing kono siji-siji tak jingglengi, ning aku ora nemokke dheweke.

Bareng aku ndeleng jam tanganku pranyata lagi jam siji seprapat, mangka kangsene rak jam loro, ateges
aku sing teka luwih gasik. Aku banjur lungguh kursi sedhiyane wong-wong sing padha antri nebus obat.

Mripatku tansah ngawasake dalan gedhe. Ora suwe ana taksi mandheg lan ngudhunake penumpang, ? oh
kuwi Ningtyas sing tak tunggu-tunggu.

Aku menyat saka lungguhku terus methukke dheweke. Bareng weruh aku, wong ayu kuwi malah mandheg
lakune, nyelehake tas gawane, aku diawe supaya nyedhak.

Ya ampun ? gawane jeng Ningtyas gedhe tur katon yen abot. Kandhane bareng cedhak :

?Rewangi yuk, mas, iki conto daganganku batik, sing sesuk kudu ndak setor menyang Surabaya,
penjenengan mau wis suwe lehe nunggu, mas ??

?Durung kok, jeng,? wangsulanku.


?Apa ngene wae mas, penjenengan neng kene sedhela, aku tak ngijolke resep, dadi ora perlu ngoyong-
oyong tas iki?, kandhane jeng Ning.

?Ngono ya becik, jeng?, wangsulanku. Jeng Ning terus mlebu apotik, saka kadohan ndak sawang omong-
omong sedhela karo pegawene, bar iku njur bali marani aku karo kandha :

?Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya? kandhane santai. ?Njur iki
kersane arep neng ngendi Jeng??, aku takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang.

?Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat
terakhir sing jam wolu take of.?

Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng ?. Dikengsel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo
budhal sing sesuk-esuk.? Kandhaku aweh pamrayoga.

?Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji,? wangsulane serius.

?Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng.? Kandhaku.

?Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta
mas?

?Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu,? wangsulanku.

?Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi,? pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng
Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba :

?Pak, teng hotel Gadhing,? taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan.
Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.

Mlebu kamar hotel wasise wong loro nyelehake tas diseleh ing rak, Jeng Ning terus ngebrukke awake neng
dhipan karo kandha :

?Wis, mas, saiki awake dhewe bisa crita satutuge, dhasar iki sing tak anti-anti.? Kandhane :

?Padha, Jeng, rasane cepet-cepet gek ndang ketemu sliramu, ya notol banget neng atiku.? Kandhaku blaka.

?Wow ? yen ngono mung padha, wiwit tepung lan weruh penjenengan sepisanan kae aku njur piye ? ngono
je, mas, karo penjenengan.? Kandhane jeng Ning karo ngguyu sajak piye ?.

Weruh untune sing rintik-rintik lan dhekik ing pipine, aku gage nyedhak, rasane kaya kepingin nyiwel pipi
sing empuk kuwi.

Jeng Ning banjur ngiringake awake, mepet lingir dhipan lungguhku, kaya aweh lampu ijo kanggoku,
tumindak sing luwih adoh.

Lagi wae sikilku ndak angkat munggah ing kasur, jeng Ning wis ngrangkul bangkekanku kenceng. Ndak
sikep dheweke ndak tangekake, dheweke nglendhot, sirahe diseleh ing dhadhaku kebak pasrah, karo
kandha :

?Mas Warto, iba bungahku yen aku bisa sesandhingan ngene iki terus karo penjenengan, tanpa keganggu
tugasku dagang sing nguras tenaga lan pikiran iki.?

?Mulane ta mulane jeng, lerena bisnismu, aja ngangsa. Pira akehe dhuwit sing wis ana tangane wong,
mengko tak ganti, kuwi rilakna !, sliramu ngasoa !.
?Masalahe ora segampang kuwi, mas.? Kandhane Ningtyas, karo dumadakan kembeng-kembeng lan njur
nrocos mripate. Atiku krasa welas banget, saya ndak kekep kenceng ing dhadhaku karo tak ndhedes
pitakonan :

?Jujur jeng, apa sliramu kejiret utawa kejeglong utang ?? Jeng Ning gedheg tandha yen ora.

?Lha njur ngapa sliramu kok malah nangis ??

?O, mas, genea kok lagi saiki aku bisa ketemu penjenengan.? Kandha ngono tangise saya mingsek-mingsek
memelas.

Ndak elus rambute kanthi kebak soking asih, karo takonku :

?Jeng, apa merga sliramu wis kaiket ing priya sing ora mbok tresnani ?, utawa wis dirembug dadi, ning
sliramu gela utawa ora seneng ? Aku jeng mengko sing mberesi, merga aku pancen tresna banget marang
sliramu. Yen ora percaya, kapan jeng Ning saguh ndak lamar ?, ? sesuk apa suk emben, aku saguh sowan
wong tuwamu nglamar sliramu.?

Jeng Ning saya kenceng pangrukete neng awakku, kaya-kaya wis emoh uwal.

?Wis Jeng ditata atine, mengko njur critoa apa sing gawe ribeting atimu, mengko ndak rewang-rewangi
mikir, angger wae aku bisa.? Kandhaku ngayem-ayemi.

?Tenan, mas, yen penjenengan mengko wis pirsa aku satenane, penjenengan ora bakal gela lan gedhene
ninggalke aku ??, pitakone kanthi swara nglentrih.

?Ora, jeng, tresnaku iki tulus, upamoa sliramu wis keblasuk ing donyaning bocah nakal utawa wis nate
neng papan jember, yen sliramu kersa mertobat, kapok ora bakal nglakoni maneh, aku isih bisa ngapura, lan
nampa sliramu apa anane. Kabeh tumindakmu bakal ndak lalekake?. Kandhaku tulus.

?Oh ora, mas, dudu kuwi. Aku ora umuk, mas, aku iki isih wutuh kenya, aku durung nate srawung
kebablasen ngladeni priya. Senajan wis akeh sing ngarepke aku, ning atiku durung tau kecanthol karo priya
kejaba mas Warto iki. Yen penjenengan ora percaya, mas, sarehne penjenengan wis blaka yen tresna lan
bakal ngrengkuh aku dadi garwa, saiki uga bakal ndak buktekake. Mas yen penjenengan ngersakke mustika
keprawananku, saiki uga bakal ndak caoske. Mengko penjenengan bakal pirsa yen aku nyata-nyata isih
wutuh.? Kandhane cetha.

?Oh, matur nuwun jeng, jebul kleru pndakwaku. Pangapuramu wae ya, jeng. Ha njur apa sing marahi sedih
penggalihmu ?? aku ngambali takon. Jeng Ning meneng wae, mung ngusel-uselke sirahe ing guluku, kaya
njaluk pangayoman. Nganti sawetara meneng wae. Aku ya ora wani neter pitakonan mundhak dheweke
saya bingung. Wusanane dheweke takon maneh :

?Dadi penjenengan ora ngersakke, yen tak caoske mustika ajining dhiriku, mas??

?Ora, jeng, aku percaya ing kandhamu kuwi kabeh. Anggonku bakal mbuktekake, mbesuk wae yen awake
dhewe wis tinalenan ing nikah sah jroning wengi sing sepisanan. Mung welingku, jeng, jaganen kuwi,
mbesuk ngemungna aku sing mbuka wiwaraning kori kawanitanmu kuwi.? Krungu kandhaku mau, jeng
Ning bali ngruket aku kenceng karo kandha :

?Oh, mas, ya mung penjenengan priya seprana-seprene sing tak goleki, sing bisa ndak enggo ngayom
salawase.? Kandha ngono jeng Ning nyawang aku tajem ngemu surasa jero, banjur kandhane :

?Mas, olehku arep matur akeh sing dadi aboting atiku, mbesuk wae ya yen wis bali saka Surabaya. Lakuku
wae dongakna slamet tekan nggone.?
?Iya, jeng, muga-muga tindakmu tansah pinaringan slamet tekan papan tujuan,? kandhaku. Jeng Ning
manthuk-manthuk isih karo gondhelan awakku kenceng sajak eman ngeculke. Sawise mikir-mikir sedhela
njur kandha :

Apa ngene wae, mas, gandheng numpak pesawat, rak mung sedhela, aku mengko njur nyerahke conto-
conto bathik dagangan kuwi karo bayar-bayaran. Bubar kuwi wis rampung. Sesuk aku rak bisa bali mruput
mrene maneh. Piye nek penjenengan ngenteni tekaku neng hotel kene. Mengko mudhun pesawat, aku tak
tuku tiket kanggo penerbangan sing esuk dhewe. Piye, penjenengan kersa ? Terus terang aku durung tutug
mas. Sesuk aku tak crita akeh.?

?Ngono ya becik jeng, pokoke apa kersamu janji bisa aku manut,? kandhaku.

?Jeng Ning njur nyawang jam tangane, njenggirat karo kandha :

?Wis jam enem mas, aku tak siap-siap adus,? ngono kandhane karo mlayu neng kamar mandi. Rampung
adus terus dandan, cekat-ceket sedhela wae wis rampung. Aku jan gumun karo tandange jeng Ning sing
sarwa cepet, ora kaya bocah wadon sing sareh lan aleman, yen ana ngarepe pacare. Iki blas ora, bareng wis
arep budhal, jeng Ning nyedhak aku ngrangkul karo kandha :

?Tenan ya, mas, aku ditunggu neng, hotel kene?, kandhane.

?Iya jeng, sing ngati-ati,? ndak aras bola-ali jeng Ning sing ayu kuwi kanthi ati sumedhot. Let sedhela,
keprungu lawang dithothok saka njaba.

?Masuk,? kandhaku dhasar lawange mung diinep. Bellboy mlebu aweh weruh, yen wis ditunggu taksi.
Sepisan meneh jeng Ning tak kekep kenceng sawise ndak wudhari, dheweke banjur mlayu tumuju taksi
sing bakal nggawa dheweke menyang bandhara, ndak tutke kanti panyawangku sing tumlawung.

Bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-
melang lan kebak rasa samar ?.

Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak
rada krasa seger, piyama sing tak nggo turu tak copot, ganti hem lan clana njur metu lungguhan ing njaba.
Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi.

Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe
kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine :

Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya
menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota
dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih
banyak lagi.

Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel
Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine
Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke
wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel
grenenge Warto : ?Oh ? Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa
lan penerusmu.?

(Sumber: www.cerkak-jawa.com)

3# Contoh Cerkak Berjudul: Gusti Maha Welas


Contoh Cerkak Gusti Maha Welas
Contoh Cerkak Gusti Maha Welas
Gusti Maha Welas
Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa
maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku
dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi
dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae,
kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi
natas ing bale desa.

Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok
malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik,
gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan
liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon
nggoleki bu lurah njur ngendika :

?Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak
Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak
Wiro.

Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang
wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian.
Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan
wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar
kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut
kuwi.

Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing
kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :

?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek
karo nyedhak mangsuli :

?O? Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat
mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane
criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-
manthuk karo ngendika :

?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.

Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate, dene pak
lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan
merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.

Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu
neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha
sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.

Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe
neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe
rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan
banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :

?Piye Mbok Wiro, laramu??

?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah
sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :
?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?

?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.

?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian
dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel…….
mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos
mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :

?Yu Wiro…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.?
Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti
anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah
sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak,
pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene karo ndangu :

?Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi
bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu
lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :

?Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar
arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu
rupiyah.? Ature Marti karo kesesegen.

?Wis…… wis….. wis…. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua
sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?

?Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu
lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan.
Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun
lajeng sakit punika.?

?Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan, mengko tak kandha.?
Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak
lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :

?Mbok Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing
patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan
kudu nyaur, ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah
sambung :

?Yu Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku
rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku,
sampeyan, Kang Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika ngono, pak lurah
sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke
tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake
Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.

Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh dheleg-dheleg neng waton
amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.

Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:

?Nok Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh
peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa
dalem.? Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :
?Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya,
Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti sambung :

?Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi
kandhane anake :

?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan
bebarengan.

Anda mungkin juga menyukai