Anda di halaman 1dari 3

Isuk iki, aku nggowes sepedah ning arah sekolah.

Wis 3 taun iki semenjak SMA aku


terus-terusan dadi bahan guyonan e kanca-kancaku, iku wis dadi hal biasa gawe aku.

“He, pel tompel buwakno sampah umbelku hehe!”

“suwun ya haha”

“aku pisan nitip balekno mangkok nang kantin age!, kan menisan metu ya”

Wong tua ku wis ngerti lek aku mulai cilik pancen ora due kanca lek ning sekolah, ning
omah kanca-kancaku ya mek arek-arek cilik ning kampungku. Guru-guruku ya ora tau
nakokno kenapa aku ora nduwe kanca, yawislah mungkin standar uripku beda karo kanca-
kancaku.

“ya apa le sekolah e?”

“haha yawis ngunuiku buk, sinau sinau sinau”

Rupa ku sing elek, ora due kekayan apa apa, bedo karo kanca-kancaku sing urip e
seneng-seneng karo kanca-kancane, wis ora sempet dadi pikiranku. Aku mek mikir yaopo
carane aku iso tetep lanjut sekolah ning perguruan sing luwih dukur. Aku duwe arepan iso
kuliah kaya bapakku, bapakku iku wong sing paling apik ing uripku, ora ana wong sing
luwih apik tekan bapakku.

“pak, aku mene sampean terno sekolah oleh ya?”

“la nyapo toh le, biasane mancal dewe ngunu kok”

“aku pingin sampean terno, pak”

“iyoo.., mene bapak terno”

Bener-bener 3 taun wis nde sma iki aku isih durung ndue kanca, sesepisan aku ajak
omong wong liya pasti ana wae sing ngeremehno, ana wae sing nggarai.

“aku oleh ora lungguh sebelahmu?”

GUBRAKK

PIARRR!!

“karep e dewe ae rek, lungguh nde nggen e dewe-dewe kenopo se?”

Ora sengaja aku takon ning sinta sing lungguh dewe, oleh apa ora aku lungguh ning bangku
sing isih kosong nde sebelah e, ora ngertine ana sing ora seneng lek aku kaya ngunu. Aku di
tarik sampe nabrak arek-arek sing nggawa panganan e ning kelas, pecah kabeh mangkok e
lan aku sing kenek salah.

SMA wis 3 taun ya ora ana seneng-seneng e blas gawe aku, ora kerasa kurang 3 ulan maneh
aku lulus. Persiapan gae kuliah isih kurang secara materi lan finansial, aku bakal sinau dadi
pribadi sing luwih mandiri maneh.

LULUSAN TERBAIK DARI KELAS 12 IPA 1 DIRAIH OLEH MUHAMMAD ZIDAN SISWANTO,
DENGAN NOMOR PESERTA UJIAN 00236702520009

Ora ana sing ngucap selamet keculi guru-guruku, bapak lan ibukku ora isa teko soale salah
siji keluarga ibukku ning tulungagung ana sing lara, dadi bapak lan ibukku kudu muleh ning
kampung e. Sedangkan aku ora isa melu merga aku kudu hadir ning acara wisudaku dewe
iki.

Allahuakbar allahuakbar...

Wis biasa ditinggal balik kampung wang tua ku, iki dina pertama aku ditinggal balik
kampung. Melaku ning arah musollah sing lumayan adoh lan kudu melaku, soale dalan e
lemah sing becek. Semisal nggae sepedah bakal lunyu lan nggarai tibo.

“Dan.. zidan.., aku bareng budal sholat ya”

“hmm..” jawabku.

Sakwise sholat maghrib aku ngenteni sholat isya’ pisan, sak wise sholat aku cepet-cepet
ndang muleh soale ora ana sing jaga omah.

‘‘Dan..,zidan.., aku bareng muleh ya”

“hmm..” jawabku.

Batinku “kok tumben ana sing bareng aku”. Aku sengaja ora noleh soale dalan e pancen sepi,
wedie temenan guduk uwong sing ning mburiku, utawa ora ana uwong ning mburiku.

Wis bener-bener keweden soale omahku isih lumayan adoh, akhire aku nyobak ngomong
dewe karo nada suara alon.

“omah e ten pundi toh mas?” aku takon karo nada ngomongku ora karu-karuan, merga
keweden.

“nggih ten mriku mas, cidek nggriyane sampean”

“Oalah nggih nggih..”, karo noleh arah mburi.

JENG JENG JENG


Ora sempet ngomong opo opo maneh aku langsung mblayu muleh, bener dugaanku sing
pertama ternyata sing ana ning mburiku iki mang duduk uwong. Raine rusak, kulit e
gosong, mripat e putih, awake gedhe dukur.

Aku bener-bener keweden, soale ning omah ora ana sapa sapa, terus kepikiran aku mung
isa maca sholawat, ngarep iso ngilangno makhluk-makhluk sing kaya iku mau.

Tok tok tok

Aku isih ora wani metu tekan selimutku.

Tok tok tok , suarae luwih banter

Aku malah ora wani mbukak mripat.

TOK TOK TOK TOK TOK

“MAS JIDAN.. AKU IRAA!!”

Anda mungkin juga menyukai