Anda di halaman 1dari 2

Contoh cerkak

Kekancan
Nalika Ica lagi wae mlebu SMA. Mbiyen Ica sekolah ana ing SMP 3 KarangAnom. Nanging saiki
deweke munggah SMA, sekolahe ing SMA KarangAsem. Nang SMA deweke oleh kenalan konco
soko SMP sak kabupaten KarangAnom. Ing SMA Ica nduwe konco anyar, yaiku Fina, Thia, Eni,
Surya, Angga lan akeh meneh. Nanging Ica luwih cedhak lan dadi konco apike Surya. Istilah basa
indonesiane yaiku sahabatan. Surya iku wonge gedhe dhuwur. Surya iku ketua kelas lan ketua OSIS
SMA KarangAsem. Mila ora nggumun nag sik seneng akeh. Nanging Ica ora nyangka nag deweke
bakal iso sahabatan karo Surya.
eh, Ni.. kowe opo nduwe nomere pak ketua? pitakone Ica
nduwe, kowe opo arep njaluk? jawabe Eni
iyo.. ra popo tha? pitakone Ica meneh
ok. Ra popo nomere iki 085728261xxx jawabe Eni
matursuwun yo Ni..
yo.. podho-podho
Liyo dino Ica banjur sms. Sajan deweke seneng smsan, deweke bingung piye arep sms. Banjur
deweke mung sms kosongan.
............. Ica ngirim sms
sapa? jawabe Surya mbalesi smse Ica
aku koncomu. Balese Ica
konco ngendi?
konco sak kelasmu
iyo, sopo? pitakone Surya
Ica Ya.
oalah.. Ngapa Ca?
ora popo mung pengen sms wae. Eh maaf yo nag ganggu.
ok gak popo kok, aku malah seneng
.....lst
Ica smsan nganti suwe banget. Esuke nang sekolahan, karo rodok isin Ica mlebu kelas. Surya
nyedaki.
Sesuk meneh nag sms aku ojo karo nggarapi. Ngomong karo guyon.
hehe sorry-sorry.. ora bermaksud. Jawabe Ica
yo wis ra popo saurane Surya
Angga, koncone Surya melu nimbrung.
hayo... do ngomongke opo?
rapopo kok Ngga.. lagi ngomong-ngomong biasa. Jawabe Surya
jarene kowe njaluk nomere Ica Ya?
haha.. uwis kok Ngga, wis smsn malah.
we alah yo wis nak nu.
hehe, iyo bro.
Nang njero atine Ica deweke ngomong, oh tibake Surya ki yo njaluk nomerku nang cah-cah tha, yo
pengen sms aku tha ,suasana iki bisa terus nganti suwe. Akhire Ica lan Surya dadi tambah cedhak.
Nganti konco-koncone podho takok jalaran ono opo cah loro kui.

eh Ca, kowe karo Surya enek opo tha? Kok ketok cedhak banget. Pitakone Fina
ha? Ora ki tha na, biasa wae. Jawabe Ica
halah mbok jujur wae nag kowe ki jadian karo deke. Ra sah ngapusi ngunu hlo. Thia melu-melu
nimbrung
ora yo, mung konco cedhak kok.
hla nag mung konco cedhak kok ketoke mesra banget? pitakone Eni
ora yo, mbok takok Surya dewe tha.
Sanajan Ica ki ora ngapusi, nanging konco-koncone isih tetep wae ngeyel. Mung goro-goro masalah
Ica cedhak karo Surya, konco-koncone podho nesoni Ica.
ngopo tha kok aku sahabatan karo koe cah-cah podho malah sebel karo aku? Apa tha salahku? Opo
aku ora pantes dadi sahabatmu? pitakone Ica karo rodok sedih
wis tha ca, rasah sedih ngunu kui. Paling yo cah-cah mung iri. Sik penting kan awake dewe wis
ngomong opo eneke. Perkoro podho sebel, kan udu urusane kono yoan awake dewe cedhak
oke-oke. Sorry yo nag sempet sedeh.
sik penting ki awake dewe ora gawe masalah wae.
iyo Ya.
Bubar ngomongan, cah loro kui ndue tekad nag sahabatan iki ora bakal bubar mung mergo desasdesus utowo eneg sik iri. Persahabatane bocah loro kui tambah komplit amergo Ica di kenalke
hyange Surya sik ora adoh soko Ica, hyange Surya jenenge Lindha yaiku adik kelase Ica ing SMP
mbiyen.
Ora butuh wektu suwe ngge Ica lan Lindha iso cedhak. Ica lan Lindha iso dadi mbak yu adhi. Susah
senenge bocah loro kui di atasi bareng-bareng. Saben Lindha nduweni masalah karo Surya mesthi
Ica melu nulungi. Lan sewalike. Tapi, jenenge kekancan nag eneg senenge mesthi uga eneg susahe.
Nanging susah iku iso rampung amergo mesthi sik salah bakal minta maaf lan sik di jaluki ngapura
uga maafke sik salah.
Bocah telu kui wis koyo keluarga dewe. Susah, susah bareng. Seneng, uga seneng bareng. Ing atine
Ica, Surya lan Lindha.muga-muga persahabatan iki ora bakal bubar. Lan aku janji ora bakal gawe
salah siji sahabatku loro ati amergo polahku lan salahku. Muga-muga iki sahabat sik paling iso tak
banggake, sahabat sik paling tak tresnani. Motto kang wis podo di cekel dewe-dewe ndadekake
persahabatane bocah telu kui iso apik lan persahabatane mlaku sesuai karo opo sik di karepake.
http://cubynet.blogspot.com/

Anda mungkin juga menyukai