Anda di halaman 1dari 2

CERPEN CERKAK Bahasa Jawa Tema Persahabatan Terbaru

SINGKAT PADAT DAN JELAS

Kanca Salawase
Muh Aljahni  Maret 03, 2018  Info Sekolah

Jenengku  ovi,aku nduweni kanca jenenge Mutika.Tika kue kanca ku mulai aku
nembe masuk sekolah kie.Tika kue bocahe apikan lan setia kawan.Tika biasa
ngundang aku tukang ngelamun,nanging ngono aku ora tau risih nek diundang ngon yo
mungkin wes biasa dadi yo biasa bae.
“ Doorr… “ ijig-ijig swara’e tika ngegeti aku.
“ih ko lah tik ngaget2’I nyong bae,mengko nek nyong jantungan kepriwe ko gelem apa
tanggung jawab?”jawabku maring Tika.
“ yah ngapura lah vi,ko si ngelamun bae . uis bel kae ge masuk yuh,selak diomehi
mengko karo pak  guru” bales tika mareng nyong.
Sawise kue nyong karo tika mlebu maring kelas bareng 2.
Bel tanda bali sekolah wis dimuni’aken.kaya biasane nyong karo tika bali
bareng.nanging tekan tengah dalan nyong karo tika kepisah soale tika sih garep
mampir maring tukang jahit njuput klambine ibu’e. Akhire nyong bali
dhewekan,nanging ijig-ijig “Buuukk…” buku seng tak gawa neng tangan mau gigal
ditabrak bocah cilik.
“Ngapuro ya mbak nyong ora sengaja we”
“ya rapapa lah mung buku tok seng gigal,makane dik nek mlaku kue sing ati-ati ya”
“iya mbak”.
                Kaya biasa ne nyong mangkat sekolah gasik,yo kayak biasae nyong melu
pelajarane pak guru lan buguru.Nanging dina kie ra kaya biasane,Tika yo tika ,nyong
ra ketemu kae bocah sedino kie.polae khawatir maring tika nyong mutusaken bali
sekolah maring umahe tika.Tekan ngarep umahe tika suasane omah e tika kue ra kaya
biasae sepi banget kaya mareng kuburan baen.akhire nyong mutusaken,nyong takon
mareng satpam umahe tika jebule tika wis ora tinggal mareng umah e kue.nanging
ngono nyong di wenehi alamat umahe tika sing anyar.Bali sekan umahe tika nyong
kepiran kenang opo tika kok pindah kok ora tinggal maring kono baen?trus kenang opo
tika ora ngomong masalah e kue nang nyong?nyong kan kancane?apa tika lali ngabari
nyong?nyong dadi kebingungan dhewe mikiri tika.
                Ngesuke kan dino minggu nyong  isuk-isuk oamitan karo ibune garep ngoleti
alamt umah etika seng anyar.sejaam luwih nyong muter-muter ngelewati gang-gang
sempit akhire ketemu juga umahe batinku.tekan ngarep omah e aku kaget tika seng
biasa e urip enak siki malah urip nang tempat kaya kie,kumuh lan sempit.
“assalammu’alaikum..” . omonge nyong pas tekan ngarep umahe tika.
“wa’alaikumsalam “ bales tika pas mbuka lawang umahe.
Tanpo akeh omongan kaya biasane tika ngajak aku mlebu maring umahe.Tika
nyeritaken kabeh masalah e kue maring nyong nek keluargane kue nduwe utang
maring bank nanging sayang e polae keluargane ra teyeng bayar akhire umahe kue
disita karo bank.
“ ya wes lah tik ra usah sedih terus,sih ana nyong kancane ko.nyong bakal selalu ana
maring sandinge ko seneng utawa lagi sedih e ko,yo..” omongku nggo nenangaken tika
seng sedih polae masalah e kue.
“ nyong bersyukur banget vi karo allah,soale allah wis ngewenehi kanca kaya ko ”
bales tika maring nyong.
“Nah ngene bae dhewek ngawe janji nek dhewek kui bakal selalu bareng-bareng ora
bakal kepisah masio ko karo nyong adoh,kepriwe tik..??”jaluk nyong maring tika.
“Ayo..”bales tika karo semangat.

“dhewek kue kanca salawase,dhewek kue mesti bareng-bareng,ra bakal kepisah karo
jarak lan tetep dadi kanca nganti akhir urip e dhewek” atur’e tika bareng karo nyong
dibarengi karo nguyu.

Anda mungkin juga menyukai