Anda di halaman 1dari 4

SANDAL SELEN

Jenengku Mbak Ayuk. Nalika tak geser kunci layar hp ku, tak pejet
gambar whatsapp ku, tak munggah medunake layar hp nang whatsappku,
nanging oraana siji”o pesen whatsapp sing mlebu nang nomer whatsapp ku.
Kecuali pesen saka grup kelas utawa pesen saka kanca wedok ku sek arep
ngejak dolan aku. Kaya ngono mau kegabutan ku sakwise aku putus saka paijo,
mantan pacarku 2 tahun kepungkur kadi aku smp sak tekane akhir tahun wingi,
wonglanang sing tega ngilangke tali tresnaku marang deweke. Lan kurang
mensyukuri marang apa sing lagi di dhuweni nganti tega mlipir nang liya ati
nganti lila ngguwang watu permata demi ngolehke watu krikil lan kegoda
nafsune wong wedok liya. Ananging nalika kelingaan paijo bisa ngelingake
tatune atiku kang wis mari dadi kerasa perih nang dada.
Kaya dene reca kang ora mudheng apa sing bakale ditindhakake.
Namung bisa njinggleng nang ngarep layar hp madhepi whastapp sing tanpa
pesen tanpa makna marang uripku. Nanging sak durunge logout saka
whatsapp, ana nomer sing njaluk di save jenenge Raden. Mas Raden, celukan
ku tekan saiki marang dheweke. Nalika kui, aku ora patio srek marang mas
raden amarga aku ngerti menawa mas raden sampun nduweni pacar, Mbak
Srinthil jenenge. Mbak srinthil mantan pacar Mas Raden wiwit smp tekan akhir
tahun wingi nanging ues bubaran. Aku kaliyan Mas Raden ana nasib kelarang
batin ingkang ora beda adoh kaceke.
Jebulane, sak durunge kui aku kaliyan Mas Raden tau kepethukan
bareng. Ananging aku ora ngerti yen Raden sing njaluk dikon ngesave nomer
wae kamau iku Raden sing tau kepethukan aku nalika nang salah sawijining
dina ing wayah sore wektu sinar lintang lan rembulan padhang nang
awangawang. Wiwit wektu kui Mas Raden sing pendak dina nggawe hp ku ora
sepi, sesepi kuburan nang wayah awan isuk utawa bengi. Pisanan aku ngerasa
biasa wae ora ana rasa apapa namung tak anggep kanca nanging kepie
selanjute kedepane ?
Saben wayah Mas Raden oratau lali ngelingake aku kanggo ngibadah,
maem, sinau lan liya-liyane. Mas Raden gawe aku ngerasa dadi pacare.
Kamangka sapa sek ora mabuk tengkliyeng nalika digateke marang bujangan
bagus sing okeh di demeni wong wedok nang njaba kana. Pisane aku ngerasa
yen Mas Raden nduweni niatan nyerak nang aku kanthi tujuan sek pengen
njalin katresnan. Ananging aku ora oleh mumbul lan ke pedean sikik sak
durunge Mas Raden ngaku dewe hehe. Ora sitik rasa wediku ngiringi langkahku
kanggo maju amarga aku mikir yen menawa tenan kaya ngono aku bakalan
okeh saingan lan aku ngerti banget nang njaba kana okeh wong wedok kang
luwih sakabehane mbangane aku. Nang salah sawijinging wektu Mas Raden
tau ngomong yen deweke ora nyangka isa secerak iki karo aku amarga mbiyen
sedurunge kenalan karo aku Mas Raden tau tertarik karo aku ananging
dheweke ngerasa ora yakin yen iso ngolehke lan cerak karo aku. Lan Mas
Raden ora percaya yen dheweke iso nyerak aku kamangka sak durunge Mas
Raden cerak ro aku saiki, kanca sekolahe Mas Raden ya ana sek tau usaha
ceraki lan ngolehke aku ananging aku ya ora bisa karo wong kui mau.
Ing salah sawijining dina, dina sing wes kaletan sue saka wektu kenalku
nang dheweke Mas Raden ngejak aku dolan pisanaan. Wektu dolan pisanan kui
mau Mas Raden ngejak aku maem amarga nang omah Mas raden lagi ditinggal
wongtuane lunga lan oraana sing masake. Akhire jam 4 sore aku di pethuk Mas
Raden nang omah lan otw ngetan nang arah Bantul. Nang perjalanan embuh
yogene ora kerasa gabut utawa canggung siji marang sijine malah kerasa kaya
wes cerak sue. Okeh sek dibaahas nang sak dawane dalan kadi ngomah tekan
arah wetan. Nalika nang dalan Mas Raden bingung lan nawani arep maem opo
lan arep maem nandi ananging aku namung manut kaliyan kersane Mas Raden
wektu kui.
Wes tekan Jl.Imogiri Barat nanging hurung bisa nentuake arep maem
nang ngendi lan akhire Mas Raden menggok naang salah sijine caffe kang ana
nang jalan Bantul. Sak wis e rampung maem wektu kui ijih sore lan aku hurung
pengen mlaku bali. Mas Raden banjur mlaku terus tekan jogja sisan jalanjalan
amarga wektu kui beebarengan karo pasar malem sekaten wonten alun-alun
lor jogja. Aku lan Mas Raden banjur mlebu nang pasar malem sekatenan wektu
kui. Hurung kesel mubengi pasar malem sekaten, Mas Raden ngejak mlaku
ngalor tekan mallioboro.
Senajan wektu kui uwes bengi, lan aku ora oleh bali luih saka jam 10
bengi kamangka wektu kui nunjuke jam 9 bengi. Banjur aku lan Mas Raden
cekat ceket mangkat bali nguyak wektu supayane aku ora disengeni marang
bapak lan ibuk ku nang omah. Bebarengan mlakune wektu kadi dina kui aku lan
Mas Raden rengket tenan kaya uwong sek lagi pacaran kamangka namung
sewates konco. Hurung kenal suwe ananging aku uwes kerasa nyaman ana
nang sandinge Mas Raden wektu kui.
Ananging, nang tengah mlakune ceritaku karo Mas Raden teka-teka
Srinthil mantane Mas Raden teka. Srinthil ora terima menawa Mas Raden
cerak karo aku lan dikira yen aku kuwi pacare Mas Raden sek anyar. Kamangka
wektu kui Mas Raden uwes ora ana hubungan apapa karo Srinthil namung
sewates mantan. Srinthil ngandhake yen mbiyen nalika pacaran kaliyan Mas
Raden Srinthil kui akeh ngewenehi apapa marang Mas Raden mula Srinthil
amarga ora terima kamau Srinthil njaluk kebeh barang sek di uwes dinehke
nang Mas Raden dibaleke meneh nang Srinthil. Mas Raden ora kabotan
mbaleke barang sek seka Srinthil amarga Mas Raden ora tau ndue niatan
ngarep” wenehane Srinthil. Sakwis e barang kamau dijaluk nang Srinthil, Mas
Raden uwes ora ana hubungan apapa meneh karo Srinthil lan ngubur jeru
masalalu ne Mas Raden karo Srinthil lan nglekasi cerita kalian aku.
Wektu mlaku maju lan saben dina ne Mas Raden nalika nandi-nandi ya
ngejak e aku utawa aku nalika nandi-nandi ya ngejak e Mas Raden. Mas Raden
selalu ana kanggo aku, kapan wae aku butuh bantuan utawa sewalike. Tekane
dina ulang tahun ku kira-kira 3 sasi kepungkur, nang suwasana kang mendung
lan grimis rintik-rintik Mas Raden nggaweke kejutan kanggo aku. Sairis roti
ualngtahun lan kado boneka sek gedene sak uwong saha ungkapan perasaan
kang dinyatake Mas Raden marang aku. Dudu ungkapan perasaan ngejak
pacaran ananging ungkapan perasaan sayang lan doa kanggo aku kedepane.
Aku wektu kui ora bisa mbales ungkapan kang di nyatake Mas Raden marang
aku amarga wektu kui aku hurung pengen pacaran lan ijih arep nglakoni urip
sing manut dalane kaya ngeneki. Isa barang amarga aku ijih hurung isa
ngilangake rasa lara lan kecewa marang sing wingi-wingi ananging sejujure aku
sayang lan nyaman karo Mas Raden. Mungkin aku ijih butuh wektu kanggo
ngenal Mas Raden luih adoh.
Sak tekan e saiki, hubungan ku karo Mas Raden ijih sewates kanca
ananging uwess pada-pada dingerteni marang wongtuane siji lan sijine. Iso
barang menawa wongtuane aku lan Mas Raden ngira yen aku ro Mas Raden
pancen ues pacaran. Aku ya ues dikenal ke marang Bulik Budhe lan keluargane
Mas Raden, lan mereke menyambut teka ku bebarengan karo Mas Raden
kanthi becik. Banjur apa hubungane Mas Raden karo aku nalika uwes kaya
ngono kamau ? Wiwit kui tekan saiki, hubunganku karo Mas Raden pancen
durung resmi jadian lan durung resmi pacaran. Ananging ijih berhubungan
apek, saling ngerteni siji lan sijine, saling percaya siji lan sijine lan saling njaga
antar siji lan sijine supaya iso tetep bebarengan ngelakoni urip sing bahagia
arepo namung sewates kanca. Iso disebut uwes saling komitmen kanggo tetep
bebarengan lan ngelakoni susah seneng bareng-bareng. Haning embuh kepiye
sak ngarepe. Banjur tekan kapan komitmen ? Apa sateruse tetep kekancan ?
Apa ora ana niatan ngresmike hubungan dadi pacaran ? Apa malah mandeg
nang tengah dalan ?

Anda mungkin juga menyukai