Anda di halaman 1dari 3

Ditinggal Rabi

Kisah nyata oleh Dian Islamiati Machmud

Rahman warga anyar wonten desa Garongan, dheweke banjur srawung dhateng warga sekitar. Dina kui
Rahman mertamu wonten griyanipun Bu Madina, Rahman banjur tetepungan kalih sedaya keluarganipun
Bu Madina, wektu Rahman badhe pamit, dheweke weruh cah wedhok bali seko sekolah, Rahman ora
mikir cah wedhok kui sopo, Rahman banjur pamit lan bali.

Amergo Bu Madina gapyak lan apikan buangetttt, marakke Rahman betah lan seneng mertamu wonten
griyanipun Bu Madina. Saben bada isya Rahman tansah mertamu, Rahman sampun dianggep kaya anake
dhewe kalih bu Madina. Nalika Rahman wonten teras lagi ngobrol kalih Bu Madina, ana cah wedhok
wingi sing lagi bali sekolah, banjur Bu Madina njelukke lan nepangake kalih Rahman

"Diana, mrene kenalan sik karo mas bagus iki" ngandikane bu Madina marang cah wedhok kui, banjur
cah wedhok kui marani bu Madina lan Rahman

"Nggih bu, tepangake mas, kula Diana, putrinipun Bu Madina"

"O nggih, kula Rahman, kula proyek penelitian wonten desa Garongan iki"

Sakwise kenalan, Diana mlebu omah, lan Rahman pamit wangsul.

Diana pemuda ingkang sregep menyang masjid, dheweke mulang TPA bocah-bocah cilik. Amergo masjid
sepi saking wong lanang enom, Rahman banjur prihatin lan menyang masjid. Rahman siji-sijine wong
lanang enom ingkang nguri-uri masjid liyane sampun simbah-simbah. Senadyan Rahman dhewe ora
masalah, semangate kanggo nguri-uri masjid gedhe banget. Amergo Rahman sregep marakke Diana
kagum lan tresno. Jebul, Rahman nggih nyimpen tresno kalih Diana, Rahman kalih Diana kejebak tresno
banjur chat wonten Whatsapp lan Instagram.

Nalika bulan Ramadhan, Rahman saben arep tarawih mampir wonten griyanipun Bu Madina, banjur
menyang masjid bareng Diana, saben buka puasa bu Madina menehi panganan mergo mesakake marang
Rahman urip dhewean wonten mess. Rahman akrab banget kalih mbakayune Diana, Adine Diana, lan
Bapake Diana. Nalika wektu sholat dzuhur utawa ashar, Rahman tansah ngampiri Bapake Diana numpak
motor KLX, Rahman nggih sampun nepangake Diana kaih keluarganipun Rahman saking Whatsapp,
Rahman lan Diana padha padha tresno lan sampun direstuni marang wong tuo.

Dina kui Rahman mertamu wonten griyanipun bu Madina, ketemu kalih Diana, Rahman raine sedih,
banjur Rahman cerita kalih Diana

"Ngapa mas, kok raine sedih?" takone Diana marang Rahman

"Dadi mau awan, aku ditelfon kalih ibuku, ibuk matur yen bapak lelaran, lan bapak nyuwun kula gek
ndang rabi dek" jawabe Mas Rahman kalih mimik sedih
Rahman mikir yen Diana tasih sekolah SMA, Rahman kepingin kalih Diana nanging Rahman ora gelem
egois amerga masa depane Diana tasih adoh. Nanging Rahman nggih pengin bhekti marang wong tuwa.

Nalika badhe takbiran, bocah-bocah padha kumpul wonten Masjid, Diana kumpul kalih kanca-kancane,
banjur Diana nepangake Rahman dhateng sedaya kancane. Diana kanca kenthel e Mbak Nining, Mbak
Nining sampun kuliah, banjur Diana nepangake Mbak Nining kalih Rahman.

"Kenalke mas, iki konco kenthel ku, Mbak Nining"

Sakwise tetepungan, Rahman banjur ngeterke Diana bali, nalika wonten dalan Diana geguyon marang
Mas Rahman

"Mas, nek arep rabi ki kalih Mbak Nining, wis ayu, pinter, tur wis lulus kuliah" guyonane Diana marang
Mas Rahman kalih guyu. Mas Rahman namung mesem.

Seminggu iki, Rahman beda, arang mertamu wonten Bu Madina, Diana nggih sibuk sekolah yen bali wis
peteng. Diana maklum yen Mas Rahman sibuk penelitian, dadi ora njuk khawatir. Dina kui Rahman libur
banjur mertamu wonten Diana

"Dek, iki Instagram e Mbak Nining kancamu kae udu? mambengi DM aku dek" pitakone Mas Rahman
sambi nduduhke hape

"Nggih mas, hayoo DM opo?" wangsulan geguyone Diana, Diana ora curiga amargi Diana percaya kalih
Mbak Nining lan Mas Rahman.

Mbak Nining jebulane tresno kalih Mas Rahman, Rahman bagus banget, awake dhuwur,sikape apik,
lan pinter srawung. Mbak Nining WhatsApp Mas Rahman, banjur cedhak lan lali marang Diana, Rahman
kelingan Diana, Rahman sayang marang Diana nanging Diana tasih SMA padahal Rahman gek arep nikah.
Rahman ora bisa yen kudu ngenteni Diana lulus. Rahman ngomong sakjujure marang Diana lan Bu
Madina.

"Sakderenge kula nyuwun pangapunten Bu, bapak kula lelaran lan kula dikenken nikah Bu, kula mboten
maksud ngelarani Diana, kula badhe ngelamar Mbak Nining"

Diana mung iso nangis, atine lara, dheweke ora percaya yen Mbak Nining tega, sakwise kui Diana
ngilang, saben ketemu mas Rahman mesti ngehindar, etok etok ora weruh. Mbak Nining ora nyuwun
pangapuro, marakke Diana mangkel, banjur Diana ora tau ketemu Mas Rahman lan Mbak Nining
saksuene 3 sasi.

Mas Rahman kangen marang Diana, karepe Rahman ora kaya ngene akhir ceritane, karepe awakdhewe
Kabeh akur. Banjur Rahman mertamu, Rahman sungkem kalih sedaya keluarganipun Bu Madina. Diana
kudu paham, kudu ngerteni yen mas Rahman kepengin bhekti marang wong tua, Diana ora oleh egois.
Diana isih lara ati, nanging Diana etok etok sumringah, kudu iso bahagia tanpa mas Rahman.

" Nggih mas ora popo, ini saya Allah kula paham, mboten kesupen lho mas kalih kulo sing nemukke kalih
jodone sampeyan" guyonane Diana kalih Mas Rahman

Diana kudu ikhlas, lan kudu akur malih marang Mbak Nining, saiki Mbak Nining lan mas Rahman
persiapan langgeng acara nikah sasi Maret 2019, mugi-mugi Sakinah Mawadah Warrahmah

Anda mungkin juga menyukai