Anda di halaman 1dari 3

Nama : M.

Septian Wahyu Prakoso


Kelas : XII IPS 3/20

ASMARA PUNGKASAN ING STASIUN TUGU


Cerkak: M. Septian Wahyu Prakoso

Ing kafe sacedhake wit ringin sangarepe Taman Budaya wanci awan kuwi katon regeng.
Akeh wong padha jajan. Mangan rawon, soto, lan sega rames. Ana kang mung ngombe kopi, jeruk,
lan es teh. Kang banget narik kawigatenku, pawongan lanang kang ndhewe ing meja pojok. Aku
ora pangling menawa pawongan nom kuwi asmane Nuryana. Seniman kang ngalor-ngidul ora tau
pisah karo kamera digital-e.
Tanpa mikir dawa, kopiku kang isih separo sajroning cangkir dak cangking tumuju mejane
Nuryana. Klepas-klepus ngisep sigaret putih. Sinambi mripate asring nyawang ponsel-e kang
gumlethek sadhuwure meja.
"Kok mung dhewekean Nur? Biyasane karo Jemek?"
"Dheweke lagi menyang Inggris. Ngeterake anake wadon. Sekar pentas tari neng negarane Eyang
Columbus kuwi."
"Kandhane Pak Agus, kowe wis duwe pacangan ya?"
"Bener. Nanging pacanganku ora kaya kang dak gadhang-gadhang rina klawan wengi. Guneme
ora bisa digugu. Janjine arep ngajak mangan bareng jam 11 mau, nanging tekan lingsir bedhug iki
durung katon irunge. SMS-ku ora dibales. Dak bell ora diangkat. Biyangane!"
Batinku ngakak. Nuryana kang dak wawas wis cukup yuswane kuwi durung duweni
pengalaman babagan wong wadon ing jaman modern iki. Akeh wong wadon kaya ula. Ilate loro.
Sing siji ngucap A, nanging sijine ngucap B. Wong wadon pancen cap kecap. "Wis Nur, ora usah
digagas!"
Sadurunge Nuryana mangsuli kandhaku, tone ponsel-e muni. Ponsel banjur diangkat.
Driji-drijine mejeti tut-tut-e. "Dina iki kowe duwe acara ora, Win? Yen lodhang, terna aku ing
stasiun Tugu! Motorku lagi neng bengkelan."
"Saiki?"
"Ora perlu nunggu kiamat!"
"Apa perlune?"
"Kowe mengko ngerti dhewe."
Enggal aku tumuju meja kasir. Bayar bon sacangkir kopi. Ngeslah montor kang dak parkir
sacedhake kafe kuwi. Sawuse Nuryana nyengklak ing boncengan, montor dak playoke. Ninggalke
kafe. Ngliwati dalan gedhe kang rame amarga ngepasi bocah-bocah mulih saka sekolah. Bus way,
bis kota, becak, mobil lan montor pribadhi padha rebutan dalan.
Udakara jam 2, aku wis tekan ruwang parkir stasiun Tugu. Panjaluke Nuryana saperlu aku
melu mlebu ruwang tunggu dak turuti. Nanging aku ora ngetutake dheweke kang nemoni bocah
wadon kang katon rambute ngandhan-andhan saka buri. Wong wadon kuwi lungguh dhewe ing
kursi ngarep.
Saka kursi buri, aku mung bisa nyawang menawa Nuryana katon nesu banget marang
wong wadon kuwi. Nuryana ngadek saka kursi. Sangarepe bocah wadon kuwi, dheweke nyuwek-
nyuwek potret kang lagi wae dirogoh saka tas kulite. Sawuse ngidoni suwekan-suwekan potret ing
jubin ruwang tunggu, dheweke tumuju kursiku. "Cukup, Win. Aku terna bali. Awakku ora
kepenak."
Sanalika aku dadi penasaran marang lelakon kang lagi disandhang dening Nuryana.
Lelakon kang dak rasa ana gegayutane karo lelakon asmaraku. Mula sabadane ngeterake Nuryana
menyang omahe, aku tumuju ruwang tunggu stasiun Tugu. Jujug kursi ngarep. Papan Nuryana
nyuwek-nyuwek potret sangarepe bocah wadon kang wus ora katon.
Senajan dideleng dening pawongan-pawongan ing ruwang tunggu, aku ngumpulake
suwekan-suwekan potret kuwi. Sanalika jantungku arep copot, rikala suwekan-suwekan potret
kang dak gathuk-gathukake kuwi tetela gambare Sriyani. Wong wadon kang rong wengi
kepungkur sajroning kamar losmen murahan Kaliurang mratelakake rasa tresna marang aku.
Dheweke uga sumadiya dak lamar sesuk bengi neng omahe wong tuwane, Purwakerta.
Aku unjal ambegan. Amarga napasku sesek menawa mikir nasib asmaraku. Sriyani ora
beda pacangan-pacanganku sadurunge. Dyan, Rita, Rani, lan Arin. Wong-wong wadon kang duwe
panganggep menawa kabeh wong lanang ora beda kupu-kupu bodho. Gampang diapusi nganggo
madune kembang sarwa ri mawa racun.
Bareng tumurune udan kang kaya disokake saka langit, aku lumaku metu saka ruwang
tunggu. Jujug ruwang parkir. Sawuse guwang suwekan-suwekane potret sajroning tong sampah,
mantel enggal dak anggo. Montor dak slah. Ninggalake crita asmara pungkasan ing stasiun Tugu.

Anda mungkin juga menyukai