Anda di halaman 1dari 9

Bungkusan Soklat

Dening : Zuly Kristanto

Udan sing tumurun esuk iku kuwawa nggogrogake gegodhongan saka pang-pange
kang pengkuh. Hawa adhem kaya-kaya nyirep sawetara pawongan amrih katrem
ing peturone nadyan Wayahe saya awan. Mula dalan-dalan kang ana ngarep bale
kutha kuwi katon sepi. Kamangka padatane jam samene iki wis akeh uwong sing
playon mburu wektu tumuju papane makarya.

Nanging hawa adhem iku kanggone Manto ora nduweni teges apa-apa. Apa
maneh yen dheweke nyawang kalendher kang cumathel ana kamar tengah, Manto
saya ora jenjem. Mula sabubare sarapan Manto agahan pamit sing wadon, Ranti,
budhal menyang sekolahan.

Sawise ngetokake sepedhah motore Manto banjur nggeblas nyasak derese udan
tumuju menyang papane nyambut gawe. Senajan yen dirasakake kanthi temenan
asile durung bisa digunakake kanggo nyukupi kebutuhan omah nanging sinurung
rasa tanggung jawb kang gedhe Manto tetep semangat anggone mulang murid-
muride. Manto ngrasa syukur ditampa kerja ana papan kono, jalaran ngerti yen ora
kabeh panglamar begja kaya dheweke.

Tangga teparo ngertine uripe Manto wis mapan. Awit sawise lulus saka
universitas kaloka ing Sala dheweke terus ditampa kerja ana sekolahan kang
manjila iku. Nanging sejatine nasibe Manto ora beda adoh saka guru honorer
liyane. Minangka guru anyar kanthi status sukuan, Manto kudu nrima nadyan
bayare saben sasi ora mingsra alias sangisore upah minimum kang ditetepake
pamarentah. Mula amrih bisa nyukupi kabutuhan sedina-dina, dheweke kudu
golek obyekan kerja sing ora ngganggu jam mulang.

Nalika lulus kuliyah dheweke terus mutusake ngrabi Ranti. Wektu semana
sejatine Manto durung entuk idi palilahe bapak lan ibune. Awit bapak lan ibune
isih kepingin nyawang anake lanang kasebut makarya supaya bisa mapan dhisik
sadurunge mangun bale wisma. Nanging Manto tetep kukuh marang kekarepane
saengga bapak lan ibune ora bisa menggak. Wekasane bapak lan ibune mung bisa
nyarujuki apa kang dikarepake dening anak lanange kasebut. Lan saiki Manto lagi
krasa apa kang dikandhakake dening wong tuwane loro iku yen dipikir jero. ana
benere. Nanging ora ana gunane maneh nggetuni lelakon sing wis dumadi.

“Mas, sampeyan kudu kuwat ngadhepi urip, menawa wae iki ujian saka sing
Maha Kuasa amrih awake dhewe ngerti rekasane dadi wong susah. Saengga yen
mbesuk awake dhewe wis kepenak uripe tansah kelingan kepriye rekasane dadi
wong susah kuwi. Apa maneh pakaryan sing Mas tindakake kuwi mulya banget.
Samesthine Gusti bisa aweh dalan marang titahe kang gelem ngupaya boga,”
kandhane Ranti sawijining wektu.

Ya saka tetembungan kàng dikandhake dening sisihane kuwi dheweke tetep


mulang ana papan kono, ngelingi jaman saiki golek gaweyan maton iku angel
banget. Apa maneh yen ngelingi gelar sarjana kang kasil direngkuh uga durung
bisa digunakake kanggo cekelan golek gaweyan sing jumbuh klawan atine. Manto
akhire mupus. Kanggo sauntara ditrimak-trimakak’e kerja ana sekolahan kono
nadyan gajine ora cukup. Jalaran akeh kanca-kancane kuliyah sing isih ngalor-
ngidul bingung golek kerja.

Kaya padatane bubar mulang Manto terus nglakokake sepedhah motore tumuju
pangkalan ojeg. Sadurunge mangkal Manto ngoberake mampir ana mesjid agung
sacedhake Kraton Surakarta ing mesjid agung kuwi kejaba sembahyang Manto
uga salin klambi. Supaya mengkone wektu ngojeg ora ana sing ngerti yen
dheweke iku guru. Manto ora isin dadi tukang ojeg jer iku pakaryan sing halal.
Anane dheweke salin penganggo iku jalaran ngregani profesi guru sing luhur.

Bubar sembahyang lan salin penganggo dheweke ngaso sedhela ana srambi
mesjid. Nalika lagi leyeh-Ieyeh ana srambi mesjid Manto weruh bungkusan werna
soklat kang sajake keri. Sebab mesjide pinuju sepi. Manto yakin barang iku
duweke jemaah sing ketinggalan.

Manto gojag-gajeg. Batine campuh perang, antarane kepengin njupuk barang


kasebut utawa ora. Sawise dipikir rada suwe Manto mutusake njupuk barang mau.
Manto nuli bablas mulih lan murungake niyate ngojeg. Satekane ngomah Ranti
kaget amarga bojone anggone mulih rada gasik.

‘Hlo, Mas, kok kadingaren jam samene wis mulih?”

“Iya, Dhik iki mau aku mulih rada gasik lan ora ngojeg jalaran ana. .

"Ana apa, Mas?” pitakone Ranti

“iki hlo, Dhik aku mau nemu iki" ujare Manto sinambi njupuk bungkusan kuwi
saka njero tase.

“isine apa, Mas? Terus sampeyan mau nemune ana ngendi?” pitakone Ranti
ndlidir.

“Mbuh Dhik, isine aku ora ngerti. Iki mau aku nemu ana srambi mesjid agung
sacedhake Kraton Surakarta,” wangsulane Manto.

Manto lan Ranti padha bingung kudu tumindak apa. Sawise ditimbang-timbang
wekasane kekarone mbukak buntelan iku amrih bisa ngerti apa sejatine isine.
Lelorone njomblak, awit isine bungkusan iku jebul dhuwit atusan ewu kang
cacahe akeh banget. Bareng diitung-itung cacahe ana rongatus yuta.

Batine Manto campuh maneh antarane mbalekake bungkusan kuwi apa ora.
Manto sadhar dheweke lagi butuh dhuwit iku kanggo mbayar kontrakan omah
sing wis sawetara wulan nunggak.

Nalika Manto isih tidha-tidha, Ranti ngucap, “Mas, dhuwit iki prayogane
sampeyan balekake marang sing duwe wae. Mbuh piye carane, sing baku
sampeyan kudu mbalekake jalaran dhuwit iki dudu hake dhewe.”

“Nanging, Dhik, awake dhewe rak lagi mbutuhake dhuwit kanggo mbayar
kontrakan. Kepriye yen nempil dhuwit iki sethithik wae banjur mbesuk disaur yen
awake dhewe wis duwe dhuwit.”

“Ora, Mas. Aku ora sarujuk jalaran wong sing kelangan dhuwit iki mesthi lagi
bingung banget anggone nggoleki. Saliyane iku bisa uga pawongan sing kelangan
dhuwit iki luwih mbutuhake tinimbang awake dhewe” kandhane Ranti.

Wekasane Manto nuruti apa kang dikarepake bojone. Manto marem awit Ranti
jebul ora mung ayu rupane nanging uga atine. Sesuke bubar mulang, kaya padatan
Manto tumuju mesjid agung saperlu salin penganggo lan sembahyang.
Dheweke weruh priya sing sajake wis ditepungi. Bareng disetitekake jebul
pawongan iku Pak Irul, kepala yayasan pamulangan panggone nyambut gawe.

“Sugeng siyang, Pak?” panyapane Manto.

“Weh, siyang ugi Pak Manto”

“Kok kadosipun saweg wonten ingkang dipunpadosi ta, Pak?”

“Iya, Pak iki aku lagi bingung nggoleki bungkusan sing wingi dakgawa. Dakkira
yen bungkusan iku keri ana kene ning nyatane kok ora ana,” kandhane Pak Irul.

“Menawi angsal nyuwun pirsa bungkusan menika wernanipun menapa lan isi
menapa, Pak?”

“Anu Pak, bungkusane werna soklat lan isine dhuwit. Sejatine dhuwit kuwi arep
dakwenehake marang para karyawan minangka bebana awal taun. Aku bingung
banget yen dhuwit mau nganti ilang. Awit saliyane kanggo bonuse para karyawan
uga ana dhuwit pribadi sing bakal dakgunakake kanggo bukak usaha.”

Sawise krungu apa kang dikandhakake Pak Irul, Manto dadi yakin yen bungkusan
sing ditemu wingi kuwi pancen duweke Pak Irul. Arane panduga kaya mangkono
jalaran Manto ngerti yen Pak Irul iku pawongan kang jujur lan saweruhe ora nate
goroh.

“Menapa niki Pak bungkusane?” pitakone Manto sinambi nuduhake bungkusan


soklat sing mentas dijupuk saka tase.

“Iya, bener iki Pak” kandhane Pak Irul sawise ndeleng bungkusan sing dituduhake
Manto.

“Bungkusan niki kula panggihaken kalawingi mantun sembahyang wonten mesjid


ngriki. cobi njenengan etang rumiyin, mbokmenawi wonten ingkang kirang.
Nanging saestu kula mboten mendhet arta punika, Pak” kandhane Manto.

Pak Irul sing mentas nampa bungkusan kuwi langsung ngitung cacahe dhuwit.
Pranyata pas lan ora kelong sethithik-sithika. Sawise rampung ngitung dhuwit
kuwi banjur Pak Irul kandha menyang Manto.

“Pak, niki wujud rasa matur nuwunku marang sampeyan. Dakjaluk sampeyan ora
nulak dhuwit pawewehku iki amarga wis dadi nadzarku. Yen panjenengan nulak
ateges panjenengan wis ndadekake gelaku. Saliyane iku sesuk esuk banget aku
kepengin sampeyan menyang ruwanganku saperlu rembugan ngenani statuse
sampeyan. Awit saka pamawasku saiki wis dadi titi wancine sampeyan dadi guru
tetap lan pikantuk gaji sing murwat,” kandhane Pak Irul sinambi ngulungake
dhuwit menyang Manto.

Manto mung bisa ngucapake panuwun marang pawongan sing mandhegani


yayasan papane kerja kasebut. Sejatine Manto kepengin nulak awit dheweke ora
ngarep-arep pituwas. Nanging sore kuwi ana rasa seneng sing ora bisa disingitake
dening Manto. Rasa seneng iku mau tuwuh jalaran kawetu tembunge Pak Irul sing
pungkasan sadurunge ninggalake dhewe.

Angin sore sumilir alon ngetutake jangkahe Manto. Ing pikirane Manto wis katon
eseme sisihane sing ngujiwat nalika keprungu kabar yen dheweke bakal diangkat
dadi guru tetap. Saliyane iku kekarepane sisihane sing kepengin nduweni usaha
dhewek uga bakal kaleksanan. Manto uga bakal bisa nukokake klambi anyar
kanggo anake sing lagi umur pitung wulan.
CERKAK BAHASA JAWA
“ BUNGKUSAN SOKLAT”

ARYA ANDIKA .P
XII – MIPA 6
07
CERKAK BAHASA JAWA
“LUWIH NGATI-ATI”

ARDIOVANY BOBBY .V
XII – MIPA 6
05
CERKAK BAHASA JAWA

“SAWIJINING WENGI ING MALIOBORO”

FAJAR BAGUS .P
XII – MIPA 6
12

Anda mungkin juga menyukai