Anda di halaman 1dari 1

Cerkak bahasa jawa

Cerito pengalamanku wayah SD aku lan keluarga ku mlaku-mlaku menyang pantai baron.
Aku lungane nggunakne mobil pribadi. Dalan aku menempuh 2 jam, aku mangkat saka
ngomah jam 6.00 esuk nganti dikana jam 8 (wolu) isuk. Wayah kuwi jalane isih ala dadi
lakune suwe banget.

Neng tengah ndalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing katon nyenengke
(menyenangkan). Sangantine ketuk kana aku ndeleng akeh wong sing lagi adus. Banjur aku
genti kelambi. Genti kelambine kudu neng kamar mandi sing akeh disewakake ing pinggiran
pantai baron. Dumadakan wektu aku mlebu menyang kamar mandi ambune wc ne koyo ora
diresiki setaun. Aku banjur genti kelambi wedine aku semaput neng jero kamar mandi banjur
metu.

Aku langsung mlayu nuju pantai lan nglangi, aku lagi asik nglangi bapak ku nyeluk
dikongkon mangan lan aku kandha mengko dhisik. Sawise saerntara wektu nglangi banjur
aku seren dhisik mergo ngelih banget. Beruntung aku isih komanan pithik bakar sing digawa
saka ngomah karo Ibuk. Saentek mangan aku nyewa ban fuso sarega 10.000 nuli aku nglangi
meneh nggunakne ban kui. Dumadakan aku ora ngerti yen kakangku ugo nglangi neng
cedhak ku. Aku dikerjani ro kakang aku di blebek-blebeke ing njero banyu, irunglu jelas
kelebonan banyu segara, rasane perih banget lan asin neng ilat.

Banjur aku diceluk maneh ro bapak turene aku gelem numpak prau ora, aku banjur jawab
gelem. Aku mlayu wedi yen keri lan aku munggah prau sing penumpange ana wong 15,
banjur prau kuwi dilakoke ngubengi pulau. Ora krasa wayah wis sore, banyu segara anyak
pasang. Aku wis mraune wedine yen klelep lan aku genti kelambi banjur mulih. Ora krasa
aku teras turu neng njero mobil, anehe rasane cepet banget anggone perjalanan. Tangi-tangi
aku wis ana neng ngarep ngomah lan digugah ibuk kon mudun.

Anda mungkin juga menyukai