Anda di halaman 1dari 2

AMARA PUNGKASAN IN STASIUN TUGU

Ing kafe sacedhake wit ringin sangarepe Taman Budaya wanci awan kuwi katon regeng.
Akeh wong padha jajan. Mangan rawon, soto, lan sega rames. Ana kang mung ngombe kopi,
jeruk, lan es teh. Kang banget narik kawigatenku, pawongan lanang kang ndhewe ing meja
pojok. Aku ora pangling menawa pawongan nom kuwi asmane Nuryana. Seniman kang ngalor-
ngidul ora tau pisah karo kamera digital-e.

Tanpa mikir dawa, kopiku kang isih separo sajroning cangkir dak cangking tumuju
mejane Nuryana. Klepas-klepus ngisep sigaret putih. Sinambi mripate asring nyawang ponsel-e
kang gumlethek sadhuwure meja.

"Kok mung dhewekean Nur? Biyasane karo Jemek?"

"Dheweke lagi menyang Inggris. Ngeterake anake wadon. Sekar pentas tari neng negarane
Eyang Columbus kuwi."

"Kandhane Pak Agus, kowe wis duwe pacangan ya?"

"Bener. Nanging pacanganku ora kaya kang dak gadhang-gadhang rina klawan wengi. Guneme
ora bisa digugu. Janjine arep ngajak mangan bareng jam 11 mau, nanging tekan lingsir bedhug
iki durung katon irunge. SMS-ku ora dibales. Dak bell ora diangkat. Biyangane!"

Batinku ngakak. Nuryana kang dak wawas wis cukup yuswane kuwi durung duweni
pengalaman babagan wong wadon ing jaman modern iki. Akeh wong wadon kaya ula. Ilate loro.
Sing siji ngucap A, nanging sijine ngucap B. Wong wadon pancen cap kecap.

"Wis Nur, ora usah digagas!"

Sadurunge Nuryana mangsuli kandhaku, tone ponsel-e muni. Ponsel banjur diangkat.
Driji-drijine mejeti tut-tut-e.

"Dina iki kowe duwe acara ora, Win? Yen lodhang, terna aku ing stasiun Tugu! Motorku lagi
neng bengkelan."

"Saiki?"

"Ora perlu nunggu kiamat!"

"Apa perlune?"

"Kowe mengko ngerti dhewe."


Enggal aku tumuju meja kasir. Bayar bon sacangkir kopi. Ngeslah montor kang dak
parkir sacedhake kafe kuwi. Sawuse Nuryana nyengklak ing boncengan, montor dak playoke.
Ninggalke kafe. Ngliwati dalan gedhe kang rame amarga ngepasi bocah-bocah mulih saka
sekolah. Bus way, bis kota, becak, mobil lan montor pribadhi padha rebutan dalan.
Udakara jam 2, aku wis tekan ruwang parkir stasiun Tugu. Panjaluke Nuryana saperlu aku melu
mlebu ruwang tunggu dak turuti. Nanging aku ora ngetutake dheweke kang nemoni bocah
wadon kang katon rambute ngandhan-andhan saka buri. Wong wadon kuwi lungguh dhewe ing
kursi ngarep.

Saka kursi buri, aku mung bisa nyawang menawa Nuryana katon nesu banget marang
wong wadon kuwi. Nuryana ngadek saka kursi. Sangarepe bocah wadon kuwi, dheweke
nyuwek-nyuwek potret kang lagi wae dirogoh saka tas kulite. Sawuse ngidoni suwekan-suwekan
potret ing jubin ruwang tunggu, dheweke tumuju kursiku.

"Cukup, Win. Aku terna bali. Awakku ora kepenak."

Sanalika aku dadi penasaran marang lelakon kang lagi disandhang dening Nuryana.
Lelakon kang dak rasa ana gegayutane karo lelakon asmaraku. Mula sabadane ngeterake
Nuryana menyang omahe, aku tumuju ruwang tunggu stasiun Tugu. Jujug kursi ngarep. Papan
Nuryana nyuwek-nyuwek potret sangarepe bocah wadon kang wus ora katon. Senajan dideleng
dening pawongan-pawongan ing ruwang tunggu, aku ngumpulake suwekan-suwekan potret
kuwi. Sanalika jantungku arep copot, rikala suwekan-suwekan potret kang dak gathuk-
gathukake kuwi tetela gambare Sriyani. Wong wadon kang rong wengi kepungkur sajroning
kamar losmen murahan Kaliurang mratelakake rasa tresna marang aku. Dheweke uga sumadiya
dak lamar sesuk bengi neng omahe wong tuwane, Purwakerta.

Aku unjal ambegan. Amarga napasku sesek menawa mikir nasib asmaraku. Sriyani ora
beda pacangan-pacanganku sadurunge. Dyan, Rita, Rani, lan Arin. Wong-wong wadon kang
duwe panganggep menawa kabeh wong lanang ora beda kupu-kupu bodho. Gampang diapusi
nganggo madune kembang sarwa ri mawa racun. Bareng tumurune udan kang kaya disokake
saka langit, aku lumaku metu saka ruwang tunggu. Jujug ruwang parkir. Sawuse guwang
suwekan-suwekane potret sajroning tong sampah, mantel enggal dak anggo. Montor dak slah.
Ninggalake crita asmara pungkasan ing stasiun Tugu.

Anda mungkin juga menyukai