Anda di halaman 1dari 4

Ningsih Anakku

Supardi Purin

Wiwit budhal saka Semarang udane prasasat disuntak saka langit. Lakune bis sing
daktumpaki rendhet, apa maneh sedhela-sedhela mandheg saperlu ngunggahake penumpang.
Maklum, iki bis sing pungkasan. “Mesakake yen wong-wong sing kudanan ing pinggir dalan
kuwi ora diangkut,” mbokmenawa mengkono batine sopir.
Beda karo karepku. Aku kepengin enggal-enggal tekan ngomah. Aku wis kangen banget
marang Ningsih anakku, Ian mesthi wae uga kangen Winarni. ibune Ningsih. Telung sasi aku
durung tilik omah. Wong kaya aku ngene iki gelem ora gelem kudu adoh anak bojo. Nyambut
gaweku ana Semarang, kulawarga keri ana desa. Arep dakboyong menyang Semarang durung
kuwagang kontrak omah, awit kadidene buruh pabrik blanjaku ora mingsra. Telung sasi iki aku
ora mulih merga nggarap lemburan, beteke ngoyak tambahan gaji kanggo sangu Lebaran.
Boneka pesenane Ningsih Ian sawatara oleh-oleh kanggo bojoku dakpangku. Pikiranku
nglambrang tekan ngomah, ndhisiki playune bis sing regunuk-regunuk sajak kabotan momotan.
Ah, saiba Senenge Ningsih mengko sawise pepenginane nggendhong boneka sing bisa nyanyi
keturutan.
Mudhun saka bis wis jam sanga. Udane isih durung terang. Mantol dakkrukupake awak.
Aku nerusake mlaku karo nyangking tas oleh-oleh. Wayah bengi tur udan pisan, ora ana becak
utawa ojek sing mangkal ana dhun-dhunan bis. Jangkahku dak gelak, daya-daya enggal tekan
ngomah. Udan-udan ngene iki mendah senenge bias turu amor bojo sing telung sasi ora
daksenggol.
Ngancik pekarangan omah swasanane peteng kaya adat saben, Aku bablas nylingker
menyang lawang iring kiwa. Lawang dakbukak nganggo kunci serep sing sengaja dak gawa
menyang Semarang. Karepku yen aku pas mulih bengi kaya ngene iki ora perlu ndhodhog
lawang gugah- gugah bojoku. Ing njaba udane isih deres, ketambahan swara kemrosak dhapuran
pring ing wetan omah. Aku mlebu tanpa uluk salam, kepengin gawe kejutan. Sing dakjujug
dhislk kamare Ningsih. Daksawang anakku wis turu kepati.
Mantol dakcopot, tas isi oleh-oleh dakselehake neng kamare Ningsih. Alon-alon aku
marani kamar ngarep, kamarku sing keletan ruwang tamu karo kamare Ningsih. Najan lampune
mung remeng-remeng nanging aku ngerti yen lawange ora ditutup. Mung diinep ora rapet. La
wang arep dak bukak alon-alon, banjur bojoku sing isih turu arep daktubruk. Ben kaget. Nanging
bareng lawang daksurung, kagetku kaya sinamber gelap manoni sesawangan iku Paduluku dadi
peteng, sirah kaya kebrukan watu sepirang-pirang. Ing kahanan lampu mung remu-remu, katon
cetha ana wong lanang sing lagi nindhihi Winarni. Lelorone padha nglegena tanpa awer-awer.
Sandhangan pating blasah ana jogan. Sumrepet panonku, awak gemeter, dhadha mengkap-
mengkap. Nalarku oncad. Lampu dakurubake byar. Lading kumilat tumumpang meja dak saut.
Aku banjur mencolot njojoh gegere wong Ianang mau ambal-ambalan. Getih muncrat Iambah-
Iambah. Awake sing mbligung kaya babi ngglundhung menyang jogan. Modar.
Lading sing isih gudras getih banjur daksabetake gulune bojoku. Kaya durung marem,
wadhuke daksuduk wola-wali. Jroning kahanan sekarat Winarni sambat-sambat njaluk urip.
Nanging mripatku bureng, kupingku budheg, pikiranku puteg. Aku wis kepanjingan iblis.
Dakdugang raine, Winarni tiba saka kasur ngebruki jisime gendhakane. Kamarku banjir getih.
Karo isih nggegem lading sarta sakojur awak gluprut getih, aku metu saka kamar. Meh
tabrakan karo Ningsih sing jranthalan metu saka kamare Mbokmenawa dheweke nglilir merga
ngrungu swara ribut-ribut. Ningsih njempling-njempling sumurup ibune tiwas adus getih. Jisime
sing wuda blejet tumumpang ana ndhuwur kunarpane wong lanang. Tangise Ningsih ora
dakpaelu. Aku mlayu nyasak petenge wengi Ian derese udan.
Tekan Polsek Ringinarum, aku ambruk. Lading bukti rajapati dakpasrahake pulisi piket.
Aku pasrah jiwa Ian raga.
Kedadeyan rolas taun kepungkur iku njalari aku diselong menyang Pulo Nusakambangan.
Aku tinarungku ana pakunjaran Batu, punjering pakunjaran ing pulo kono. Aku dilebokake sel
mligi narapidana wengis Ian mbebayani. Nanging ukuman limalas taun sing daktampa mung
daklakoni rolas taun merga saben taun oleh remisi. Sok mengkonowa, tumrap wong sing
nglakoni ukuman, rolas taun dudu wektu sing sedhela. Aku tansah katon-katonen Ningsih. Wis
sepira dheweke saiki? Mesthine wis remaja putri. Sasuwene diukum aku ora ketemu Ningsih.
Pancen aku dhewe sing menggak Ningsih tilik menyang Nusakambangan. Kejaba panggonane
adoh, aku sumelang kahananku sing kaya ngene iki malah ngreridhu pikirane. Aku mung kirim
Iayang marang bapak ibuku nitipake panggulawenthahe Ningsih.
Esuk iki sawise Sholat led ana Mesjid At-Taqwa Lembaga Pemasyarakatan Batu, aku
dipalilahi mulih. Aku bebas. Ewasemono rasa trenyuh Ian ngondhok-ondhok nggubel ati nalika
aku pamitan karo kanca-kanca narapidana sing wis dakanggep kaya dene sedulur.
Apa maneh bareng aku pamitan Abah Alwi, narapidana seumur hidup sing ora beda
sulihe wong tuwaku ing pakunjaran. Abah AIwi iki sing saben ndina dadi guru ngaji tumrap para
narapidana. Abah Alwi uga asring aweh cramah keagamaan marang aku sakanca murih ora
pepes jiwane Ian tansah eling marang Gusti Allah SWT.
Abah AIwi dakrangkul kenceng. Eluhku ndrodos nelesi agemane. Karo ngepuk-epuk
pundhakku Abah Aiwi kumecap sareh, “Nak Hardi, Gusti Maha Murah, Maha Welas, Maha
Asih Ian Maha Ngapura. Satekane ing ngomah, perlokna ziyarah menyang kuburane bojomu.
Apuranen klera-klerune bojomu Ian jalukna pangapura marang sisipe tumindak. Wondene kowe
dhewe ajakendhat anggonmu nyuwun pangapura tumrap dosa Ian kaluputanmu.”
Tekan desaku wancine wis jam Sewelas bengi. Pancen dakjarag mlebuku desa wanci
lingsir wengi supaya ora ketemu wong-wong sing kenal aku. Ora akeh owah-owahan sing
dumadi ing desaku. Mung dalane saiki Iuwih tumata Ian padhang merga wis klebon listrik. Aku
njujug mushola. Nalika daktinggal, mushola iki durung ana. Sabubare kedadeyan rajapati kae,
kira-kira telung taun candhake, bapak niliki aku meriyang pakunjaran. Kejaba tilik, bapak uga
njaluk palilah yen omah panggonan dumadine rajapati biyen arep dihibahake kanggo mbangun
mushola.
“Tinimbang dadi sesuker Ian tansah ngelingake marang dumadine lelakon sing ngeres-
eresi, Iuwih becik omahmu sak pekarangane kae dak jaluk saperlu dakhibahake kanggo papan
ngibadah. Kebeneran wong-wong ing desamu lagi bingung golek lahan kanggo mbangun
mushoba,” ngendikane bapak sareh.
Aku banjur njaluk tetimbangan Abah AIwi, sing pranyata malah nayogyani banget
marang lekase bapak. “Iku dalan sing apik kanggo nebus dosamu. Yen wis dadi mushola, sing
rumeksa tilas omahmu dudu bangsane syetan maneh, nanging malaikat.” Ya ing musholla tilas
sing kebak kadurakan iku aku ngebrukake awak. Ngaso sawetara wektu karo ngenteni parak
sesuk. Mushola iki rasane edhum banget, geseh karo nalika isih wujud omah biyen.
Rampung sholat jamaah Subuh wancine isih repet-repet. Aku mudhun saka mushoba
banjur jumangkah menyang makam sing dumunung ora adoh saka papan ngibadah mau. Ing
sisihe kuburan sing tinengeran pathok Winarni binti Martorejo aku ndheprok. Atiku sumedhot
keranta-ranta. Eluhku ora bisa dakampet. Isih gawang-gawang wewayangane Winarni sing
nyembah-nyembah sikilku njaluk diwelasi nalika semana.
Swarane Abah Aiwi kaya-kaya dumeling ana kupingku. „Nak Hardi, bojomu pancen
luput. Nanging wenehana pangapura Ian jalukna pangapura marang Gusti Kang Maha Agung.”
Sawise pangrasaku sareh, aku banjur maca tahlil lan ndendonga nyuwun pangapura tumrap
lupute Winami sarta Iuputku dhewe ana ngersane Gusti Allah.
Rampung anggonku ndeonga,dumadakan bocah wadon ngruket awakku karo mbengok
“Bapak..„ Bocah wadon iku melu ndheprok karo nangis ngrerujit ati. Wong tuwaku sakeloron
wis jumeneng ana mburiku. Karo isih dleweran eluh, bocah wadon iku dakrangkul kenceng. Aku
mung bisa ngucap, “Ningsih, anakku.

Anda mungkin juga menyukai