Anda di halaman 1dari 6

Tak Pikir Kanjeng Taat Pribadi, Tibane Paijo

Dening : Aliza Dewi Fortuna

Kanggone wong sing urip kecukupan (layak), jaman saiki kuwi diunekake murah
sandhang murah pangan, mbahku sing wis umur pitung puluh tahun ya ngendika ngono.
Nalika jaman simbahku cilik biyen, jaman Negara kita iki dijajah Walanda, sing jeneng
pangan kuwi larang. Tur maneh, winates pangan sing asale ya saka kiwa tengene dhewe,
upamane saka jagung bisa digawe sega jagung, blendhung sing olehe mangan nganggo
parutan krambil lan uyah. Njur saka tela kaspa, iki bisa digawe panganan sing luwih akeh
wernane. Bangsane pala kependhem : kimpul, uwi, midra, nggarut, tela pendhem, gadhung
lan isih akeh tunggale. Jare simbah, roti kuwi sing mangan mung landa lan sinyo utawa
nonike. Wong Jawa, ora ana sing bisa gawe roti, apa maneh kabisan kudu mung winates
tumrap wong pribumi. Sekolah angger wis bisa maca lan ngerti angka ya uwis. Kuwi wae
pilih-pilih wong, paling ora anak perangkat desa. Beda karo jaman saiki. Lanang wadon, janji
nduwe ragad bisa sekolah dhuwur mencit nganti entuk gelar. Roti-roti, saiki dudu panganan
mewah, angger wong sasat bisa gawe roti, malah jare wis padha jeleh. Yen mertamu
suguhane pepak, sing dijupuk mesthi pangan sing tradhisionil, ya kuwi sing jeneng obah-
owahing jaman. Olehe padha ngarani manut jantraning jaman.

Bali uripku sing tak alami wektu iki. Aku ya wis melu programe pemerintah, urip
bebrayan catur warga. Sing ateges aku lan bojoku karo anak telu. Ning nganti seprene, aku
kayane kok kurang ngrasakke bahagia sejahtera. Uripku isih tetep rekasa, kanggo cukup aku
isih kudu nyenen kemis lan mbanting tulang kerja keras, ngono ya isih kudu utang-utang.
Anakku isih alit-alit, mbajengipun umur 10 tahun. Manganku sak brayat ya prasaja hariane
tahu, tempe, krupuk, dene sayur mung trima sak-sake. Pakaryanku sing tetep minangka dados
satunggaling aparat pemerintah (satpol PP). Dene bojoku mung ing omah ngramut anak-
anakku. Jare jaman biyen, wong bisa mangan warek wae atine wis tentrem. Ning aku kok ora,
yen kakehan pikiran sing njur marahi kuwur, senajan awak kesel lan wetenge ngelih, arepa
ana lan weruh pangan ya ora selera. Ora beda akeh simbah biyen karo aku saiki?. Sing banget
marahi banter mikir kuwi yen bocah-bocah diaba SPP lan kebutuhan sekolahe sing kudu
enggal diwujudi. Mangka yen disawang pancen kurang pas. Kayata, ngapa bocah SD kok
ndadak kudu wisata neng Malang sing biayae ora sithik. Jare bocah ben bisa ngerasaake studi
lapangan mung orah ning kelas wae. Ning guru rak ora ngerti lan ora mikir, piye status
ekonomine wong tuwane murid?. Gandheng iki kudu, senajan sirah pusing pitu keliling, ya
kudu wong tuwa nyilih dhuwit kanggo cukupe anak. Senajan wis diewangi pados tambahan,
dalu dados satpam ing salah sawijine perumahan, nanging kok isih meksa dereng cekap,
taksih rekaos.
Ing sawijining dina, aku mbeberake kahananku dhateng salah sawijining kanca satpam,
bab kados pundi supados uripe saget cekap. Rencang satpam ingkang nama pak Sunar wau
manthuk-manthuk, arep crita ngene :
“Pancen kok pak Mail, wong kuwi janji temenan, mung njur njupuk dalan pintas”,
ngaten crita e.
“Pak Sunar, aku ya wani kok njupuk dalan pintas, janji wae ora laku colong jupuk,
nggendhor njabret. Yen kecekel wah wirang, isin lan ya saru. Hla piye wong aku aparat,”
ngaten wangsulanku.
“Nek nak dhukun gelem pak?” pak Sunar taken.
“Hmmm..... aku asline ora percoyo ambek ngunu kuwi pak.” Wangsulanku.
“Tenang wae pak iki sanes dhukun sing sampean pikirake, wong iki mono keturunane
kaluwargane sultan jenenge Kanjeng Taat Pribadi sing bisa nggandaake dhuwit.”
Wangsulane pak Sunar mantep.
“Lho sing tenan pak? Masa wong bisa nggandaake dhuwit, wong ya perum peruri wae
sing isa nggandaake dhuwit.” Wangsulanku ora percoyo.
“Tenanan pak, wong muride nganti tekan ngendi-ngendi. Dheweke iku nduweni ajian
kuwi sing ora sembarang wong duweni.” Wangsulane pak Sunar.
“Yawis pak aku gelem”. Wangsulanku mantep.
“Hayo nek gelem tak terke, ning mengko rembugana dhewe.” Nagten pak Sunar tawi
jasa.

Sawise tekan ing omah, aku crita ing bojoku yen aku wes nduweni solusi kanggo
ngerampungake kahanane urip. Aku kandha :
“Buk, tak kandhani ya, jarene pak Sunar ana dhukun anyaran sing bisa djaluki tulung
opo wae.” Aku crita.
“Sampean saiki kathik ngerti dhukun barang. Njur nek kaya awake dhewe kuwi arep
nambakke apa, wong awake dhewe ya waras wiris ngene?” Kandhane nrocos.
“Buk, dhukun kuwi ora mung nambani wong lara, ning ya bisa madhangke atine wong
sing lagi kepetengan, dijaluki pelarisan, lan isih akeh maneh. Luwih pas e dudu dhukun
buk.”Kandhaku.
“Lha terus apa loh pak?” kandhane nrocos.
“Wong kuwi iku isih keturunane sultan, dheweke nduweni ajian kang bisa nggadaake
dhuwit buk, muride wis tekan ngendi-ngendi.”
“Owalahh ngunu toh pak, terus syarat e apa wae pak?” kandhane kepingin weruh.
“Kene mung masrahake mahar sak ikhlase, yen akeh pasti dadine yo akeh buk.”
Wangsulanku.
“Yoh wis pakne, sesuk ndang budhal, luwih cepet luwih apik.”Wangsulane.
Dina candhake ngepasi malem jum’at kliwon, aku sida sowan Kanjeng Taat kaya
pakone bojoku. Sejatine wiwit biyen mula, aku kuwi blas ora percaya karo modhel
perdhukunan kuwi. Dadi gelemku kuwi ya mung nyoba ngatesi permasalahan ing urip, ning
jroning atiku ora greget babar pisan. Tak anggep wae, nek iki idhep-idhep nggo pengalaman
urip. Tekan desa pernah lor desaku, sawise takon-takon sawetara, cepet wae ketemu omahe
Kanjeng Taat. Aku teka ngepasi surup. Tekan clongopan desa aku gumun, jebul tamune akeh,
malah tak delok ana mobil telu sing parker neng lurung, mergo latare sing mung ciyut kuwi
wis kebak motor. Sawise njagrakke motor sing wis jejer-jejer kuwi, aku mlebu tanpa uluk
salam kaya tamu-tamu liyane sing wis teka keri kaya aku. Neng kono wis digelari klasa
plastik, tamu sing teka ya njur lungguh kono kuwi. Kabeh tamu wau nggawa mahar e dhewe-
dhewe, ana sing nggawa emas, dhuwit, lan sapiturute. Dene aku mung nggawa mahar dhuwit
titik mung satus ewu, amarga aku mung dhuweni dhuwit iku mau.

Tak sawang, wong-wong kuwi padha antri mlebu omah mburi mbaka siji. Jare ya neng
ngomah mburi kuwi Kanjeng Taat paring wejangan. Dene mahar-mahar sing wis digawa mau
melu digawa mlebu ing omah mburi. Mesthi wae, wektune saya wengi, tamune ya saya nipis
merga sawise dilayani ya njur dha pamit mulih. Sidane mung keri aku sing mau tekane
pancen keri dhewe. Tekan giliranku mlebu omah mburi, aku gumun dene Kanjeng Taat sing
tak arani olehe mejang ana kamar utawa senthong kuwi kleru. Kanjeng lenggahing amben
gedhe, kiwa tengen ya ora ana apa-apane. Bareng weruh aku teka, Kanjeng sing wonge isih
enom ya sabarakanku kuwi, ngingetke semu mencereng tumuli keprungu ngendikane :
“Nek ora kleru iki ya rak pak Mail ta?”. Aku kaget semu gumun, mergo aku durung tau
sowan mrene kok wis pirsa jenengku. Gage aku mangsuli :
“Inggih, Kanjeng, kula ingkang sowan.” Aku nyedhak njur lungguh anteng ing ngarepe,
kanthi ora ngetarani aku nyolong-nyolong ngematke rupane. Wonge nganggo sarung lan
surjan, blangkone gondosuli nganggo mondholan modhel yogya. Alise ketel putih lan
jenggote dawa uga putih. Sak tleraman wonge pancen bagus, wong untune ya isih katon
wutuh. Karo nata lungguhku ben katon trapsila, aku nyoba ngeling-eling, ketoke aku wis tau
weruh rerupan sing kaya ngene iki, ning neng ngendi, aku lali.
Bareng lungguhku wis mapan Pak Kyai ndangu : “Rak ya dha slamet ta Mas
Smail?”pitakone.
“Inggih wilujeng, Kanjeng? wangsulanku saya gumun, denea nimbali aku kok nyebut
mas. Saiki daleme neng ngendi, Mas?” pitakone maneh.
“Wonten Kweni dhusun wetan punika?” wangsulanku blaka.
“Hla njur omahmu sing Prambon kae sapa sing ngenggoni?” Aku jan kaget tenan, dene
wong iki ngerti asal usulku dhek cilik.
Wah nek ngono sakti tenan wong iki. Ngono batinku. Gumunku durung ilang, Kanjeng
wis ndangu maneh :
“Mas Yono, aku tak takon, wangsulana kanthi jujur ya, kowe tekan kene iki saka
karepmu dhewe apa ana sing akon, utawa apa ana sing ngajak? wangsulanmu kudu jujur hlo,
Mas!” Aku saya kaget banget nampa pitakon sing ora ndak nyana iku. Aku bingung , bingung
tenan lan meneng. Ngerti kewuhan anggonku rep mangsuli, Kanjeng Taat njur ngendika :
“Mas Smail, aku kuwi ngerti,nek sejatine karo dhukun kowe kuwi ora ngandel, rak iya
ta?.
“Adhuh, lumraha mono aku isa mati kaku, merga jroning atiku wis kewaca kabeh.” Jan
hebat tenan dhukun siji iki, ngono batinku. Kanthi ati dheg-dheggan aku mangsuli apa anane :
“Ing... inggih, Kanjeng, kula namung nuruti kanca estri, kapurih sowan mriki nyuwun berkah
Pak Kyai, supados gesang kula entheng.” kandhaku jujur.

Pak dhukun mung manthuk-manthuk karo ngguyu nggleges, aku dadi saya kisinan.
Sawise sawetara Kanjeng mung meneng wae lan namatke aku, njur mbaleni ndangu :
“Mas Smail, desane omahmu mau Kweni? gandheng sing arep ndak kandhakake kuwi
wewadining urip, mula kowe ora tak kandhani neng kene, ning suk malem jemuah kliwon,
ganti aku sing teka ing omahmu, kanthi syarat mung kowe karo aku, anak bojomu lungakna,
embuh piye lan apa alasanmu. Sing cetha aku lan kowe bebas rerembugan. Dene jame kira-
kira jam sewelas mungggah.” Ngono dhawuhe Kanjeng. Wis ora ana pilihan liya, bisaku
mung sendika dhawuh. Bareng wis cetha apa sing didhawuhake, aku njur nyuwun pamit. Aku
gumun, dene anggone nyalami aku nalika tak pamiti kenceng banget, kaya konco lawas sing
wis suwe ora ketemu.
Nalika aku tekan ngomah, bojoku ora sranta nyedhaki terus takon : “Piye pak berhasil
opo ora?endhi dhuwite saiki?”. Bareng aku wis lerem lagi tak kandhani.
“Ngene buk, dhukune pancen sakti tenanan, dheweke bisa ngerti aku. Wiwit jenengku,
asalku dhek cilik, nganti tekan olehku ora percaya neng dhukun, dheweke kuwi ngerti. Mula
baliku ora digawani srana apa-apa munggahe diwejang, ning Kanjeng malah arep rawuh neng
omahe dhewe suk dina malem jemuah kliwon, wektune bengi nek wis jam sewelas munggah.
Dene syarate buk, Pak Kyai mung butuh ketemu aku thok, kowe lan bocah-bocah kudu ora
ana ngomah dhisik.”
“Hla aku karo bocah-bocah kon ning ngendi Pakne?”, takone bojoku.
“Gampang, diajak tilik mbokdhene neng ndesa rak bisa, mangkat sore mulih esuk, piye
wong Kanjeng karepe ngono. Mangka iki rakya karepmu ta bune?” Wangsulanku mojokke.
“Hiya-iya pakne, aku ya seneng kok dene sampeyan kok entuk tanggapan saka
Kanjeng.”
Dina Kemis malem jemuah kliwon, ibune bocah-bocah masak lawuh lan nyiapke
suguhan kanggo mengko bengi. Mesthi wae istimewa timbang saben dinane. Sawise kabeh
cumawis, banjur budhal menyang ndesa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure
bojone, Mail mung mikir bengine mengko, gek njur apa sing arep dikandhakake dhukune bab
wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan, njelehi banget, rasane kaya
suwe banget. Jam sewelas wis keprungu cumengkleng saka jam tembok. Atine wiwit nitir.
Temenan, ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine,
bareng ngerti yen sing teka Kanjeng tumenan. Sing teko semono uga, bareng lawang dibukak
olehe ngrangkul kenceng.
Bareng wis nata lungguh, dhukun mau lingak-linguk terus takon : “Anak bojomu neng
ngendi, Mas?”
“Neng ndesa tilik budhene.” wangsulanku kendhel. Wusana dhukun mau takon maneh,
“Apa kowe kuwi ya pangling tenan ta, Mas?”. Ditakoni ngono aku bingung karo
ngeling-eling, ning blas aku lali. Wusana kanthi tenang neng ngarepku, mbah dhukun mau
nguculi blangkon, jenggot lan alise sing memplak kuwi. Sakala aku ora pangling yen Paijo,
kanca tangga cedhak dhek jaman cilikanku biyen, ya kanca dolan lan sekolah sing saben dina
ulang -uleng. Layak yen ngerti kahananku kabeh. Sanalika tak ruket ning karo tak ingel-ingel
sirahe, tutukku nrocos tembung pamisuh metu : “O dhukun edan, dhukun sableng! wiwit
dhek kapan kowe dadi dhukun?”.
“Mas Smail, kowe ki aja ngawur mas, aku dadi dhukun kuwi merga kepojok, kaya dene
dikudokake aku kudu tumindak ngono. Ning neng atiku aku ora gawe wisuna, ora arep apus-
apus, gedhene nyengsarakake wong cilik, milik kanthi niat meres kanggo pribadiku, ora, mas,
ora tenan.”
“Ora Jo, kowe mau kandha nek dipojokake, lehmu dadi dhukun kepeksa kuwi sejatine
piye, aku rak durung mudheng?. “
Ngene ya, Mas, sampeyan ngerti, dadi guru kuwi bayare dipangan sesasi tekan ngendi,
mangka dhek semana, aku reka-reka ngontrak omah karo ajar bebakulan (blantik pit). Ning
mas, usahaku bangkrut. Aku reka-reka utang rentenir Cina, sing lumayan akehe, sirku ya arep
tak nggo nerusake usahaku, ning aku lali yen kuwi dhuwit anakan sing kudu tak bayar saben
Minggu. Tapi saiki aku kepingin prei saklawase dadi dhukun, aku pingin dadi guru wae seng
rejekine halal lan luwih barokah.
“Kowe wis mantep dadi guru thok tanpa nyambi dadi dhukun?” pitakonku ing Paijo.
“Uwis mas, dhasare depositoku wis kena yen kanggo pawitan urip.” Wangsulane
mantep.
“Gampang Di umumna, iklana wae neng surat kabar, loro utawa telu edisi, ping telu
utawa luwih, kandhakna, nek ki Kanjeng Taat Pribadi wis ora bisa dijaluki tulung merga
wahyune wis oncat, wis bali kaya wong lumrah maneh.” Ngono pratikelku.
“Wah lega mas, aku saiki.” Ora ilang anggonku keraya-raya bengi mrene. Tenan mas,
kowe mono mitraku sejati wiwit cilik tekan saiki. Ora luwih tak trima banget, keparenga saiki
aku nyuwun pamit. Minangka bebungah, yoh iki kanggo jajan bocah-bocah. Aku digegemi
dhuwit lumayan akehe. Wiwit sesuk lawangku ngarepan arep tak tutup lan tak cantheli tulisan
sing unine : Sementara Mbah Jenggot tidak menerima tamu karena baru maneges (meditasi).
Mengko let pirang ndina wara-wara saka iklan surat kabar metu, wong-wong rak njur
ngandel. Wis ya mas, aku bali. Tak untapke mulihe tekan latar, ora lali bareng wis tak salami
kenceng banjur tak jenggung sirahe. Ora lali neng njero mau blangkon, alis lan jenggot
dipasang maneh.

Nama : Aliza Dewi Fortuna


Kelas : XII MIIA 3
No. Absen : 05

Anda mungkin juga menyukai