Anda di halaman 1dari 1

Nama :

Kelas :

Absen :

Tuladha Teks Sesorah/Tanggap Wacana/Pidato

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatu...

Dhumateng Ibu Kepala SMP 3 Jekulo ingkang kula urmati, dhumateng


Bapak lan Ibu guru ingkang kula urmati, saha dhumateng kanca sedaya ingkang
kulo tresnani mangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng 
Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan rahmatipun. Saengga
kita sedaya saged makempal sesarengan ing dinten menika kanthi sehat wal
afiat.

Para rawuh ingkang kulo tresnani, wonten mriki kula bilih ketua OSIS SMP 3
Jekulo Kudus, badhe ngandharaken bab inggih menika karesikan lingkungan.

Para rawuh, kita sedaya kedah sadar, lingkungan menika panggenan kangge
kita sedaya nggantungaken urip manungsa. Pramila kita sedaya kedah njagi
lingkungan kanthi sae supados bumi ngasilaken kasaenan kangge kita, sanes
memala kangge kita. Salah setunggalipun cara supados lingkungan boten
maringi memala kangge kita inggih menika kita kedah njagi karesikan
lingkungan. Tegesipun karesikan lingkungan inggih menika lingkungan
ingkang pantes dipunpanggeni manungsa lan njagi kasarasan manungsa.
Pramila kita sedaya kedah njagi karesikan lingkungan supados kita sedaya
saged gesang ingkang sejahtera.

Para rawuh, njagi karesikan lingkungan inggih menika cara ingkang sae
kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang wonten ing musim jawah kados
sakmenika. Njagi karesikan lingkungan saged dipunwiwiti saking ngresiki
sekolah ingkang kita tresnani, SMP 3 Jekulo Kudus. Menawi sekolah kita
resik menika tiyang sanes boten sungkan kangge nuladhani tumindak becik
kita sedaya. Dampak positifipun saking lingkungan resik inggih menika
kagiyatan sinau wonten ing sekolahan dados nyaman lan nyenengake

Para rawuh ingkang kula tresnani, mugi-mugi kita sedaya sageda dados
manungsa ingkang saged njagi karesikan saben dinten. Amargi karesikan
lingkungan menika saged njagi kasarasan lan ningkataken keimanan kita
sedaya.

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, menawi wonten klenta-


klentunipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatu...

Anda mungkin juga menyukai