Anda di halaman 1dari 1

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Kesehatan

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti


Maha Kuasa ingkang kepareng paring rohmat lan hidayah sehingga kita
sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan
setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi
Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang
ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina muhammad
wa ala ali sayyidina muhammad ,

kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan Karesikan lingkungan.


karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah
kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita
sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados
pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan
punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing
lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan
sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika
KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget
ditindakake kanthi cara mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang
sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi


kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai