Anda di halaman 1dari 3

Nama : EKA NURUL Y.

No. Absen : 12
Kelas : IX C

PIDATO KEBERSIHAN LINGKUNGAN

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.


Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah
SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged
makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan
kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya
kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita
sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita
yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang
salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan
manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan
lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-
penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan
saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi
sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik
kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar
mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun
kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Nama : SINTA IKE R.
No. Absen : 32
Kelas : IX C

PIDATO PERPISAHAN SEKOLAH

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,


Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-
rencang ingkang kula tresnani.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken
kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha
tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged
nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji
ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula
sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula


ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


PIDATO KESEHATAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmtan bapak soho ibu tamu undangan

Hadirin sekalian ingkang berbahagia ugi ingkang kawulo hormati

Langkung rumiyin, monggolah kito sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Tuhan SWT,
ingkang sampun maringi sedoyo kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saged sesarengan
kumpul wonten program meniko.

Sholawat serta salam, mugiyo kaunjuk dumateng Rosulullah SAW ingkang sampun mbeto jaman
jahiliyah dumugi jaman ingkang penuh rohmah meniko.

Hadirin ingkang kawulo tresnani

Wonten kesempatan meniko, kulo bade nyampeaken sesorah kanti judul kesehatan,

Kesehatan wak niku penting sanget ugi perlu kito jagi, sebabipun kesehatan niku reginipun awis.
Contonipun kito gadah penyakit panas, niku rasane mpun ora kepenak ten awak. Nopo maneh
penyakit sing werno-werno, koyo penyakit jantung, penyakit ati, penyakit lambung, lan penyakit
sak piturute.

Njagi kesehatan niku sebenere simpel sanget, kuncine mung urip sehat inggih puniko maem
ingkang teratur lan bergizi, olahraga ingkang cukup, lan istirahat ingkang cukup ugi. Niku
kuncinipun urip sehat, kanti njalanke tigo kunci niku insyaallah awak sehat.
Ingkang pertama niku maem birgizi, contone maem ingkang bergizi niku mboten usah ingkang
reginipun larang, sing penting niku wonten katah gizi lan vitamine. Koyoto endok, iwak, tahu,
tempe, sayur, lan sak piturute.

Salajengipun olahraga ingkang teratur, wong urip niku kedah anggone acara olahraga, minimal
seminggu niku sepisan, misale kito jalan-jalan pagi utowo sore. Niku mpun cekap.

Ingkang terakhir inggih puniko istirahat ingkang teratur, jumlah jam ingkang kanggo istirahat
niku dianjurke 8 jam setiap setunggal dinten, dados menawi kito kurang istirahat awak dados
roso kurang kepenak.

Hadirin ingkang kinurmatan

Menikolah sekedik sesorah saking kawulo, wiwit awal dumugi selesai mbok bilih wonten klenta
klentunipun tembung kawulo aturaken ngapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai