Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah


Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani


Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT
amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal
sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani


Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge
kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu
njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes
kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani


Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi
njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese
yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan
manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan
lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani


Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-
penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan
saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi
sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik
kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan
belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru
saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula
tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged
makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca
ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru
pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan
kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-
adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel
Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi
tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang
boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai