Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumateng bapak/ibu kepala sekolah lan ibu guru ingkang kulo hormati.

Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani.

Monggo kita ucap puja lan puji syukur dhumateng gusti Allah Swt. ingkang sampun
maringi karunia dumateng kita sedaya saenggo saged makempal kanthi lancar.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Perlu kita mangerteni menawi lingkungan penting sanged kagem papan panggenan lan
nggantungaken urip. Saenggo, kita sedaya wajib njaga lingkungan supados bumi
saged dados panggenan urip ingkang kapenak. Menawi lingkungan resik,
masyarakatipun ugi sehat lan saged rukun.

Salah sawijining cara njagi lingkungan inggih menika mboten mbucal sampah ing
trotoar utawi papan kanthi salah. Salajengipun, kita saged milah sampah ingkang taksih
saged manfaat utawi sampah ingkang kudu dibucal.

Bapak, ibu ugi kanca kanca sedanten sumonggo, kira sregep njaga kebersihan
lingkungan. Mugi mugi, kito sedanten dados tiyang kang tresno mring kebersihan
lingkungan. Amargi kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik
kangge nyegah penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken
agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami rawuh.

Kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih
panjenengan sedaya.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai