Anda di halaman 1dari 1

Pidato tentang Lingkungan.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun
maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya
nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae
supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan
lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge
dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu
njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai
ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita
tresnani,SDN Negeri PADANGAN 1 menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge
nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiatan
belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun
pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatu.

Anda mungkin juga menyukai