Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi,

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani,

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika
kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw.
ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun benjang ing dinten akhir. Kanthi ucapan Allahhumma sholli ala
syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad,

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos
sanget tumrap kula panjenengan sadaya.

Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya sahingga kita
kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi
karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang
kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun
inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan
ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging
samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai