Anda di halaman 1dari 4

Pidato tema tembang dolanan

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Nuwun Sih rahmat tentrem rahayu Awit saking wilasanipun Gusti Ingkang
Murbeng
Dumadi Mugi tansyah kajiwa kasarira ing panjenengan lan kula warading
sagung
sasama rahayu niskala.
Wonten ngarsanipun Juru Pambiji Ingkang satuhu kinurmatan
Kadang siswa tumaruna mudha ingkang tansyah anaket ing manah
Sedaya para rawuh kakung saha putri ingkang tansyah sinugata ing
kaurmatan
Sagung pepuji miwah pangalembana mugi tansyah konjuk wonten ngarsa
dalem Allah SWT. Inggih awit paringipun kanugrahan ingkang rumentah
dhumateng panjenengan lan kula. Satemah kula lan panjenengan saged
pinanggih ing papan punika kanthi bagya lan mulya kalis ing sabekala
Shalawat lan salam mugi tansyah konjuk wonten ngarsanipun Nabi Agung
Muha…
Sagung adi lenggah ingkang tansah minulya ing budi
Mekaten sesorah ingkang saged kula aturaken. Dudutanipun inggih kanthi
tembang dolanan punika wonten pitutur luhur nuninggih panjenengan lan
kula supados tansyah njagi kasarasan
Minangka pungkasing atur, sedaya kekirangan saha kelepatan ingkang
mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya,
keparenga kula ngaturaken tebah siti wohing dami kinukus, binuntel roning
kalapa. Sedaya sedaya kelepatan nyuwun agunging pangaksama. Nuwun
Wassalaamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Unggah-Ungguh

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Baca Juga 9 Contoh Pidato


Singkat dalam Berbagai Tema Menarik Ingkang kawulo hormati Bapak
Kepala SMP Rukun Makmur Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Rukun
Makmur Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Rukun Makmur
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dumateng Allah
SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan
menika tanpa alangan. Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita
kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia,
ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti
tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit nglaksanakake
unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal
ayem, tentrem, saha bagya. Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya,
unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinake. Mila,
kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh,
sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru. Cekap semanten atur saking kula.
Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb

Pendidikan

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang
berbahagiya niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur
dumateng ngersanipun Allah Swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun
sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu
ngengeti dinten Pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggal kaping kalih saking
wulan Mei taun 2017.

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab
UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun
milahi umur pitung tahun.
Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-
pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi
anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat
beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat
beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane Nabi saw. ing
dalem hadis riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun:

Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun
wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal
ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean
iku.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan
sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu
agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun
kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane
kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten
nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami
Allah Swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Unggah-Ungguh

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Rukun Makmur Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu
SMP Rukun Makmur Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Rukun Makmur Sepisan
sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dumateng Allah SWT, saengga wonten titi wanci
punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan. Sholawat lan salam mboten
kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika
ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya
jawi wiwit nglaksanakake unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip
bakal ayem, tentrem, saha bagya. Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing
wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinake. Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan
unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru. Cekap semanten
atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Kesehatan

Assalamualaikum wr. Wb. Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru
ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang
kepareng paring rohmat lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika
kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken
dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga
syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina
muhammad wa ala ali sayyidina muhammad , kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake
babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan
sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya,
sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem,
tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama
kangge nyegah aneka penyakit. Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita
tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan
sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman
lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi cara mbuwang
larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi
teratur. Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula
nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Anda mungkin juga menyukai