Anda di halaman 1dari 14

Assalamualaikum Wr Wb. Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras ing adicara perpisahan sak manika. Mboten kasupen sholawat ugi salam sumonggo kito daturaken dhu mateng junjungan kito Nabi Ageng, nabi ingkang sampun madhangi ndunyo, nabi Ageng Muhammad Shollallohu Alaihiwasallam. Kawula, selagi dados wakil saking rencang rencang kelas 12 ngaturaken maturnuwun ingkang ageng sanget dumateng Bapak / Ibu Guru ingkang sampun paring ilmunipun ugi mbimbing kulo lan rencang rencang sedoyo supados saget dadi orang ingkang saget migunani dumateng orang laen. Mboten keraos ugi kulo sak rencang rencang ngaturaken maturnuwun sanget saget nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. wonten ing adicara menika kulo lan sak rencang rencang nyuwun agunging pangapunten mbok menawi sakmeniko anggenipun ngangsu kawruh anggadahi kalepatan, sering ndandosaken bapak lan ibu guru geram ing kulo dalah sak rencang kulo nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi Bapak / Ibu guru ngapuntenaken sedoyo kalepatan kulo dalah rencang rencang sedoyo. Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Wasslamualaikum wr. wb
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkunglangkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged

dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa


Assalamu'alaikum wr. wb Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani. Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika. Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak agengagengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang. Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan

rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi Lan ingkang kula tresnani sanget rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo. Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri. Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri, bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya mawon. Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune wanito Indonesia. Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah.. Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakat

uhPidato Bahasa Jawa Tema Isra Mi'raj

Ingkang kinurmatan Bapak Lurah Ingkang kinurmatan bapak Ketua Rt ,,, Ingkang kinurmatan bapak .. Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati. Assalamualaikum Wr. Wb. Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra mira nabi agung Muhammad saw. Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito sedoyo saget makempal wonten ing mriki, sehingga wonteng ing ndalu niki kito tanda diwenehi kesehatan jasmanu ugi rohani kagem ngringoaken ceramah agama kagem santapan rohani wontening acara Isro lan miroj nabi agung Muhammad saw. Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu lan ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bpk .. (ingkang badhe ngisi pengajian) Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sawajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt. Kawulo atas nami Ketua Panitia peringatan Isro lan mijob, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mijor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam. Khususipun kagem Bapak . (ingkang isi ceramah) kawulo aturaken matur nuwun ingkang sanget kagem keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan agama kagem kito sedoyo wonten ing ndalu puniko, mugimugi amalipun saged dipun tampi dening Allah swt lan dipun paringi ganjaran ingkang lipet.. amin wa billahitaufiq walhidayah, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Wonten sawetawis pawicantenan ingkang ngangge basa Krama Alus, antawisipun inggih menika:

3. Kangge ngraosi utawi micantenaken tiyang sanes, kanthi katrangan bilih: ingkang ngraosi migunakaken basa krama alus, saha perlu migatosaken ancer-ancer caranipun ngginakaken tembung krama inggil. Tuladhanipun Cariyosipun Ibu Tini Kepala SMA boten tindak sekolahan, amargi radi gerah. Sawatawis dinten kapengker komputeripun risak, dipundandosi teknisi. Nanging dereng kaleresan, perlu dipundandosi malih. Bu Tini nimbali Yanti murid SMA, amargi teknisi wau bapakipun Yanti. Bu Tini mawi basa ngoko, Yanti basa krama alus. + Bu Tini : Lho, kowe Yanti, kok ora ngebel, malah wis saka omah buri? - Yanti : Adalem seneng ningali kagunganipun herdher, nanging kok saweg tileman. + Bu Tini : Kowe ora wedi apa? - Yanti : Boten, adalem inggih gadhah, nanging taksih alit. + Bu Tini : Kok kadingaren, ora karo Ari? - Yanti : Dhik Ari kesah dhateng Bantul, dipunutus Pak Hasan tumut lomba nggambar. + Bu Tini : Aku pengin ndeleng foto-foto nalika pahargyan sekolahan. - Yanti : Menika sampun adalem bektakaken. + Bu Tini : Jare diampil Pak Bambang. - Yanti : Kala wau Pak Bambang priksa menawi adalem badhe marak Ibu, foto-fotonipun lajeng dipunparingaken. (kaliyan nyaosaken foto). Sumangga Bu. + Bu Tini : (nampeni foto) Iki wis kabeh Ti? - Yanti : Sampun. Ingkang dipunkersakaken Ibu wonten sadaya. + Bu Tini : Ya daktrima. Kajaba iku, aku arep titip layang, mengko dicaosake Bapak, karo matur yen komputere wis apik. Nanging isih ana sing durung kebenaran sethithik. - Yanti : Inggih Bu, manawi makaten Bapak taksih perlu sowan mriki? + Bu Tini : Iya, sokur mengko sore. Nanging layange lagi ditulis anakku. Kana dienteni neng omah karo bocah-bocah! - Yanti : Sendika Bu. Katrangan: Bab panganggenipun tembung krama lan krama inggil. 1. Ukara herdher : ..... kagunganipun herdher, kok saweg tileman. Amargi kewan, mawi tembung krama, boten krama inggil. Boten saweg sarean. 2. Ukara kesah : Dhik Ari kesah ..... Amargi Ari menika muridipun Bu Tini, mawi tembung krama, boten krama inggil, kadosta Dhik Ari tindak ...... \ 3. Ukara priksa : .... kala wau Pak Bambang priksa. Amargi Yanti ngurmati Pak Bambang, mila mawi tembung krama inggil. ana candhake Terjemahan dalam bahasa Indonesia Fungsi Bahasa Krama Halus

Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa krama halus, di antaranya, yaitu: 3. Untuk memperbincangkan orang lain, dengan catatan apabila: orang yang memperbincangkan menggunakan bahasa krama halus, dan perlu memperhatikan pedoman cara menggunakan kata bahasa krama inggil. Contoh Alkisah, Ibu Tini Kepala SMA tidak dapat pergi ke sekolah, karena sakit. Beberapa hari yang lalu, komputernya rusak, dan sudah diperbaiki oleh teknisi. Namun belum beres, perlu diperbaiki lagi. Bu Tini memanggil Yanti muridnya, karena ternyata teknisi tadi adalah ayah Yanti. Bu Tini menggunakan bahasa ngoko, Yanti menggunakan bahasa krama halus. + Bu Tini : Lho, kamu Yanti, kok tidak ngebel, malah sudah berada di rumah belakang? - Yanti : Saya suka melihat herder, tetapi kok baru tiduran. + Bu Tini : Apakah kamu tidak takut? - Yanti : Tidak, saya juga punya, tetapi masih kecil. + Bu Tini : Kok tumben, tidak dengan Ari? - Yanti : Dik Ari pergi ke Bantul, disuruh Pak Hasan ikut lomba menggambar. + Bu Tini : Aku ingin melihat foto-foto saat perayaan sekolah. - Yanti : Ini sudah saya bawakan. + Bu Tini : Katanya dipinjam Pak Bambang. - Yanti : Tadi Pak Bambang tahu kalau saya akan ke tempat Ibu, foto-fotonya lalu diberikan kepada saya. (sambil menyerahkan foto). Ini Bu. + Bu Tini : (menerima foto) Ini sudah semua Ti? - Yanti : Sudah. Yang diinginkan Ibu ada semua. + Bu Tini : Ya saya terima. Kecuali itu, aku akan titip surat, nanti sampaikan kepada Bapakmu, sekalian sampaikan jika komputernya sudah baik. Tetapi masih ada sedikit yang belum tepat. - Yanti : Iya Bu, kalau begitu Bapak masih perlu ke sini kan Bu? + Bu Tini : Iya, mudah-mudahan nanti sore bisa. Tetapi suratnya baru ditulis anakku. Sana ditunggu di dalam rumah bersama anak-anak! - Yanti : Baik Bu. Keterangan: Penggunaan kata krama lan krama inggil. 1. Kata herdher pada kalimat: .....herder Ibu, kok baru tileman/tiduran. Karena hewan, menggunakan kata krama, tidak krama inggil. Tidak boleh sarean/tiduran. 2. Kata kesah/pergi pada kalimat : Dik Ari kesah/pergi ..... Karena Ari itu murid Bu Tini, menggunakan kata krama, bukan krama inggil, seperti Dik Ari tindak/pergi ...... 3. Kata priksa/tahu : .... tadi Pak Bambang priksa/tahu. Karena Yanti menghormati Pak Bambang, maka menggunakan kata krama inggil. 4. onten sawetawis pawicantenan ingkang ngangge basa Krama Alus, antawisipun inggih menika:

5. 1. Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun kirang langkung sami, samidene sanget kurmat-kinurmatan, amargi boten utawi dereng patos kulina. Yen nyebat dhirinipun piyambak limrahipun mawi tembung krama: kula, awis-awis ingkang mawi tembung krama inggil: adalem. 6. Terjemahan dalam bahasa Indonesia 7. Fungsi Bahasa Krama Alus 8. Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa Krama Halus, di antaranya, yaitu: 9. 1. Untuk dialog antara orang yang mempunyai status atau derajat kurang lebih sama, keduanya saling menghormati, disebabkan di antara keduanya tidak atau belum begitu akrab. Untuk menyebut dirisendiri umumnya memakai kata krama: kula (saya) sangat jarang memakai kata krama inggil: adalem (saya). 10. Tuladhanipun Pawicantenanipun Pak Jaka kaliyan Tuan Brown. Ing salebeting cariyos, Pak Jaka katamuan kanca gulet tiyang Amerika, namanipun Tuan Brown. Piyambakipun saweg sinau kabudayan Jawi, lan sampun pinter basa Jawi. + Tuan Brown : Kadospundi Mas Jaka, sampun kagungan wawasan ingkang perlu kula tingali? - Pak Jaka : Menawi mriksani sendratari ing Prambanan kadospundi? + Tuan Brown : Nyuwun pangapunten, kula sampun nate ningali, manawi sanesipun kemawon? - Pak Jaka : Lha Panjenengan badhe ngersakaken menapa? + Tuan Brown : Wonten Amerika kula nate ningali ringgit purwa, dhalangipun Pak Pandam Guritna, nanging namung sakedhap sanget. - Pak Jaka : Wah, manawi makaten mangke dalu kaleres malem Minggu, mriksani ringgit purwa wonten ing Sasana Inggil sadalu, kula dherekaken. + Tuan Brown : Inggih prayogi, menapa Mas Jaka sampun midhanget dhalangipun sinten? - Pak Jaka : Dhalangipun Pak Timbul saking Bantul, piyambakipun sampun kondhang sa-Ngayogyakarta. 11. Contohnya: Dialog antara Pak Jaka dengan Tuan Brown. Pada suatu kisah, Pak Jaka kedatangan tamu, teman akrab dari Amerika, namanya Tuan Brown. Ia sedang belajar kebudayaan Jawa, dan sudah mahir

berbahasa Jawa. + Tuan Brown : Bagaimana Mas Jaka, sudah punya pandangan yang perlu saya lihat? - Pak Jaka : Kalau melihat sendratari di Prambanan bagaimana? + Tuan Brown : Mohon maaf, saya pernah melihat, kalau lainnya saja bagaimana? - Pak Jaka : Lha Anda hendak menginginkan apa? + Tuan Brown : Di Amerika saya pernah melihat wayang kulit, dalangnya Pak Pandam Guritna, tetapi hanya sebentar sekali. - Pak Jaka : Wah, kalau begitu nanti malam kebetulan malam Minggu, melihat wayang kulit di Sasana Inggil semalam suntuk, saya antar. + Tuan Brown : Ya baiklah, apakah Mas Jaka sudah mengetahui dalangnya siapa? - Pak Jaka : Dalangnya Pak Timbul dari Bantul, beliau sudah terkenal se-Yogyakarta. 12. Suwandi

Ing ngandhap menika kajajaraken pawicantenan basa krama alus kaliyan basa ngoko, pawicantenanipun Mas Sunardi kaliyan Jeng Niken kanca ingkang sami dene urmat-ingurmatan. Kapriksanana tabelipun, saha karaosna kinten-kinten kadospundi swasananing pawicantenan. Terjemahan dalam bahasa Indonesia Perbandingan Kalimat Bahasa Krama Halus dengan Bahasa Ngoko Di bawah ini dibandingkan dialog berbahasa krama halus dengan bahasa ngoko, dialog antara Mas Sunardi dengan Jeng Niken, sesama teman yang saling menghormati. Lihatlah tabel, serta rasakan kira-kira bagaimana suasana dialognya. Paraga 1. Mas Sunardi 2. Jeng Niken 3. Mas Sunardi Basa krama alus Basa ngoko

Lo, Jeng badhe tindak pundi? Lo, Ken, kowe arep neng ngendi? Badhe dhateng Klathen, dipun Arep neng Klaten Dhi, aku timbali Bapak. diundang Bapak. Sajakipun kagungan prakawis Sajake ana prekara sing wigatos, ingkang Rama perlu,Bapakmu ndadak nimbali Jeng Niken? ngundang kowe?

4. Jeng Niken

Ngandikanipun Bapak, Ibu gerah, ngantos mlebet griya sakit.

Jarene Bapak, Simbok lara nganti mlebu rumah sakit.

Terjemahan Bahasa Indonesia: 1. Lo, Ken kamu mau ke mana? 2. Mau pergi ke Klaten, dipanggil ayah. 3. Kelihatannya ada masalah penting, ayahmu memanggilmu? 4. Kata ayah, ibu sakit, hingga masuk rumah sakit. 5. Wonten sawetawis pawicantenan ingkang ngangge basa Krama Alus, antawisipun inggih menika: 6. 5. Kangge ngripta basa sinerat ingkang perlu migunakaken unggahungguh basa jangkep tumrap para nupiksa. 7. Tuladhanipun 8. Ing ngandhap menika tuladha saperangan pawartos ing kalawarti ingkang nyariosaken semuwan ringgit tiyang kanthi lampahan Parta Krama. 9. Ringgit Tiyang Lampahan Parta Krama
10.

11. Ing jejeran menika dipuncariyosaken bilih ngajengaken dhaupipun Raden Arjuna kaliyan Dewi Wara Sumbadra, Raden Arya Burisrawa saking praja Ngastina dipunkantheni Patih Arya Sengkuni sawadyabala sowan dhateng nagari Dwarawati saperlu ngayunaken Dewi Wara Sumbadra. Temtu kemawon Prabu Kresna keweden sanget panggalihipun. 12. Kangge nyapih kawontenan, Prabu Kresna lajeng mundhut bebana inggih menika srah-srahan temanten mawarni-warni awujud: kembang Krepa Dewa Daru, megar mayang Parijatha Kencana kanthi pangampil lan pangiring para widadari, gangsa Lokananta ingkang munya ing tawang, kebo danu pancal panggung cacahipun 100 saha kreta kencana saking praja Ngalengkadiraja. 13. Raden Arya Burisrawa bingung boten saged minangkani bebana menika. Dene Raden Arjuna lajeng nyuwun pambiyantu Raden Arya Werkudara kinen sowan Prabu Wibisana ing praja Ngalengkadiraja nyuwun kagunganipun kreta kencana. Ugi utusan Raden Arya Gathutkaca kabiyantu dening Begawan Mayangkara inggih pun

Anoman, supados sowan Bathara Endra ing kahyangan nyuwun kebo danu pancal panggung ingkang cacahipun 100. 14. Dene Raden Arjuna piyambak dipunkantheni Bathara Kamajaya sowan Bathara Guru ing Suralaya saperlu nyuwun kembang Krepa Dewa Daru, megar mayang Parijatha Kencana dalah para widadari, saha gangsa Lokananta ingkang munya ing tawang.
15.

16. 17. 18.

Kabesut saking Marsudi Basa 2, Wulangan 3

Terjemahan dalam bahasa Indonesia Fungsi Bahasa Krama Halus

19. Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa krama halus, di antaranya, yaitu: 20. 5. Untuk membuat bahasa tulis yang perlu menggunakan unggah-ungguh bahasa secara lengkap bagi para pembaca. 21. Contoh

22. Di bawah ini contoh petikan berita di majalah yang mengisahkan simbol wayang orang dengan lakon Parta Krama. 23.
24.

Wayang Orang Lakon Parta Krama

25. Pada babak ini dikisahkan apabila saat menjelang pernikahan Raden Arjuna dengan Dewi Wara Sumbadra, Raden Arya Burisrawa dari kerajaan Hastina diiringi Patih Arya Sengkuni beserta bala tentaranya datang ke kerajaan Dwarawati bertujuan hendak melamar Dewi Wara Sumbadra. Tentu saja Prabu Kresna hatinya sangat ketakutan. 26. Untuk meredakan suasana, Prabu Kresna lalu meminta syarat yaitu srah-srahan pengantin beraneka ragam berupa: bunga Krepa Dewa Daru, megar mayang Parijatha Kencana dengan pembawa dan pengiring para widadari, gamelan Lokananta yang berbunyi di angkasa, kerbau hutan pancal panggung berjumlah 100 ekor dan kereta emas dari kerajaan Alengkadiraja. 27. Raden Arya Burisrawa bingung tidak bisa memenuhi syarat tersebut. Sementara Raden Arjuna meminta bantuan Raden Arya Werkudara disuruhnya menghadap Prabu Wibisana di kerajaan Alengkadiraja untuk meminta kereta emas. Juga menyuruh Raden Arya Gathutkaca yang dibantu oleh Begawan Mayangkara, nama lain

dari Anoman, agar menghadap Bathara Endra di kahyangan meminta kerbau hutan pancal panggung berjumlah 100 ekor. 28. Sementara Raden Arjuna sendiri didampingi Bathara Kamajaya menghadap Bathara Guru di Suralaya untuk meminta bunga Krepa Dewa Daru, megar mayang Parijatha Kencana beserta para bidadari, juga gamelan Lokananta yang berbunyi di angkasa.
29.

30.

Diolah dari Marsudi Basa 2, Pelajaran 3

31. 4. Kangge sesorah ingkang swasananipun perlu unggah-ungguh kanthi jangkep, tuladhanipun: para pranatacara (master ceremony/mc), tiyang ingkang sesorah ing pahargyan (memberi sambutan), lsp. 32. Tuladhanipun

33. Ing salebeting cariyos, siswa-siswi SLTP klas IIIA wonten ing EBTANAS saged lulus sadaya. Saking bingah-bingahipun lajeng sami ngawontenaken pahargyan pepisahan mirunggan wonten griyanipun Pak Sastramandura, tiyang sepuhipun Kakrasana. Sawatawis bapak lan ibu guru dipunaturi. Ing ngandhap menika sesorahipun Sutanta ingkang dados Ketua Panitia, mawi basa krama alus. 34. Bapak-bapak saha Ibu-ibu Guru ingkang minulya, nuwun sewu keparenga kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya minangka wakilipun kanca-kanca para siswa klas tiga A. Saderengipun pepanggihan menika kawiwitan, mangga sami muji syukur ing Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring berkah saha sih-rahmat ngantos ing wekdal menika kula lan panjenengan sadaya saged sesarengan ngempal asukarena ing dalemipun Bapak Sastramandura menika. 35. Bapak-bapak saha Ibu-ibu ingkang kinurmatan, kula ngaturaken sugeng rawuh saha matur agunging panuwun, dene sampun sami kersa ngestreni pepanggihan menika. Kajawi menika kula ugi maturnuwun sanget dhumateng Bapak saha Ibu Sastramandura ramaibunipun adhik Kakrasana, ingkang sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe, tuwin samudayanipun. Mugi-mugi kasaenaning panggalih menika kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi piwales menapa-menapa. 36. Bapak-bapak, Ibu-ibu Guru, Bapak-Ibu Sastramandura, saha para kanca sadaya, wosing atur kula, sapisan sumangga sami

ngaturaken agunging panuwun dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Rahim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa klas tiga A ing EBTANAS wekdal menika saged lulus sadaya. 37. Dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca maturnuwun sanget dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwulang, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sinau kanthi gangsar. 38. Dene ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca rumiyin asring sami nakal, boten nggega ing dhawuh, nerak anggeranggering sekolahan lan sanes-sanesipun. Sadaya menika temtu adamel runtiking penggalih. Kula sakanca klas tiga A rumaos keduwung sanget. Pramila sami ngasih-asih nyuwun, mugi-mugi para Bapak saha Ibu Guru kersa paring lubering samodra pangaksami. 39. Para Bapak-Ibu Guru, Bapak-Ibu Sastramandura, saha para kanca sadaya, makaten atur kula, bokbilih wonten kekirangan saha kalepatan, kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami. Nuwun. 40. 41. 42. Terjemahan dalam bahasa Indonesia Fungsi Bahasa Krama Halus ana candhake

43. Ada beberapa dialog yang menggunakan tataran bahasa krama halus, di antaranya, yaitu: 44. 4. Untuk pidato yang situasinya perlu unggah-ungguh lengkap, contohnya: para pembawa acara (master ceremony/mc), orang yang berpidato di perayaan atau peringatan (memberi sambutan), dan sebagainya. 45. Contoh

46. Dalam suatu cerita, siswa-siswi SLTP kelas IIIA saat EBTANAS semuanya bisa lulus. Begitu senangnya hingga kemudian mengadakan acara perpisahan khusus di rumah Pak Sastramandura, orang tua Kakrasana. Beberapa bapak dan ibu guru diundang. Di bawah ini pidato Sutanta sebagai Ketua Panitia, menggunakan bahasa krama halus. 47. Bapak-bapak dan Ibu-ibu Guru yang terhormat, sebelumnya izinkanlah saya berbicara di hadapan anda semua sebagai wakil

teman-teman siswa kelas tiga A. Sebelum acara pertemuan dimulai, marilah kita memanjatkan puji syukur ke hadirat Tuhan Yang Maha Esa, yang telah banyak memberi berkah dan rahmat hingga saat ini kita bisa berkumpul bergembira di rumah Bapak Sastramandura ini. 48. Bapak-bapak dan Ibu-ibu yang terhormat, saya mengucapkan selamat datang dan mengucapkan terimakasih, karena semua hadirin telah mendukung dan merestui pertemuan ini. Kecuali itu saya juga mengucapkan banyak terimakasih kepada Bapak dan Ibu Sastramandura orang tua adik Kakrasana, yang telah sudi menerima serta menyediakan sarana, perlengkapan, dan sebagainya. Mudahmudahan kebaikan hati tuan rumah mendapat balasan dari Tuhan Yang Maha Esa. Saya beserta semua teman-teman mohon maaf yang sebesar-besarnya karena tidak bisa memberi balasan apa pun. 49. Bapak-bapak, Ibu-ibu Guru, Bapak-Ibu Sastramandura, serta semua teman-teman, inti yang saya sampaikan, pertama marilah kita bersyukur kepada Tuhan Yang mahasa Esa yang telah memberikan mengabulkan keinginan kita hingga kita semua siswa kelas tiga A pada EBTANAS kali ini semuanya bisa lulus. 50. Kedua, saya atas nama wakil teman-teman mengucapkan banyak terimakasih kepada Bapak Ibu Guru yang telah memberikan pelajaran, nasihat serta petunjuk yang sangat bermanfaat. Selanjutnya kami semua meminta doa restu mudah-mudahan dapat meneruskan belajar dengan lancar. 51. Ketiga, saya percaya jika saya dan teman-teman dahulu sering nakal, tidak patuh atas perintah guru, melanggar aturan sekolah dan sebagainya. Semua itu tentu membuat sakit hati Bapak Ibu Guru. Kami semua kelas tiga A merasa sangat sedih. Maka dari itu, sudilah Bapak dan Ibu Guru berkenan memberi maaf kepada kami. 52. Bapak-Ibu Guru, Bapak-Ibu Sastramandura, dan semua temanteman, demikian yang saya sampaikan, jika ada kekurangan dan kesalahan, saya pribadi mohon maaf yang sebesar-besarnya. Terimakasih. 53. 54. Suwandi bersambung

55. Sumber diambil dari Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta, hlm. 105-106.

56.
Artikel ini merupakan Hak Cipta yang dilindungi Undang Undang - Silahkan Mencopy Content dengan menyertakan Credit atau link website http://www.tembi.net - Rumah Sejarah dan Budaya

Anda mungkin juga menyukai