Anda di halaman 1dari 10

MATERI KELAS XI MATERI RINGKES 1 Sambutan (sesorah) Serorah yaiku medharake gagasan sarana lesan kang ditujukake marang

g wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dimangerteni. Ancas utawa tujuwane sesorah yaiku: 1. Aweh panglipur marang wong liya 2. Menehi kabar/informasi 3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake Tuladha: Pamitan Assalamualaikum wr.wb Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMAN 5 Semarang kangge ngawontenaken pepisahan. Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah. Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih. Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok

wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane. Nuwun. Wassalamualaikum wr. wb. MATERI RINGKES 2 Micara Micara ngono pancen ora gampang. Nalika micara kudu ngerti papan lan sapa sing diajak gunemane, apa maneh micara basa Jawa, antarane wong enom marang wong enom, wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong tuwa kabeh beda. Basa wernane ing antarane ana kang diarani basa ngoko lan krama . Ing kalodhangan iki ora bakal kaandharake kabeh ananging amung basa krama mligine krama madya lan basa krama alus.. Basa Madya Basa madya kaperang dadi telu yaiku, a. madya ngoko Madya ngoko yaiku sing nganggo bakul, utawa priyayi marang wong cilik Tuladha, Yen ndika lunga Jogja kula tukaokna bakpia b. madyantara Madyantara wujude kaya madya ngoko, nanging ater-ater lan panambange ngoko. Tuladha, Yen kang slira teng Jogja kula tukokke bakpia. c. madya krama

Madya krama awujud madya krama lan krama inggil Tuladha, Dados sajane sampeyan niki empun dhahar ta? Basa Krama Manut unggah-ungguh basa krama kaperang dadi 3 yaiku mudha krama, kramantara, lan wredha krama. Kang sabanjure basa mudha krama iki sinebut basa krama alus, dene kramantara lan wredha krama diarani krama lugu. a. Krama lugu yaiku basa krama kang wujud tembunge kabeh krama tanpa kecampuran krama inggil. Tuladha: Kula kala wau sampun nedha lajeng tilem. b. Krama alus yaiku basa krama kang tembunge krama kacampur karo krama inggil. Tuladha: Bapak ngendika dhumateng kula menawi anggenipun badhe tindak dhateng Sala mbenjang sonten. Kanggone basa krama, yaiku: - dienggo dening wong enom marang wong tuwa - dienggo dening murid marang guru - dienggo batur marang bendarane - dienggo dening tepungan anyar Pacelathon Adi : Assalamualaikum! Pak Ali : Waalaikumsalam O.. Adi njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa? Adi : Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa sejarahipun pertempuran 5 hari ing kitha Semarang. Pak Ali : O. kuwi terus apa sing arep koktakokake marang bapak? Adi : Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kedadosanipun paprangan 5 dinten ing kitha Semarang?

Pak Ali : Mengkene.. Sawise kamardikan Republik Indonesia wis dipratelakake dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadeyan kaya ngono ana ing ngendi bae kayata Medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha Semarang. Nalika semono tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen pawarta mau bener, ateges wong saSemarang bakal mati keracunan. Mula pangarsa Laboraturium Pusat Rumah Sakit Rakyat (Perusara) kutha Semarang, dr. Karyadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang alangi maneh. Perjuangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang. Adi : Lajeng, pasulayan menika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten Pak? Pak Ali : Saka tanggal, 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina. Adi : Lajeng menapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Muda Pak? Pak Ali : Ana, Monumen Tugu Muda kuwi dibangun kanggo mengeti kedadean kuwi. Adi :O Mekaten. Samenika kula sampun mangertos Pak, matur nuwun seserapanipun. Pak Ali : Ya, padha-padha. Adi : Menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin nggih Pak. Pak Ali : Iya, ngati-ngati. MATERI RINGKES 3 Nulis Pidato Nulis pidato iku kawiwitan saka nemtokake tema, banjur digoleki subtema, nuli nemtokake irahirahan utawa judhule pidhato. Dene cengkorongane naskah pidhato yaiku: 1. Pambuka (purwaka basa) Ngemot salam pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun. 2. Isi (surasa basa)

Ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan. 3. Panutup (surasa basa) Ngemot dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup. Tuladha 1 Atur Pambagya Harja Assalamualaikum Wr.Wb Kantentreman miwah karahayon mugi tansah kasasira ing jiwangga panjenengan lan kulandalasan kulawarga. Puji Syukur konjuk ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kabagaswaraan dhumateng kita, satemah panjengan lan kula saged kempal ing papan bagya mulya punika. Para sepuh, pinisepuh ingkang pantes kinabekten. Para rawu kakung putri ingkang minulya ing budi, Keparenga kula pun Widagda kumawantun ngadeg ing ngarsa panjenengann saperlu netepi dhawuh saking Bapak saha Ibu Mintaragan, supados matur manembarama rawuh panjengan. Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agenging panuwun awit panjenengan sedaya sampun ngenthengaken sarira saha nglonggaraken wekdal rawuh ing papan punika. Saestu rawuh panjenengan mujudaken pakuramatan ingkang ageng tumrap kulawarga Mintaragan. Angka kalih, kados ingkang kapacak ing serat sedhahan, bilih ing dinten punika Bapak/Ibu Mintaragan kepareng miwaha saha mahargya putrinipun nun inggih Nimas Kencanawati ingkang sampun kadhaup dening Bagus Brillian Aji Putra kakungipun Bapak/Ibu Setyaji. Pramila saking punika panjengan kasuwun berkah pangestunipun. Katiganipun, gumelaring adicara punika inggih awit saking iguh pratikel sumbang surungipun para tanggi tepalih, sanak kadang, lan para rawuh. Mila saking punika kula aturaken agenging panuwun sedaya kasaenan panjenengan. Mugi-mugi Allah paring piwelas tikel matikel dhumateng panjenengan sedaya. Kaping sekawan, senajan adicara punika sampun karantam dangu saderengipun pranyata taksih kathah cecer cewetipun mila kanthi andhap asoring manah kula nyuwun mugi para rawuh kersa ngluberaken pangaksama.

Kaping gangsal, mbokbilih ing mangke wonten pasugatan ingkang arupi dhedhaharan mugi kersa para rawuh angrahabi kanthi suka rena ing penggalih. Ing wasana mugi nyekecakaken lelenggahan ngantos purnaning adicara punika. Kupat janure tuwa, sedaya lepat nyuwun pangaksama. Wassalamualaikum Wr.Wb. Tuladha 2 Pidhato pambagya saka kulawarga Nuwun. Para sesepuh ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, Keparenga kula sumela atur munggel kamardika panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan. Kula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Bapak Suseno sekaliyan ingkang sepisan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti, dene ing wekdal punika saged nindakaken pawiwahan supitan putranipun ingkang nama Adimas Putra. Salajengipun Bapak Seseno sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun ngloonggaraken wekdal saha penggalih rawuh ing pawiwahan menika. Salajengipun kulawarga Bapak Suseno ngaturaken gunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanthi rila legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon. Bapak Suseno sakulawarga boten saged ngaturi piwales menapamenapa, namung saged ngaturaken agenging panuwun mugi Gusti Ingkang Maha Asih ingkang badhe paring piwales ingkang matikel-tikel kesaenan panjenegan wau. Kaping sekawan, Bapak Suseno sekaliyan nyuwun donga pangestu saking para tamu kangge putranipung ingkang dipunkhitan inggih menika Adimas Putra ing dalem mriki. Mugimugi enggal pulih kasarasanipun lan ing tembe sageda dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah. Amin. Para rawuh ingkang minulya, pungkasaning atur saking Bapak Suseno sakulawarga manawi anggenipun nanggapi rawuh panjenegan sadaya kirang mranani penggalih, kersaa panjenengan para rawuh paring sih samodra pangaksami. Saking kula pribadi, kathah lepat saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agenging pangapunten. Matur nuwun.

MATERI RINGKES 4 Paragraf Deduktif Sinau iku butuh motivasi gedhe. Ora waton maca utawa bukak-bukak buku nanging ora ngrti isine buku mau. Sinau kudu ngerti cara-carane kang apik supaya apa kang dikarepake penulis bisa kecandhak tur ora kleru. Motivasi mau bisa awujud dhukungan saka wong tuwa, sedulur, bisa uga saka kanca cedhak srawunge. Kajaba saka iku, bisa uga saka kekarepan, gegayuhan kang dhuwur lan bisa ngowahi nasibe dadi becik. Kanthi mangkono, sinau bisa dadi sregep lan ora arasarasen. Paragraf ing dhuwur kalebu tuladha paragraph deduktif amarga ukara utamane mapan ing awal paragraf. Paragraf kabentuk saka kumpulan ukara-ukara kang nduweni siji ide pokok lan ditambah anane ukara-ukara panjlentreh. Syarat paragraf bisa diarani apik Manawa : a. Nduweni Kohesi (nyambung babagan ujude) Paragraf kang apik kudu nduweni ukara-ukara kang nyawiji jumbuh saka ujude. Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara-ukara kang migunakake: 1. tembung panunjuk kayata iki, iku, kuwi, kae lsp. 2. tembung sesulih (ing basa Indonesia diarani kata ganti orang 3. ngambali tembung kang dadi undering ide pokok b. Koherensi paragraf dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik. Manut sipate, paragraf iku dibedakake dadi loro yaiku: 1. Paragraf deduktif yaiku paragraph kang nduweni ukara baku manggon ana ngarep kasusul ukara-ukara panjlentreh. Tuladha: Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepingin nemoni kedadeyan ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kahanan sing ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.

2. Paragraf induktif Tuladha: Beo kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega-rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saenggo rakyat cilik ora mampu tetuku kanggo nyukupi kabutuhan uripe. Kauripan rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhak ing rega BBM wiwit minggu-minggu iki kang nglunjak banget regane. MATERI RINGKES 5 Naskah Pidhato Assalamualaikum Wr.wb Para sespuh pinisepuh ingkang tansah kinabekten Para pangembating praja ingkang dahat kinurmatan Sedaya warga Desa Sriwulan kakung saha putri ingkang minulya Para kadang mudha ingkang kula tresnani Saderengipun kula ngaturaken babgan Dinten Proklamasi Kamardiakn RI, langkung rumiyin kula ndherekaken dhateng panjenengan sedaya, sumangga sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun kepareng paring kanugrahan awujud kasarasan miwah kawilujengan satemah panjenengan lan kula saged kempal ing ngriki kanthi kebak ing raos suka bagya saperlu ngawontenaken tirakatan mengeti dinten kamardikan Indonesia ingkang kaping 65. Salajengipun, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sedaya warga ingkang sampun kapareng rawuh ing papan punika saengga saged hanjalari malem tirakatan ing dalu punika saged kalaksanan kanthi gangsar. Para Bapak Ibu dalah kadang ingkang minulya, Rahmating Allah ingkang awujud kamardikan punika mujudaken rahmat ingkang kita jagi. Kamardikan punika boten dhawah saking langit, para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga lan jiwa murih bangsa lan Negara punika saged uwal saking regemaning perang muka. Pramila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan, kanthi lenging manah namung: Sepisan : ngonjukaken syukur dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa.

Kalih : Ngenget-enget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardikan. Kita unjukaken puji pandhonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetabipun lan kaparingan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Tiga : kita lajengaken lelabetanipun para pahlawan nyampurnakaken kasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan arupa kamardikan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara. Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya , Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados para warga sageda nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan Negara saengga saged sareng-sareng ambangun nagari ingkang kita tresnani menika. Mekaten atur sepala saking kula, minagka suhing RW 03 Desa Sriwulan, kula nyuwun agunging sadra pangaksama menawi wonten kiranging subasita, miwah cecer ceweting basa tuwin sastra. Nuwun Wassalamualaikum Wr.Wb MATERI RINGKES 6 Angka Jawa 0=01=12=23=34=45=56=67=78=89=9 Aksara murda ing aksara Jawa mung anawolung aksara, liyane ditulis lumrah Na = ! Ka = @ Ta = # Sa = $ Pa = % Ba = * Ga = & Nya = ^ Maca wacan aksara Jawa Nalika maca wacan kanthi tulisan Jawa kita asring mangguli sandhangan Jawa, kayata : a. Wulu wujude i diwaca i tuladhane wigati : wigti b. Suku wujude u diwaca u tuladhane buku : buku c. Pepet wujude e diwaca tuladhane seger : sege/ d. Taling wujude [ diwaca e tuladhane dhewe : [d[w

e. Taling tarung wujude [ o diwaca o tuladhane bodho : [bo[do f. Cecak wujude = diwaca ng tuladhane kacang : kc= g. Layar wujude / diwaca r tuladhane ajar : aj/

Anda mungkin juga menyukai