Anda di halaman 1dari 14

ATUR PAMBAGYAHARJA

Nuwun kula nuwun.


Assalamualaikum wr wb
( Do a pambuka )
Tumetesing nugraha saha sih wilasaning Gusti mugiya tansah sumandha kasarira ing angga kita
sawegung sumrambah sagung dumadi.
Rinengga ing sagung pakurmatan nuninggih :
-

Para pundhen sepuh, para aji sepuh ingkang dhahat tuhu pana ing pamawas wiwah lebda
ing pitutur sayekti ingkang kula bekteni

Nayakaning

negari,

pangemban

pangembating

praja

Kepala

Desa

Kuwarasan

sajanjangrawatipun minangka pandam-pandoming kawula dasih ingkang kinurmatan


-

Para pilenggah, para tamu kakung saha putri ingkang tuhu ber ing budidarma lan luhuring
budi

Pangarak penganten kakung saha pangarak penganten putri ingkang kula tresnani
Keparenga kawula cumanthaka ngadeg wonten ngarsa panjenengan, sawetawis nigas

wacana anggempil kamardika panjenengan ingkang sawega sekeca pilenggah kanthi eca
wawanpangandikan awit kawula awrat mundhi dhawuh timbalan ingkang hamengku gati kadang
wredha kula Bapak Madarso sarimbit, ingkang sawega anetepi jejering asepuh mbandhul krami
amiwaha putra mahargya siswi andhaupaken putra putrinipun apeparab

Ayu Adi Putri

kadhaupaken kaliyan Nak Mas Adi Prasetia putra kinasih Bpk Sanjoyo ingkang pidalem wonten
Ori. Wigatosing sedya kula minangka talang atur Bpk/ ibu Madarso kinen atur pambagyaharja
wonten pawiwahan punika , awit Bpk/Ibu Madarso saestu saweg bombong, berag bewaraning
penggalih nampi rawuh panjenengan sami pramila kalenggahan punika sedaya atur kados namung
kendel wonten ing tenggak mboten kuwawi kawijiling lesan
Minangka purwakaning atur sumangga kita tansah ngaturaken raos syukur ngarsa dalem
Gusti ingkang Maha Mirah , awit nyata ngantos titiwaci punika taksi kepareng paring nugraha
awujud kanikamatan mliginipun awujud kasarasan saengga kita taksih kepareng pepanggihan
silaturahmi wonten dalemipun bapak ibu Madarso kanthi kasugengan mboten manggih aral
satunggal punapa, kanthi atur Alhamdulillahirobil alamin.

Salam lan salawat Allah mugi tansah lumintir dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhamad

aw ingkang kita tengga-tengga safaatipun mbenjang wonten dinten akhir lan mugiya kita kalebet
umat ingkang mbenjang saged nampi safaat saking Panjenenganipun , allohuma Amin.
Bapak,ibu para pilenggah ingkang kinurmatan, kepareng matur minangka sulih saliranipun
bapak ibu Madarso:
Sepisan ,
Angambali atur kados ingkang sampun sinerat wonten serat ulem bilih pahargyan ing wanci
punika inggih awit bpk/ ibu Madarso katemben angayahi jejering asepuh malakramekaken putra
putrinipun ingkang asesilih Ayu Adi Putri pikantuk bagus Adi Prasetia atmaja Bpk/ Ibu Sanjoyo
saking tlatah Ori. Dene titilaksana ijab kobul awit pikantuk berkah pandonga panjenengan sami
sampun saged kaayahan mapan wonten mesjid Kuwarasan, kala wau tabuh 08.00 WIB kanthi
rancag mboten manggih aral setunggal punapa.
Angka kalih:
Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit panjenengan sami sampun kersa
anglodhangaken wekdal ambucal tenaga angrawuhi pahargyan pawiwahan dhaupipun pinanganten
kekalih saperlu paring pandonga dhumateng pinanganten kekalih saha hajatipun Bpk/Ibu Madarso.
Bpk/Ibu Madarso ugi ngaturaken agunging panuwun dana sumbangsih panjenengan sami, awit
saestu-estu sumbang sih kadarman panjenengan saged ndadosaken pangentheng-entheng Bpk/Ibu
Madarso anggen hamengku gati. Saking pandonga panjenengan ,mugi pinanganten saged mangun
bale wisma ingkang sakinah, mawadah lan rohmah, lan saged pinaringan turun ingkang soleh
utawi solehah.
Sinaosa sampum samaten agengipun sih kadarman panjenengan ingkang kaparingaken , nanging
Bpk/ibu Madarso taksih nyuwun ugungan mugi panjenengan kasuwun taksih kersa lelenggahan
ngantos paripurnaning adicara samangke.
Raos agunging panuwun ugi katur tangga tepalih, sanak kadang, mitra rowang ingkang sampun
kersa ambiyantu wujud: bau suku, dana beya , iguh pratikel lan sakamudayanipun ingkang sedaya
kala wau saged angenthengaken jejibahan Bpk/Ibu Madarso anggen mahargya ingkang putra.
Nanging Bpk/Ibu Madarso mboten saged caos piwales punapa kemawon, sagedipun ndherek
nyuwun dedonga mugiya sedaya amal panjengan saged katampi minangka amal soleh lan
mbenjangipun saged pikantuk lelintu ingkang mathikel-thikel saking Allah s w t , Amin
Angka tiga,
Sinaosa Bpk/ Ibu Madarso anggem gadhah hajat sampun karacik, karantam lan kapenggalih
sawatawis dangu nanging, nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan anggen hamengku gati,
inggih saking Panca Sugata Tama : Uwuh, Aruh, Gupuh, Lungguh miwah Suguh. Liripun Uwuh :
mbok bilih anggen caos kabar kirang subasita,utawi anggen nyerat asma panjenengan mboten
jumbuh kasunyatan. Aruh ; Mbok bilih anggen ngacarani rawuh panjenengan wonten atur ingkang
kirang nuju prana. Gupuh : Bilih anggen nampi rawuh panjenengan rinaos kirang ing pamengku,

malah mbok bilih mboten saged jawat asta setunggal mbaka setunggal. Lungguh : awit swasana
ingkang sawatawis rupak bilih anggen caos papan palenggahan kirang satraju kaliyan kalenggahan
panjenengan wonten ing bebrayan. Suguh : Mbok bilih ing mangke lumadosing pasugata kirang
nuju prana kalih penggalih panjenengan.

Saestu-estu sedaya kekirangan kala wau Bpk/Ibu

Madarso among saged nyuwun lumunturing samodra gung pangaksami.


Wasana makaten ingkang saged kawula aturaken minangka talang basa Bpak/Ibu Madarso ,
kula pribadhi anggen matur saking wiwitan ngantos pungkasan mbok bilih katahah tumpang
suhing basa, kirang pas angrakit ukara lan parama sastra saha kirang suba sita kula aturaken janur
dawa go gawe kupat, timun gunung migunani, kathah atur kula lepat nyuwun agunging
pangaksami.
Billahitaufik wal hidayah wassalamu alaikum wr wb.
Pandaya swara katur kadang pengendhali wara, sumangga

PASRAH PINANGANTEN KAKUNG

Kawula nuwun
Assalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
* Do a pambuka ( Manut swasana )
Kinanthi tumetesing nugraha saha sih wilasaning Gusti ingkang Maha Mirah mugiya tansah
sumandha lan kasirira ing angga kita sawegung sumrambah sagung dumadi
Rinengga ing sangung pakurmatan nuninggih ;
-

Para pundhen sepuh, para aji sepuh ingkang tuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur
ingkang dhahat kinabekten

Para Kyai ingkang tansah sinandhing kitab Suci wahyuning Illahi minangka panuntuning
panembah ing Gusti.

Satriyaning negari , pangemban pangembating praja, Kepala Desa Kuwarasan


sajanjangrawatipun, minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang tuhu sinudarsana

Para tamu kakung saha putri ingkang tuhu luhuring budi

Langkung-langkung keluarga ageng Bapak/Ibu Madarso ingkang kinurmatan


Mugi kepareng kawula cumanthaka ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, kapeksa

nigas wacana munggel pangandikan saha anggempil kamardikan panjenengan ingkang satuhu
sawega sekeca pilenggah lan eca wawan pangandikan awit netepi jejibahan jumbuh kaliyan
pangandika kadang pambiwara bilih kawula kautus kadang kula sepuh Bapak/Ibu Sanjoyo kinen
amasrahaken putra kinasihipun nuninggih pinanganten kakung
Langkung rumiyin kepareng kula nelakaken raos syukur konjuk Gusti ingkang maha mirah, awit
saking kemirahanipun, taksih amaringi nugraha sehat saengga kita taksih kepareng silaturahmi
wonten dalemipun Bapak/Ibu Madarso kanthi kalis ing sambikala.
Para pilenggah, para tamu kakung putri ingkang sinuba ing akrami.
Kepareng kawula matur katur Bapak/Ibu Madarso, alelantaran panjenenganipun Bapak Ir. Heru
Sumitro ingkang minangka sulih saliranipun
Ingkang angka setunggal, ngaturi pirsa bilih wiwit bidhal saking griyo ngantos dumugi
papan punika, awit saking pandonga panjenengan,Bapak/Ibu Sanjoyo tansah pikantuk ing
kawilujengan, pramila wanci punika saged marak sowan ngarsanipun Bapak/Ibu Madarso.
Nanging nyuwun pangapunten Bapak /Ibu Sanjoyo mboten kuwawi matur piyambak, mila

alelantaran kawula Bapak/Ibu Sanjoyo ngaturaken salam taklim katur Bapak / Ibu madarso kanthi
assalamu alaikum wr wb.
Angka kalih, Kula ingkang tinanggenah anganthi pinanganten kakung jaler saking
Ori ngantos dumugi dalem Bpak/ Ibu Madarso, kados ingkang panjenengan pirsani punika.
Jogrogipun ketingal sumbada, awit namung lare gunung tebih priyagung, lare desa tebih saking
kuta, seserepan, tatabasa, subasita napa malih babagan bale wisma, babar pisan tebih saking
ingkang dipun kersakaken ewo samanten wanci punika kula aturaken sawetahipun, jangkep sadaya
kekirangan ndadosaken priksa, amrih ing mangke saged katampi kaangken kados putra piyambak,
lan sageda kagula wenthah amrih saenipun wonten ing keluarga napa dene wonten ing bebrayan .
Ugi ndherek titip dhumateng Bapak Lurah Kuwarasan sajanjang rawatipun mandhapipun
dumateng KEPALA Dusun, Ketua RW, napa dene Ketua RT, mangga nak Adi Prasetia ing
mangkenipun sageg kaangken minangka warga desa Kuwarasan mriki .
Angka tiga bapak /Ibu Sanjoyo nyuwun pangapunten awit anggen sowan, anganthi
pangombyong samanten kathahipun, mangka watak Kurawa kathah geduga kirang prayoga damel
repot ngantos nelasaken papan, nanging ing pangajap sejatosipun naming kepengin ndherek
ngregengaken pahargyan. Dene manawi pahargyan rinaos cekap mangke Bapak/Ibu Sanjoyo
sapangombyong nyuwun pamit
Wasana makaten ingkang saged kawula aturaken mingangka talang basa kadang kula
sepuh Bapak/Ibu Sanjoyo kathah tumpangsuhing basa, kirang trep pangrakiting ukara lan
paramasastra saha kirang subasita saestu kula kula ngaturaken kridha lumahing asta nyuwun
lumunturing samodra pangaksama. Akhiron Wassalamu alaikum wr wb

PANAMPI PASRAH PENGANTEN


Kawula nuwun
Assalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
* Do a pambuka ( Manut swasana )
Kinanthi tumetesing nugraha saha sih wilasaning Gusti ingkang Maha Mirah mugiya tansah
sumandha lan kasirira ing angga kita sawegung sumrambah sagung dumadi
Rinengga ing sangung pakurmatan nuninggih ;
-

Para pundhen sepuh, para aji sepuh ingkang tuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur
ingkang dhahat kinabekten

Para Kyai ingkang tansah sinandhing kitab Suci wahyuning Illahi minangka panuntuning
panembahing Gusti ingkang minulyo

Satriyaning negari , pangemban pangembating praja, Kepala Desa Kuwarasan


sajanjangrawatipun, minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang tuhu sinudarsana

Para tamu kakung sumawana putri ingkang tuhu luhuring budi

Langkung-langkung keluarga ageng Bapak/Ibu Sanjoyo

Mugi kepareng kawula cumanthaka ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, kapeksa nigas
wacana munggel pangandikan saha anggempil kamardikan panjenengan ingkang satuhu sawega
sekeca pilenggah lan eca wawan pangandikan awit netepi jejibahan jumbuh kaliyan pangandika
kadang pambiwara bilih kawula kautus kadang kula anem Bapak/Ibu Madarso kinen anampi
pasrah pinanganten kakung putra kinasih Bapak /Ibu Sanjoyo
Purwakaning atur kepareng kula nelakaken raos syukur konjuk Gusti ingkang maha mirah, awit
saking kemirahanipun, taksih amaringi nugraha sehat saengga kita taksih kepareng silaturahmi
wonten dalemipun Bapak/Ibu Madarso kalis ing sambikala.
Para pilenggah, para tamu kakung putri ingkang sinuba ing akrami.
Kepareng kula matur katur Bapak/Ibu Sanjoyo, alelantaran panjenenganipun Bapak Sulistyo, S.Pd
ingkang minangka sulih saliranipun
Ingkang angka setunggal, ngaturi pirsa ugi bilih pandonga panjenengan ,Bapak/Ibu
Madarso ugi tansah pikantuk ing kawilujengan,. Nanging nyuwun pangapunten awit sawega
bombong salebeting penggalih nampi rawuh panjenengan, mila Bapak /Ibu Madarso mboten
kuwawi matur piyambak, nggih alelantaran kawula Bapak/Ibu Madarso nampi salam taklim
Bapak/ibu Sanjoyo kanthi wa alaikumssalamwr wb.

Angka kalih, Kula ingkang anyesulihi kadang kula anem Bapak/Ibu Madarso, mangertos
ingkang pun ngendikakaken. Bilih penganten kakung kathah kekiranganipun, dhasar lare gunung
tebih priyagung, lare desa tebih saking kuta, seserepan, tatabasa, subasita napa malih babagan bale
wisma,kula kinten mboten makaten, umpami leres mboten dados punapa, malah keleresan ing
mangkenipun Bapak/Ibu Madarso mboten pekewed anggen badhe nggula wenthah, samangke
sampun katampi ugi kanthi wetah lan badhe kaangken kados putra piyambak,
Ingkang angka tiga Bapak/Ibu Madarso babar pisan mboten menggalih kerepotan saking
kathahing pangarak malah ndadosaken raos bingah awit ingkang putra anggen pala karma
sinuyudan sanak kadang ingkang tansah ndherek dedonga, saking Bapak/Ibu Madarso ngaturaken
sugeng lenggah. Wondene ing mangke mbok bilih keluarga ageng Bapak/Ibu Sanjoyo ngraos
titilaksana cekap badhe ngersakaken kondur nggih Bapak/Ibu Madarso namung saged ngaturaken
sugeng kondur, mugi tansah winantu ing kasugengan.
Wasana makaten menggah atur kawula anampi pasrah penganten kakung, mbok bilih
anggen kula nampi minangka talang basa Bpk/ Ibu Madarso kirang ndadosaken sarjuning
penggalih menggah para pilenggah langkung-langkung dhumateng keluarga ageng bapak/ibu
Sanjoyo kula saestu nyuwun pangaksama. Billahi taufik wal hidayah Wassalamu alaikum wr wb.

TANGGAP SABDA
Nuwu kula nuwun
Assalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
* Do a pambuka ( Manut swasana )
Kinanthi tumetesing nugraha saha sih wilasaning Gusti ingkang Maha Mirah mugiya tansah
sumandha lan kasirira ing angga kita sawegung sumrambah sagung dumadi
Rinengga ing sangung pakurmatan nuninggih ;
-

Para pundhen sepuh, para aji sepuh ingkang tuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur
ingkang dhahat kinabekten

Para Kyai ingkang tansah sinandhing Kitab Suci Wahyuning Illahi minangka panuntuning
agami ingkang minulyo

Para tamu kakung sumawana putri ingkang tuhu luhuring budi

Langkung-langkung keluarga ageng Bapak/Ibu Sanjoyo tuwin besan ingkang tansah bagya
mula

Para pangarak pinanganten kakung lan pangarak pinanganten putrid ingkang kula tresnani.
Mugi kepareng kawula ngabyantara ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, kapeksa

nigas wacana munggel pangandikan saha anggempil kamardikan panjenengan ingkang satuhu
sawega sekeca pilenggah lan eca wawan pangandikan awit netepi jejibahan jumbuh kaliyan
pangandika kadang pambiwara bilih kula supados njangkepi adicara, sawetawis badhe ndherek
mangayubagya dhaupipun penganten kekalih.
Purwakaning atur kepareng kula nelakaken raos syukur konjuk Gusti ingkang maha mirah,
awit saking kemirahanipun, taksih amaringi nugraha sehat saengga kita taksih kepareng
silaturahmi wonten dalemipun Bapak/Ibu Madarso kalis ing sambikala.
Para pilenggah ingkang kula ormati kepareng kula matur minangka ingkang dipun sepuhaken
wonten desa Kuwarasan, anyesulihi sedaya warga Kuwarasan, ingkang sepisan ndherek
mangayubagya dhumateng Bapak/Ibu Madarso dalah besan ingkang sampun netepi jejering asepun
amalakramekaken putra lan putrinipun. Kanthi ndherek dedonga mugiya ingkang sami bebesanan
anggen kagungan gegayuhan tansah pinayungan ing kamurahaning Gusti ingkang murbeng
dumadi, kalis ing sambikala anggen sami amengku gati. Ugi kula suwun saestu-estu saged dados
jejering asepuh menggah putra temanten kekalih.

Ingkang angka kalih kula badhe titip atur dhumateng ingkang arsa mangun bale wisma
nggih penganten kekalih, Bagus Adi prasetia lan Rara Ayu Adi Putri. Ing samangke sedya
panjenengan sampun kasembadan amengku bale wisma kanthi kaiket talining apala krami mila
sampun ical sesebatan jaka lan kenyonipun lan sampun kagungan jejibahan enggal ingkang dereng
kalampahan saderengipun. Wiwit ijab kobul sawau kakung putri sampun rumangsa handarbeni
mula wajib angrungkebi nanging mulat sarira angrasa wani, liripun. Handarbeni mengku
teges, Bagus Adi Prasetia rumaos sampun kagungan garwa inggih rara Ayu Adi Putri lan kosok
wangsulipun rara Ayu adi Putri ugi sampun kagungan garwa inggih bagus Adi Prasetia. Mboten
pareng ing samangke nandhing-nandhingaken garwa piyambak kaliyan piyantun sanes.
Panjenengan sampun kagungan pilihan piyambak mila lair batos mas Adi Prasetia kedah rumaos
bilih mboten wonten wanodya sanesipun ingkang langkung ayu kejawi ingkang garwa pun ni Ayu
Adi Putri. Kosok wangsulipun Ni Ayu adi putri ugi kedah kagungan raos mboten wonten priya
sanes ingkang langkung gagah kejawi garwa panjenengan Mas Adi Prasetia. Kakung putri kedah
pitados nanging saged pinitados.Menawi raos punika lumebet ing sanubari insya Allah bale wisma
Panjenengan

badhe

kukuh

salaminipun

Wajib hangrungkebi ngemu teges, awit sampun dados kagunganipun mila ing mangke kedah
saged jagi jinagi. Awit mboten wonten jalma ingkang sampurna mesthi kathah kekiranganipun,
mbok bilih menawi taksih manten enggal dereng ketingal. Nanging mangke lumampah sawetawis
wekdal badhe ketingal kekirangan-kekiranganipun. Ampun ngantos kekirangan wau dados
pawadan ingkang ndadosaken crahing keluarga, kekirangan kala wau sageda katampi, awit kajawi
wonten kekirangan tamtu kathah kesaenanipun. Kakung putri kedah pirsa

lagak, lagu lan

lageyanipun ingkang garwa, ampun ngantos ngendika ingkang andados kirang rena penggalih
kakung utawi putrinipun. Wonten gesehing pirembagan kedah saged karembag wonten
salebeting bale wisma, ampun ngantos kawiyak asanes sanadyan dhumateng tiyang sepuh
piyambak,

Amargi tundhanipun badhe nambahi kisruhing keluarga panjenengan.

Ringkesipun garwa punika sadumuk bathuk sanyari bumi.


Wondene mulat sarira hangrasa wani mengku wredi, sasampunipun pala krami panjenengan
badhe miwiti gesang ingkang enggal minangka tiyang sepuh, mila kedah kagungan penggalih
ingkang premati. Tiyang gesang tamtu kagungan gegayuhan, nanging gegayuhan napa kemawon
kedah kajumbuhaken kaliyan kekiyatan. Ampun ngantos nggege mangsa menawi dereng kiyat
anggen kagungan gegayuhan nggih kapenggalih kanthi sareh, menawi sampun rumaos kiyat
nembe kaayahan, dados mboten keduwung tembe wingkingipun.
Dene wonten ing salebetipun brebayan panjenengan kedah saged manjing ajur ajer kaliyan tangga
tepalih, tegesipun kedah saged amor kalih sok sinten kemawon nanging mboten kedah kawor.
Ampun kagungan raos adigang adigung adiguna, mila badhe kagungan raos tentrem salebeting
bebrayan
Ingkang angka tiga, midherek pangandika pasrah penganten, dene penganten kasuwun minangka
waga Kuwarasan, kula ingkang dipun sepuaken wonten desa Kuwarasan ngaturaken kula tampi

Mas Adi Prasetia menawi mapan wonten mriki kula angken minangka warga Kuwarasan. Lan
dhumateng Mas Adi Prasetia mangga ing mangke sageda ndherek tatacara ingkang lumapah
wonten desa Kuwarasan mriki mbok bilih wonten bentenipun kalihan kawontenan wonten ing Ori ,
awit wonten tetembungan, Desa mawa cara Negara mawa tata.
Wasana makaten ingkang saged kula aturaken sadaya atur ingkang nglantur, tembung
igkang suwung, subasita kirang tata, kula nyuwun lubering samadra pangaksama.
Wassalamu alaikum wr wb
WASITA ADI
Nuwun kula nuwun
Assalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
* Do a pambuka ( Manut swasana )
Kinanthi tumetesing nugraha saha sih wilasaning Gusti ingkang Maha Mirah mugiya tansah
sumandha, kajiwa lan kasirira ing angga kita sawegung sumrambah sagung dumadi
Rinengga ing sangung pakurmatan nuninggih ;
-

Para pundhen sepuh, para aji sepuh ingkang tuhu pana ing pamawas saha lebda ing pitutur
ingkang dhahat kinabekten

Para Kyai ingkang tansah sinandhing Kitab Suci Wahyuning Illahi minangka panuntuning
agami ingkang minulyo

Para tamu kakung sumawana putri ingkang tuhu luhuring budi

Keluarga ageng Bapak/Ibu Sanjoyo tuwin besan ingkang kinurmatan

Langkung-langkung putra pinanganten kekalih ingkang kula tresnani


Mugi kepareng kawula ngabyantara ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, kapeksa

nigas wacana munggel pangandikan saha anggempil kamardikan panjenengan ingkang satuhu
sawega sekeca pilenggah lan eca wawan pangandikan awit netepi jejibahan netepi dhawuh
timbalan ingkang hamengku gati bilih kawula kasuwun supados sawetawis

suka pepenget

dhumateng penganten kekalih.


Purwakaning atur kepareng kula nelakaken raos syukur konjuk Gusti ingkang maha mirah,
awit saking kemirahanipun, taksih amaringi nugraha sehat saengga kita taksih kepareng
silaturahmi wonten dalemipun Bapak/Ibu Madarso kalis ing sambikala.
Bapak ibu sekaliyan ingkang tuhu kinurmatan kepareng kula matur dhumateng penganten enggal
lan panci enggal samudayanipun, kalebet jejibahan ingkang badhe dipun ayahi samangke.
Nakmas Adi Prasetia lan Nak Ayu Adi Putri, jumbuh pangandika Bapak Kepala Desa kalawau
panjenengan sampun ical sesebatan jaka lan kenyanipun, wiwit panjenengan ijab kobul kala wau.
Panjenengan lenggah jajar kapahargya karawuhan para tamu, sanak kadang andayani panjenengan
ketingal seneng sanget. Pancen dadi penganten niku seneng nanging ampun seneng dadi
penganten. Salah setunggaling upacara adat kala wau panjenengan ngayahi pidak tigan wonten
nginggil pipisan, mengku panyuwun mugiya panjenengan anggen jejodhoan cekap among sepisan.

Kenging punapa ko tiyang sami jejodhoan utawi pala karma. Wonten pinten- pinten gegayuhan
antawisipun Sepisan kepenging nerasaken turun amrih mboten cures. Angka kalih kepenging
gesang ayem anteng, aman lahir batosipun. Ingkang wigatos ndherek sunah Nabi.
Wondene raos ayem , tentrem salebeting bale wisma saged kalaksanan menawi kakung lan putri
pirsa jejibahan piyambak piyambak. Kakung sinebat JALER mengku wigatos Jejer minangka
pados boga, Asipat wicaksana, Lebda ing pamengku tumrap garwa, Enget ing jejibahan, Rumeksa
ing raos tresna. Kakung kedah saged nyandhang,nyandhing lan nyandhung
Dene putri sinebat WADON ugi ngemu wigatos Wadhah utawi genuk ing bale wisma, Asih
dhumateng kakung, Dados sesawangan ingkang nuju prana tumrap garwa, Omber penggalihe ,
Nurut mituhu kakung. Putri kedah saged ndhadhani, ndhandhani lan ndalani tumrap kakung
Jlentrehipun kathah sanget menawi kabeber wonten mriki mboten nyekapi wekdalipun, nek
kepengin gamblang penganten tindak panggenan kula ngasta gula teh ingkang kathah. ( gujengan )
Tiyang jejodhoan ing mangke kagungan panjangka sesarengan napa wujudipun
-

wisma

curiga

turangga

kukila

1.Wisma mengku teges papan.


Tiyang mangun bale wisma saenipun menawi kagungan dalem piyambak ingkang dipun
temtokaken sesarengan, dene pidak tigan ngantos pecah wau ngemu wredi mugi panjenengan
enggal mecah nalaripun uwal saking tanggel jawabipun tiyang sepuh kekalih. Menawi sampun
kagungan dalem piyambak kan mboten kagungan raos rikuh pakewuh, nanging mboten teges
nyupekaken tiyang sepuh.
2. Curiga mengku teges gaman utawi pakaryan. Tiyang ingkang wanton emah-emah kedah sampun
kagungan pakaryan napa kemawon ingkang saged ngasilaken sauger halal tundanipun saged
damel raharjaning keluarga. Kados panjenengan malah kakung putri sami kagunagn pakaryan
gumathok.
3. Turangga ngemu teges titihan utawi sarana kangge nggayuh gegayuhan. Tiyang mangun bale
wisma kedah kagungan gegayuhan luhur kejawi gegayhan nerasaken turun . Saged ugi wujud
titihan saestu kinarya saran a pados boga.
4. Kukila ngemu teges klangenan utawi kasenengan, ingkang wigatos kakung putri kedah pirsa
remenipun ingkang garwa, kakung kedah saged damel raos remen dhumateng putri lan
kosokwangsulipun. Kakung putri kedah apal lagu, lagak lan lageyane ingkang garwa.satemah
tentrem swasana bale wisma. Wados ingkang garwa ampun ngantos kangge wadanan, napa
malih kacrariosaken medal.
Tumrap ingkang sampun kagungan garwa babar pisan ampun kesesa nggega swanten saking
njawining bale wisma. Kabar sae napa dene awon kedah kasaring ing penggalih ampun kesesa

kangge padudon. Srawung wonten bebrayan kedah ngatos- atos mila leres pangandika Bapak lurah
, bisaa manjing ajur ajer. Nanging kedah ngatos-atos jalaran wonten salebeting bebrayan mboten
sedaya remen, mboten sedaya sengit, ingkang remen mboten kirang pangalem, ingkang sengit
mboten kirang panacad.
Inkang pungkasan menawi kagungan gegayuhan kedah saged ngukur kekiyatan satemah
mangkenipun mboten keblasuk juranging kanisthan.
Wasana makaten sawetawis seserepan mugiya saged dados sanguning ngagesang menggah
penganten kekalih. Mbok anggen kula matur kathah ing kekiranganipun lahir batos kula nyuwun
agunging pangaksami. Wassalamu alaikum wr wb

KAIMPUN DENING

T U R I M A N, S.Pd
SIWA

PERMADANI
BREGADA II

KAB KEBUMEN
TIDAK DIPERJUAL BELIKAN DIGUNAKAN UNTUK KEPENTINGAN SENDIRIDD
ISI BUKU
Atur Cecala

Rantaman Upacara Jangkep Lan Pambagining Wekdal

Rantaman Adicara Ijab Kobul

Rantaman Adicara Pahargyan Lan Panggih Penganten

Nglarapaken Titilaksana Ijab Kobul

Mbukani Pawiwahan

Mungkasi Pawiwahan

12

Atur Pambagyaharja

13

Pasrah Penganten Kakung

16

Panampi Pasrah Penganten Kakung

18

Tanggap Sabda

20

Wasita Adi

22

Candra Penganten Putri

25

Candra Penganten Kakung

26

Candra Panggih Penganten Jangkep

27

Candra Kirab Kaprabon

30

Candra Kirab Kasatriyan

32

Anda mungkin juga menyukai