Anda di halaman 1dari 4

ATUR PASRAH PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu kakung miwah putri
ingkang luhur ing budi. Nyuwun agunging pangaksami dene kula pun Adi Saputro sampun
kumawantu hanggempil kamardikan panjenengan ingkang nembe wawan pangandikan. Dene
pisowan kula minangkani pamundhutipun Bapak Gito Martono ingkang pidalem ing Dukuh
Gatak, Desa Mudal, Kecamatan Boyolali, Kabupaten Boyolali.

Sepisan : ngaturaken salam taklimipun konjuk ngarsanipun Bapak Budi Setyawan


sakgontrah, sinartan pepuji mugiya tansah pinayungan dening Allah SWT.

Kaping kalih : kula kadhawuhan nyowanaken sarta hamasrahaken calon penganten kakung
pun Bagus Raditya Widagdo putranipun Bapak Gito Martono ingkang sampun karembag
badhe kadhaupaken kaliyan rara Niken Respati Kusumastuti putra putrinipun Bapak Budi
Setyawan. Salajengipun kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken
panjenengan sakulawarga miturut adat tata cara ingkang lumampah wonten ing talatah mriki.

Wasana minangka panutuping atur, kula ngelnggana kathah thithiling atur saha kirang
suba sita anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangakasama.

Purnaning atur, bilahitaufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum waragmatullahi wabarakatuh

Nuwun
ATUR PANAMPI PASRAH PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, Bapak Gito Martono sekaliyan
dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh ingkang minulya. Suamangga kula dherekaken
ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Ingkang sampun
paring kanugrahan dhumateng panjenengan dalasan kula.

Tumanggap pangandikanipun Bapak Adi Saputro, minangka sesulihipun Bapak Ibu


Gito Martono, kula kadhawuhan tampi pasrah penganten kakung. Pramila keparenga kula
mratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10:00 penganten kakung kula tampi kanthi sae,
andadosaken suka bingahing manah.

Salajengipun penganten kakung pun Bagus Raditya Pringgo Widagdo badhe sarimbit
klaiyan penganten putri rara Niken Respati Kusumastuti dumungkap upacara candhakipun.

Mekaten atur panampi kula, menawi anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha
patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, inggih awit saking cupeting seserepan
kula ing reh suba sita, basa, tuwin sastra, kula nyuwun agunging pangaksama.

Maturnuwun

Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum waragmatullahi wabarakatuh


ATUR PASRAH PENGANTEN KAKUNG

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Nuwun
Para sesepuh, pini sepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapa Gito Martono dalanasan
sagung kulawarga, miwah para tamu, kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Sumangga kita tansah angunjuaken raos puja puji lan syukur wonten Ngarsa Dalem
Allah SWT, ingkang sampun paring taufiq, hidayah, saha inayah dumateng kula lan
panjenengan sami. Satemah saged kempal manunggal wonten dalemipun bapa Budi
Setyawan kanthi wilujeng, widodo, nir ing sambikala.
Shalawat ugi salam mugi-mugi tansah kaparingaken dumateng Nabi Ageng
Muhammad SAW, Nabi ingkang dados "suri tauladan" dumateng kula lan panjenengan sami.
Para tamu ingkang minulya, kula Pradibta Eka Nugraha cumanthaka lumarap atur
anggempil kamardikaning suwasana, bilih wonten ing siang menika Bapa Budi Setyawan
sakaluarga paring dawuh dumateng kawula kinen dados talanging atur wonten adicara atur
Pambagyaharja.
Pramila, Bapa Budi Setyawan ingkang sapisan ngaturaken pambagya sugeng rawuh.
Saha ngaturaken agenging panuwun awit rawuhipun bapa lan ibu sedaya. Bapa Budi
Setyawan sakaluarga wonten ing dinten punika ngaturi rawuh panjenengan sedaya nun inggih
amargi badhe nyuwun tambahing doa lan pangestu. Bilih wonten ing dinten punika Bapa
Budi Setyawan sakaluarga nembe hanetepi dharmaning tiyang sepuh, malakramaaken saha
mahargya putra-putrinipun ingkang asesilih Rara Niken Respati Kusumastuti ingkang
dipundhaupaken kaliyan Nak Mas Bagus Raditya Pringgo Widagdo ingkang pidalem wonten
ing Gatak, Desa Mudal, Kecamatan Boyolali, Kabupaten Boyolali.
Sapindah malih, Bapa Budi Setyawan sakaluarga estu nyuwun tambahing pandonga.
Mugi-mugi risang temanten sarimbit saged dados keluarga ingkang Sakinah, Mawaddah,
Warahmah. Amin, Amin Ya Rabbalalamin.
Ingkang pungkasan, bapa Budi Setiyawan sakaluarga nyuwun pangapunten bilih
anggenipun paring palenggahan, pasugatan, saha nanggepi rawuh para tamu dereng saged
dadosaken suka renaning penggalih bapak-ibu sedaya.
Punika ingkang saged kawula aturaken, 94 punjul enem, menawi lepat nyuwun
ngapunten.
Nuwun matur nuwun,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!
ULAR-ULAR
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang dahat


kinurmatan, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya.
Nyuwun pangapunten dene kula chumanthaka sowan mangarsa hanggempil
kamardikan panjenengan sedaya, kagem caos sabdatama utawi ular-ular piwulang utami
dhumateng temanten sarimbit. Dene saderengipun boten kesupen bilih kita sedaya ugi tansah
manengku puja munjukaken puji syukur dhumateng ngarsa dalem Gusti Allah ingkang maha
suci lan maha agung.
Nyuwun pangapunten menawi kula dereng derajat kagem caos sabdatama, jer
tembung sabda mekaten boten wonten ingkang pantes ngagem, kajawi namung Gusti Allah
ingkang maha agung. Sanadyan langkung wasis anakmas temanten menawi kaliyan kula,
nanging tumpraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok
menawi jalaran langkung rumiyin kula niki ingkang andadosaken kula kepeksa paring
wawasan tumpraping gesang patembayan bebrayan enggal. Anak mas temanten sarimbit,
anggenipun bangun kaluarga kedah nggatosaken lima perkawis kang diarani MALIMA :

1. Ma ingkang sepisan inggih punika Momong : lire wong bebojoan kedah saged mong
kinemong. Bisa momong tegese kedah faham ati, sifat, lan kebiasaan siji lan sijine.
2. Ma ingkang kaping pindho yaiku Momot, lire wong bebojoan kedah bisa madahi ala becik
bener lupute bojo
3. Ma ingkang ketelu yaiku Momor, momor tegese nyanjung utawa ngalem.
4. Ma ingkang kaping papat yaiku Mursid, utawi pinter, saengga tiang bebojonan kedah
langkung wasis dibanding rikala isih bujang.
5. Ma ingkang pungkasan yaiku Migunani, lire kakung kudu migunani uripe kanggo sing putri,
semono uga putri kudu migunani tumrap kakung.

Mekaten kemawon piwulang saking kula, dene sampun kathah anggenipun kula
ngendikan, cekap semanten atur kulo, mugi Gusti Allah tansah paring rahmat, nikmat saha
hidayah kagem kita sedaya, kautaman kagem temanten sarimbit saengga saged dados
kaluarga ingkang sakinah mawadah saha warahmah. Mbokbilih kathah klenta klentuning atur
saha kirang trapsila anggenipun matur kula nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah


Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai