Anda di halaman 1dari 4

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga

panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti
Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget
makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal
punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.

Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny
Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT,
awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan
nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST
dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu Hj, SITI
NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis
tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang,
Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala.

Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka
wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng
rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi,
hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah
dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya,
ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon,
sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.
Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi
sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih
kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal
‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a
paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani
kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa
ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT.

mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk
rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya,
dados kulawarga ingkang sakinah, jjjtansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah.
Allahumma amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung
kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha
caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi
hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang
trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.
Mila mboten nama mokal menawi mboten kuwawa matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya
naming kandheg wonten jangga mboten saged kawedhar ing lathi. Salajengipun Bapak Widyo Subroto
nyuwun ...

Mekaten para rawuh menggah pamatur kula minangkani Bp/Ibu ____________ gotrah kulawarga.
Wonten ingkang cicir, cupet, cewet, menapa dene ingkang kalucut, kula nyuwun agunging pangaksami.

Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, Bp/Ibu _____________ sakulawarga, lumantar
kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing
pangaksama.

Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi
wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging trapsila lan suba sita, lumantar kula
tansah nyuwun agunging pangaksama panjenengan sedaya.

para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan
ingkang satuhu bagya mulya,

Minggu (Ngahad): Radithé.

Senin (Sênèn): Soma.

Selasa (Sêlasa): Anggara.

Rabu (Rêbo): Budha.

Kamis (Kêmis): Rêspati.

Jumat (Jêmuwah): Sukra.

Sabtu (Sêtu): Tumpak.

Selain nama-nama hari dalam satu Wuku, masyarakat Jawa juga mengenal lima wêton sebagai
pengiringnya yang disebut pasaran (berasal dari kata sêpasar yang berarti lima), diantaranya:
Kliwon (Kasih).

Lêgi (Manis).

Pahing (Jênar).

Pon (Palguna).

Wagé (Cêmêngan).

Anda mungkin juga menyukai