Anda di halaman 1dari 2

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

- Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni

- Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga
panjenengan sedaya kula ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti
Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun nikmat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan
kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan
satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.

Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu
Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepindah, Bapak Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun
Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun
kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Siti Kayati, ST
dhaup kaliyan Parto Suwiryo, ST putra kakungipun Bapa Haji Suwarso – Ibu Hj, Julaeha. Saking
Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis tabuh
20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec.
Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala. Sak-lajengipun wekdal punika
Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur
dumateng ngarsanipun Allah SWT.

Kaping Kalih, Bapak Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken
sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa
hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih
sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.
Ketiga, Bapak Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna
sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna
kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Kaping Sekawan, Bapak Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya
kersa paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda
ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang sakinah,
mawaddah, wa rahmah, kanthi Ridlaning Allah SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang
sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan
dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

Sinaosa Bapak Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu,
namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken
palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa para tamu paring samodra
pangaksami. Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika
mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken,
ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun,
saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.

Tuku kecap ning gunung batur.

Gunung batur kerasa medeni.

Cekap semanten kula matur,

Nyuwun ngapunten menawa ndukani

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.

Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai