Anda di halaman 1dari 3

ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULOHI WABARAKATUH

Konjuk Dumatheng Bapak Perangkat Desa Gentan ingkang


kinormatan
Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten
Para Warga, tamu undangan ingkang mboten saged kulo
sebataken setunggal boko setunggal ingkang kulo hormati.
Ugi Dumateng kadang Karang Taruna ingkang kulo
banggakaken
Langkung rumiyen sumonggo kulo derekaken ngunjukaken Puji
dalah sykur wonten ngarsaipun Alloh ingkang taksih paring
nikmat dumateng kito sedoyo inggih puniko nikmat Iman, Islam
soho kesarasan.
Sholawat soho salam mugi tansah kaaturaken dumateng
Junjungan kito Nabi Muhammad SAW
Lan poro penderekipun ngantos akhir Zaman.
Para Rawuh
Kulo minangka ingkah gadah hajat, ngaturaken Sugeng Rawuh
dumateng poro Tamu sedoyo. Ugi ngaturaken agenging
panuwun ingkang tanpo pepindan dumateng poro rawuh
sedoyo ingkang sampun nglonggaraken wekdallipun kangge
nyekseni adi cara Ulang tahun anak kulo ingkang kaping Pitulas
tahun.Ingkang Asesilih BRIGHITA PUTRI MUSTIKANINGRUM.
Ugi mboten katalompen kulo ngaturaken panuwun dumateng
Bapak Ibu lan poro kadang kaneman awit panjenengan sedoyo
sampun kerso paring pisumbang awujud punopo kemawon
arupi , penggalihan, dana, tenaga, ingkang sedoyo kolo wau
saged damel rancagipun adicoro Ulang Tahun anak kulo wonten
ing dalu puniko.
Para Rawuh kakung miwah Putri ingkang dahat kinormatan
Wonten ing adicoro Ulang Tahun anak kulo ingkang kaping
pitulas meniko, kulo nyuwun donga pangestu,mugi- mugi anak
kulo ingkang asesilih Brigita Putri Mustikaningrum meniko, kanti
tambahipun umur, mugi tambah bektinipun dumateng tiyang
sepuhipun, tambah dewoso, tambah rizkinipun, tambah berkah
gesangipun, tambah pinter wonten papan pasenaonipun.Amin
Mekaten semanten atur pambagyo arjo ingkang saged kulo
aturaken wonten ing kalodangan dalu meniko.Kulo minangka
ingkang gadah hajat nyuwun pangapunten ingkang sa ageng
agengipun menawi anggen kulo nglenggahaken paro rawuh
sedoyo wonten ingkang mboten meranani penggalih
panjenengan kulo nyuwun agenging samodra pangapunten.

Lanmenawi wonten atur kulo ingkang klentu ugi mboten


meranani penggalih panjengan kulo nyuwun panagapunten.
Wassalamualaikum Waroh matullohi Wabarakatuh

ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULOHI WABARAKATUH


Kepada yang terhormat Bapak Perangkat Desa Gentan
Yang kami hormati Bapak- Bapk Ibu ibu tamu Undangan
Juga kepada Pemuda Pemudi Karang Taruna ...... Gentan yang
kami banggakan
Pertama dan utama marilah kita panjatkan Puji dan Syukur
Alloh SWT yang telah melimpahkan rohmat dan hidayatNya
kepada kita semuanya. Sholawat dan salam semoga terlimpah
kepada Junjungan kita Nabi besar Muhammad SAW dan kepada
para pengikutnya yang senantiasa berada dijalannya.
Bapak Ibu saudara Tamu Undangan yang kami hormati,
Yang kedua kalinya, Saya selaku Tuan Rumah mengucapkan
selamat datang kepada tamu undangan. Juga kami
mengucapkan terima kasih atas kerawuhan Bapak ibu saudara
semua, telah meluangkan waktunya untuk bisa menyaksikan
acara Ulang tahun anak kami yang ke 17, yang bernama
BRIGHITA PUTRI MUSTIKANINGRUM.
Yang ketiga kalinya, kami juga mengucapkan terima kasih
kepada warga dukuh Bendo Karang, Bapak, Ibu serta Pemuda
Pemudi karang Taruna yang telah berkenan membantu
sehingga terselenggaranya Acara Ulang Tahun Anak kami
malam ini dengan lancar tanpa aral satu apapun.
Bapak Ibu saudara Tamu Undangan yang kami hormati,
Diacara Ulang tahun anak kami yang ke 17 ini, kami Mohon
doanya, Mudah- mudahan anak kami yang bernama Brigita
Putri Mustikaningrum dengan bertambhnya umur, tambah
berkah hidupnya, tambah baktinya kepada orang tua, tambah
dewasa, tambah rizkinya, tambah kepandaiannya dalam
meuntut ilmu disekolah, Semoga menjadi anak yang soleh,
berguna bagi bangsa, negara ,agama dan orang tuanya. Amien
ya robbal alamin.

Demikian Sambutan kami,selaku tuan rumah tidak kami


panjang lebarkan, Saya atas nama keluarga Bapak Suyatno,
memohon maaf yang sebesar- besarnya apabila dalam
penyambutan kami ada yang tidak berkenan dihati bapak/ ibu
undangan. Kemudian dalam kami memberi sambutan ini ada
tutur kata saya yang tidak berkenan dihati Bapak Ibu semua,
kami mohon maaf yang sebesar- besarnya.
Assalamualaikum Waroh matullohi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai