Anda di halaman 1dari 11

PAMBAGYOHARJO I

Assalamua'laikum Wr Wb.

➤ Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki,
para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang
pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan
Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating
praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang
satuhu kinormatan.
Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes
sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan
manton(kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ..(nama diri misal
Hendro)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring
prasedya.

➤ Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka


syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng
hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah
wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan  kula taksih saget makempal
wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga
sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke
saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

➤ Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning
suka ing kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)...sekalian
angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos
panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati
dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

➤ Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun


pamangku gati Bapa.. (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh
maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri)
..dahup kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan/orang
tua pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene
wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu
akad nikah jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

➤ Winantu pangajabaing sedya  saking Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati)


sarimbit,mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa
hastunipun, satemah penganten sarimbit satat tresna tiresnanan, atut runtu anggennya
mangun bale wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal
pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma
pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

1
➤ Para tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpen(lali)Bapa..(nama
pamangku gati) sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang
miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh
pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..(nama pamangku gati) sekalian
garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten
ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjeengan kalawau
dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satraju(setimpal).

➤ Pepuntaning atur saking bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi
kaagungna pangaksama panjenengan.
Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita
kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para
winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

2
PAMBAGYOHARJO 2

Bissmilahirrohmanirrohimi

Assalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh

Bismillahirohmanirrohim alhamdulillahi raabil 'alamin wa sholatu wassalamu 'ala asyofil anbiya'i


wal mursalin sayyidina wa maulana Muhammadin wa 'ala alihi wa shahbihi ajma'iin, amma ba'du.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, ajisepuh, saha sesepuh ingkang tansah anggung
mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Panjeneganipun para 'alim, para ulama, para Kyai, para Ustadz lan Ustadzah ingkang kita tengga sedaya
pitutur luhuripun, langkung - langkung wa bil kusus panjenenganipun Al mukharom Bapa kyai Zainul
Misbach Musthofa ingkang tansah kita tengga menggah rawuh saha mauidhoh khasanahipun.
Para pangemban pengembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pangayomaning para kawula,
mliginipun panjaneganipun Bapa Pamuji minangka Kepala Desa Genengadal ingkang satuhu kinurmatan
Panjenenganipun kadang besan sutresna Bapa Agus miwah ibu  ingkang satuhu pantes hanampi
pakurmatan.
Mboten kasupen dhumateng para rawuh , para pilenggah kakung sumawana putri, saha para sanak
kadang wredha muda tumaruna ingkang tansah winengku ing suka rahayu.

Purwakaning atur sumangga kita tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Welas
lan Maha Asih nuwun inggih Allah SWT, awit saking sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun
kaparingaken dhumateng panjenengan lan kula, sahengga wonten ing kalodangan punika kita saged
makempal manungal wonten ing dalemipun bapa Jasma lan Ibu kanthi pinaringan karaharjan,
kasarasan , mboten manggih alangan satunggal menapa. Pramila saking menika sumangga kita
ikraraken kanthi kalimah tahmid Alhamdulillahirobil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu
lumintir dumateng titah linangkung ingkang dados panutan saha patuladhan kula panjenengan sami
nuwun Sang Nabi Agung Muhammad SAW, mugi mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun benjang ing
yaumil kiyamah. Allahuma amin

Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu bagya mulya. Nyadong agunging samodra
pangaksama sakderengipun dene kawula kumawantun jumeneng wonten ngarsa penjenengan lan
nggempil kamardhikan anggenipun sami mawan pangandikan. Nun ingih Mundhi dhawuh saking
panjeneganipun ingkang hamengku gati nun inggih Bapa Jasman miwah ibu, kawula ingkang kapitedan
sinaraya minangka sulih sarira kepareng ngaturaken menapa ingkang dados wigatosing sedya menggah
pahargyan dalu punika.

Ingkang angka sepisan Penjenganipun Bapa jasman miwah Ibu ngaturaken sugeng dalu, sugeng rawuh,
saha sugeng lenggah kanthi mardu mardhikaning penggalih, sinartan agunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh mingankani menapa ingkang dados
panyuwunipun Bapa Jasman Miwah Ibu. Nun inggih wonten ing dalu punika Panjenenganipun kepareng
ngawontenaken Tasyakuran Walimatul Ursy anggenipun netepi dharmaing asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha putra mahargya siwi putri kinasihipin ingkang asesilih Rara Ayu Alma ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus Ardiayan Putra jalu saking panjenganipun Bapa Kasman miwah Ibu Siti
ingkang mijil saking tlatah Desa Mulya Kecamatan Reja.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kepareng matur bilih sri atmaja

3
tementen sarimbit sampun kelaksanan anngenipun dhaup suci utawi akad nikah kala enjing, nun inggih
dinten Kamis, nyarengi surya kaping 31 Januari 2019, kirang langkungipun wanci tabuh 08.00 wekdal
nuswantara imbang pracima, miturut tatananing agami lan nagari, kanthi sineksen dening para kadang,
saha sanak sedherek minggahipun para sesepuh lan pinisepuh mapan wonten ing dalemipun Bapa
Jasman mriki kanthi manggih rahayu wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa. Lan ugi sampun
kawisuda minangka panganten kanthi adicara panggih miturut satataning adat ingkang sampun
lumampah wonten ing tlatah dusun kedung Desa Genengadal mriki.

Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang satuhu wicaksana. Jangkep kaping kalih,
Panjenenganipun Bapa Jasman miwah Ibu lan gotrah kaluwarga ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami tumprap sedaya sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung
-langkung dhumateng para warga lingkungan mriki bapak ibu ugi kadang muda- mudi ingkang sampun
paring pambiyantu, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, lan gayeng
pahargyan menika, ugi saged ngentheng-ngenthengi sesanggemaipun ingkang hamengku gati. Ananging
Panjenenganipun Bapa jasman mboten kuwawi matur menapa-menapa, ugi mboten saged ngaturi
menapa-menapa, namung puji donga wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi - mugi sedaya amal
kasaenan panjenegan sedaya dados amal ibadah, lan pikantuk leliru saha piwales saking Allah SWT.
Allahuma amin.

Dene sak lajengipun dumateng para rawuh sedaya, lugunipun sampun sawetawis dangu anggenipun
Bapa Jasman ngrantam, ngronce, miwah ngantha- nggantha pahargyan menika, ananging dhawahipun
tkasih sarwi kirang pantes, saking menika panjenenganipun bapa Jasman sakeluwarga  namung saged
nyuwun agunging samodra pangaksama. nanging sanget panyuwunipun Bapa Jasman, katur sagung
para rawuh keparenga pareng paring berkah pamuji, mugi-mugi temanten sarimbit anggenipun sumedya
lelumban wonten ing madyaning babrayan agung saged jumbuh ingkang sami ginayuh, sembada ingkang
samya sinedya, tansah atut runtut rerentengan kados mimi lan mintuno ,
sayuk rukun, samad sinamadan, wiwit kawitan dumugining delahan tansah menggih bagya mulya, tansah
pinayungan sih barukahing gusti Allah sahingga dados kaluwarga ingkang samawa, sakinah mawadah
wa rohmah, tundhonipun mugi pikantuk turun ingkang sholeh lan sholekhah ingkang mituhu dhumateng
tiyang sepuh kekalihipun saha para sesepuhipun . Allahuma Amin.

Para rawuh saha para pilenggah kakung sumawana putri ingkan pantes sinudarsana, ingkang kaping tiga
Panjenengenipun Bapa Jasman miwah ibu lumantar kawula tansah hanglenggan budi dayaning
manungsa kirang sampurna. Pramila mbok bilih anggenipun nampi karawuhan penjenengan  sedaya
kirang tanggap, tangguh lan gupuh, kathah kekiranganipun, mboten saged ngatutraken papan
palenggahan ingkang sae, saha mboten saged ngaturaken suguhan arupi dedhaharan lan unjukan
ingkang sak kelangkung eca mugi panjenengan sedaya kersa nglunturaken samodra pangaksami.
Mboten kekilapan saking kadang muda taruna anggenipun leladi wonten ngarsa penjenengan sedaya
wonten kiranging suba sita, lumantar kawula tansah nyuwun pangaksama dumateng panjenengan sami.

Minangka wasananing atur, dumateng para rawuh sedaya, mawantu-wantu panyuwunanipun bapa
Jasman miwah kaluwarga, keparenga ndumugeaken anggenipun sami lelenggahan  ngantos dumugi
titiwanci purnaning pahargyan dalu punika.

Mekaten atur kawula minangka sulih sarira saking hamengku gati Bapa Jasman, hambok bilih kathah
ingkang lepat atur kawula, kanthi andahp asoring manah kawula nyadhong agunging samodra
pangaksami.

Akhirul kalam  wa bilahittaufiq wal hidayah wassalamu'alaikum waroh matullahi wa barokatuh.

4
PAMBAGYOHARJO 3

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni


-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika,


sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng
ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat
saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten
papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya .


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa SUWANDI dalasan Ibu
SUKART wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot SUWANDI ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng


ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu
panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra
putrinipun ingkang sesulih Rara  ADINDA RIRIN PUJI LESTARI dhaup
kaliyan Bagus  HARY MARJOKO  putra kakungipun Bapa SUPARNI (ALM) – Ibu
SUMIRAH ( ALMH ). Saking………..

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten AHAD…., 6 JUNI,
watawis tabuh 07.00 ENJING, mapan wonten dalem …… Kelurahan ….., Kec. ….., Kab.
NGAWI kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu SUWANDI ngawontenaken Pahargyan prasaja
minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu SUWANDI sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken
sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang
sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng
Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu SUWANDI ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa
pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha
para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring
pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah
hajatipun.

5
Bapa ibu SUWANDI mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-
mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh,
pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH
Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu SUWANDI sakulawarga nedya nyuwun panjenengan


sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten
kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados
keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT.
Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian,
mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu
widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan .


Sinaosa Bapa Ibu SUWANDI sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi
saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih
anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a
para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika


mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun
kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.


Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.

6
PAMBAGYOHARJO 4

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para
pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah,
ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja, para
satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.
Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing
dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga
murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi
pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi
cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan
pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih
panjenenganipun Bapa/Ibu ……………..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani
wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya,
wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoking manah
saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih manawi
boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya
dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados
purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga
langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang
wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira
dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih,
haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki,
kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng
panjenenganipun Bapa/Ibu …………….., anggenipun angrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha
putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing
siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu …………………..ngambali
ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing
manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing
salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih
ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu ………………hangaturi
rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka

7
wara), bilih panjenganipun Bapa/Ibu …………………, hanetepi darmaning sepuh hamiwaha
putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara …………………….,
jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……………….., putra kakungipun Bapa/Ibu
…………………., ingkang pidalem ing……………Ingkang sampun kalampahan ijab miturut
satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang sampun
lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang punka
panjenenganipun Bapa/Ibu …….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan
sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng
penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut,
mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal
kaparingan pituwasing patembahan, momong putra, kanthi prejanjen Brayat Rinancang.
Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih
pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang
sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged
hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu……………..
ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan
dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang
malimpah-limpah.

Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana,
mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami,
mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten
tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing
reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

8
PAMBAGYOHARJO 5

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para
pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan,
para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang
pantes sinudarsana.

Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan


pangandikan, karana kula piniji Bp ___________ sekalihan, kinen ngaturaken
wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing
sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.

Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula


dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung,
karana sih wilasa miwah barkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya
dalasan kula saengga maksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan
tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika


panjenenganipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken
sugeng rawuh sinarengan raos pãnuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah
lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya
wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sadaya hambok bilih
sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat
ing kintaka wara punapa dene jawilan.

Nun inggih netepi darmaning asepuh Bp___________sekalihan ing kalenggahan


punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih
namipun Rr ___________ kaleksanan dhaup kallyan Bg ___________ priya tanaya
panjenenganipun
Bp ___________sekalihan ingkang pidalem ing ________ ingkang sampun
kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing
sambekala, ingkang punika panyuwunipun
Bp ___________ (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi
wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji
hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam

9
bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki
kang kaesthi.

Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing
kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak
kadang pawong mitra langkung - langkung para warga RT ___________ ingkang
punika hambok bilih panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) mboten
saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.
Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bp ___________ sekalihan
lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna,
hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap
tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang
mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan
sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun
agenging pangaksama panjenengan sadaya.

Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bp ___________ sekalihan lumantar kula


hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken
samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula
ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah
kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumadhah
lubering pangaksama, salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang
panatacara.

Akhirul kalam Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

10
Bismillahirohmanirrohim
Assalamualaikum Wr.Wb.
Para pepunden, para sepuh, para pinisepuhingkang pantes ppinundhi, para
pangemban pangembating praja, para satriyaning negri ingkang pantes kinurmatan,
para kadang wreda mudhaingkang bagya, saha para tamu kakung putri ingkang pantes
sinudarsana.

Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sedaya katemben wawan


pangandikan, karana kula piniji Bapak sekaliyan, kinen ngaturaken wudhareng gantha
gagaring sedya, raos duks ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatising gati
ing kalenggahan punika.

MInangka purwakanig atyr langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula


dherekaken atur puji syukur wonten ngarso dalem gusti allah ingkang maha Aging,
karena sih wilusa miwah barkoh inhkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya
dalasan kulo saengga maksih saget kmepal manunggalkanthi pinayungan karaharjan
tebih ing sambekala.

Para lenggah inkaang siuba ing pakurmatan. Madyaning wiwahan punika


Panjenenganipun Bapak sekaliyan lumantur kula ngambali ngatiraken sugeng rawuh
sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindahan, kasuwun tansah lelenggahan
kanti mardu mardikaning penggali, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kulo
aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawunginangi
gathining sedya ing palenggahan punikaingkang sampun sinerat ing kintaka wara
punapa dene jawilan.
Nun nggih netepi darmaning asepuh Bapak sekalian ingkalenggahan punika mahargyo
suto hamiwaha siwi ngantes pitulus Kenya putrinipuningkang sesilih namipun Rara
kaleksanan dhaup kalian Bagus priya tanaya panjenenganipun Bapak …… sekalian
ingkang pidalem ing ingkang sampun kalampahan ijab mitirut satataning adat kanthi
pinayingan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun Bapak…..
(ingkang mengku gati) wonten ngarso panjenengna sedaya mugi wontena lilaning
panggalih paratamu kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng
temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut
atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang khaesti.

11

Anda mungkin juga menyukai