Anda di halaman 1dari 1

TULADHA PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Dhumateng panjenenganipun Bp…………………(ingkang pasrah) ingkang


piniji hangembani wuwus, angka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun
Bp……………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan. Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu
agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp……………sarimbit garwa
ingkang mengku gati), kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi
menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenganipun
Bp…………..sekalihan, lumantar panjenenganipun bp……………….(ingkang
pasrah). Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah penjengan sampun
kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga
bayaning marga. Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking
panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi,
salajengipun dhumawaha samisami. Wondene atur pasrah paringipun sarana
paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah,
ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun
Bp………………….sekalihan (ingkang mengku gati).
Mboten kekilapan panjenenganipun Bp………………sekalihan, naming ngaturaken
agenging panuwun menggah sadaya peparengipun badhe/calon kadang besan
sutresna, pratanda yektikasoking katresnan dhumateng Bp…………….sekalihan
(ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kadangan , sami-sami netepi
darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya. Among
semanten panampi saking Bp…………sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar
kula, katuri uninga bilih
menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih,
kasuwun panjenenganipun Bp…………………… sekalihan garwa (badhe/calon
kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih
rahayuning sedya. Minangka pungkasaning atur, hambok bilih manawi wonten
kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami,
mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kula pinangka talanging
basa, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kisruhing
paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang
singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah


Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai