Anda di halaman 1dari 2

PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG

Assalamualaikum warohmatullahi wa barokatuh


Mugi kawilujengan , kasarasan, sarta karaharjan tansah kajiwo kasaliro dhumateng
panjenengan sadaya lumeber dhumateng kawula
Kaparenga kula munjuk atur dhumateng sagung poro rawuh, langkung rumiyin
dhumateng panjenenganipun :
Para sepuh, pinisepuh, aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing
pitutur luhur, ingkang tuhu kinabekten;
Ugi dhumateng para rawuh , para pilenggah kakung sumawana putri, saha para sanak
kadang wredha muda tumaruna ingkang tansah winengku ing suka rahayu.
Mliginipun dhumateng Bapa … (nama paraga panampi), ingkang hangemban wajib
luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa … (ingkang
hamengku karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya.
Saklajengpun mugi linepatno saking deduko lan tinebihno saking saliring sesendhu, kulo
marak mangarso cumantoko nggempil kamardikan, nyigeng pangandikan matur wonten ngarso
panjenengan sami, .
Bilih Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-saraya sulih sarira saking
Bapa/Rakamas/Adhimas/Anakmas* … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung)
ingkang pidalem ing … (dedunung tiyang sepuhipun calon panganten kakung).
Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung
rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang
Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid
panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning
margi.
1. Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken kasugengan soho salam taklimipun
Bapa/Rakamas/Adhimas/Anakmas* … (nama tiyang sepuhipun panganten
kakung) sakalihan, mugi katur wonten ngarsanipun Bapa … (nama ingkang
hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa,sumrambah
dhumateng sagung poro rawuh sedoyo Alyssa Valentina putri dari Bpk Budihardjo Ery
Sudewo dan Ibu Liberthyn.Pratikto Abiseno putra dari Bpk Herry Prijono dan Ibu
Nuning Diah Pratiwi Arumsari
2. Sumusul atur ingkang angka kalih, bilih gegayutan kaliyan manunggaling karsa,
anggenipun badhe sami mangun bebesanan lumantar palakraminipun Bagus … (nama
panganten kakung) kalian Rara Ayu … (nama panganten putri), putra putrinipun
Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten putri), pramila wekdal punika kula
kautus nglarabaken sowanipun Calon Pianganten kakung, ingkang wigati caos palapuran
bilih Calon pinanganten kakung sampun siyaga ing dhiri lan rumanti ing pakarti, badhe
nampi nikahipun Rara Ayu … (nama panganten putri), saking penjenenganipun Bapa
… (nama tiyang sepuhipun panganten putri), ing dinten benjang-enjang*), cundhuk
kaliyan wanci ingkang sampun rinantam.
3. Yang kedua , bahwa sesuai dengan kehendak bersama , untuk membangun
bebesanan demi menjalin tali persaudaraan , melalui pernikahan Ananda Pratikto
Abiseno,putra dari Bpk Herry Prijono dan Ibu Nuning Diah Pratiwi Arumsari,
dengan Alyssa Valentina putri Bpk Budihardjo Ery Sudewo dan Ibu Liberthyn,
maka kami haturkan bahwa calon pengantin pria sudah siap lahir bathin untuk
menerima nikahnya Alyssa Valentina , dari Bapak Bpk Budihardjo Ery Sudewo
besuk pagi, sesuai dengan waktu yang direncanakan. Sehubungan hal tersebut
dengan disaksikan oleh para hadirin ananda Praktino abiseno , kami serahkan dan
mohon untuk dinikahkan dengan Alyssa Valentina ,
4. Kajawi saking punika, Sowan kula ing wekdal menika ugi kautus, hangaturaken
uborampe sarat sarana, kinarya netepi tatacara adat Jawi ingkang lumampah. Wondene
wujuding uborampe sarat sarana ingkang saged kula aturaken :
a. Awujud Pisang raja setangkep ingkang sinebat pisang sanggan rinengga sigi sapethet
myang sekar sapelik, kinarya tandha yekti Bapa/Rakamas/Adhimas/Anakmas* …
(nama tiyang sepuhipun panganten kakung) hamasrahaken sesanggan anggenipun
badhe andhaupaken calon pinanganten sarimbit
b. Maskawin utawi mahar, awujud Sapengadeg busana Sholat, kinarya sarat sarana
absahing akad nikah samangke
c. Busana sapengadeg saha rerenggan saking kencana/ mas-masan, kagem calon
pinanganten putri, kinarya tandha sih katresnanipun Bagus … (nama panganten
kakung) dhumateng Rara Ayu … (nama panganten putri),
d. Sawetasis redana, pinangka sarana hanyengkuyung lumaksaning upacara wiwahan
dhauping pengantin sarimbit
e. Awujud Dedhaharan , minangka sarana nyupeketaken manunggaling kekadangan
saking brayat Bapa/ Rakamas/ Adhimas/Anakmas* … (nama tiyang sepuhipun
panganten kakung) dalah brayat Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten
putri).
Sanadyan sedaya uborampe ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, mboten
sepintena lamun kinerta aji ing arto, namung mugi wontena keparengipun Bapa … (nama tiyang
sepuhipun panganten putri) sekalian, hanampi kanthi suka lega legawaning penggalih.
Makaten ingkang saget kulo aturaken, purwo madyo wasono hambok menawi wonten
kiranging trapsila myang subasita sowan kula sakadang, menapa dene cewet- cacating boso,
galap gangsuling ukoro, sarto wonten kithal kuciwaning atur kula ingkang mboten damel rena
ing penggalih panjenengan sedaya, keparenga kulo nyuwun lumunturing sih samudro
pangaksami ingkang mawantu-wantu.

Wabillaahi taufiq wal hidayah.


Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai