Anda di halaman 1dari 4

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dumateng panjenenganipun para sesepuh pini sepuh, poro kyai, poro alim ulama
ingkang tansah kulo bektosi.

Ingkang kulo hormati para muazin muaziah ingkang mboten saget kulo sebat
setunggal moko setunggal

Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha
Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing
dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum/almarhumah (....) sing
menika.

Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa,


ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng
rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun
almarhum/almarhumah (...) mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin panuwun
ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring
pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya
wau katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga ing
ngriki mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi
sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti
Allah. Amin..

Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun
kulawarga nalika almarhum/almarhumah (...) nandhang gerah, sageda sehat malih,
nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti, pramila
kanthi tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun sowan wonten nnggarsanipun Gusti,
rikala dinten... Waci tabuh... Wonten ing...

Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal
kesaenanipun almarhum/almarhumah (...) saged ketampi linebura sedaya dosa lan
kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparinga manah
tabah, ikhlas lan tawakal.

Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah (...) rikala sugeng gadhah kalepatan,
utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga
nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa rawuh ngrampungaken
sedaya wau kaliyang kulawarganipun.

Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur
ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pidato Perwakilan dari Pihak Masyarakat


Assalamualaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Dumateng panjenenganipun para sesepuh pini sepuh, poro kyai, poro alim ulama
ingkang tansah kulo bektosi.
Ingkang kulo hormati para muazin muaziah ingkang mboten saget kulo sebat
setunggal mboko setunggal.

Bapak... Sakulawarga ingkang kula kurmati

Sedaya ingkang wonten donya menika namung kagunganipun Gusti Allah ingkang
Maha Agung, lan dhateng Gusti ugi sedaya badhe kapundhut wangsul...

Bapak... Sakulawarga keparenga kula matur minangka wakilipun warga Kelurahan


Pulisen ingkang sepisan ngaturaken ndherek bela sungkawa awit saking kunduripun
Bapak/Ibu/Sedherek... Wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT.

Salajengipun kula ugi ndherek memuji, muga-muga almarhum/almarhumah


(...)pikantuko pangapunten sedaya dosa-dosanipun, ketampi ing ngarsanipun gusti
Allah SWT setimbang kalian amal kesaeanipun nalika gesang wonten ing alam
bebrayan. Dhumateng kulawarga sumrambah putro wayah ingkang tinilar, sageda
iklash, saha pinaringan sabar lan tawakal narimah ing pepesthen, enggal kabirat
sedaya raos sungkawanipun, saengga saget enggal wangsul lelumban ing madyaning
bebrayan agung, netepi darmaning agesang, saget nglajengaken sedoyo
gegayuhanipun alm/almh ingkang sae.

Wasana cepak semanten atur kula. Kathah kalepatan atur saha tindak-tanduk ingkang
mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Dumateng panjenenganipun para sesepuh pini sepuh, poro kyai, poro alim ulama
ingkang tansah kulo bektosi.
Ingkang kulo hormati para muazin muaziah ingkang mboten saget kulo sebat
setunggal mboko setunggal
Kulo minangka wakilipun keluarga ........ sumrambah putro wayah ingkang nembe
nandang sungkowo awit kapegat ing sih, tinilar dening alm/almh bp/ibu ......... sowan
marak ing ngarsanipun gusti ingkang murbeng agesang rikala dinten ............
Sakderengipun monggo kulo derekaken ngambali ngunjokaken puja puji syukur
alhamdulillah kunjuk dumateng Gusti ingkang moho Agung awit kito sedoyo tasih
pikantuk lumebering rahmat lan hidayahipun.
Solawat soho salam mugi katuraken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW ingkang kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul kiyamah.
Para Muazin Muaziah ingkang kulo hormati,
Saklajengipun kulo ngaturaken sugeng rawuh soho atur panuwun ingkang tanpa
pepindhan, menggah panjenegan sami sampun kerso nglonggaraken wekdal, saperlu
takziah asung belo sungkowo serto paring pakurmatan ingkang pungkasan dumateng
sedanipun alm/almh ............
Para Muazin Muaziah ingkang kulo hormati,
Keluarga bp/ibu ........ mboten kesupen ngaturaken panuwun ugi dumateng sanak
sedherek, tangga tepalih serta kadang sumitro ingkang sampun paring pambiyantu
ingkang awujud punapa kemawon, ingkang sedoyo puniko sinedyo kangge
hangentengaken sedaya panandhangipun keluarga ........ ingkang nembe nandhang
prihatos.
Sedaya kala wau, keluarga ...... mboten saget atur piwelas punapa-punapa, sagetipun
naming nyenyuwun wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, mugi sedoyo
amal panjennegan pikantuka leliru sing nugrahaning gusti ingkang tikel matikel.
Salajengipun keluarga .... ugi nyuwun dumateng panjenengan sami, keparega
ngunjukaken puji pandonga mugi arwaipun alm/almh ...... pikantuko pangapunten
sedaya dosa-dosanipun, ketampi ing ngarsanipun gusti Allah SWT setimbang kalian
amal kesaeanipun nalika gesang wonten ing alam bebrayan.
Mugi-mugi sedaya keluargaBp/ibu ...... sumrambah putro wayah ingkang tinilar,
sageda iklash, saha pinaringan sabar lan tawakal narimah ing pepesthen, enggal
kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saget enggal wangsul lelumban ing
madyaning bebrayan agung, netepi darmaning agesang, saget nglajengaken sedoyo
gegayuhanipun alm/almh ingkang sae.....
Para Muazin Muaziah ingkang kulo hormati,
Saklajengipun hambokbilih naliko sugengipun alm/almh .... hanggadhai kalepatan
dumateng panjenengan sedaya , mugi panjenengan sedaya kanthi tulus ikhlasing
manah kerso paring pangapunten dumateng sadaya kalepatanipun.
Saklajengipun hambokbilih panjenengan sami mboten kapambenging alangan saha
dhangan ing penggalih, keparengo ngiringaken layon ngantos dumugi ing papan
palereman ingkang pungkasan ing makam ........ nanging hambokbilih wonten
kaperluan sanes kaluarga naming ngaturaken agenging panuwun lan ngaturaken
sugeng kundur.
Ing wasana mbok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan wonten baba-bab
ingkang mboten mranani penggalih, keluarga tansah nyuwun angunging
pangapunten. Mandhapipun kulo pribadi mbok bilih anggen kulo matur minangka
talanging basa kathah kaliput ing kalepatan, kulo naming tansah nyadong lumunturing
sih samudro pangaksami.
Cekap semanten anggen kulo matur,

Anda mungkin juga menyukai