Anda di halaman 1dari 1

TANGGAP WACANA ATUR NDEREK BELA

SUNGKAWA

Assalamu'alatkum wr. wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu para ta'jiyah ingkang kinurmatan.
Innalillahi wa innaillaihi-.roji'un.
Manungsa punika namung kagunganipun Gusti, dhateng Gustinipun titah punika badhe
wangsul.
Nuwun!
Kula minangka wakilipun para ta'jiyah nderek bela sungkawa, dhumateng ahli waris.
Bp…………sagotran (sakulawarga), ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti. Kanthi
kunduripun Bp…………. wonten ngayunaning Pangeran.
Salajengipun kula nderek lan memuji mugi-mugi rohipun almarhum/almarhumah
..........................................................................angsala berkah rohmating Pangeran,
pinaringona jembar kuburanipun, lepas paranipun, pinaringana pajar marganipun, dipun
apunten sadaya kalepatanipun, linebura sadaya dosa-dosa nipun, katampia amal
kautamenipun, katampia ing ngarsaning Gusti allah SWT. Dipun panakaken wonten ing
ngarsanipun Pangeran setimbang kaliyan punapa ingkang dados kautamenipun wonten Ing
alam bebrayan.
Mugi-mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas, rila, lan narima
ing takdir. Saha pinaringan sabar lan tawakal, lan kekiyatan lahir batin anggenipun
ngleksanani darmaning agesang wonten alam bebrayan Jer manungsa menika naming nampi
punapa ingkang tinitahaken Pangeran. Manungsa namung titipanipun Pangeran ingkang
sawanci-wanci kapundhut kita naming sadremi nglampahi, sumarah wonten ngarsanipun.
Wasana mbok bilih rikala sugengipun nggadhahi kalepatan dhateng para ta'jiyah. Kula
atas nami para ta'jiyah kanthi- tulus lan ikhlas nderek ndedonga mugi-mugi dosa lan
'kalepatan almarhum/almarhumah saged pinaringan pangapunten sih Pangeran lumantar para
ta'jiyah.

Kula kinten kirang wicaksana manawi kathah-kathah anggen kula- matur. Pramila kula
cekapi `semanten kemawon atur kula, mbok bilih klenta-klentuning rembak kula Ingkang
kirang mranani kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Nuwun!
Wassalamu'alaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai