Anda di halaman 1dari 6

SA. CANDRAKUMARA. Pl.

6
(Bawa : Ldr. Pangkur Pl.6)

Sang Baladewa Narpati, tuwin nareswara Kresna


Kalangkunging tresna nira, marang dyah Banon Cinawi

Jineman ……………….
Mangka pisah unggyanipun, mila tansah Tanya warsa
Wau Sri Narendra kalih, Mring retna Candra kumara

SA. DHADHAP MANATEP Pl.6


(Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6)

Bayangan bayem, mbayeyet agung ngrembuyung


Rawe rawering, rawan kara taru turi
Karandhang gondhang, kadhondhong asandhing
Dhundhungan gudhe, bengok benguk maguk maguk

SA. JIWARETNA Pl.6


(Bawa : Ldr. Sri Rejeki Pl.6)

Kaneng ingkang samya, Suka kawuwusa


Lampah ira Sena, Lajeng sampun ngambah
Prapta ing wanadri, Ririh reren gandrung
Sukani reng galih, Tirtaning pamungkas

SA. KUMUDASMARA Pl.6


(Bawa : Ldr. Sri Kuncara, Ktw. Walagita Pl.6)

Sang Widaya keng praja, Ing ngutara gita nama


Sira mandana rena, Sung Wasita

Jineman ………..
ring prasiswagwah laksitaning janatang ayu tekwantang durta
Tinrap neng pralampita, kembang kinarya upama

SA. LANGENKUSUMA Pl.6


(Bawa : Gd. Kembang GayamPl.6)

Dhuh sotyas ningrat gusti, Welas adasih kaswasih


Margi yuh raras mara, Rangu rangu gung mangarang
Dyah paring usada, Nak angger jiwa kawula
Nglipur ngripteng lukita, Sinawung Langen kusuma
SA. MAESABAYANGAN Pl.6
(Bawa : Ldr. Ayun-ayun Pl.6)

Sri Naranata, Harjuna sasra, lan Sang Narpada yinta


Wus mugwing rata, Retna Nindhita, lan para garwa dhomas
Lawan parekan, pawongan cethi, munggwing wahana nira
Sajuru juru, rinakit lawan, Sang apatih Suwanda

SA. MANGGALAGITA Pl.6


(Bawa : Gd. Onang-onang Pl.6)

Kidung ran manggala gita, purwning kang pradangga


Minangka pudyasta warja, maring wadya sapraja
Pajampu wasuka rena, widada nir ing sangsaya
Yayah kawinah yeng swara, Rarasing Onang onang

SA. PADMA WICITRA Pl.6


(Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6)

Narpa putra, myang garwa lan ari rira


Rerepaneng, patapaning dwi jawara
Yayah kadya, kumalane ing asrama
Kekuleman, miyat ing Padmawicitra

SA. PATRASURATMA Pl.6


(Bawa : Ktw. Gandamastuti Pl.6)

Heh Gunawan Wibisana sira,ingkang madeg aNata


Neng Ngalengka, siniweng raksasa, karana prabawanta
Mardikengrat, kretarta mumpuni, gunawe weka asih
Marang dasin, pulihna Ngalengka, payunen waluyakna

SA. PUSPARAGA Pl.6


(Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6)

Marmanta praptanipun, neng nagri Kedhiri


Ratu Nuswankancana. Sesandi sumiwi
Cinidra ling asmara, dening Jayengsari
Yen kumargantuk dennya, Hatandhing ajurit
SA. RARA ASMARA Pl.6
( Bawa : Gd. Genjong Pl.6)

Paran baya Gusti, kang abdi atur prasaja


Satata nityasa, mring paduka sang kusuma
Mangkyo sinatmatam, denira sung pari marma
Munggwing sabda maya, rum raras rara asmara

SA. RETNA ASMARA Pl.6


(Bawa : Gd. Randhukentir Pl.6)

Duh kusuma, Kang tansah asung wardaya


Sun tetedha, Deniro sih tinulusna
Kawulanta, Sukengtyas mangestu pada
Mring paduka, mangayun ayun asmara

SA. SUBAMANGGALA Pl.6


(Bawa : Ldr. Sri Dayinta linuhur Pl.6)

Wimbaning kang candrawila, padhang ngebegi Bawana


Sukaning wadu wandawa

Jineman …………
Priya Kenya mangastawa, Dera Jeng Narpada yen ta, Tanpi sih tandha
katresnan
Kang saking manca nagara, Kinarya Suba manggala

SA. SUDIRA WICITRA Pl.6


(Bawa : Gd. Bondhet Pl.6)

Lirsad padengsun, tumiling mangulati


Puspitaning kang, medemehdah kang warni
Midering taman, hanon sekar warsiki
Kumenyut ing tyas, Bayata jatukrama

SA. SWALADARA Pl.6


(Bawa : Gending-gendhing Pl.6)

Dewa dew sugata, marang kang suraing prang, ngudani arum arum
Ngendhanu ing ngawiyat. Narada ngepalani, Jawata suka mulat
Ing palagan kayungyun, Yudane wre raksasa, Gorama singa nabda
Krodha umangsah swara, Sangditya jambu mangli, Prakosa widigdaya
SA. WEGANG SULANJARI Pl.6
(Bawa : Gd. Erang-erang Begelan Pl.6)

NSinawung krendhang, suling Anoman mangidung ngidung woran. Saraba swararum


Runtut larasing, kidung ngembat embut, tembungnya binarung, pangeliking
suling
Butane sukating cukakak tanjak galeyak hambeksa, maju migut migut
Suka sakehing punggawa Ngayuda. Mulat buta ngigel, katuwel parigel

ST. GAMBUH Pl.6


(Bawa : Lagu Ayo ngguyu Pl.6)

Aja seneng ngalamaun


Aja ngaya mundhak gelis pikun
Taberi asabar sareh mawas diri
Kuwajiban kudu rampung
Yen wis klakon guyon maton

ST. LALIJIWA Pl.6


(Bawa : Gending=gendhing Pl.6)

Prabu Puntadewa nata


Lawan ri sang Dananjaya
Katrinya narpati Kresna

Jineman …………
Angungun derinta Sena darbe kadtan prayogi
Driyanta ngyogyani, Ring Resi ujar lamisan

ST. PALUGON Pl.6


(Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6)

Palugon laguning lekas


Lukita linuting kidung
Kadung kadereng amomong
Jineman …………..
Mamangun manah rahayu
Aywana kang tan agolong
Gumulung mana dukara
Karenanira mangapus
Puspita wangsalan semon
SM. DHANDHANGGULA LIK SULING Pl.6
(Bawa : Ktw. Meh Rahina Pl.6)

Ayo rowang angayahi kardi


Nora kendhat pambangunan desa
Binudi murih becike
Supaya tansah maju
Ngupakara karang lan kitri
Guyub rukun tumandang
Asengkut gumregut
Temah dadya tata harja
Handayani murah sandang pangan yekti
Jro kutha desa desa
Modernisasi desa

SM. DHANDHANGGULA SIDA ASIH Pl.6


(Bawa : Lagon Setya tuhu Pl.6)

Pamintaku nimas sida asih


Atut runtut tansah reruntubgan
Ing sarira sawengine
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen adoh tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindha mimi lan mintuna
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sida asih bebrayan

SM. DHANDHANGGULA TURULARE Pl.6


(Bawa : Ldr. Sarayuda dan Lagon Kembang kacang Pl.6)

Kang ginita lelaguning gending


Sarayuda pambukaning sekar
(Kem-bang-ka-cang)
Dhandhanggula Turulare
Binarung swara rum
Ruming raras amilangoni
Ira mane lancaran
Mung kinarya gecul
Pathetane nora oncat
Wus kacukupira mane ora cicir
ngGer angger Sarayuda
Dhawah ing Kembang kacang
SM. PANGKUR NYAMATMAS Pl.6
(Bawa : Ldr. Gegersore Pl.6)

Barondong winuled gula


Lemed lemed puthu myangutri mandhi
Ketan kolak kang kadulu
Madusirad leganda
Madu mangsa pipis tuban jenang grendul
Kaluwanetra kancana
Opak apem lan serabi

Bila dipakai sebagai sindhen andhegan dilanjutkan :


bi bi bi bi bi bi

SM. PUCUNG Pl.6


(Bawa : Ldr. Kalongking Pl.6)

Aja kliru gebatangen cangkrimanku


Gumandhul neng epang
Yen mabur ing wanci bengi
Pelem sawo pelem sawo kemrampo kena ing cidra

SM. SINOM MACAPAT LAGU Pl.6


(Bawa : Lagu Yen ing tawang Pl.6)

Yen ing tawang ana lintang


Cah ayu aku ngenteni
Marang mega ing akasa
Suntakon wartanireki
Janji janjiku eling
Sumedhot rasengtyas ingsun
Nimas ingsun mrasapa
Sineksenan bumi langit
Tangising tyas ngenteni padhang rembulan

SM. SINOM TAHU TEMPE Pl.6


(Bawa : Lagu Tahu tempe Pl.6)

Wajibing urip bebrayan


Nyampedi betah sakalir
Anak bojo kulawarga
Kudu rigen lan nastiti
Ing saben rina wengi
Nora compreng waton cukup
Mranata kula warga
Janji nrima lair batin
Tahu tempe lawuh ewus krasa nikmad

Anda mungkin juga menyukai