Anda di halaman 1dari 2

BACA'AN BUBAK KAWAH

Panyandra Bubak Kawah


Amestuti wasita adi sabdaning para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala
dhumawahing nugraha saking Gusti ingkang Maha Asih, mangkana ta wau ingkang
hamengku karsa nun inggih Bapak miwah Ibu……….. sigra jumangkah anetepi darmaning
agesang, wigati amberat sakathahing durgama, jer katemben ( pungkasan ) anggenira
amiwaha putra mahargya siwi, kanthi sarana ambukak kawah.
( ingkang hamengku karsa ambuka tutuping kendhaga )
Wusnya binuka warana tutuping sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga
winastan kendhaga kencana, dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya, jroning
kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta,
Ingkang seta sinebat cupu adi mandhalika, dumadi saking pakartining bapa, ingkang rekta
sinebat cupu manic asta gina dumadi saking pakartining biyung,
Kacarita duk kalaning bapa……….. murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu
jati sih nugrahaning Ywang Agung, kama awarni seta manunggak kang awarna rekta, nulya
ibu………….. kaparengkaken anggarbini,
Antuk sacandra denira anggarbini ponang dat mulya ngambah alam ekakamandanu,
dwicandra dumugi alam dwipanunggal, tricandra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam
Gondar-gandir, alam keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena,
Tulus lestari gya ngambah alam caturhanggajati, wulagang neng guwa garba, dinayan ing
sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau.
Pancacandra ngancik loka pancayitmajati, sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging
sadlokajati.
Saptakawasajati yeku alaming ponang jabang inkang wus saptacandra, wus ginadhuhan
pancadriya, mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati,
jati temah waluya.
Kocapa ing kalanira dereng wanci tumelunging wahyu tumulung amila kaki / nini jabang
aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat,
sajuga sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.
Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning sang Kwaseng
Gesang. Wudhar denira samadi ring loka hasthasabdajati, amarengi kalaning asthacandra
winahya,
Nawacandra wus kamarga, andungkap dasaarine, saking loka nawapurnajati, sumeleng
suwung wiyose, myak langse gendhala giri, saking tuwa garba mesat, prapteng alam padhang
lokapana, acecala sabda mulya cenger.
Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina, kakang
kawah , rahmuka miwah adhi ari-ari.
Jabang ambabar putri, wanci sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara……..
Enggaling kang sinursita, wit wekel taliti talaten anggenira anglelinthing anggulawentah,
sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan kagunan, miwah kasusilan
satatakramanipun, putra putri wulagang dadya Kenya dewasa, seger saras jiwa raga, susila,
prasaja, anggung gambira, wasis trampil, sinembuh ing sulistya,
Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada
jinatukrama dening sang satriya sumbaga wiratama ingkang wus sahabipraya kekasih
bagus……….. atmajanipun Bapak saha Ibu……….
Mangkana ta wau saparipurnaning prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri
sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging
saru siku, anyenyandhang nugraha rajarha bagya mulya.
Panganten sarimbit nulya samya lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining
kendhaga kencana sarta kendhaga mulya.
Sri pengantin wus tunggil tekade saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh,
rama ibu, para sepuh warga gotrah sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha
angestreni, samya menembrama mangastukara mangastuti manungku puji mrih kang tigas
kawiwaha pinaringan wilujeng ing donya tuwin akherat, jejeg jumangkah , jajag jumujug,
kang jinangka, bagya, bagya, sumbaga, sumbagya, anggung lumantar, lumintir, miwah
lumuntur kanugrahan ira.
Kasigeg panindaking upacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating
pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kiranging
tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparengna tadhah tetesing pangaksama.
Nuwun...... rahayu.....rahayu.....rahayu

Anda mungkin juga menyukai