Anda di halaman 1dari 9

Nampi Sasmita bilih temanten putri sampun purna anggenipun amulas wadana angrasuk

busana. Hawit saking menika badhe binayang kare mijil saking tepas wangi tumuju
wonten ing kursi rinengga ing sak madyaning wisma pawiwahan. Wodene ingkang badhe
hanganthi linggaripun temanten putri inggih menika juru sumbaga saking WULAN
LUVENA MUA, lampahing temanten putri pindha sekar mancawarna kang kasaliring
maruto

PANYANDRA TEMANTEN PUTRI KALENGGAHAKEN

Binarung swaraning hangrangin hambabar ketawang puspawarna, ana ganda arum


hangambar kang hangebaki sak jroning wisma pawiwahan, lah menika ta jejuwitaning
pahargyan ing siang menika, kenya siwi Bapa / Ibu .............................. ingkang selisih
Rara ...................... Mijil saking panti busana ngagem busana panganten putri, hingayap
ginarubyug para sesepuh, manjing jroning sasana rinengga badhe kabiwadha.

Panti ateges papan busana wus ngarani ageman, mijil saking panti busana ateges
miyos saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing
salebeting sasana pahargyan.
Dhasar sulistyeng warni, tur nedheng-nedhenge besus ngadi sarira ngadi busana,
kathik kabiwadha kedah mangagem busana satataning putri kraton, pramila mboten
mokal kalamun kathah ingkang sami tambuh. Lampah ruruh hangujiwat, semu daya –
daya enggal dumugiya papan palenggahan. Sumengkaning raos wage – wage ndang
kliwona, gage – gage ndang temua.

Sri panganten putri hangagem busana sarwa endah, hangemba busana garwa nata,
katon pating galebyar pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang
hangrenggani sasana adi, lamun rinumpaka ing ukara pan yayah kartika hasilih prenah.

Rinengga oncen – oncen sekar melathi, lamun katiyuping samirana kongas


gandane hangebaki sajroning sasana wiwaha.. Endah edining busana hangimbuhi
gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma sawantah ngemba
bathari Ratih kang ngeja wantah ing ngarcapada.

Lulus raharja sowanipun pinanganten putri, dupi wus prapteng unggyaning kang
tinuju, dening pangembaning penganten putri nulya kalenggahaken ing dhamparing
rinengga, lenggah anggana raras hangrantu adicara saklajengipun.
PANYANDRA TEMANTEN KAKUNG SOWAN

Kumeyar mawa prabawa, sumirat ambabar tejamaya, saya dangu saya cetha, saya
caket saya ngalera, lah punika ta tejaning risang pinangaten kakung pun
bagus ..................... putra Bapa / Ibu ................... ingkang binayang kare mijil saking
wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.

Gumebyar busananing putra penganten kakung, hangagem busana ingkang sarwa


endah, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adiluhung. Mrabu ateges pindha
jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa
adi endah milangoni. Dhampyak – dhampyak para kadang ingkang samya hangayap
tindakira penganten kakung. Pinangantyan kakung nggennya lumaksana lengkeh –
lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel, semu
hangungun mulat endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.

“Wus ndungkap unggyan kang tinuju, gya kendel tindakira wong agung kang pindha
narendra wonteng sangajenging wiwara wisma pawiwahan, keparengan hangrantu
laksitaning adicara.”
Kados kados sampun sami sawega ing dhiri, samekta ing gati para paraga ingkang
sampun piniji, tumapaking tata cara adicara panggih temanten gya katindakaken,
ingkang badhe hamratitisaken juru sumbaga WULAN LUVENA MUA, kalamun cinandra
panggihing sang sri temanten sarimbit kadya canthoka kang kasrambahing toya.

PANYANDRA PANGGIH TEMANTEN

PANGGIH :
Rep tidhem prepanem, datan ana sabawa sajroning walang salisik, bebasan ron-
ronan tan ebah awit samirana datan lumapah, kang kapiyarsa hamung swara gedhing
kang ngumandang ing saindenging sasana wiwaha, wus kena daya pangaribawa ingkang
samya binoja krama.
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing pepesthen, ing madyaning
wisma pawiwahan ing siang punika, wonten titahing Gusti arupi jalu pawestri, bangkit
manunggalaken karsa arsa lan cipaten ngancik ing alaming bebrayan, hanetepi upacara
adat widiwidana ingkang sampun sinengker, inggih punika upacara panggih, panggih
hamengku werdi Pangudi Gambuhing Panggalih.
Lon – lonan tindakira sri penganten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking
catur netra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasane, amung sajuga kang cinipta,
antuka bagya mulya ing donya tekeng delahan.
Saya caket tindakira sri penganten kekalih, nulya kumlawe astane samya
abebalang gantal, gantal kang binalang temanten kakung winastan gondang tutur,
paradene bantal kang binalangaken temanten putri winastan gondang kasih.
Gantal kinarya bebalangan dumados saking ron suruh kang matemu rose tinali benang
lawe, nadyan beda lumah lan kurepe parandene ginigit tunggal rasane. Nadyan beda
wujud lan sipate, nanging menawa wus tinalining palakrama kudu pada karsane.

MENGINJAK TELUR :
Kawistara samya hanyaketi ponang antiga caketing bokor kencana minangka wadahing
sekar setaman, ponang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten kakung.
Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh wiji sejati
ingkang suci, pratima bangkit tata jalma, putra kinarya tetalining akrama.

KETIKA CUCI KAKI :


Tanggap temanten putri gita – gita hajengku mring pepadhaning keng raka, sarwi
sumembah sarta hamijiki pepadhaning ingkang raka garwa, lah menika ta pratanda
prasetyanipun temanten putri anggenya badhe setya bekti mring guru laki.

SINDURAN :
Nalika samana pinanganten kekalih samya jumeneng jajar akekanthen asta, tumuli
sinengkeban sindur warna rekta lan seta dening ibu, parandene ingkang rama wonten
ngarsaning temanten sarimbit hangasta poncoting sindur. Gya kakanthi tumuju mring
sasana rinengga ya kursi palakrama, kawistingal lon-lonan lan kebaking rasa pangati –
ati, Bapa …….. hanganthi temanten sarimbit hanuju mring sasana rinengga sayekti
kinarya pralampita, bilih bebrayanipun pinanganten sarimbit tansah tinuntun dening reh
dharmaning palakrami, jumbuh paugeraning agami, nagari miwah adat tradisi.
Wus prapteng unggyan kang tinuju hanuju mring sasana rinengga sindur gya
linolos, juru sumbaganing temanten tumuli hamratitisaken adicara bobot timbang.
KROBONGAN :
a. BOBOT TIMBANG
Bapa ……….. gya lenggah wonten ing dhampir pinasri, pinanganten sarimbit
pinangku dening ingkang rama, minangka kawijiling lisan, keng ibu nyuwun pirsa,
“piye pakne, abot sisih kiwa apa tengen ?” “ora bune, abote pada wae” ngemu
pralampita bilih anak sakarone ora ono bedane, ora ono anak utawa mantu kabeh
karengkuh putra pribadi, ora bakal emban cinde emban siladan.
Paripurna bobot timbang tumuli kalajengaken adicara tanem utaman tandur,
pinanganten kalenggahaken ing dhampir pinasri ya dhampir palaminan, candrane
pindha raja sadina ratu sahari. Ngemu samsita bilih hanandur anak, mugya besok bisa
mendem jero mikul dhuwur asmaning wong tua.
b. KACAR KUCUR
Kawistingal sri penganten kakung sampun hangasta klasa bangka minangka wadahing
ubarampe kacar kucur, kang kaisinan kacang kawak, dhele kawak sarta arta receh
minangka pralambang raja kaya kang kasuntak ing pangkoning temanten putri
sampun siyaga nampi kanthi linambaran mori, ngemu wewarah bilih jejering kakung
kedah dados guru lakining balewisma paring guna kaya nyekapi kabetahaning
kluarga, lan ingkang garwa nampi kanthi suka lilaning manah, saged ngrigenaken
guna kaya kanthi gemi, nasthiti lan ngati – ati.
(Kacaosaken datheng ingkang ibu ……………)
c. DHAHAR WALIMAH YA KEMBUL BUJANA
Pinanganten kekalih samya dulang dinulang, pinanganten sarimbit samya dhahar
kembul, dulang dinulang kinarya pralambang prasetyanipun, tubiyantu, mad
sinamadan kekalihipun nedya sabaya papa sabaya mulya, pahit getiripun ngagesang
badhe karaosaken sesarengan.
d. NGUNJUK TOYA WENING
Purna anggenya hanindaken dhahar kembul bujana ya dhahar klimah, tumunten
ngunjuk tirta wening, tirta wus ngarani banyu, wening wus ngarani tanpa warni,
temanten sarimbit samya ngunjuk tirta wening, ngemu surasa bilih anggenipun
mangun balewisma tansah lelumban ing madyaning bebrayan, sinarta meminta
wonten ngarsaning gusti kang maha suci mugi sadengah tindhak tandhuk muna muni
tansah linambaran ati kang wening,
SUNGKEMAN :
Rawat rawat kepireng ungeling ladrang mugi rahayu, asung panjurung lampahing
pangabekten risang temanten kekalih wonten ngarsanipun rama tuwin ibu. Kekalihpun
lampah dhodhok, wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi
ingkang garwa gya humarak ngarsa mring ibu miwah rama.
Jroning ndriya muhung arsa sungkem lan ngabekti dhumateng ingkang ibu saha
ingkang bapa sinartan paminta idi pangestu anggenira palakrama pinaringana yuwana,
kinalisa ing rubeda, bagya mulya salaminya.
Sungkem dhateng ingkeng ibu lan rama mengku werdi ngaturaken agenging
panuwun mring rama ibu ingkang sampun sembada ngukir jiwa raga miwah
hanggulawentah wiwit alit ngantos akir dewasa.
Wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah, sinarta
eninging cipta nyadhong, pangastawa saking rama ibu gilir gumanti pinanganten sarimbit
hangatuaraken sungkem mring pepundhen catur. Sanadyan lir sinendhal mayang
penggalihipun rama ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, paradene para
pepundhen catur samya paring donga pangestu dhumateng pinanganten sarimbit. Mugi
mugi nggennya badhe amangun balewisma ing madyaning bebrayan agung, tansah
manggih cepaka mulya sawakul gedhene, lir ipun saged tansah sembada kang sinedya,
jumbuh ingkang ginayuh lan dumugi kang kaesthi. Lestari pinesthining jodho, atut runtut
bagya lan mulya, tebih saking gora godha lan rencana.

Anda mungkin juga menyukai